JAWACANA-APRIL-2018

jawacana2018

JAWACANA edisi perdana April 2018

APRIL 2018 EDISI 01

Dinas Kebudayaan

Daerah Istimewa Yogyakarta

TABLOID BASA JAWA

GRATIS

Ria Papermoon

4

Cerkak :

Rahwana gugat

6

Praja Cihna

8

Kuliner:

krenyos

9

Dhemit

biyung tulung

10

Wong kalang

Kotagede

15


Editorial

02

Negarakertagama,

pupuh 2 sloka 1

dening Aditya Bayu

Sekapur Sirih

SYUKUR Alhamdulillah, Tabloid Jawacana

edisi siji bisa kababar. Kabeh mau awit

panyengkuyung, panjurung donga, lan

pambiyantune masyarakat DIY. Dinas

Kebudayaan DIY tansah terus angudi amrih

lestari lan ngrembakane kabudayan Jawa,

mligine ing babagan basa lan susastra.

Kanggo nyengkuyung Keistimewaan DIY,

Dinas Kebudayaan DIY duwe kagiyatan

Pembinaan, Pengembangan Bahasa dan

Sastra. Salah sijine cara kanggo mujudake

kagiyatan kuwi mau, Dinas Kebudayaan DIY

nerbitke Tabloid Jawacana kang duwe

pangajab bisa nggugah para nom-noman

supaya seneng marang basa, susastra, lan

kabudayan Jawa. Mula anggone bebasa ing

sajroning nulis artikel, ora ana aturan baku.

Babagan iki bisa dadi salah sijining gambaran

menawa Basa Jawa ing satengahe masyarakat

iku panci wis megar-mulur. Sakliyane kuwi,

panerbitan tabloid iki uga kanggo ngraketke

masarakat modern supaya ora adoh seka

kabudayan Jawa.

Edisi siji kang terbit ing wulan April iki

ngrembug babagan wanita kanggo mengeti

pahlawan R.A. Kartini. Wanita tansah nyengkuyung

mbangun kabudayan Jawa kang

adiluhung. Wanita uga sabar lan telaten

ngajari anak kang dadi panerus pangarsane

bangsa Indonesia.

Mekaten kanthi rasa bombonging manah, lan

nyuwun pangestu dhateng warga DIY,

muga-muga Tabloid Jawacana iki bisa

katampa utamane kanggo para nom-noman

lan kabeh wae kang isih seneng nguri-uri

budaya Jawa, mligine babagan basa lan

susastra. Memuji marang Gusti, muga-muga

Tabloid Jawacana bisa terbit terus kanthi

langgeng. Tan ana panjangka kang bisa

katampa tanpa jumangkah. Matur nuwun.

Drs. Umar Priyono, M.Pd.

Kepala Dinas Kebudayaan

Daerah Istimewa Yogyakarta

SEJARAH

Langenkusuma, korps prajurit

Srikandhi Kasultanan

Ngayogyakarta

..............................................kaca 3

TOKOH

Ria Papermoon lan sejarah

dawa Papermoon

PARIWISATA

Papan-papan wisata anyar

Gunungkidul

RAMALAN

Pranata mangsa

Mangsa kasepuluh

(Srawana)

........................................kaca 4

.....................................................kaca 5

............................................................kaca 8

kanggo sapa wae

kanca-kanca sing arep

ngirim tulisan, artikel, foto,

gambar ilustrasi, lan

liya-liyane bisa diemail ing:

jawacana@gmail.com

NGUDA RASA

Hoax sajrone

Bharatayuda

..................................................kaca 12

Dinas Kebudayaan

Daerah Istimewa Yogyakarta

tim redaksi.

PENANGGUNG JAWAB

Drs. Umar Priyono, M.Pd.

REDAKTUR

Erlina Hidayati Sumardi, S.I.P., M.M.

Drihardono, S.Sos.

Paksi Raras Alit

Iwan Pribadi

EDITOR

Fajar Wijanarko

Y. Novi Marginingrum

Agib Tanjung

Rony Agung

LAYOUT

Idan Rusdini

Novindra Dhiratara

Anung Srihadi

JURU GAMBAR

Aditya Wijang

Antomatis

SEKRETARIAT

YAL. Vishnu Satyagraha

Dian Korprianing Nugraha

Siti Nurhilmi Nihayati

Daru Sukendro


03

Gambar Prajurit padha prang, seka naskah Serat Gandhakusuma (SK 80) Koleksi Museum Sonobudoyo

Langenkusuma, korps prajurit

Srikandhi Kasultanan Ngayogyakarta

Aja ngremehke wong wadon! Ukara kuwi

kaya-kayane trep menawa para pria

jaman saiki wanuh bab sejarah. Sejatine

ora ana istilah ‘emansipasi’ kanggo

wanita jaman mbiyen. Apa meneh ukara

patriarki sing bakale dadi bumerang

dhewe kanggo para pria. Aja gumun

menawa nusantara nyathet sejarah

wanita perkasa wiwit jamane Sultan

Agung.

Abad XVII, Sultan Agung (jumeneng taun 1613-1646)

nduweni prajurit estri senajan durung dadi korps kaya

prajurit-prajurit kakung. Ananging, aja ngremehke marang

wanita jaman kuwi. Anggone olah gandhewa, kerbin,

tekaning keris uga wis wasis. Apa meneh cacahe prajurit

estri iki ora sithik, nganti 150 wong.

Sejarah prajurit estri bajur winaris neng Kasultanan

Ngayogyakarta. Wiwitane Pangeran Mangkubumi, putra

Amangkurat IV milih campuh yudha nglawan Landa, wiwit

kuwi para wanita sing melu gerilya padha wasis perang.

GKR. Ageng, prameswari Pangeran Mangkubumi, nalika

mbobot calon putra makhuta, RM. Sundoro kudu ditinggal

neng pereng Gunung Sindoro. Kabeh kudu dikemonah

dhewe. Mangsa prihatin sing ndadekke Ratu Ageng ora

kaya ratu, uga putra makutha, RM Sundoro ora kaya

sentana raja. Ratu Ageng ora mung njaga putra lan awake

dhewe seka mungsuh wong Landa, nanging uga njaga

seka kewan wengis ning tengah alas. Para emban sing

ditinggal prajurit perang ya uga wasis anggone njaga

awake dhewe-dhewe.

Nganti pungkasaning perang, taun 1755, Pangeran

Mangkubumi lumantar prajanjen Giyanti banjur jumeneng

nata. Sesebutan misuwure Sri Sultan Hamengku Buwana

I. Para sentana lan pendherek Sultan HB I padha pindah

seka panggonan alas tumuju ning Pesanggrahan

Ambarketawang. Setaun sakwise prajanjen Giyanti, taun

1756, Sultan HB I ngedhaton lan tekan saiki tinandha

sinengkalan memet Dwi Naga Rasa Tunggal sing isa ditemoni

ning regol Gadhung Mlathi utawa regol Kemandungan

Kidul.

Jumenenging Sultan ing Kasultanan Ngayogyakarta

nadhakke menawa negara wis isa nemoni ayem tentrem,

gemah ripah, loh jinawi. Kahanan kuwi ora banjur dadi

lenane Sultan. Kekuwatan militer keraton tetep dikuwati.

Gene ya prajurit estri, calon korps Langenkusuma banjur

digawe. Salah sijining tugas pokok korps Langenkusuma

dadi prajurit kawal ‘njaga’ pribadi Sultan. Saben dina Setu,

miturut sejarawan Inggris, Peter Carey, korps prajurit estri

iki padha gladhi tumbak ning Alun-alun pungkuran karo

nunggang jaran. Tangane katon wasis antarane dolanan

tumbak ning tangan kiwa, lan ngendhaleni lakune jaran

seka tangan tengen. Menawa dibayangke jaman saiki,

mesthine ora bakal ana sing wani nggodha putri-putri

kaya mengkono.

Sakwise Sultan HB I surud taun 1792, Raden Mas Sundoro,

putra makutha banjur jumeneng nata. Dene sesebutane

kaya ramane, Sri Sultan Hamengku Buwana, jumeneng

kaloro. Ing paprentahan Sultan HB II, korps srikandhi

kraton tambah gencar ‘terus-terusan’ dhaftari para bangsawan

putri sing ayu lan jalma limpad supaya dadi anggota seka

korps prajurit estri. Ora arang, putri-putri pejabat bupati

utawa putri bangsawan, penggedhe ning desa-desa pada

ditarik dari anggota prajurit keparak estri. Nalika taun

1790an, Sultan HB II wis nduweni 16 korps resimen keraton.

Cacahe prajurit punjul saka 1000, kurang luwih penere

1765. Durung meneh prajurit estri sing cacahe ana 300an

dhewe. Mula jaman kuwi, Sultan II ora geter menawa kudu

prang yudha Geger Sepehi, lawan Inggris.

Crita bab korps Langenkusuma banjur bali nyeret meneh

Ratu Ageng. Ing jamane Sultan HB II, Ratu Ageng, prameswari

Sultan HB I, sing uga ibune Sri Sultan HB II dadi panglima

prajurit keparak estri. Heman Willem Daendels nalika

olehe mertamu ning kraton, Juli 1809 kaget ngewaske

para srikandhi-srikandhi kang wasis padha olah tumbak.

Keris sing semlempit ning bangkekan kiwane, gene ana

kerbin ning bangkekan tengene nuwuhke rasa wah tur

ya was-was. Srikandhi-srikandhi iki sing bakale dadi bebaya

marang Landa sesuke. Meksa isih wasis nalika olah senjata,

Ratu Ageng sing wis ngunduri enom banjur mesanggrah

ning Tegalrejo. Pesanggrahan sing dadi panggonan nggulawentah

Pangeran Diponegoro, pangeran sing bakal dadi

ontraning Landa nalika Perang Jawa taun 1825-1830.

Ora mung Ratu Ageng, ana meneh Ratu Kencana Wulan.

Prameswari ketelune Sultan HB II sing uga diwedeni karo

Daendels. Peter Carey nulis menawa Ratu Kencana Wulan

yaiku wanita seka golongan biyasa nanging ayu, kendel,

uga pinter. Bekas komandhan prajurit srikandhi dadi sijisijining

estri sing wineden marang marsekal. Ratu Kencana

Wulan nalika bedhahing Ngayogyakarta taun 1812, bakale

dadi inceran prajurit Sepoy merga nduweni barleyan

gedhene sak jempol sikil, sing disimpen neng njero sumur.

Crita Langenkusuma durung mandheg ning kono. Nalika

Geger Sepehi wis kelakon dadi, prajurit estri iki sing malah

dadi tameng kanggo Sultan. Para pangeran utawa bupati

nayaka malah milih golek slamete dhewe. Ana pangeran

sing ndelik ning mburi regol-regol kedhaton, mlayu ning

kampung-kampung sakiwa-tengene kraton, utawa ngidul

ning Imogiri, papan pesareyan para leluhur.

Raden Ayu Wandan, prameswari putra makutha (calon

Sultan HB III), putri Raden Tumenggung Yudokusumo

(Bupati Grobogan, Wonosari) dadi crita sejarah nalika

nyuduk Letnan Hector Maclean. Pimpinan resimen

Buckinghamshires sing nemen tatune kuwi banjur ora isa

dislametake lan kudu dikubur ning Yogyakarta nalika 25

Juni 1812. Prastawa kuwi kedadeyan nalika Raden Ayu

dipeksa bakal diboyong marang Letnan Maclean seka

keputren. Ana kabar sing nyebutke menawa raden ayu

kuwi ora diboyong, nanging arep diculik kaya nalika

prastawa Geger Pecinan ning Kasunanan Surakarta. Mulane

ora gumun nalika raden ayu sing wasis anggone olah

senjata banjur milih ‘campuh jurit’ mbela awake dhewe

tinimbang kudu melu Inggris.

Tekaning pungkasan taun 1812, uga dadi pungkasane

Geger Sepehi, para prajurit estri banjur ‘dilereni’ anggone

olah senjata. Sultan HB III, sing dijumenengke marang

Inggris uga kudu manut menawa korps resimen kraton

diilangi. Prajanjen antarane Inggris lan Sultan iku tembe

mburine bakal ndhesuk langgenging korps srikandhi.

Prajurit winasis tur sangar iki dipeksa bubar, senajan

saknyatane ora prung bubar. Korps srikandhi bangsawan

sing kendel bakal ditemoni nalika bedhahing Perang Jawa.

Tokoh Raden Ayu Yudokusumo lan Nyi Ageng Serang

bakal dadi crita dhewe nalika Perang Jawa. Raden Ayu

Yudokusumo, putri Sultan HB I sing ora gelem dipindah

seka kabupaten nalika pungkasan Geger Sepehi. Pribadine

raden ayu sing teges meksa ora bakal lunga menawa ora

Sultan HB III dhewe sing dhawuh. Ora suwe, ‘aneksasi’

Raffles marang Sultan banjur kasil ‘ngusir’ raden ayu.

Kabeh urusan sing ana gayutane marang kaluwargane

dirantasi dhewe.

Raden Ayu Yudokusuma jebul ora isa dianggep remeh.

Rasa ora senenge marang Bangsa Cina sing dadi antekantek

Inggris nalika Geger Sepehi banjur diwujudake dadi

perang. Apa meneh, utang bojone, Bupati Grobogan-

Wonosari sing akeh marang cukong-cukong Cina ning

Jawa Timur nambahi rasa ora senenge. Cukong Cina sing

senengane nindhes sewenang-wenang marang rakyat

disengiti banget karo raden ayu. Mula tanggal 17 September

1825, raden ayu ngatur siyasat perang kanggo ‘mbantai’

cukong Cina ning Ngawi. Prastawa kuwi bener kadadeyan,

raden ayu sing pinter tur ganas ora ana sing isa ngendheg.

Gempuran marang Cina neng Ngawi dadi crita dhewe

bab srikandhi kraton sing ora tau ilang. Buktine nalika

Perang Jawa, Raden Ayu Yudokusumo dadi panglima

kavaleri senior pasukan Diponegoro. Papan tugase ana

ing mancanegara sisih kidul, banjur gabung marang Raden

Tumenggung Sosrodilogo, neng Jipang-Rejegwesi nalika

perang nglawan Landa antarane 28 November 1827 tekaning

9 Maret 1828.

Ana meneh crita bab srikandhi kraton seka Semarang.

Garwa seka pensiyunan bupati, Kyai Adipati Suroadimenggolo

IV, wanita keturunan Arab sing orang mung pinter tur

nduwe pendhidhikan apik. Wanita iki sing dadi cikal bakal

anake, Raden Mas Sukur melu gabung marang Diponegoro

lumantar dadi prajurit seka Pasukan Pangeran Serang II

neng Demak. Wanita sing banjur dingerteni jenenge Basah

Joyosundargo ora gelem melu nyerah bareng anak lan

mantune. Mula kepeksane wanita iki banjur ditembak

mati nalika digrebeg ning desa Pangiran, Gunung Persodo.

Antaraning taun 1825-1827, wanita iki sing dadi ‘andhelan’

para srikandhi kanggo nyedhiyani mesiyu kanggo desa

ning sisih kulon Yogya iku. Lantaran kuwi, wanita iki isa

nekakke dhuwit kontan lan ‘barang berharga’ jaman

semono iku emas lan beras kanggo dhukung Perang Jawa.

Pungkasaning crita bab Langenkusuma, srikandhi kraton

sing ora tau mati. Para raden ayu sing ora isa diremehke,

sing ora mung ayu tur ya pinter. Raden ayu iki ora kaya

sastra pungsananing abad XIX sing nulis menawa bangsawan

putri iku kaya boneka, nengsemke nanging ora nduwe

daya. Takdir raden ayu iki kaya ta Srikandhi neng crita

Bratayudha. Gandhewane ora tau mingkup, panahe ora

tau mandheg nganti Bisma ambruk ing satengahe medan

laga. (ark)

Keris sing

semlempit ning

bangkekan

kiwane, gene ana

kerbin ning

bangkekan

tengene nuwuhke

rasa wah tur ya

was-was.

Srikandhi-srikandhi

iki sing bakale dadi

bebaya marang

Landa sesuke.


TOKOH

04

Ria Papermoon:

Basa Jawa

kuwi intim

Ria Papermoon ngakoni

nek ora isa Basa Krama mlithis,

mung ngerti sithik-sithik,

nanging nek Basa Jawa Ngoko

dhewekke faseh.

Owahing jaman,

lakuning kala, mesthi nggawa

lan duwe konsekwensi.

Kaya ta ing babagan Basa

Jawa, sapisan meneh Basa

Jawa kudu luwes ngadhepi

majuning jaman, supaya

Basa Jawa tetep bisa

langgeng ing kahanan sing

sarwa modern iki.

RIA Papermoon ngakoni nek ora isa Basa Krama

mlithis, mung ngerti sithik-sithik, nanging nek Basa

Jawa Ngoko dhewekke faseh. Lair tekan sekolah

SMA neng Jakarta, mbasan kuliah tekan seprene

manggon Jogja. Ria ajar Basa Jawa wiwitane seka

ngrungokke ibu lan simbahe sing nek ngendikan

mesthi nganggo Basa Jawa.

“Dadi neng ngomah kuwi jaman cilikanku

wis kulina krungu Basa Jawa,” jarene durung

suwi iki pas ketemu karo Jawacana.

Ria uga crita nek suwargi bapake kerep

ndongengi wayang lan ngrungokke uyon-uyon

neng radio nek arep ngeloni turu saben wengi.

Ing atase dudu wong kelairan Jogja, nanging

Ria wis akrab marang ukara-ukara Jawa.

Sakploke kuliah, Ria manggon Jogja lan

srawung karo kanca-kanca sing ‘native’ Basa

Jawa. Banjur gelem ora gelem, Ria ajar lan

lancar ngomong Basa Jawa. Arep kuwi kanca

dolan apa kanca nyambut gawene, kabeh

ngomong nganggo Basa Jawa. Seka kono Ria

niteni nek posisi lan fungsi Basa Jawa kuwi

isa dibedakke marang basa liya, kaya Basa

Indonesia lan Basa Inggris.

“Basa Jawa ngoko kuwi duwe fungsi khusus

kanggo komunikasi, mligine komunikasi sing

luwih akrab lan intim marang kanca utawa

SALAH sawijining kelompok lan produk seni

sing dadi kebanggaane Jogja, lan wis kondhang

misuwur nganti negara manca, yaiku Teater

Boneka Papermoon. Buktine wis ajeg diundang

pentas neng negara-negara benua Amerika,

Asia, Eropa, Australia, lan sak liyane.

Papermoon wis madeg seka taun 2006, dadi

saiki wis rolas taun. Maria Tri Sulistyani (36), utawa

kondhang diudang Ria Papermoon, seka mbiyen

pancen wis nduwe cita-cita dadi seniman. Kejaba

uga seneng seni rupa, Ria uga duwe bakat neng

seni pertunjukan, kuwi kabeh dikolaborasekke

dadi wujud Teater Boneka Papermoon bareng

karo Iwan Effendi (38), bojone.

Ria kuliah neng Ilmu Komunikasi Universitas

Gadjah Mada (UGM), nanging Iwan sing mandhegani

babagan artistik lan visual Papermoon mbiyen

kuliah neng Institut Seni Indonesia (ISI) jurusan

Seni Lukis. Antarane seni teater lan seni rupa

kuwi mau dadi alesan kenangapa kok boneka

sing dadi objek seni kelompok Papermoon.

Boneka ora bisa diuculke seka donyaning

bocah cilik. Wis identik menawa boneka kuwi

mesthi srana kanggo tontonane bocah cilik.

Papermoon uga mentasake naskah-naskah

kanggo penonton bocah.

Nanging kejaba kuwi, uga akeh naskahe

Papermoon sing temane dewasa, kaya ta tema

revolusi, cinta, sing uga ora cocok kanggo

bocah. Dadi saktenane segmen pasare jembar

sapa wae sing dianggep ‘cedhak’. Ana swasana

sing beda antarane ngobrol karo uwong

nganggo Basa Inggris, Basa Indonesia, utawa

Basa Jawa. Olehku gojek, ece-ecenan, garap-garapan

karo kanca, kuwi sajak luwih

luwes nek nganggo Basa Jawa,” ngono jarene

seniwati iki.

Ewadene Teater Boneka Papermoon kuwi wis

pentas ing pirang-pirang negara, lan Ria uga faseh

ngomong nganggo Basa Inggris, nanging tetep isa

ngetrapke Basa Jawa miturut fungsine. Yaiku basa

srawung sing intim lan akrab.

“Aku nek workshop neng manca, utawa nek

ngisi seminar teater boneka mesthi basane

Inggris utawa Basa Indonesia. Lan saktenane

nggenahke konsep produk seniku Papermoon

kuwi luwih penak nganggo Basa Inggris, merga

universal. Nanging aku tetep trilingual lah

dadine, telung basa kuwi mau dicakke miturut

papan lan fungsine. Dadi nganggo basa kuwi

empan papan,” miturut Ria.

Ngajari anak trilingual, telung basa

Ria lan Iwan sing lagi duwe anak siji umur

rong taun, uga duwe kongsep dhewe bab

ngajari komunikasi marang anake. Ora isa

dipaido nek jaman saiki wis arang banget

lan luwes banget, kanggo bocah ana, kanggo

dewasa ya ana. Taun iki rencanane arep gawe

pentas naskah anyar neng Jogja.

Adate nek arep nonton pentas Papermoon

kuwi kudu antri utawa pesen tiket adoh dina

sakdurunge. Merga Papermoon kuwi nek gawe

pentas ora tau massal, dadine penontone

terbatas, paling akeh dibatesi 200 penonton.

Jumlah penggemar Papermoon tambah akeh

sakploke Papermoon muncul neng film Ada

Apa Dengan Cinta (AADC) 2. Ana cerita sing

lucu, sakploke AADC 2, studio Papermoon

banjur dadi jujugan wong-wong sing arep padha

wong tuwa ngajari anake Basa jawa, apa meneh

Basa Jawa Krama.

Ria uga ngamini kahanan kuwi. Ria lan bojone

nyarujuki nek media komunikasi utama ing kaluargane

yaiku Basa Indonesia. Merga Basa Indonesia

pancen paling gampang dingerteni karo bocah.

Dadi ‘basa ibu’ neng keluarga Ria yaiku

Basa Indonesia. Basa Inggris uga diajarke

seka buku cerita, internet, merga pancen

keluarga kuwi ameh saben taun lunga manca

negara kanggo pentas, dadi sangune Basa

Inggris uga kudu disiapke.

Nanging ing atase keluarga seni lan keluarga

modern, Ria uga sithik-sithik ngajari anake

Basa Jawa. Paling gampang seka lagu-lagu

tembang dolanan anak. Seka lagu-lagu kuwi,

mboko sithik diajari nilai-nilai budaya Jawa

kaya ta salim, pamit nek arep lunga, lan liyane.

Kaya carane Ki Hadjar Dewantara, ngajari

bocah bab kabudayan nganggo tembang-tembang.

Basa Jawa ngoko kuwi

miturute Ria basa sing paling gampang

disinaoni. Apa meneh manggon lan srawung

neng Jogja. Dadi Ria yakin lan ora kuwatir,

mengko anake cilik bakal isa dhewe komunikasi

nganggo Basa Jawa. Amarga lingkungane

‘native’ Basa Jawa. (pal)

Sejarah dawa Papermoon

selfie, kamangka studio Papermoon kuwi

saktenane ora dibuka reguler kanggo umum

sing bisa dileboni saben dina.

Ria lan sakanca dadi repot nampiki wongwong

sing rumangsane isa sakwayah-wayah

mara neng studio banjur nonton pentase utawa

latiane Papermoon.

Papermoon uga duwe agenda pagelaran

‘Pesta Boneka’ sing dianakke neng Jogja saben

rong taun pisan. Acara iki ngundang lan

nglumpukke seniman-seniman teater boneka

sakdonya. Taun ngarep gelaran iki bakal ana

maneh. (pal)

Kesetaraan

lan emansipasi

wanita wiwit

seka ngomah

NENG satengahing kaluwarga iki (Ria-Iwan), kongsep

emansipasi wanita ditrapke temenan kanthi komitmen

sing disarujuki bebarengan. Tugas lan gawean ngomah

ora didum miturut gender, sing wedok kudu ngapa sing

lanang kudu ngapa. Kabeh dicekel sapa wae sing sela.

“Aku ki ya ndilalah beja entuk bojo kaya Iwan. Ingatase

dheweke kuwi seniman seni rupa sing pemikirane modern,

lan kanca-kancane ‘manly’ banget. Dheweke kuwi wis sarujuk

lan sepakat bab kesetaraan gender. Dadi gawean

ngomah kuwi dheweke apa-apa isa, ya momong anak, ya

apa-apa isa dilakoni. Sing ora isa kuwi mung nyusoni anak

kok, hehehe.” Manteb Ria olehe nggenahke bab iki.

Pancen isu-isu bab kesetaraan gender kuwi bola-bali

diswarakke lan diwacanakke neng satengahe masyarakat.

Nanging Ria duwe kongsep sing luwih modern bab kuwi.

Miturute Ria, emansipasi wanita kudu wis luwih adoh seka

simbol ‘wong wedok dadi direktur, apa wong wedok dadi

sopir truk’, ngono.

“Kartini modern sing nyata kuwi yaiku wong wedok sing

isa dirungokke idene, gagasane, karyane, lan disarujuki

masyarakat sekitare. Dadine ora mung simbol gerakan-gerakan

emansipasi sing ndokok wong wedok dadi semacam

korban. Nek wong lanang wis isa nganggep wong wedok

kuwi mung beda masalah jinis kelamin thok, lan isa ngregani

lan ngormati wong wedok ‘as a human’ sing setara neng

sakabehe, nah kuwi lagi arti kesetaraan wanita.” Tambahe

Ria.

Kongsep kuwi wis dipraktekke neng kaluwargane Ria.

Wiwit seka ngomah Ria lan bojone wis nyebal seka kongsep

patriarki sing wis dadi tradisi neng budaya Jawa. Anggepan

wong wedok kuwi ‘swarga nunut, neraka katut’ wis ora

kanggo neng sajrone kaluwargane Ria. Kabeh rata ‘setara’,

adil. Mulai seka gawean ngomah nganti gawean seni pangupajiwa,

kabeh ditandangi kanthi kongsep setara antarane

Ria lan Iwan.

“Bojoku kuwi tipe wong Jawa asli nanging pikirane wis

modern. Dheweke ngormati aku minangka manungsa,

sing mung beda fisik. Dadi dheweke ya ora isin ngumbahi

klambi, ngasahi piring, setrika, momong anakku nek pas

aku lagi lunga pentas neng manca negara. Ora akeh lho

wong lanang Jawa sing gelem ngono kuwi. Diawali seka

kongsep kuwi aku dadi wanita rumangsa luwih diregani

lan dihormati. Salah sijine kunci suksese Papermoon kuwi

ya seka kongsep kesetaraan wiwit seka ngomah kuwi.

Dadi aku lan Iwan isa berkolaborasi tanpa batesan gender

lan kasile apik.” Ngono panutupe Ria. (pal)


05

PARIWISATA

Papan wisata

papan-papan wisata anyar

neng wilayah kabupaten

Gunungkidul sing mulai

populer neng instagram

jembatan kaca pantai Nguluran

1. Tol Buntung Puncak 4G

PAPAN wisata iki jenenge Puncak 4G. Sing

kerep krungu tapi durung ngerti, 4G iku singkatan

seka ukara Gunung Genthong Gedangsari

Gunungkidul, bukit sing jarake limang kilo

seka kota kecamatan Gedangsari, yaiku kurang

luwih sakjam seka kutha Jogja.

Mlebune isih gratis. Nek dolan mrene, mung

mbayar dhuwit parkir rongewu rupiyah kanggo

sepedha montor, limangewu rupiah kanggo mobil.

Panggonan iki apik tenan kanggo nyawang srengenge

angslup (sunset) bareng kanca-kanca.

2. Watu Ireng Pengkok

ISIH neng wilayah Gunungkidul, ana neng

wilayah Dusun Srumbung, Desa Pengkok,

Kecamatan Pathuk. Sing kondhang seka papan

wisata iki yaiku pemandhangan srengenge

muncul (sunrise) ing wayah isuk.

Gunung Ireng iki papan sing paling dhuwur

ing wilayah Srumbung. Watu-watu sing ana

neng kana padha karo watu sing neng Gunung

Api Purba Nglanggeran lan Gunung Api Purba

Batur.

Nek kowe numpak sepedha montor, mlebu

neng papan wisata iki mung dikon mbayar

limangewu rupiah kanggo parkir lan tiket. Aja

lali sangu jajan lho ya!

3. Jembatan Kaca Pantai Nguluran

Ora ana enteke nek arep dolan ning Gunungkidul.

Meh saben sasi mesthi ana panggonan

anyar sing dibukak lan isa dinggo ngilangake

rasa kesel awak lan ati.

Contone objek wisata siji iki, sing diarani

Jembatan Kaca Pantai Nguluran. Wong-wong

sing padha dolan mrene iki ora arep dolanan

pasir utawa renang, nanging arep foto-foto.

Papan wisata iki pancen apik banget dinggo

foto apa wae. Pre-wedding ya wangun.

Jembatan kaca iki ana neng pinggir jurang,

dadi nek awak dhewe ngadeg neng jembatan

iki, bakal isa weruh dhasare jurang karo tebing

sakkiwa tengene lan segara sing ana ing

sakngarepe.

Nah, nek dolan mrene, kowe mung perlu

cepak sepuluhewu rupiyah kanggo mlebu, lan

rongewu rupiyah kanggo parkir sepedha montor.

Mosok ya larang? Rak ya ora ta…

4. Pantai Kesirat

Neng pantai iki kowe ora bakal weruh pasir

putih sing biyasane ana ing pantai umume.

Nanging kowe bakal weruh tebing sing curam

sing kena kanggo mancing lan plataran suket

sakkiwa tengene.

Kowe uga bakal weruh siji-sijine wit sing ana

ing pantai iki, sing diarani wit Gebangkoro.

Ning pantai iki, kowe uga isa masang tendha

kanggo kemah karo kanca-kanca. Nanging

kudu eling, aja ninggalke sampah apa wae

supaya papan iki tetep apik lan lestari.

Nek kowe kemah ning Pantai Kesirat, aja

lali nyawang srengenge angslup lan lintang

ing wayah bengi. Joss banget pokoke!

5. Gunung Keruk Nglipar

Seka kota Jogja, Gunung Keruk Nglipar iki

jarake sekitar 40 km, utawa nek numpak kendharaan

pribadi kira-kira 1,5 jam suwene.

Pancen rada adoh, nanging kowe bakal weruh

pemandhangan sing beda seka panggonan

wisata sakliyane. Apa meneh nek kowe neng

Puncak Gunung Keruk iki pas srengenge muncul

utawa pas angslup. Seka puncak Gunung

Keruk, kowe bakal weruh Gunung Sewu sing

baris jejer lan Gunung Merapi seka kadohan

merga saking dhuwure papan iki.

Watu-watu ning Gunung Keruk iki beda karo

watu ing sing ana ing pegunungan Gunugkidul

umume. Nanging watu-watune malah padha

karo watu ing Gunung Api Purba Nglanggeran

lan Gunung Api Purba Batur.

Nek arep mlebu panggon wisata iki isih gratis.

Kowe mung perlu mbayar parkir wae. Ha

piye? Wis siap pariwisata durung? Gek ndang,

dijamin marai bungah!

Foto dan teks kiriman seka gundhissos

Watu Ireng

Pengkok

Tol Buntung

Gunung

Keruk


jawaban:

kathok dawa

Pemenang:

FAIZAL NOOR SINGGIH

Jl Kaliurang km 4,5 nomer 39, Kocoran,

Caturtunggal, Depok, Sleman,

Yogyakarta

08562876864 / 08987075166

noor_singgih@yahoo.com

STELLA MARIA

SMA Negeri 2 Yogyakarta

Perumahan Bale Asri P15,

Gamping, Sleman,

Yogyakarta

081946845773

dstellamaria15@gmail.com

Macapat

DHANDHANGGULA -

Tarjamah Al- Quran Surat An-Nisaa[4]: 59

Dening : Lutfianto, SS (Ki Lutfi Caritagama)*

He wong mukmin sira kabeh iki

Sira padha ngestokna mring Allah

Lan ngestokna utusane

Sarta Panguwasamu

saka sira kabeh

Lamun sira padha berdondi

Utawa pasulayan

Perkarane mau

Balekna perkara mring Allah lan Nabi

Kuwasa ing kiyamat

*Guru Bahasa Jawa SMAN1 Pajangan Bantul Yogyakarta

Alumni Sastra Jawa UGM

POCUNG – kancil

Dening : Paksi Raras Alit – Mantradisi

Kocap kacariyos risang bapa pocung

Owah aweh jaman

Tegal sawah tanpa tani

Sato kancil wuwus kelangan sasana

Bapa pocung kancil nora nyolong timun

Owah aweh donya

Jalaran mati lan mukti

Sato kancil ngalap bandhaning manungsa

KINANTHI – love song

Dening : Paksi Raras Alit – Mantradisi

Menawi diajeng purun

Samudra sat saguh mami

Nggayuhi lintang sepindah

Datan ajrih anglakoni

Jalaran saking katresnan

Lair batos dugi pati

Aduh yayi kenya nghulun

Mangertosa jroning galih

Kaimpi-impi kawangan

Atiningsun angresepi

Kuwatos menawa cidra

Jur mumur supenaneki

NGLAKONI urip dadi dhalang kuwi pancen gampang-gampang angel.

Gampange yen lagi pas musim hajatan akeh wong sing nanggap

pagelaran ringgit wacucal utawa wayang kulit sedalu natas. Kadhangkadhang

sedina sing nanggap ora mung siji nanging punjul seka loro

cacahe, njalari padha rebutan anggone golek dhalang sing apik kanggo

wayangan, kalebu aku, ya ora sombong nanging aku iki kalebu dhalang

sing lumayan moncer neng daerah kene. Kuwi kepenake, nanging

rekasane ya mesthi ana, ya kuwi yen pinuju lagi sepi ya kudu prihatin.

Prihatin tenan, amarga dhalang kuwi biasane ora dhewekan. Dheweke

kudu tanggungjawab marang rombongane yaiku para niyaga, sindhen,

lan liya-liyane. Dadi yen dhalange ora kepayon, otomatis wong sak

rombongan ya ora entuk hasil.

Wengi kuwi aku lagi nyelehake sirah neng bantal sakwise padu karo

ibune bocah-bocah. Apa maneh sebabe yen ora uba rampe neng pawon.

Bojoku wadul lan nesu-nesu amarga wis rong minggu iki aku ora isa

“njurung srakah.” Wong lanang sapa sing ora kemritik atine yen kudu

nampa swara-swara sing ngabangke kuping. Wiwitane ya isih isa sabar

ning suwe-suwe ya kudu ditanggapi tinimbang kedawa-dawa. Aku dudu

Puntadewa, Sang Nata neng Ngamarta sing sabare ngedab-edabi. Aku

iki dhalang sing biasane entuk keplok lan sorak penonton, digumuni

suluk lan sabetane, diguyu yen lagi nglucu, pokoke dadi lelanange

jagad sak madyaning yuda aran pagelaran ringgit wacucal. Ee…lha kok

diunek-unekke bojone. Tangan iki kudu kumlawe nggo gawe mingkeme

lambene bojoku sing wiwit mau ora leren-leren anggone guneman.

Saiki dheweke turu neng kamare bocah-bocah, purik. Ya wis ben, sesuk

mesthi ya wis bali normal maneh.

Lagi wae nyoba ngeremke mripat iki, nalika dumadakan ana swara

lawang dithothok.

Thok..thok..thok!

“Kula nuwun, kula nuwun pak Gito.”

Kanthi liyep-liyep aku ngurupke lampu ruang tamu. Sapa ya kira-kira

wengi-wengi ngene mertamu? Apa ora prayoga yen sesuk wae?

“Sinten nggih?”

“Kula, Sumpeno saking Giriwungu!” panyaute suwara neng njaba.

Jeneng kuwi durung nate dakrungu sakdurunge, Sumpeno sing endi

ya? Wah, mesthi pawongan iki kongkonan sing duwe gawe. Atiku kebak

pangarep-arep. Hmm, rejeki teka tan kena kinira. Ora apa-apa arepa

kudu meh tengah wengi aku nemoni tamu iki. Kanthi gita-gita aku

mbukak kunci lawang. Bareng dakbukak lawang kuwi, ndaheba kagete

yen neng njaba peteng dhedhet, aku ora bisa nyawang apa-apa. Kabeh

peteng lelimengan. Dakcoba melekke mripat iki ning rumangsaku padha

wae, melek apa merem kabeh mung peteng lan peteng! Ora watara

suwe, rumangsaku ana cahya sing cumlorot saya suwe saya gedhe lan

bareng aku sadhar rasane awakku wis lungguh neng kursi kayu. Nanging

kena apa iki? Tangan lan sikilku ditaleni karo kursi persis kaya durjana

sing kecekel lan siap kena paukuman. Babar pisan aku ora isa obah,

ambeganku sesek, sirahku rasane abot banget, bisaku mung kelapkelip,

iki aku ana ngendi?

Dumadakan ana pawongan nyeraki aku. Pawakane gedhe dhuwur

kanthi cahya netrane sing abang mbranang. Rambute ireng kaku.

Brengose kandel lan rada brewok gawe praupane ketok saya serem

lan angker. Ndhuwurane nglegena tanpa nganggo klambi. Awakke

gagah pideksa. Otot-otote metu nuduhake yen asring olah kanuragan.

Ning kenapa aku ora ngerti, rumangsaku pawongan kuwi nduwe

pangaribawa sing kuwat. Ana aura sing gawe sapa wae bakal nggregeli

yen adhep-adhepan karo dheweke.

“Gito, kowe isih kelingan aku?” pitakone sora. Ambegane seru lan

abot. Swarane gedhe lan merbawani. Ana rasa sing jero lan kaya nahan

nesu nalika dheweke guneman. Durung nganti dakjawab dheweke

nerusake tembung.

“Iki aku, kowe tansah ngelek-elek aku. Ya dakakoni, aku sing nyolong

Sinta lan dakgawa bali neng Ngalengka,” sambunge.

Pikiranku nyandhak nalika dheweke nyebut jeneng Ngalengka, kuwi rak

kratone Dasamuka, ya Rahwana sing jumeneng nata. Rahwana sing gawe

ontran-ontran amarga nyolong Dewi Sinta seka guru lakine ya Sri Ramawijaya.

Cekaking crita, Sri Rama njaluk tulung Subali lan Sugriwa sing nguwasani

wadya bala wanara supaya nggrudug Ngalengka sing kabeh isine para

raseksa. Akeh lakon sing dijupuk seka crita kuwi mau, ana Rama Tambak,

Gugure Kumbakarna, lan ora lali Anoman Obong sing moncer dadi judul

lagu kae. Wah, jebul pawongan sing gagah gedhe dhuwur kuwi Rahwana?

Banjur apa karepe nyekel aku kaya ngene? Rahwana ya Dasamuka kuwi

rak gur ana neng crita wayang, lha iki kok nitis dadi manungsa? Durung

nganti bisa mikir sareh pawongan kuwi nerusake tembunge kanthi sora.

“Iya, Aaa…aku ngerti, terus iki kena ngapa aku dibanda kaya ngene?,”

pitakonku karo nggregeli.

“Iki amarga pokal gawemu, aku njaluk keadilan,” semaure sora.

“Keadilan apa? Aku kuwi gur dhalang sing menehi panglipur marang

para sutresna wayang,” jawabku.

“Ya amarga kowe dhalang aku njaluk keadilan, kowe tansah daksiya

marang aku, kowe kudu ngerti Gito…kudu ngerti lan gelem ngrungoke

aku,” kandhane kanthi mandeng. Aku tansaya kamigilanen, ora bisa

njawab apa-apa.

“Mangertiya Gito, aku wis ngumpulake kabeh punggawa lan wadya

bala Ngalengka. Wus dakandharake kabeh mula bukane aku nyolong

Sinta. Kabeh kuwi mau dudu amarga nepsu birahi sing kaya mbok

sebut-sebut, ora!”

“Yen amarga nepsuku, ora kangelan aku ngrudapeksa Sinta jer

dheweke wis ana neng tanganku. Aku mung njaluk Sinta supaya gelem

dadi garwa prameswari. Garwa sing dakarep-arep bakal nurunake

putra-putra Ngalengka sing bisa gawe kuncarane negari. Kuwi amarga

aku ngerti sapa saktenane Sinta, para Dewa wis ngandharake menawa

Sinta kuwi saktenane titisane Dewi Sri, ya Dewi sing nyekel raharjane

donya. Kanthi lumantaran Sinta, negara Ngalengka iki bisa rahayu,

gemah ripah loh jinawi lan tata titi tentrem karta raharja kaya kandhamu

nalika antawecana kae. Dadi niyatku apik, Gito, apik!”

“Ya, apik. Nanging…nanging…caramu ku..kuwi ora bener?” kandhaku

kanti nggregeli.

“Ora bener kepiya ha?,” semaure karo nggetak.

“Kabeh kuwi amarga aku tresna marang negaraku, aku pengen negaraku

Sastra Jawa

Cerkak:

Rahwana gugat

06

bisa mukti. Mukti negarane amarga mukti kawulane. Mukti kawulane kuwi

kudu diwiwiti seka ratune sing jejeg lan adil, ambeg palamarta, lan nduweni

sikap satriya luhur. Mula kuwi aku ngendharat Sinta. Nanging kowe kudu

ngerti, babar pisan aku ora nate meksa marang Sinta. Kanthi satriya aku

njaluk dheweke supaya gelem dadi garwaku. Ya, pancen sakdurunge

dheweke ora gelem minangkani panjalukku, nanging bareng ngerti sikap

lan tindak-tanduke Sri Rama dheweke malih pikire. Sri Rama, priya sing

jare tresna marang Sinta, nyatane ora nduweni sikap satriya. Dheweke ora

gelem mapag Sinta neng Ngalengka malah njaluk tulung para wanara.

Rama milih perang, adu-adu kekuwatan kanthi golek bala. Dheweke njanjeni

Sugriwa lan Subali menawa unggul yuda bakal bisa nguwasani Ngalengka

sakisine. Apa kuwi sing jenenge sikap satriya?”

“Kowe ngerti, nalika Anoman sowan neng Ngalengka, karepe arep

ngajak Sinta bali, lunga seka tamansari Ngalengka, nanging Sinta ora

gelem amarga Sinta kuwi putri sing luhur, berbudi bawa leksana, ora

kulina tinggal glanggang colong playu. Nalika semana Sinta weling

marang Anoman supaya Rama dhewe sing methuk slirane.”

“Kabeh wadyabala lan punggawa Kraton Ngalengka padha sarujuk

marang aku lan sikapku kuwi. Kabeh sumadya labuh negari bela pati.

Bebasan sedumuk bathuk senyari bumi Ngalengka bakal dilabuh labeti.

Nanging siji sing rada dadi kuciwaning ati iki. Adhiku dhewe ya Wibisana,

slirane malah mlayu lan melu mbelani Rama. Mesthi kowe wis ngerti

apa karepe to? Amarga dheweke pingin kuwasa, pingin sinengkakake

neng ngaluhur dadi jumeneng nata neng Ngalengka nanging kanthi

cara-cara sing nista. Ah...saben manungsa nduweni lakon dhewe-dhewe

lan kudu siyap nampa apa sing mbiyen tinandur.”

“Adhiku sing liyane, Kumbakarna lan Sarpakenaka, arepa dheweke kuwi

raseksa, rupane ala nggegirisi, nanging nduweni ati kang jujur tur luhur.

Kumbakarna bekti marang negarane, sumadya lan ikhlas maju neng yuda

lan tiwas dadi kusumaning negara. Aja disawang seka rupa lan busana!

Aja nyawang seka netramu, Gito! Sawangen kanthi ati sing permati lan

sliramu bakal ngerti apa kuwi bener kang sejati!”

“Dadi menungsa aja emban cindhe emban siladan, tansah nyawang

iki bener kae luput, aku mesthi bener lan kowe mesthi luput! Ora bisa!

Neng bener kuwi ana lupute lan neng luput kuwi ana benere!”

“Dadi dhalang kuwi kudu adil lan waskita, ora gampang gawe lakon

amarga kabeh gumantung lathi, tangan lan pikirmu. Kowe kudu bisa

milah lan milih. Kowe kudu isa ngonceki perkara. Ora mung seka bener

lan luput, nanging uga becik lan ora becik, wangun lan ora wangun!”

“Kowe kudu diukum Gito, kowe durung isa dadi dhalang sing luhur.

Dhalang sing isa nuduhake tuntunan ora mung tontonan. Dhalang sing

sejatine dhalang!”

Aku nggregeli, ndrodhog ora karuwan krungu suwara pawongan

gedhe dhuwur kuwi mau. Kabeh ukara lan tembunge rasane kaya ewon

dom sing mlebu lewat kuping lan tumancep jroning sirah njalari rasane

sirahku tansaya abot. Keringetku sakgrontol-grontol dleweran nelesi

awakku kabeh. Aku ora isa suwala nalika pawongan kuwi mau nglolos

pulanggeni ligan seka bangkekane. Keris kuwi mau cahyane cumlorot

abang semu kuning. Kanthi alon dheweke nyeraki aku, netrane mandeng,

sorote jero lan kebak rasa nesu sing ora bisa diampet maneh. Nalika

tangan kuwi kumlawe, aku njerit sakrosane.... Tuluuuung!!

Tanganku isih krasa dijagal dening wong pirang-pirang. Dakbukak

mata iki, daksawang bojoku nangis ngaru-ara, anak-anakku kabeh uga

padha nangis lan ngrangkul aku, “Bapak...bapaak...ampun seda riyin

pak...ampun ninggalake kula pak....bapaak...!”

Aku unjal ambegan landhung, kabeh padha lega amarga ngerti aku

wis sadhar. Anakku sing mbarep age-age njupuk banyu putih sak gelas,

diulungake, lan nyawang aku kanthi sorot sing kebak pitakon. Kabeh

wong padha nyawang aku. Aku mung dheleg-dheleg.

Penulis:

Ari Sulistyo, lair neng Gunungkidul lan seneng nulis wiwit isih kuliah.

Geguritan lan cerkak anggitane kamot neng buku antologi kampus lan

Majalah Djaka Lodhang. Presenter Bahasa Jawa neng JogjaTV iki ngaku yen

isih sinau nulis mligine basa Jawa. Saiki isih ngangsu kawruh neng

Universitas Gadjah Mada jurusan S3 Studi Kebijakan.


07

Sinau basa Jawa nganggo aksara Jawa apa tumon?

PERKARA pasinaon basa Jawa saiki wis akeh owah

gingsire, salah sawijine ya kuwi bab perkara murcane

dayaning sastra Jawa, sastra neng kene kang

mengku surasa teges tulisan, budaya Jawa kuwi

gumantung banget seka prebawaning basa Jawa,

semana uga basa Jawa ya ora isa pengkuh, bakoh

tanpa aksarane.

Akeh ing antarane awake dhewe kang ngungun,

nyawang kahanan para kadang taruna, wiranem

kang katon anggone wis wiwit padha ninggalke

budaya Jawa, kalebu basa apadene aksara Jawa.

Bab kahanan kang kaya mangkono isa disawang,

mula seka kuwi kenangapa kok wacana bab aksara

Jawa kuwi wigati banget, awit aksara Jawa kuwi

wadhahing basa, basa kuwi wadhahing budaya.

Sakwise dakcoba ngonceki neng pasinaon, saktenane

sing isa gawe sekabehane kuwi isa lumaku,

ya awit wis ucul uwale basa Jawa seka wadhahe,

kang sabanjure kahanan kaya mangkono kuwi satemah

mahanani kurang gregete putra siswa anggone

padha nyinau basa Jawa lan budaya Jawa, awit

ngrumangsani yen nyinau basa Jawa kuwi kuna,

jadul, ora gaul lan sapanunggalane.

Sekabehe pakarti sing ana gayute karo tata pasinaon

basa Jawa, kang mawa aksara Jawa iki isa

lumaku kanthi becik, awit sarana kapurba anane

font utawa aksara Jawa, kang isa kagunakake sajroning

ngetik neng piranti komputer, uga wis akeh

cumawis kanthi maneka warna cakrik, mbuh kuwi

kang isih mawa Ansi, apadene kang wis Unicode.

Bali maneh kaya sing dadi ancasing rembug, yen

jlentrehe laku cak – cakane pasinaon basa Jawa

mawa aksara Jawa, supayane para siswa isa kapilut,

lan ora wegah sarta nandhang susah nalika winulang,

paling ora isa karantam mawa urut-urutaning

laku kaya mangkene, iki saupama ana neng tataran

SMA kang wus lumaku :

Kawiwitana seka kelas X semester gasal, neng

perangan iki siswa kawanuhake bab-bab apa wae

kang ana gayute karo aksara Jawa, mbuh kuwi bab

wujuding aksara, piwulang sajroning aksara Jawa

(filosofi), sujarahe, sarta tata panulisan aksara

Jawa, kanthi wahana film, video tembang, dolanan

kang mawa jarwan (subtitle) aksara Jawa.

Guru ngulinakake nulis sekabehe tembung, utawa

ukara kang dadi sarining piwulangan mawa aksara

Jawa, mbuh kuwi ana papan tulis apadene power

point.

Guru ngulinakae nulis pitakon-pitakon gladhen

mawa aksara Jawa, lan ngajak supayane putra siswa

mangsuli pitakone ugi mawa aksara Jawa.

Menawa bab ndhuwur kuwi isa lumaku kanthi

becik, mula sithik baka sithik neng samengkone

putra siswa banjur dadi lan kulinane, sarta tuwuh

rasa greget anggone maca apadene nulis mawa

aksara Jawa, bab kuwi satemene gumantung karo

greget.

Mula bener apa kang dadi pangandikane para

pepundhen luhur, jer kabeh mau kuwi mung gumantung

ana neng niyat binarengan kas, ana niyat nanging

greget kanggo ngepyakake ora ana ya ora

bakal dumadi.

Kaya pepethan endog kuwi, tata gelaring aksara

Jawa kuwi katone sepele, nanging bab kang denanggep

sepele kuwi, malah kepara kang isa handayani

ucule tata paramasastra sajroning basa Jawa,

neng jaman saiki wis katon, kaya ngapa para wiranem

anggone nulis basa Jawa neng aksara Latin, mawut

Geguritan

KODE FOTO

Mlebune isih gratis. Nek dolan mrene, mung mbayar dhuwit parkir rongewu rupiyah kanggo sepedha

montor, limangewu rupiah kanggo mobil. Panggonan

amburadul ora karuwan, awit kenangapa, ya merga

wis akeh kang wis ora isa maca, lan nulis tembung-tembung

Jawa sajroning aksara Jawane maneh. Ucule

basa Jawa kang kaya mangkono, mahanani budaya-budaya

Jawa kang sinengkuyung dening prabawaning

basa uga saya kelangan pandhemen,

ketoprak, wayang kulit, lan sapanunggalane.

Upama basa Jawa kuwi isih lestari ora mung disinau

kanggo pacelathon, nanging uga kasinau tata

paramasastrane, sokur bage uga kasinau basa rinenggane

(kasusastrane), neng mbok menawa

wayang minangka tontonan isih isa lestari minangka

tuntunan, kasunyatan neng madyaning bebrayan

anggone padha seneng limbukan lan gara-gara, awit

amarga kapurba kurange kawruh bab basa Jawa,

mligi basa Jawa krama lan kang rinengga susastra.

Mula seka kuwi, neng pasinaon basa Jawa neng

pawiyatan SMA Negeri 2 Bantul, tata gelaring pasinaon

basa Jawa kakulinakake mawa aksara Jawa,

kalebu neng sekabehe tulisan neng gladhen lan

ulangan-ulangan padinan, tumekane neng ujian

semesterane, lire kabeh mau katulis sajroning aksara

Jawa, wondene tata panulise aksara Jawa

kalarasake karo tata panulisan paugeran Sriwedari,

kaya kang wis dadi pasarujukan neng MGMP Bahasa

Jawa SMA/MA/SMK Propinsi Daerah Istimewa

Yogyakarta.

Perkara kuwi minangka sarana nggladhi putra

siswa, supayane neng samengkone isa, paling ora

mangreteni tata cara kang bener mungguhing panulising

tembung Jawa sajroning aksara Latin, awit

nalika wis kulina nulis tetembungan Jawa sajroning

aksara Jawa, mila banjur isa mbedakake neng antarane

endi kang awujud aksara swara [a] jejeg, [a]

miring, [i] jejeg, [i] miring, [u] jejeg, [u] miring, [e]

pepet, [e] lan [e] taling, sartanipun [o] jejeg, lan [o]

miring.

Neng madyaning putra siswa jaman saiki, nalikane

kaajak sinau kang ana gayute karo aksara Jawa,

akeh – akehe lan kang wis dadi padatan mesti padha

pating brengok, sambat yen kangelan, bab kang

mangkene iki banjur coba kaudhar lumantar pitakon-pitakon

kang gayut dadi dhasare bocah padha

sambat mangkono kuwi, asiling pitakon ing purwaning

pamulangan kapantha saperangan sababe,

neng antarane :

Putra siswa akeh kang aweh wangsulan yen

arang-arang kagladhi aksara Jawa, adate aksara

Jawa mung kanggo jejangkep, sauger mung

disinau wandaning aksara, pasangan, sandhangan

lan sapanunggalane, tanpa kinanthen wacan-wacan

kang kadhapur tulisan Jawa, lumantar buku,

apadene sarana liyane.

Panganggepe putra siswa yen aksara Jawa

kuwi kuna, wis ora ana prabawane neng jagad

kang wis maju iki.

Ana maneh saperangan kang duwe panemu yen

nyinau aksara Jawa kuwi ora ana gunane.

Lumantar saperangan bab prekara ndhuwur kuwi

mau, banjur tuwuh rasa kepiye carane narik kawigatene

putra siswa, supaya isa sengkut anggone

padha sinau aksara Jawa maneh, mula kang coba

kakepyakake, mumpung saiki wis mlebu jaman kang

sarwa digital, mula anggone ngereh uga saisa-isane

lumantar cara digital, kayadene:

Menehi pangerten tumraping putra siswa yen basa

Jawa kuwi wiwit kuna – makuna wis lestari, lan

ngasilake susastra kang tanpa wilangan, lan kabeh

kuwi mau katulis sajroning aksara Kawi, apadene

aksara Jawa, dudu neng tulisan aksara Latin.

Menehi pangerten tumraping putra siswa yen basa

Jawa kuwi udakara taun 2005, wiwit wis isa

kanggo nulis sajroning piranti komputer, sinaosa isih

nganggo font aksara Jawa modhel Ansi, lan cakrike

durung akeh, nanging awit seka krentege para sutresna

aksara Jawa, wiwit surya kaping 1 sasi Oktober

2009, aksara Jawa wis kasil mlebu neng standar

Unicode, bab iki andadekake aksara Jawa isa tansaya

adoh tebane neng jagading teknologi informatika,

dayaning aksara Jawa Unicode kuwi wusanane bakal

nuwuhake cakrik aksara Jawa kang maneka

warna wandane, seka wanda kang kaanggep baku

minangka aksara Jawa cithak, nganti wanda aksara

Jawa kang katedhak seka sakathahing cakrik sajroning

serat – serat lawasan.

Menehi pangerten tumraping putra siswa yen basa

Jawa kuwi uga isa kagunakake sajroning piranti

HP kang mawa sistem Android, dadi wis ora

jeneng mokal maneh yen saiki isa sms, bbm, wa,

lan sapanunggalane migunakake aksara Jawa.

Saupama kabeh laku siji tumekane telu wis lumaku,

banjur :

Nyamektakake website / blog kanggo nggampangake

laku sabanjure, kaya dene kanggo ngundhuh

materi, apadene gladhen lan ulangan.

Tata laku kang luwih tumanja, ora ana liya kejaba

mung seka prigel, gregete guru anggone ngulinakake

nulis sekabehing tetembungan Jawa mawa

aksara Jawa neng papan tulis, tan prabeda kaya

nyawang pasinaon basa manca liyane kang mawa

aksarane.

Saisa-isane ora ketang sepisan, utawa pindho

siswa kaajak neng laboratorium komputer (TIK),

saperlu kaparingan kawruh bab tata gelar wujuding

aksara Jawa kang wis Unicode, lan sokur bage tatacara

panulisane lumantar piranti komputer/laptop,

mbuh kuwi lumantar MS. Office utawa Open Office.

Neng pungkasaning atur, sawise ngawuningani bab

tata lampah, saperangan pasinaon basa Jawa mawa

aksara Jawa, kaya kang kajlentrehake neng ndhuwur

kuwi, pramila isa kacaosake dudutane, neng antarane:

Upama ana wacana, greget ngulinakake pasinaon

basa Jawa lumantar aksarane, kuwi sejatine isa

nganggo banget, kacihna seka apa kang wis nate

lumaku neng SMA Negeri 1 Sanden, lan saiki isih

lumaku neng SMA Negeri 2 Bantul, nanging kabeh

mau pancen kudu mawa sarana pakulinan dhisik,

utamane seka gurune.

Putra siswa saiki wis padha melek teknologi informatika,

mula sarana piranti iki tansaya isa dadi

nambahi gregete bocah anggone sinau basa Jawa

mawa aksara Jawa.

Pangaribawaning Unicode aksara Jawa kang wis

resmi wiwit 1 Oktober 2009, wis katon tebanine

neng madyaning kanca, kadang wiranem kang

padha nggegulang kagunan teknologi informatika,

sinaosa durung kabeh brayat ageng uninga, lan

pirsa apa ta kuwi Unicode lan kaya ngapa mungguh

mangpangate tumrap bebrayan Jawa.

Sawatara neng jagading pamulangan bab sinau

basa Jawa mawa aksara Jawa, ora mrangguli pepalang

kang abot.

Seka saperangan dudutan neng ndhuwur kuwi,

banjur tuwuh pangajab, lan pangangkah amrih apa

kang kacoba neng madyaning pamulangan-pamulangan

iki isa gumreget, ora liya ya mung ana neng

antarane:

Sarehning aksara Jawa wis ana kang modhel Unicode,

sumannga font utawa cakrik aksara Jawa kang

kagunakake Unicode iki, prayoga isaa kaanggep

minangka cakrik baku tata panulisan neng saben

dinane (neng aksara Latin kayadene Time New romane).

Bab neng sajawining pamulangan, prayogane

instansi pamarentah apadene swasta isa dadi patuladhan,

satemah isa mrebawani aksara Jawa isa

adoh tebane.

Sabanjure yen kabeh wis lumaku, mula pangangkah

anggone nyinau basa Jawa lumantar aksarane

isa kasil.

Setya Amrih Prasaja

Mas Bekel Dwijasetyaprasaja,

abdi dalem reh kaprajan.

Ketua MGMP Bahasa Jawa SMA DIY

Guru Bahasa Jawa SMAN 2 Bantul

Filolog Alumni Sastra Jawa UGM

Mampir satengahing wengi

Menenga sedela

Aja nggresula

Rungakna unine banyu

Rungakna unine angin

Rungakna unine lemah

Menenga sedela

Buwangen samubarang ala lan angkara

Weningna lathi

Rungakna unine ati lan nyawiji dadi geni.

Gareng: “Truk, mau neng ndalan aku nemu

dhuwit... Kok ya pas tanggal nyaur utang ya truk!”

Petruk: “Wohlaaaa, ngepasi to Reng! Ya kuwi jenenge

rejeki.”

Gareng: “Ha ning ora tak jupuk Truk, tak buwang

meneh dhuwite neng pinggir ndalan.”

Petruk: “Pitikih... Nemu rejeki kok malah dibuwang?!!”

Solo - Yogja 23 - 24 Maret 2018

Eswe (Andy Sri Wahyudi)

Seniman Teater, Pantomimer, Sutradara, Penulis

Gareng: “Lha duwite 100 ewu, kan mangka

butuhku nggo nyaur utang 150 ewu. Ha teneh aku

kon tombok 50 ewu.. Ha ra sudi!”

Petruk: “Wooo, kenthir!!”


08

Pranata Mangsa, mangsa

kasepuluh (Srawana)

Praja Cihna, lambang Kraton

Ngayogyakarta Hadiningrat

Praja Cihna miturut kamus Poerwadarminta

tegese, ‘praja’ iku kraton,

krajan, negara, utawa kedhaton, dene

‘cihna’ yaiku tandha, tenger, utawa

pratandha. Mulane tembung praja cihna

banjur diarani tandha utawa lambang

negara. Negara sing dikarepke

neng kene yaiku Negaragung, Ngayogyakarta

Hadiningrat kang pinarentah

dening Sultan Hamengku Buwana

sakdurunge nglebur dadi siji, dadi

negara Republik Indonesia.

MICARA bab praja cihna, becike diturut manut sejarahe.

Anane praja cihna kuwi mbiyene nduweni gegayutan

karo kongsep Hindu sing dadi mula-bukane

tradisi neng kraton. Kongsep kuwi ana ing pepetane

Sultan Hamengku Buwana I minangka avatara utawa

wujuding manungsa Dewa Wisnu. Prekara sing banjur

disebut wisnuisme marang Sultan katon seka: (1) gelar

abhisekane, yaiku Hamengku Buwana, sing nduweni

teges ‘kang angreksani donya’, (2) tumbak pusakane

kang dijenengi Cakra [Hardacakra], (3) karatone diarani

Ngayogyakarta Hadiningrat, sing tegese ‘Ayodya’

makmur lan kaendahan neng donya”, (4) menawa Sultan

mirsani pagelaran wayang wong, Ngarsa Dalem

lenggah ana ing tengah Bangsal Kencana madhep

ngetan minangka pakurmatan kanggo Srengenge. Tumindak

iku wujuding pakurmatan kanggo tekaning Dewa

Wisnu. Ing mangsane Sultan Hamengku Buwana VI, kreta

kencanane dijenengi Garudha-yeksa, lan Sultan Hamengku

Buwana VIII migunakake lar ing garuda sepasang kang

ngapit makutha kanggo lambanging negara.

Sakdurunge ngrembug babagan pralambang negara

neng mangsane HB VIII, becik nek nyetitekke cihna neng

mangsane HB VII. Mula-bukane praja cihna wis kanggo

pepakane piranti negara, uga kanggo tetenger raja sing

jumeneng. Prekara iku dibuktekke saka artefak sejarah

tinggalane raja nalika marentah, kayata gedhong, regol,

utawa piranti dhahar lan unjukan dalem.

Ing Karaton Yogyakarta Hadiningrat, pratandha luhuring

raja wis tinemu seka mangsane Hamengku Buwana VII.

Sabagean pratandha kaluhuran ing mangsane Sultan

Sugih, utawa simbol HB VII bisa ditemoni aneng gapura

kraton wetan (saiki dadi perpustakaan Widyabudaya),

prasasti sisih kidul Tugu Yogyakarta, lan ing salah sijining

rampadan Sultan.

Ing mangsane HB VIII, praja cihna sing resmi tekan

saiki isa diweruhi karo warga masyarakat kabeh

sejatine digawe karo KRT Jayadipura salah sawijining

mantu dalem (mantu raja). Jayadipura pikantuk pakurmatan

sakperlu ngreka saben simbol sing ana ing

praja cihna. Gambar wiwitan saka pralambang karaton

ana ing Bangsal Manis. Bagean makutha kang

ana ing sisih nduwure pralambang HB VIII ora beda

karo kang diagem HB VII kanggo mratandhani pamugaraning

tugu. Sabanjure wujude diganti saperlu

didandani nganti kaya saiki iki. Gantine wujud praja

cihna pisanan isa disekseni ana ing nduwure Regol

Manikantaya, banjur ana ing nduwure panutup Bangsal

Manis. Sawise digonta-ganti kaping pirang-pirang,

praja cihna dadi kaya saiki, kang resmi mratandhani

Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat.

Bagean-bagean kang mujudke Praja Cihna

Saben bagean kang mujudake praja cihna nduweni

mangsud lan teges miturut kawruh kawicaksanan.

Ing ngisor iki ana bagean-bagean kang mujudake

praja cihna, yaiku:

Songkok / Makutha

Ageman irah-irahan prajurit. Minangka pralambang

sipat satriya sarta cihnaning Nata.

Sumping

Ageman tancep talingan. Ceplik, lambange urip,

kayadene kembang srengenge. Godhong kluwih,

saka tembung “luwih”, duwe kaluwihan. Makara,

rasa dayane kanggo hanjaga rubeda, awit kuncarane

kraton

Praba

Gegambaraning paraga ingkang kinormatan sayekti

tumrap kapitayan Jawa Mataram.

Lar / Swiwi

swiwi Peksi, lambange gegayuhan inggil kayadene

sumundhul angkasa.

Tameng

Sanjata kanggo handanggulangi salira ing palagan.

Warni abrit, pralambang niat wanton jalaran hambela

gegayuhan leres tumrap bebrayan, ananging

mboya nilarake sipat waspada.

Seratan Ha Ba / Tulisan Ha Ba

Cihnaning Nata, bilih ingkang jumeneng enggeh

sesilih Hamengku Buwana. Asma puniku kebak wucalan

hadi luhung kacihna hamengku, hamangku,

sarta hamengkoni. Warna jene pralambang Agung

Binathara.

Sekar Padma / Kembang Padma

Sekar padma sesambetan kaliyan panggesangan

bilih samangke sedaya puniku ugi linambaran dhateng

gelare donya akhirat.

Sulur / Tanduran Sulur

Pralambang bilih panggesangan puniku lumampah

kalajengan kados gesange sulur mrambat

Pranatan migunakake Praja Cihna

Ing mangsane Sultan Hamengku Buwana VIII, kajaba

praja cihna uga ana cihnaning pribadi. Kabeh

kuwi wujude padha, nanging yen cihnaning pribadi

iku ana tambahan angka jawa kanggo tandha Sultan

kang jumeneng. Ing mangsane Sultan Hamengku

Buwana IX, sultan kang jumeneng ora nduweni cihnaning

pribadi. Ananging ana lelironan akehe lar

utawa swiwi kang wiwite cacahe ana wolu ganti

dadi sanga. Lelironan iki pinangka tandha nek Sultan

kang jumeneng iku raja kang kaping sanga. Ing

mangsane Sultan Hamengku Bawana X, uga ana

cihnaning pribadi. Simbol iku tau rineka aneng kertas

undangan kanggo pawiwahaning putri-putrine Ngarsa

Dalem.

Miturut pranatan Ngarsa Dalem ing tanggal 7

maret 1989, nerangake menawa panganggone

praja cihna kang warna abang mung kanggo institusi

keraton. Kalebu ing njerone ana pralambang

kop palayangan, bangunan, lan piranti rumah

tangga. Ananging, yen iku arep digunakake minangka

bros kang dipasang ing ageman peranakan

(klambi kanggo abdi dalem kang warnane biru)

ana aturan warna liya kang kudu dinut. Kango

abdi dalem kang kalebu kalenggahan jajar tekan

wedana pikantuk nganggo pralambang Haba werna

putih utawa silver. Dene abdi dalem kang kalebu

riya bupati warnane kuning utawa emas.

Babagan praja cihna iki uga isa diwaca meneh ing

sajroning website kratonjogja.id. Website resmi Karaton

Ngayogyakarta Hadiningrat kang dikemonah dening

Tepas Tandha Yekti. Ing website kuwi, masyarakat isa

nyocokke bab praja cihna seka sumber asline. Supaya

isa mbuktekke sakabehe kang tinulis, aja lali dolan

menyang kraton. Kowe kudu weruh dhewe apa bener

ana tandha kraton sadurunge tandha sik saiki. (ark)

TANGGAL 26 Maret tekan 18 April kalebu ing

Mangsa Kasepuluh neng penanggalan Jawa.

Sistem pranata mangsa iki ditemtokke seka

panggone srengege lan rembulan uga lintang-lintang.

Neng mangsa kasepuluh iki, nduweni

ciri-ciri, angin gedhe mara seka tenggara (kidul

wetan).

Angin kang kuat lan ajeg iku, nggawa banyu

udan sethithik, mretandhakke tekaning mangsa

udan wis mlebu pungkasane. Neng mangsa iki

uga, iso dititeni manuk-manuk padha angrem

neng petarangan, anak-anak manuk uga ana

sing wis netes. Kewan-kewan uga akeh sing

meteng. Pari-pari nguning mentes, pratandha

siap panen.

Candraning mangsa iki yaiku gedhong mineb

jroning kalbu, sing ngemu teges ana jiwa-jiwa

anyar sing kakendhut neng garbane para babon.

Kanggo manungsa sing lair neng mangsa iki,

umume nduweni watak ati kang teteg lan wani.

Nora gampang ngalah amerga nduweni

watak kaya dene prajurit, sing dhisiplin lan

teges. Rasa tanggungjawabe dhuwur marang

kaluwarga lan marang lingkungane. Sanadyan

watake atos, nanging manungsa kang lahir

neng mangsa iki uga duwe watak welas asih

lan ora wegah mbelani wong kang tinindhas.

Mangsa iki uga kasebut mangsa Mareng,

mangsa sing akeh gegayutane karo watak-watak

Resi Bisma. Mula gambaran wong kang

lahir neng mangsa iki patrep karo cirine Resi

Bisma, kang teges lan tatag atine, ora gampang

miyur.

Reresik Malioboro Selasa Wage

SABEN 35 dina pisan bakal ana fenomena

lan penampakan sing beda neng sakdawane

dalan Malioboro. Saben dina kuwi ora ana PKL

(Pedagang Kaki Lima) sing dodolan kaya dina

biyasane. Para PKL sing kalebu ana ing Komunitas

Paguyuban Pedagang Lesehan Malioboro

(KPPLM) padha sarujuk dinggo ‘prei’ lan ‘mrei’.

‘Prei’ dipilih adhedhasar kasepakatan lan dipilih

saben dina Selasa Wage. Pamilihing dina

kuwi manut pasaran Jawa iya ora tanpa alesan,

dina kasebut yaiku dina kang padha karo dina

Miyosipun Sultan Hamengkubuwana X. Saengga

bakal tambah cedhak antarane panguwasa

karo rakyate.

Kagiyatan sing dilakokake saben dina Selasa

Wage uga diwiwiti seka dina Senen bengi kang

padha rondha, lan dilanjutake resik-resik bareng

utawa massal saben esuke. Kagiyatan resik-resik

iki uga disengkuyung karo pengelola kebersihan

daerah Malioboro sing tentu wae

nggampangake pagaweane, kang utama

pengelolaan saluran banyu kang dadi kawigaten

sing utama, apa wae kang gayut karo

sampah, papan wisata saha kondhisi cuaca.

Nganti artikel iki ditulis, uwis kasil dilakokake

prei Selasa Wage kaping loro. Kagiyatan preinan

kaping loro iki diisi kanthi ngecet dalan

saha tembok sadawane dalan Malioboro.

Ketua paguyuban KPPLM, Sukidi mantep

tenan amarga kanca-kanca PKL ikhlas, ewadene

ngalami rugi omzet, sedina kurang luwih

Rp 1.000.000,- juta nganti Rp 1.500.000,- juta

Bab jodho

Miturut penanggalan Jawa, manungsa kang

lahir neng mangsa kasepuluh nduweni jodho

wong kang lahir ing mangsa Karo (3 Agustus

- 25 Agustus), Kanem (10 November - 22 Desember)

utawa karo sing sapadha-padha Kasepuluh.

Petungan jodho iki didhasarake seka

watak-watak sing sakora-orane cocok lan ora

bakal nuwuhake masalah ing tembe mburine,

sanadyan kabeh kuwi sejatine bali neng awake

dhewe-dhewe.

Mangsa sing pas dinggo mancing

Kanggo nelayan lan sapa wae sing arep golek

iwak, mangsa kasepuluh iku mangsane akeh-akehe

iwak Bawal Ireng. Sak liyane iku, iwak kang

uga bakal akeh tinemu neng mangsa iki yaiku

tuna, tongkol, kakap, cakalang, pari, lan manyung.

Senajan ora akeh kayata bawal ireng,

nanging iwak-iwak kuwi mau uga isih kalebu

gampang ditemokne neng mangsa iki. (lantip)

foto dening: Arya Suksma

toko-toko padha tutup, pkl padha prei, trotoar dadi katon resik lan jembar

amarga pancen uwis diputuske lan ditetapke

seka dhasar musyawarah bareng-bareng. Kaputusan

iki digawe amarga para pedagang

uga kepingin Malioboro leren saha ketok beda

seka adat biyasane.

Wali kota Yogyakarta, Haryadi Suyuti paring

apresiasi marang para pedagang kang legawa

prei anggone bebakulan, saengga pengelola

kabersihan duwe wektu saha kasempatan kang

luwih seka biyasane. Miturute, para pengunjung

uga bisa ngrasakake swasana anyar saha beda

nalika dina Selasa Wage. Para pengunjung utawa

wisatawan bisa penak saha luwes anggone foto

tanpa ana gangguan pedagang utawa wong

bakul sliwar sliwer.

Citra Malioboro saiki tambah kuwat nalika

Malioboro dadi cermin ibukota provinsi DIY.

Ananging, temtu preinan Selasa Wage diharapke

bakal tambah regeng karo anane kagiyatan

masyarakat utawa komunitas kesenian

kang ngregengake Malioboro. Preinan iki uga

dipangajabke bakal terus lanjut tekane Selasa

Wage kang badhe dhateng.

Menika perlune ndadekake Malioboro kanggo

inspirator mlligine papan-papan pariwisata

kang notabene duwe penggemar kang bakal

mesthi setya mara ing Malioboro.

Dening:

Berty Istijabah Putri

Mahasiswa Pendidikan

Bahasa Daerah (Jawa) UNY


09 Kuliner

Krenyos, menu rahasia

sate klathak sing

enake kebangeten

sate klathak Mak Adi

wetan pom bensin jalan imogiri

sakdurunge prapatan Jejeran nek seka lor

“AWALE niku wonten cah-cah enom langganan

dha nongkrong ten riki mas, dugi dalu,

sok dhong punjul jam 12. Rombongan niku

bar klathake, kicike pun dha telas dimaem,

nanging taksih dha pingin ngobrol-ngobrol

lan nongkrong. Lajeng wonten sing iseng

ngengken ngirisi lan nggorengke gajih, ajeng

digadho ngge tambul ngobrol,” ngono jare

bakule sate sinambi ngepeti anglo.

Nek ngomongke sate klathak, wis meh

kabeh uwong ngerti. Saya meneh ing jaman

media sosial iki, kuliner Jogja, mligine sate

klathak ‘naik daun’, dadi salah sijining

andalan wisata. Ing sakubenge Pasar Jejeran,

dalan Imogiri wetan, akeh banget

madeg warung sate, lan wilayah kono

kondhang jejuluk ‘ibu kota sate kambing’.

Sebut wae warung sing wis kondhang kaya

ta Pak Bari, Pak Pong, Pak Jupaeni lan

sakpanunggale.

Nanging sakliyane sate klathak, ana menu

idola anyar. ‘Hidden menu’ iki jenenge

krenyos. Nek neng liyan papan kadhang

diarani krengseng utawa grabyas. Gajih

wedhus (sing adate dadi ‘limbah’ sate)

dibumboni bawang uyah banjur digoreng

garing.

Nek isih panas dicokot kemrenyos, amarga

njabane garing nanging njerone nggajih.

Warung sing adol menu krenyos iki

mung warung Mak Adi. Prenahe sakwetane

pom bensin dalan Imogiri, lor prapatan

Jejeran.

Mak Adi iki wis bukak warung sate wedhus

wiwit taun 1993. Akeh sing padha

ngira nek Mak Adi kuwi wanita, amarga

jenenge nganggo ‘mak’. Nanging jebulane

ukara ‘mak’ kuwi jebul seka Basa Madura

‘ramak’ sing artine bapak. Ramak Adi, utawa

bapak Adi.

Kamangka Pak Adi dudu asli Madura,

nanging jeneng Mak Adi kuwi jeneng parabane

Pak Adi. Saiki sing ngurusi warunge

putrane, Mas Hendy (23). Warunge Mak

Adi sedina isa ngentekne wedhus cacahe

telu. Nek kulakan wedhus enom umuran

limang sasinan nganti tekan Magelang,

banjur dibeleh bareng-bareng karo para

bakul klathak ing Jejeran, sing jebule isih

pada ketalen paseduluran, utawa sakgotrah.

Sing dodolan krenyos

mung Mak Adi

Wiwitane menu krenyos, jarene lagi enem

sasinan iki akeh sing padha pesen krenyos.

Nanging warung sate klathak liyane durung

padha dodol menu iki. Mbok menawa durung

ngerti utawa wegah gawe, mergane

proses masak krenyos kuwi suwe. Gajih

kudu digoreng nganti garing tenan, dadi

rada boros lenga.

Nanging warung Mak Adi wis mulai kulina

ngladeni pesenan krenyos iki. Cah-cah

enom saiki akeh sing padha pesen krenyos,

banjur difoto lan diupload neng sosmed.

Nanging kudu ati-ati kanggo sapa wae sing

duwe alergi lan pantangan kolesterol,

amarga krenyos iki bahan baku utamane

yaiku gajih, kolesterole dhuwur banget!

Mangga, nek pingin menu alternatip liyane

sate klathak, tongseng, thengkleng,

gule, isa njajal menu anyar favorit iki. Dijamin

mak nyos! (pal)

Warung wedangan mruput Pak Pur

Wis ana kit jaman agresi militer

TAU ngalami durung, esuk-esuk jam 4an dumadakan

pengin thethek sinambi wedangan? Biasane pas jamjam

sakmono kuwi wis rada angel nemu warung

wedangan sing isih bukak tur pepak. Arep neng lesehan,

bakule wis tata-tata nggulung klasa lesehan,

siyap-siyap arep tutup. Mangkat angkringan, biyasane

ya wis meh tutup nek ra malah gerobake wis disurung

digawa bali. Arep mampir warung burjo sing 24 jam

bukak, biyasane wedang tehe kurang mantep. Nek

disruput kurang marakke kemepyar neng sirah.

Eh ndilalah 3-4 sasi kepungkur, sawijining kanca ngandhani

nek neng daerah kidul Pojok Beteng Kulon ana

warung wedangan sing mulai bukak jam 3 isuk. Papan

persise neng Jalan Bantul, wetan dalan, persis neng kidule

gapura greja Pugeran, tutupan tenda terpal biru.

Karo sing nduwe, warung iki ora dijenengi. Nanging

wong-wong sing sok mampir kene weneh jeneng

dhewe-dhewe. Ana sing njenengi Warung Teh Dekok,

ana sing Wedangan Pak Pur, ana uga sing wenehi

jeneng Angkringan Pak Pur ra ketang nek disawang

seka tampilane, blas ora memper angkringan mergane

ra ana gerobage lan ra ana ceret telu nangkring

neng meja. Nek misale tetep ana sing ngeyel nek iki

kaya angkringan, paling-paling merga tenda terpal

sing dadi tutup warung iku.

Wedang teh sing disuguhke ing warung iki ya beda

karo teh sing disuguhke neng warung angkringan

biyasa. Nek neng warung angkringan, biasane teh sing

kenthel banget wis disiapke neng ceret blirik ukuran

tanggung. Nek ana sing pesen wedang teh, bakule

bakal ngilingke teh kenthel seka ceret blirik kuwi sithik,

bar kuwi dicuri nganggo jarang nganti kebak.

Nah nek neng warung wedangan Pak Pur iki, rada

beda. Mergane gelase ora gelas dhuwur ning gelas

blimbing sing luwih cendhek, tur isih ditambahi cangkir

blirik cilik sing isine teh godhong sak gagange terus

digrujuk banyu panas mongah-mongah, komplit karo

saringane. Gunane cangkir blirik cilik iki nggo ngejogi

teh neng gelas blimbing.

Miturut Mas Warsono lan Mbak Ranti sing isuk-isuk

wis tata-tata mbukak warung wedangan iki, biasane

jam telu isuk warunge iki wis bukak, nek arep ngeteh

apa ngopi wis siyap. Nanging umpamane pengin ngicipi

sega wungkus lan jajanan liyane, kudu sabar ngenteni

sedhilit mergane sega lan jajanan nembe teka

jam setengah papat isuk. Ing atase le bukak jam semana,

nanging wong-wong sing jajan ya wis akeh lan

sansaya rame bebarengan karo njedule srengenge.

“Meh kabeh wong sing wedangan neng warung iki

podho kenal lan guyub. Yen ngobrol, bab sing dibahas

wong-wong sing wedangan ya maneka warna, wiwit sing

abot-abot nganti bab gojegan ndagel. Sing penting ora

SARA.” Pak Suryono, salah sijining pelanggan nerangke.

Arang banget nemu pengunjung warung iki sing

mung meneng wae uthak-uthek handphone kaya ning

panggon wedangan umume jaman saiki. Kabeh ngobrol

srawung karo kanca-kanca lan bakule.

Mas Warsono njelaske kit mbiyen warung wedangan

iki mulai bukake ya jam semono kuwi, persis sakdurunge

jam-jam bakul-bakul menyang pasar. Dadi biasane

bakul-bakul kuwi mampir sedhilit nggo wedangan

sakdurunge tekan pasar.

Sing marakke kaget, warung iki mulai dodolan wedangan

nggo bakul-bakul kuwi ora kit 10 opo 20 taun kepungkur,

nanging luwih suwi seka kuwi. Pak Pur, sing

pertama mbukak warung wedangan iki, jebul le miwiti

wis kawit suwi banget.

“Pokmen pas agresi militer, Bapak sampun sadeyan

wedangan ten riki. Yuswane jaman semana kira-kira

15 taunan.” jare Mas Warsono. “Jaman kuwi dalan

aspal ngarep iki isih pasir, kulone isih ana ril sepur

arah Palbapang.” sambunge.

Awal bukak mbiyen, jelas bentuke durung kaya saiki.

Jaman semono Pak Pur le dodolan isih nganggo pikulan

seka ngomahe daerah Jalan Wates, terus mbukak

dagangane neng papan sing padha karo warung sing

saiki.

Sansaya tambah taun, usaha Pak Pur saiki diteruske

karo keturunane. Pikulan wis diganti meja lan bangku

antarane taun 70-an. Wong-wong sing wedangan neng

kene luwih nyaman tur le ngobrol luwih penak. Ora

mung bakule sing turun-tinurun, sing tuku ya ana sing

turun-tinurun.

Warung wedangan sing bukak tekan jam 5 sore utawa

nganti sakentekke dagangane iki, para pelanggane

sesasi pisan sok-sok iguh dhewe nggawe acara musik

elektunan neng kene. Biasane le mulai bar jam 12 awan

nganti sak kesele.

Piye, kapan arep nyoba warung wedangan teh mruput

iki? (iwn)

JAMU WATUK ING

SERAT CENTHINI

Tulisane neng naskah:

Jampi watuk datan medal riyakipun

Sunthi lawan ayot gondarosa kresna

Toyaning jram lilang pinipis uyupna

Jamu kanggo watuk

sing ora metu riyake

Bahan :

Sunthi (jae sing ukurane luwih cilik, luwih

pedhes tinimbang jae adate)

Oyot Gandarosa ireng

Banyu jeruk linglang (jeruk purut)

Kabeh kuwi mau didheplok alus

banjur diunjuk

JAMU OBAT MUMET ING

SERAT CENTHINI

Tulisane neng naskah:

Jampi puyeng pulasari kapulaga

Myang kemukus tuwin bawang

sawatara

Pinipisa lajeng inguyup kewala

Jamu tamba mumet

Bahan :

Pulasari, kapulaga, kemukus, bawang

Kabeh bahan didheplok

banjur diunjuk


10

Seloka

Wong Jawa, utamane wong

Jogja, paling seneng nggawe

ukara kang kebak pasemon. Yen

tinemu ana kalimat Basa Jawa,

kerep-kerepe ora bisa dimaknani

kanthi lugu mbluju, kudu digoleki

makna nang sewaliking ukara.

Salah siji bentuke yaiku seloka,

tetembungan utawa unen-unen

kang nduweni makna kang jeru

ananging diwujudake ana ing

kalimat kang singkat lan padhet.

“Jaman iku owah gingsir”

Seloka iki ngemu makna sing uga

ngelingake menawa ora ana kang abadi ing

ndonya iki. Owah-owahan kuwi mesthi ana.

Sing tuwa mati, sing enom bakal dadi tuwa,

lan sak piturute. Semono uga ana ing

babagan bandha, wis mesti wae ana owah

gingsire. Mbuh kuwi sing barange dadi elek,

utawa regane sing malah bakale malih.

Wektu uga tansah mlayu, ora tau mandheg.

Mangsa uga gonta-ganti sakbendinane.

Semana uga laku lampahe manungsa, ora

ana sing isa ngerti apa kang bakalan tinemu

ing tembe mburi. Sing sugih magrong-magrong,

bola-bali mlebu tv, nang ndi wae

numpak mobil, eh lha kok kecokot KPK,

banjur bubar kabeh bandhane. Jabatan

utawa kuwasa uga ora abadi, sing saiki

jabatane dhuwur isa wae mak bedunduk

dilorod, apa malah dicuthat. Sing saiki

kondhang kawentar, isa wae dadi ilang ra

krungu meneh kabare.

Saloka iki intine dadi pasinaon kanggo

kabeh supaya luwih ngati-ati, sadhar dhiri

lan waspada.

“Yitna yuwana, lena kena”

Seloka iki saka tembung yitna (prayitna)

kang ateges eling lan ngati-ati, yuwana

tegese menang utawa slamet. Dadi artine

yaiku ngati-ati (bakal) slamet, lena (bakale)

kena. Intine yaiku nek kepingin uripe slamet,

kudu nduweni sikap kang eling, waspada lan

ngati-ati ing solahe.

Sikap ngati-ati iki maknane jembar banget.

Saka babagan sedherhana kayata mateni

lampu yen arep lunga, niliki kompor

sakdurunge ninggal omah, tekan babagan

ngati-ati anggone ngemonah layang kabar.

Nek dhewe oleh informasi sing sipate

ngrugekne liyan, utawa kang sajak

mbanget-mbangetke, aja langsung gampang

percaya, apa maneh malah nyebar nang

ndi-ndi karo ditambahi “ndak ho oh?”, mergo

yen kabar iku jebule hoax, dhewe isa kalebu

wong kang nyebarake, lan saiki isa kena

undang-undang. Mula sing ngati-ati, golek

informasi pembanding saka ngendi wae; isa

takon marang sing ahli, isa uga golek

informasi seka googling. Kabeh iki murih

beciking uripe dhewe, uga murih tentreming

atine sedulur-sedulure dhewe kabeh.

(lantip)

Dhemit biyung tulung

NGOMONGKE babagan urban legend sing

nyritakke dhemit utawa jagat lelembut, Yogya

nduwe pirang-pirang. Kaya ta drumband setan

saben subuh sing mung krungu swarane thok

tanpa ana wujude; Mbak Yayuk lelembut Fakultas

Ekonomi UGM sing gawene njedul neng

ruang kelas; lan sing keri dewe nganti dadi trending

topik kaskus, Keluarga Tak Kasat Mata.

Nanging iki ana tambahan crita urban legend

lawas sing mbok menawa durung patiya populer.

Jenenge Dhemit Biyung Tulung.

Kocap kacarita, Dhemit Biyung Tulung iki manggon

neng bekas plengkung Madyasura. Jaman semana

ana lima plengkung ing sakubenge beteng

kraton Yogya, saiki sing isih wutuh mung kari

loro plengkung Nirbaya (Gading) lan plengkung

Tarunasura (Wijilan). Plengkung sing wis dimbrukke

yaiku plengkung Jagabaya (prapatan

Tamansari), plengkung Jagasura (prapatan Kauman

/ Gerjen), lan plengkung Madyasura (Kulon

Purawisata). Plengkung sing kasebut keri dhewe

kuwi papan asale ana crita Dhemit Biyung Tulung.

Wiwit tanggal 23 Juni 1812 sakwise serangan

Inggris ing Kraton Yogya utawa Geger Sepei,

plengkung Madyasura ditutup lan diarani Plengkung

Buntet. Nalika jaman Hamengkubuwana

VIII, plengkung kuwi dibongkar lan diganti gapura

biyasa.

Miturut legenda utawa mitos sing ngrembaka

ing masyarakat kiwa tengene, saben wayah

surup krungu swara wong nanging ora wujud,

mbengok “...aduh...biyung...tulung.” Sakbanjur

kuwi lair ukara ‘Biyung Tulung’ kanggo ngarani

swara dhemit kuwi.

Salah sijining sumber nyritakke nek fenomena

Dhemit Biyung Tulung iki ana nalika Tentara

Pelajar lagi perang gerilya mungsuh Landa, tahun

1948-1949. Diturut seka sejarah, jare jaman

mbiyen kuwi ana bocah enom jenenge Kartipeya.

Bocah kuwi pancen nggantheng rupane nanging

senengane nggodhani para wanita ing kampung

kono. Pancen ndrawasi polahe bocah kuwi lan

gawe kuwatir warga merga meh saben dina ana

prawan sing digodhani. Para warga sing wis

padha ora jenak karo solah bawane Kartipeya

banjur golek cara ben bocah kuwi ora kurang

“HALO. Le, iki ana kabar lelayu. Pakdhe Sugi seda.

Disarekke sesuk jam 1 awan.” Bapak ngendika mau

liwat telpon bengi, jam 11 seprapat.

“Innalillahi. Aduh, pak. Benjang menika kula sedinten

mboten saged lunga pundi-pundi, wonten

tamu penting rawuh kantor.”

“Woalah. Ya wis ra papa, tapi nek isa saiki budhala

layat sakdurunge bali omah, ngaruhke budhemu

lan sedulur-sedulurmu.”

“Inggih, pak. Kula tak budhal sakniki.”

Daleme pakdhe Sugiyono sakjane ora patiya adoh

seka omahku, tapi kudu ngeliwati siji-sijine dalan

sing ana kuburanne. Kuburan iki wis kondhang singupe.

Saben sasi mesti ana kedadeyan wong sing

lewat diweruhi neng cedhak kuburan kui. Lewat

ngarepe wae wis mak sreng mambu menyan sing

disumet karo wong-wong sing ngalap berkah opo

njaluk slamet neng wit randhu alas gedhe ngarep

gapura kuburan. Ambune marai mrinding.

“Nderek langkung mbah, putune ajeng liwat.” Omongku

bisik-bisik karo mejet klakson motor ping 3.

Let sedhela aku wis tekan ndaleme pakdhe Sugiyono.

Rada ayem, tenda wis kepasang sak lampu

penerangane marai padhang njingglang. Lumayan

kanggo ngilangi pikiran ora penak amarga

liwat kuburan mau. Bapak-bapak tangga teparo

sing lagi ewuh nata kursi mung tak aruh-aruhi

seka kadohan amarga aku pengen langsung mlebu

omah nggoleki budhe Sugi. Mlebu omah wis

ana pethi jenazah putih neng ndhuwur meja cendhik.

Fotone pakdhe ya wis kepasang neng pigura

disendhekke pethi. Aku thingak-thinguk nggoleki

budhe tapi ora ketemu. Pikirku budhe lagi neng

kamar leren merga sayah, wong ya kelangan garwa

mesti rak ya ora kuat, butuh istirahat. Aku

mutusi tak sholat jenazah ndhisik wae, bar kui

lagi nggoleki budhe meneh.

Rampung wudhu aku langsung ngadek neng ngarep

pethine pakdhe, sholat jenazah dhewe. Lagi mulai niat

awakku wis ngerasa mrinding meneh, tapi sing saiki

ora patiya tak pikirke. Neng ngarepe pakdhene dhewe

mosok wedi, batinku.

ajar nghodhani para wanita meneh. Nanging

para warga uga ngerti nek Kartipeya kuwi duwe

kaluwihan kasekten.

Banjur ana sing ngonangi nek saben malem

jemuwah Kartipeya nenepi ing alas laku semedi

marang prewangane, yaiku Batari Durga. Sakliyane

aji katosan, Kartipeya uga duwe aji pengasih

sing marai wanodya gandrung paringane

Batari Durga wujude jimat pengasih ‘wulu kelek’

sing dibungkus kain putih. Lan uga paring sarat

nek ora kena tumindak asusila neng sakngisore

plengkung Madyasura. Nek sarat kuwi dilanggar,

Kartipeya bakal cilaka malah isa uga mati.

Para warga sing wis ngerti kaluwihane lan

pengapesane aji prewangane Kertipeya banjur

sowan marang wong ampuh, wong pinter, supaya

bisa nulak kasektene Kertipeya lan supaya piye

carane gawe bocah kuwi wirang banjur kapok

nglakoni tumindake sing ala. Dhukun kuwi mau

banjur menehi biting cacahe telu sing kudu diselehke

neng ngisor plengkung. Biting kuwi

ampuh pokoke bisa gawe Kertipeya lena lan

marani biting kuwi. Nanging dhukun iku uga

kandha nek Kertipeya cukup digawe wirang lan

kapok wae, aja dilarani apa meneh dipateni.

Nalika kuwi Kertipeya lagi gandrung marang

prawan ayu kembang kampung kono sing jenenge

Lagi wae takbir pisan, aku ngerasa dijawil pundakku.

Duh, apa iki. Wong lagi sholat kok ya ana sing

ngganggu. Pikiranku saya ora penak tapi tetep

neruske sholat karo merem. Pas takbir kepindho lha

njawile kok malah sansaya ndadi. Aku mulai keweden.

Apa aku kenunutan dhemit kuburan sing tak liwati

mau? Pikiranku wis ora jenak. Kringetku mulai metu

sak jagung-jagung tapi tetep tak niati neruske sholat.

Wis mulai maca Al Fatihah, wis ora ana sing

ngganggu meneh nganti aku rampung sholat jenazah.

Pas salam trakhir aku mengo kiwa, aku weruh

bapak-bapak sing mau nata kursi ngematke

aku seka njaba pintu. Rampungan sholat aku

banjur marani bapak-bapak kuwi.

“Nyuwun sewu, mas menika sinten nggih?” Salah

sijining bapak-bapak sing do ngumpul nakoni

aku.

“Nderek nepangaken kula Yadi, putranipun pak

Prayoto.”

“Pak Prayoto dusun Kendhangan sedherekipun

almarhum?”

“Inggih pak.” Jawabku karo rada ayem amarga

ana sing tepung karo bapak.

“Anu, dhik. Sepindhah malih kula nyuwun ngapunten.

Kula wau nggih njawil panjenengan pas sholat.”

Oalah, jebul sing njawil mau dudu lelembut, tapi

uwong tenan. Saya ayem, batinku.

“Kula jawil bola-bali panjenengan mboten mandheg

le sholat, nggih kula entosi mawon bibar sholat.”

“Wah, nyuwun ngapunten sanget, pak. Kula menawi

urusane sholat angel diganggu.” Omongku anggak.

“Lha niku, mboten napa-napa. Sakjane wau menika

badhe matur menawi panjenengan badhe sholat

jenazah katuran nengga kirang langkung sakjam

malih, amargi jenazahipun taksih wonten rumah

sakit, dereng dugi griya.”

Mak tratap atiku. Jebul aku sholat jenazah neng

ngarep pethi kosong, lha wong jenazahe pakdhe

durung ana. Pantes omahe isih sepi. Aku mung

isa mesam-mesem ngampet isin digeguyu karo

bapak-bapak mau. (vin)

Sukresthi. Para mudha lan para warga banjur

duwe niat kanggo njebak Kertipeya. Wis dadi

adate nek wayah bakda maghrib Kertipeya mesthi

nggodhani prawan. Bengi kuwi kaya sing wis

dikarepke warga, Kertipeya kepancing ngglandhang

Sukresthi neng ngisor plengkung (sing wis

diwenehi biting seka dhukun) tumindak asusila.

Mbasan tekan ngisor plengkung biting telu kuwi

mau rumangsane Kertipeya dadi ula, bocahe

kaget lan kasektene ilang sakkal. Merga nglanggar

sarat ora kena tumindak asusila ing ngisor

plengkung.

Para mudha sing wis pancen adhang-adhang

banjur ngroyok Kertipeya. Ndilalah ana salah

sijining bocah enom sing panas ati merga cemburu

marang Kertipeya lan Sukresthi banjur gawe

ada-ada marang warga supaya Kertipeya dipateni.

Wayah kuwi Kertipeya bengok-bengok

“biyuuuung....tuluuuuung...biyuuuung tuluuung...”.

Swara jeriting Kartipeya kuwi sing

banjur kadhang krungu ing sakubenge plengkung

utawa gapura Madyasura jaman mbiyen.

Bejane saiki kahanan neng sakiwa tengene

plengkung Madyasura wis rame kendaraan lan

padhet warga, dadi swara dhemit biyung tulung

kuwi wis ora tau krungu meneh. (pal)

Cerita Serem

Gara-gara kuburan angker

foto: unikarea.blogspot.com


11

Medsos utawa medprok?

MEDIA sosial utawa uga siningkat medsos ing dina-dina

kang mutakhir iki wus dadi kalumrahan kang ora

bisa pinisahake saka urip lan kegiatane kabeh wong.

Nalika kabar globalisasi kesebar ing laladan jagad, para

winasis percaya yen iki bakal dadi pratanda becik

kanggo sesrawungane para manungsa ing alam donya.

Kanthi pengarep-arep becik globalisasi bisa ‘nyempitke

jagad saengga karengkuh ing kepelan tangan’. Apa

bisa mawujud karep sing mokal ngono kuwi?

Ing antarane perkara piranti globalisasi kuwi mau

banjur ana pawongan aing jenenge Mark Zuckerberg,

Jan Koum, utawa para pawongan liyane kang bisa mujudake

impen ‘rinengkuhe jagad ing pucuk ing driji’.

Kekarone bisa mujudake media komunikasi sosial kang

sinebut Facebook lan WhatsApp (ing sajabaning conto

loro kuwi mau para maos bisa nambahi dhewe). Wong

ora perlu ketemu yen ta arep ngobrol. Akeh fasilitas

media sosial sing bisa nyranani. Apa perkara iki tememen

bisa mujudake semangat ‘connecting with people’s?’.

Kanggone saperangan masyarakat maju mbok menawa

mangkono, ananging ana ing Indonesia perkara kuwi

nuwuhake perkara anyar liane. Perkara apa?

Media sosial utawa kasebut medsos pranyata ora kaya

sebutane. Medsos kanyatane nuwuhake watak ‘anti-sosial’.

Kekudhung ukara ‘connecting with people’s’ ngeruh-ruhi

kanca adoh ananging sing cedhak wae ditilapke.

Ora gumun yen ana wong lima kumpul ananging

meneng-menengan jalaran kabeh pada ‘nggenggem

jagad’ ing drijine dewe. Apa nyambi sapa, utawa sapa

nyambi apa dadi ora cetha.

Emane maneh, perkara kang digelar digulung ing

drijine dhewe-dhewe kuwi mau ya mbok menawa durung

karuwan temanja. Ora kok lagi maca informasi kang

wigati, malah kepara ngikik dhewe jalaran gojek beregu

utawa chat group. Durung maneh pranyata medsos uga

dadi undering perkara kang nuwuhake padudon rame

ora sembada.

Medsos ora ateges ‘otomatis’ bisa njembarke sesrawungan

sosial. Kepara malah dadi medprok ‘alias’

media ndeprok. Kaya-kaya tekan ngendi-endi ning sakjane

ya pancen ora nang ngendi-endi. Pancen bener

kandane para pendekar buntas ing kawruh kae, yen

barang kuwi gumantung sapa sing nyekel.

Pisau komando bisa kanggo ngonceki brambang, nanging

lading pawon isa uga munthes uripe wong. Dibutuhke

wong kang mangerti cara kanggo ngemonah

sawijining piranti supaya maedahi ing liyan lan kapribadene

dhewe.

Sumangga para maos. Iwak sepat jenang gula. Wonten

lepat nyuwun ngapura. Rahayu!

Whani Dharmawan

Aktor, Sutradara, Penulis

Keris, barang kang mlungker, ora kena nggo ngiris

Keris utawa dhuwung kuwi kalebu

senjata asli seka nuswantara. Ana

akeh teori sing mbahas babagan

keris iki, akeh-akehe seka peneliti

njaba, kayata G.B. Gardner, Griffith

Wilkens, uga A.J. Barnet Kampers.

Peneliti seka Indonesia uga ana,

ananging jeneng-jeneng kae mau

sing akeh disebut nek ngomongke

babagan keris. Kena ngapa kok

wong njaba iku sajak penasaran karo

keris? Ya merga keris kuwi pancen

istimewa.

NENG sejarah Perang Salib disebutke ana pedang

Damaskus. Pedang sing nduweni pamor kaya keris

Jawa. Perangan sing njalari para ahli gegaman

sakdonya kepingin banget arep ngerti apa kuwi

keris. Tome Pires, penjelajah seka Portugis, nyathet

antarane taun 1512 - 1515, bangsa India jebul ngimport

keris seka Jawa. Kamangka peneliti Pedang Damaskus

nyebutke menawa pedang kuwi digawe utawa paling

ora teknologine njupuk seka India. Kan ya wajar ta

nek peneliti asing dadi penasaran, lha wong Pedang

Damaskus ki tekan saiki iseh dadi misteri asal-usule.

Mbalik meneh ning bab keris. Para peneliti mau,

rata-rata nyebutake cara-carane gawe keris Jawa

iku teknologi seka njaba. Kamangka keris iku malah

rata-rata seka pedhalaman. Wujude keris uga isa

ditemokke neng relief-relief candi kayata Borobudur

lan Sukuh. Dadi miturute penulis, teori kabeh kae

baul. Prasasti neng Desa Dakuwu, Grabag, Magelang

wae wis ana wujud gambar gaman kaya keris. Menawa

ditutut taun prasastine, kecathet taun 500 Masehi.

Apa ra gawe bingung?

Ora masalah, sing penting para ahli kae mau padha

sarujuk, menawa keris neng nuswantara iki kabeh

sejarahe seka Jawa. Meneh-meneh, keris sing ana

neng tangga negara kaya Malaysia, Brunei, Filipina

lan sakpiturute kabeh saka Jawa. Mula ing taun

2005, badan PBB UNESCO netepake Keris Indonesia

dadi salah sijining intangible heritage of humanity.

Tegese keris lan teknologi kanggo nggawene diakoni

dadi warisan budaya.

Mula-bukane keris ing sejarah tanah Jawa

Katulis ing serat lan babad, uga cathetan leluhur,

keris neng Jawa ora mung dadi gaman, nanging

kerep diarani Sipat Kandel. Sipat iki tegese keris

iku barang aji nggawa kadigdayan kanggo sing

nduwe. Sakliyane kuwi, keris uga isa dadi pralambang

drajat sosiale wong sing nganggo.

Miturut crita legenda Ajisaka, keris kuwi dadi inti

utamaning crita. Ajisaka yaiku bangsawan sing

nduweni abdi loro cacahe, jenenge Dora lan Sembada.

Nalika lunga, Ajisaka nitipke keris marang Sembada.

Abdine Dora sing ndherekke neng tengah dalan

dikon njupuk keris mau. Kamangka Ajisaka wis

prentah marang Sembada aja wani-wani ngenehke

keris marang wong liya, nek dudu Ajisaka dhewe

sing njupuk. Cekaking crita, Dora lan Sembada

banjur adu kasekten. Loro-lorone kepaten, ora ana

sing menang utawa kalah. Ajisaka sedhih banjur

ngrapal ‘hana caraka, data sawala, padha jayanya,

maga bathanga’ sing tegese ana loro utusan, padha

adu kasekten, padha digdayane, banjur padha matine.

Crita keris uga ditemoni ning Kitab Pararaton,

jeneng Keris Mpu Gandring. Critakke Ken Arok mesen

gawe keris neng Mpu Gandring kanggo mateni

Tunggul Ametung. Wilahe pancen wis dadi, nanging

gagange durung. Ken Arok sing wis ora sranta milih

ngrebut seka Mpu Gandring. Cilakane, mpu mau

malah melu dipateni nganggo keris gaweane dhewe.

Sakdurunge mati, Mpu Gandring nyupatani keris

mau bakal dadi cilakane Ken Arok sak anak-putune.

Cekaking crita, keris mau banjur njalari matine Tunggul

Ametung, Kebo Ijo, Ken Arok, Anusapati, Tohjaya,

tekan Ranggawuni. Obah lakune keris iki uga anyekseni

lahire kraton Singasari.

Dene ing jaman Majapahit, keris uga dadi gaman

bebaya. Raja Jayanegara mati merga kerise Ra

Tancha. Ra Tancha banjur dipateni dening Patih

Gajahmada. Amarga kuwi Prabu Hayam Wuruk

munggah dadi raja Majapahit.

Mlebu neng pungkasane jaman Majapahit, akeh

mpu keris kang ngrasuk Agama Islam, merga para

wali, salah sijine Ki Supa. Ki Supa rabi karo Dewi

Rasawulan, sedulur seka Sunan Kalijaga sakwise

ngrasuk Islam. Ngerti sedulure mpu keris, Sunan

Kalijaga banjur pesen keris marang Ki Supa lan

diwenehi jeneng Kyai Sengkelat merga warnane

abang. Dicritakke keris iku sakti, isa mabur lan

ngrampungi pageblug. Keris Kyai Sengkelat saiki

dadi pusaka sing sumare neng Kraton Jogja.

Neng tlatah Melayu babagan keris ana ing sajroning

crita Hikayat Hang Tuah. Dicritakake Raja Malaka

kepingin rabi karo putri Majapahit, Raden Galuh.

Raja kuwi banjur utusan marang Hang Tuah kanggo

nglamar sang putri. Majapahit ora nglilakke Raden

Galuh, banjur malah Hang Tuah arep dipateni. Hang

Tuah sing sekti banjur nyamar dadi kewan, lan temtu

ora isa dikalahake dening prajurit biasa. Dheweke

banjur kuwalahan nalika adu arep karo prajurit sing

nduweni pusaka keris Taming Sari. Hang Tuah bacute

menang sakwise kasil ngapusi lan ngrebut keris

Taming Sari.

Nalika jaman Demak Islam crita keris beda meneh.

Ing jaman iki, Pangeran Sekar Seda Lepen mati

merga disuduk keris seka mburi sakwise dheweke

sholat jumat. Sing nyuduk yaiku prajurit utusane

Raden Mukmin (Sunan Prawata) anake Sultan

Trenggana, putrane Raden Patah sik nomer loro.

Putra Pangeran Sekar Seda Lepen, Arya Penangsang,

ora trima. Adipati Jipang murid kinasihe Sunan Kudus

banjur males dhendham. Rikala Sunan Prawata lagi

lara, teturon ning pangkone permaisuri, prajurit

utusan Arya Penangsang mlebu banjur nyudhuk

nganggo keris. Keris iku nembus dhadhane Sunan

Prawata tekan geger prameswarine. Sunan Prawata

sing sekarat, banjur nyaut kerise dhewe, Kyai Bethok,

terus diuncalake marang prajurit loro sing wis nusuk

dheweke. Prajurit kelaran iku banjur mati, semana

uga Sunan Prawata lan prameswarine.

Sakwise merjaya Sunan Prawata, Arya Penangsang

banjur nyerang Sunan Hadiri, adike Sunan Prawata.

Wektu kuwi, rombongan Sunan Hadiri lan garwane,

Ratu Kalinyamat, lagi bali seka Kudus. Jebulane

rombongan kuwi bali seka sowan Sunan Kudus

sakperlu nglaporake menawa Arya Penangsang

sing mateni Sunan Prawata. Ing tengah dalan,

rombongan dicegat dening prajurit-prajurit Arya

Penangsang. Sunan Hadiri mati ditusuk keris, nanging

begjane Ratu Kalinyamat kasil mlayu.

Sakwise mateni Sunan Hadiri, Arya Penangsang

banjur nyerbu Sultan Hadiwijaya (Jaka Tingkir),

mantune Sultan Trenggana, Adipati Pajang. Utusan

Arya Penangsang ora kasil merjaya Sultan Hadiwijaya

amarga Sultan Hadiwijaya kebal tapak paluning

pandhe. Saking sektine Sultan Hadiwijaya, prajuritprajurit

utusane Arya Penangsang malah kontal

sakwise nusukake keris. Mesthine Arya Penangsang

nesu merga prajurite kalah. Prajurit mau malah

padha dipateni dhewe karo Arya Penangsang

nganggo keris Kyai Brongot Setan Kober.

Pungkase, Arya Penangsang mati sakwise

tandhing karo Danang Sutawijaya, anake Ki

Gede Pemanahan. Dicritakake kerise Danang

Sutawijaya kasil nyuwek wetenge Arya

Penangsang, masiya Arya Penangsang ora

mati. Ususe sing mbrojol metu banjur ditalekake

ning keris Kyai Brongot Setan Kober sing isih

nyengkelit ning gegere. Saking sektine

muride Sunan Kudus kuwi isa ndhesek

Danang Sutawijaya. Cilakane

dhewe, Arya Penangsang

ora sranta selak

ndudut kerise, lali

nek ususe isih

nggubet

ning

rangkane. Pungkase, usus mau pedhot merga kerise

dewe, Arya Penangsang mati. Danang Sutawijaya

banjur diangkat dadi raja Mataram Islam lan entuk

sesebutan Panembahan Senapati.

Crita kang ngemu babagan keris iki terus ana

tekan jaman Mataram Islam, malah tekan jaman

Indonesia merdeka. Para penggedhe kayata Soekarno,

Sudirman, lan sak piturute, nduweni Sipat Kandel

awujud keris kang mesti digawa terus.

Ananging jaman kajayan para mpu keris yaiku ing

jamane Sultan Agung. Sultan Agung nduwe impen

isa nyawijekne Jawa. Kabeh wargane kudu nduweni

perangan kanggo perang, salah sijine keris. Ing

mangsa iku, kabeh wong nyengkelit keris ning

bangkekane. Ing jaman iki uga lair keris jinis anyar.

Wiwitan karo pembrontakane Adipati Pragola II ing

tlatah Pati, prajurit Mataram ora kasil naklukake

pembrontak kuwi. Dicritakake yen prajurit Pati

nduweni kasekten ora isa ditembus gaman, nanging

isa tinembus menawa gaman kuwi ngemu emas.

Mula banjur lair keris tinatah lan lapis emas. Keris

iku uga dadi hadhiyah kanggo sapa sing isa ngalahake

Pati. Keris sing paling kondhang kanggo hadhiyah

wektu iku jenenge keris Gajah Singa.

Nek diturut babagan keris bakalan dhawa banget.

Ora liya merga keris wis nyawiji karo wong Jawa.

Keris akeh ilang sakwise jaman Daendels ngetokake

aturan babagan gaman. Ananging keris tetep isih

ana tekan saiki. Salah siji turunane mpu Supa

jaman Majapahit saiki dadi mpu kerise Kraton

Jogja, yaiku Mpu Sungkowo Harumbraja.

Semana ndhisik crita babagan keris. Tulisan

candhake mengko bakal cinarita kepiye niteni

jaman penggaweane keris seka tangguh lan pamore.

Setei cun! (lantip)


12

Bias gender tembung ‘pelakor’

Durung suwe, ana pirembugan

kang ndadekake rame neng

masyarakat yaiku kanthi

anane tembung ‘pelakor’

alias perebut laki-laki orang,

yen dijawake dadi wong

sing seneng ngrebut bojone

wong liya. Tembung iki dadi

rame banget dirembug neng

satengahing masyarakat.

Sejatine, kang dadi objek

‘pelakor’ neng kene dituduhake

marang wong wadon liya sing

seneng nggodha wong lanang

kang wis duwe bojo. Amarga

bojone sing lanang ora trima

ana wedokan liya banjur

nyebut wong wedok mau

kanthi sebutan pelakor kaya

mangkono.

Tembung pelakor kuwi ana merga saka kahanan

kang wis sansaya ruwet neng masyarakat. Akeh

wong sing padha tumindak sleweng. Wong lanang

kang wis padha duwe bojo kepencut marang wong

wedok liya neng njaba ngomah. Wong wadon sing

ngrasa kurang digatekake karo bojone uga wis padha

wani nyleweng. Wong lanang wadon sing wis padha

bebojoan ora sithik sing padha nyleweng. Jalarane

merga ngrasa kurang marem karo pasangane dhewedhewe.

Kahanan kaya mangkene iki sing njalari

tembung pelakor sansaya moncer neng ngendi wae

papan.

Saktemene, kurang trep yen sing disalahke njalari

anane crah neng sawijine bale wisma kuwi mung

wong wadon wae. Tembung pelakor sing ditujokake

kanggo para wong wadon kuwi kaya-kaya njalari

anane diskriminasi gender. Kudune yen ana ‘pelakor’

ana uga ‘pebinor’ (perebut bini orang), lanangan

sing seneng ngrebut bojone wong liya. Nanging,

stigma sing tumanjem neng masyarakat Indonesia

kuwi yen sebutan pelaku kuwi asipat aktif, dadi wong

wadon sing akeh disalahke. Dene, wong lanang

katon dadi korban (pasif) dadi ora patiya akeh disalahke.

Kudune, loro-lorone mau disalahke merga tumindak

sleweng mau dilakoni wong loro sing padha-padha

geleme, padha-padha duwe karep nyleweng. Dudu

mung wong wadon sing salah, wong lanang sing

duwe watek alami gampang kagodha wanita uga

perlu ditanjehake kanggo dituturi supaya sadhar yen

tumindake mau luput.

Sadurunge tembung pelakor dadi moncer neng

masyarakat, sejatine neng masyarakat Jawa wis

luwih dhisik dirembug babagan tumindak nyleweng

iki. Akeh tembang-tembang Jawa (tembang campursari

jaman modhern) kang ngrembug babagan kaya

ngono mau. Tuladhane tembang ‘Bojo Ketikung’

kang wiwitane ditembangke grup NDX AKA lan saiki

kerep ditembangke artis kang lagi wae kondhang

yaiku Via Vallen. Mangkene pethikan cakepan tembang

mau.

Jangan apa, jangan kangkung,

Tempe apa, tempe kara,

Ngapa kok bingung, bojoku ditikung,

Lapa kok bingung, ra lapa lapa

Aku ra nyangka kowe tega karo kanca,

Jarene kanca kenthel, bojoku tok sleding tekel,

Apa ra ana lanang liya sing seneng kowe,

Nganti kowe nikung bojone kanca dhewe,

Heee kowe kancaku sing jarene cs-ku

Nanging nyatane ning mburi kok kowe kaya pabu,

Mbribik nikung nyiak bojone kanca dhewe,

Ora mikir kancane tumindak sak karepe,

Isi tembang iki nyritakake uneg-unege wong wadon

sing bojone ditikung kancane dhewe. Atine kecuwa

banget merga tali kekancan sing wis dilakoni jebul

ora tulus. Dheweke gelem kekancan merga duwe

karep pengin ngrebut wong lanang sing wis duwe

bojo liya. Wong wedok kaya ngene iki padha karo

paribasan ‘estri candalem acukilem’. Tegese, wong

wedok kang pagaweyane nyolong. Tembung nyolong

neng kene bisa uga ditegesi nyolong bojone wong

liya. Temtu iki dudu pagaweyan sing becik merga

dheweke wis tumindak culika. Tanpa mikir apik orane

tumindake mau, neng tembe mburi malah kepara

bisa ngrugekake awake dhewe.

Pancen wiwitane wong nyleweng kuwi ora ana

sing ngerti. Kabeh ditindakake meneng-meneng

neng samburine wong liya. Nanging sing jenenge

bathang senajan disimpen rapet uga bakal mambu.

Prakara iki kaya dene unen-unen ‘aling-alingan katon’

(senajan selak saka sawijining prakara, ananging

konangan neng tembe mburi), utawa ‘durniti ganda

rasa’ (wong sing lelaku ala mesthi bakal konangan

dening wong liya). Kabeh tumindake manungsa, apik

ala ora ana sing bisa didhelike rapet dhewekan.

Samangsa-mangsa bakal konangan dening wong

liya. Mula, yen wis mangkono, dhewe kudu ngadohi

tumindak ala kaya dene sleweng karo wong liya sing

wis duwe bojo. Yen nganti crah anggone omah-omah,

sing dadi korban ora liya ya mung anake. Apa ya

mentala?

Nur Hanifah Insani

Hoax sajrone Bharatayuda

JAMAN saiki wong-wong lagi digawe umyek kanthi

anane ‘hoax’ utawa warta dora. Pawarta sing ora

bener iku sumebar lewat media sosial wiwit facebook,

twitter, utawa instagram. Korban warta dora iku wis

sepirang-pirang. Ana sing wis mlebu penjara amarga

nyebarake hoax. Ana maneh sing kudu urusan

karo polisi gara-gara hoax. Urip dadi ribet. Hawa

panas ngebaki suwasana atine para bebrayan. Para

winasis malah khawatir yen hoax bisa mbebayani

awit bisa mecah kerukunan lan manunggale

bangsa.

Apa hoax iku mung ana jaman saiki? Nyatane ora.

Yen gelem naliti jebul hoax iku wis tinemu sajrone

lakon Bharatayuda Jaya Binangun. Mesthi wae ing

lakon wayang Purwa iku ora disebut hoax. Sing

nggumunake kang nyebarake hoax dudu Kurawa,

nanging malah Pandhawa. Ing kamangka Pandhawa

kang unggul ing yuda iku sinebut satriya utama.

Perangan ngendi sing nuduhake yen hoax wis digunakake

kanggo strategi perang Bharata Yuda?

Saora-orane sumebare hoax bisa tinemu ing lakon

Durna Gugur lan Jayajarata Lena.

Ing lakon Durna Gugur, ing kono cinarita Dhahyang

Durna kang ngadeg minangka senapati perang wus

mandhegani wadyabala Kurawa. Pandhawa eram

mungguh kadigdayane Maha Guru Sokalima kuwi.

Kanggo ngalahake Senapati Kurawa iki, Pandhawa

banjur nyebarake warta yen anake lanang Begawan

Durna kang aran Aswatama mati. Krungu pawarta

anake lanang mati, Begawan Durna dadi kodheng

pikire. Dheweke enggal-enggal takon marang wongwong

kang katon ing sakiwa tengene pesanggrahan

kanggo nakyinake lamun Aswatama pancen wus

tumekeng pati. Yen cara saiki kang ditindakake

Begawan Durna iki lagi nindakake konfirmasi utawa

nakyinake bener lan orane pawarta mau.

Anehe sing ditakoni Begawan Durna malah para

Pandhawa kang wektu iku dadi mungsuhe. Anehe

maneh para Kurawa ora ngamping-ampingi Senapati

Agung kuwi. Nakula, Sadewa, Arjuna, lan Werkudara

kabeh ditakoni ngenani patine Aswatama.

Nanging kabeh wangsulan pancen bener yen Aswatama

wis tumekeng pati. Begawan Durna yakin yen

Pandhawa ora nate cidra apamaneh kabeh iku

mantan muride ing Padhepokan Sokalima. Begawan

Durna setengah ora percaya awit wis lumrah yen

para satriya iku gelem dora, cindra, lan apus-apus.

Dheweke banjur ngupadi pawongan paling jujur

sadonya yaiku Puntadewa, pambarepe Pandhawa

sing kapanggonan rah seta pratandha wong kang

ora nate cidra, dora, apadene apus krama.

Temenan dilakoni. Begawan Durna kelakon ketemu

Prabu Puntadewa ya Yudhistira kang kondhang

sinebut satriya kang memper brahmana jalaran ora

nate cidra. Bareng ditakoni apa bener Aswatama

wus tumekeng tiwas, Prabu Puntadewa ngendika

lamun Hestitama pancen wus prapteng lampus.

Hestitama genah beda karo Aswatama awit Hestitama

iku satemene jeneng gajah kang tinitihan

saweneh senapati pengamping wadya Kurawa.

Dhasar wus keladuk yuswa karomaneh pikirane

lagi kuwur tan mokal lamun ora cetha anggone

miyarsakake pangandikane Prabu Puntadewa, rumangsane

Aswatama ya anake lanang siji-sijine wis

diperjaya dening para Pandhawa.

Sanalika Begawan Durna entek atine. Ilang pangarep-arepe.

Lemes otot bebayune. Sirna daya kekuwatane.

Ing kahanan setengah kapidara kuwi,

Begawan Durna kudu andon yuda mungsuh Senapati

Pandhawa kang aran Trustha Jumena, mula

bisa dipesthekake Begawan Durna asor ing yuda.

Kanthi gampang wae Trustha Jumena merjaya Begawan

Durna. Tinigas jangga, Begawan Durna sigra

gugur ing pabaratan dadya banten Bharata Yuda

Jaya Binangun. Kalahe sang Senapati amarga kena

warta dora utawa hoax.

Crita angka loro kang nuduhake anane hoax ing

Bharatayuda yaiku gugure Jayajarata. Lakon iku

dumadi sawise lakon Abimanyu ranjab. Dene Abimanyu

kelakon diranjab gaman sewu iku mung saka

sumpahe dhewe kaya dicritakake ing lakon Kala

ilustrasi dening Antomatis

Bendana Lena. Biyen Satriya bagus iki nate dora

karo garwane Siti Sundari. Kanggo nutupi anggone

mangun bale somah karo Utari, dheweke sumpah

yen nyata dora muga-muga mbesuk matine dikrocok

gaman sewu. Dikabulke dewa mula Abimanyu matine

diranjab Kurawa kanthi gegaman cacah sewu.

Gugure Abimanyu iku ora wurung mahanani dukane

Raden Janaka. Dheweke sumpah yen sajrone

sedina ora bisa merjaya Jayajarata luwih becik

mati obong. Krungu sumpah sing kaya kuwi wadya

Kurawa sorak-sorak rumangsa entuk cara kanggo

merjaya Arjuna karana alus. Wiwit esuk umum-umun

Raden Jayajarata wis disingidake aneng sajerone

gedhong waja. Ana pakem sing nyritakake Jayajarata

didhelikake kanthi dikupengi prajurit Kurawa.

Wosing crita padha wae. Jayajarata disingidake

supaya wektune entek lan raden Arjuna kelakon

pati obong.

Meh wae Raden Janaka mati obong, nanging

Kresna wis duwe cara. Ing satengahe alun-alun

sacedhake gedhong waja kang kanggo sesingidan

Jayajaraya, para Pandhawa wus gawe tumpukan

kayu kang bakal kanggo pati obong. Nyedhaki serap

surya Punakawan kabyantu prajurit Pandhawa

nyebarake warta yen Janaka mati obong. Warta

dora iku disebarake rame-rame. Kabeh padha pating

brengok nyebut-nyebut Janaka mati obong. Janaka

mati obong. Janaka mati obong. Suwara-suwara

iku sesautan ngebaki papan kono. Krungu pambengoke

wong sepirang-pirang, Jayajarata sing

sesingidan aneng jero gedhong waja wis ora kuwat

maneh. Atine goreh. Kupinge gatel. Mripate pendirangan

selak nyumurupi gugure Janaka kang mati

obong. Notol rasane ati pengin nyumurupi kahanane

jaba, Jayajarata anguk-anguk jendhela gedhong

waja. Raden Arjuna kan wus nginceng wiwit mau

saka kadohan nyumurupi ana sirah kang angukanguk

cendhela gedhong waja. Panah sigra dilepasake

sakala tumama janggane Raden Jayajarata.

Jangga tugel mustaka gumlundhung. Sakala iku

uga Raden Jayajarata prapteng lampus.

Nyumurupi Raden Jayajarata gugur marga layu,

wong tuwane kang aran Resi Sepwani duka. Dhasare

wong kang suci cinaket ing dewa tan mokal

lamun kabeh pamintane disembadani. Resi Sepwani

sigra amuja semedi nyuwun kamurahane dewa

muga-muga Jayajarata bisa urip maneh. Kabul

pamintane Resi Sepwani. Mustakane Raden Jayajarata

sanalika bali urip. Sinandhangan keris pusaka

mustaka tanpa gembung iku ngamuk punggung

ing pabaratan. Wadya Pandhawa kocar kacir akeh

kang ketaman gegaman. Prabu Kresna terus utusan

Punakawan supaya nggegodha Resi Sepwani. Nalika

lagi maca mantra kang nyebut urip-urip-uripurip-urip

karo gedhek-gedhek mustakane sinambi

ngetung tasbih wong jenitri, Petruk nyebarake

warta yen Jayajarata mati-mati-mati-mati-mati. Saking

pintere Petruk, Resi Sepwani ketrucut pangandikane

nyebut tembung ‘mati’. Sakala iku uga

mustakane Raden Jayajarata tumekeng pati.

Lelakon kang cinarita ing peranganing Perang

Bharatayuda iku wis dadi conto nyata yen hoax

utawa warta dora mujudake saweneh strategi alus

kanggo ngalahake mungsuh. Sing nyebarake hoax

malah dudu Kurawa. Pandhawa kang asring sinebut

jejere satriya tama wae uga nggunakake hoax kanggo

ngalahake Kurawa. Kabukten yen Kurawa uga asor

ing yuda sawise ketaman hoax. Piye yen jaman

saiki? Hoax ora bisa diendhani minangka strategi

ngalahake mungsuh. Ora perlu nyalahake liyan.

Sing wigati kudu padha mawas dhiri. Wong perwira

mesthine ora nggunakake warta dora kanggo

ngrebut kemenangan.

Ki Sudadi,

Penulis Sastra & Budaya & guru SMP Negeri 1

Wadaslintang cumondhok ing Wadaslintang,

Wonosobo, Jawa Tengah


13

Dolanan

tradisional,

gerat-gerit

lancung

KAMPUNG Kedondong (uwong-uwong ngarani Kampung

Ndondong) klebu ana neng Padukuhan Sedono Desa Pundungsari

Kecamatan Semin Kabupaten Gunungkidul. Kampung iku uga

dikenal merga neng kampung iku ana Pesarean “Gedhong

Pulungsari”, yaiku Pesarean Putra Ngarsa Dalem Sri Sultan

Hamengkubuwono II. Putra Ngarsa Dalem Sri Sultan Hamengkubuwono

II ingkang sumare ana neng papan kana yaiku GRM. Sumadi (putra

kaping 53) lan GRAy. Sudarminah (putra kaping 59).

Warga masyarakat Kampung Kedondong saben dinane urip

saka asil tetanen. Ana pari organik, pari non-organik, jagung,

kacang, tela lan sakpanunggalane. Merga neng Kampung Kedondong

kuwi ana sumber banyu sing gedhe lan ora tau surut senajan

mangsa ketiga, dadine sawah-sawahe kecukupan banyu, tuwuh

subur lemu-lemu. Sakjrone setahun warga masyarakat bisa panen

ping telu, mulane taun 2017 Ngarsa Dalem Sri Sultan Hamengkubuwono

X rawuh ana neng Kampung Kedondong saperlu nyekseni anggone

panen raya pari.

Babagan kesenian lan kabudayan, warga masyarakat Kampung

Kedondong uga ora nglalekake. Upacara adat lan tradisi kaya

rasulan (Bersih Dusun), nyadran, wiwitan tandur, mitoni, sepasaran,

matang puluh, nyewu lan sakpanunggalane isih urip kanthi lestari.

Kesenian gejog lesung, hadroh/sholawat Jawa, seni karawitan

lan dolanan tradisional uga isih ana, diuri-uri lan dikembangake

dening warga masyarakat.

Salah sijine dolanan tradisional sing isih ana neng Kampung

Kedondong yaiku dolanan Gerit-Gerit Lancung. Miturut salah

sijining warga, yaiku Mbah Tuminah sing saiki yuswane kurang

luwih 80 taun, dolanan iku mbiyene tau dadi dolanan kang

misuwur. Saben wayah sore utawa padang bulan bocah-bocah

enom lan uwong tuwa padha dolanan Gerit-Gerit Lancung

bebarengan. Dolanan iku ora bisa dilakokke dhewekan, kudu

dilakokke wong telu utawa luwih.

Tata carane kurang luwih kaya ngene: tuladhane ana wong

sepuluh, salah siji kudu ana sing njaga karo nggawa watu cilik.

Wong sanga liyane lungguh mubeng, lan wong siji sing njaga

mau lungguh ana neng tengah-tengahe wong sanga mau. Karo

nembang lelagon bebarengan, tangane wong sing njaga nylempitake

watu neng salah siji tangane wong sanga mau. Lelagon sing

ditembangake kaya ngene:

Gerit-gerit lancung, sedalu dalu lancung

Sudak krompyong, sudak krompyong

Si krompyong tembe parane, parane mangetan kana

Enggok sempal gerojogan, sapa nggawa iku mau

Sing nggawa mesema ngguyu, ditakoni ora ngaku

Melerok kaya satruku, sir-sir pong dele kopong

Kocak-kacik sisil uwong

Yen wis ngono, wong sing njaga, sing lungguh ana neng tengah

ngenehi pitakonan karo salah sijining wong sanga sing lungguh

mubeng mau: “Watu cilik sing dakcekel mau saiki sing nggawa

sapa?” Karo ngenteni wangsulan seka wong sing ditakoni, liyane

nembangake lelagon kaya mangkene:

Salah kaprah busana

Kartinian kanggo bocah -

busana sabukwala

foto saking buku:

Busana Adat dan

Tata Rias

Tradisional Gaya

Yogyakarta.

Yogyakarta: Dinas

Kebudayaan DIY

Mbok Tumi entuk sekenthung, takledung sakota kate wana

Bayem raja donya, londer kelutana

Seblakana kelutana ndomble, kacang kawak temu kene

Rong-erong dudu sanak dudu kadhang, yen mati melu kelangan

Cara nggantung gunung

Wong sing ditakoni kudu wangsulan: “Sapa sing nggawa watu?”

Saumpama wangsulane luput wong kuwi mau entuk paukuman.

Ning saumpama wangsulane bener, wong sing nggawa watu

sing entuk paukuman. Paukumane isa kanthi nembang, sesorah,

macapat lan liya-liyane.

Jaman saiki dolanan Gerit-Gerit Lancung kuwi isih tetep diuriuri

lan didolanke karo warga masyarakat. Malah neng Gelar

Potensi Desa Rintisan Budaya se-Kabupaten Gunungkidul, dolanan

Gerit-Gerit Lancung dipentaske ana neng sakdhuwure panggung.

Mesthinipun makili Desa Pundungsari sing kalebu dadi salah

sijine Desa Rintisan Budaya saka 14 desa sing ana neng Kabupaten

Gunungkidul.

Seka dolanan tradisional sing isih dilestarekake warga masyarakat

Kampung Kedondong, bola-bali ana mahasiswa uga warga

masyarakat liyane gawe penelitian lan liputan bab dolanan Gerit-

Gerit Lancung. Ana seka mahasiswa Etnomusikologi ISI Yogyakarta,

mahasiswa AKINDO Yogyakarta lan liya-liyane. Malah kepara

seka UPT Taman Budaya Yogyakarta mbesuk tanggal 9 Mei 2018

gawe acara Rekonstruksi dan Revitalisasi Budaya kanggo dolanan

Gerit-Gerit Lancung. Muga-muga anggone pemerintah lan warga

masyarakat njaga lan nguri-uri kabudayan ana ngendi wae isa

langgeng lan ngrembaka nganti anak putu mbesuke.

Dedy Susilo, S. Sn.

Pengurus Desa Rintisan Budaya

Desa Pundungsari, Semin, Gunungkidul.

Saben tanggal 21 April, sekolah-sekolah

neng Yogyakarta

bakal mengeti laire Raden Ajeng

Kartini. Acara sing diarani ‘kartinian’

iki mesti ngudokke para siswa

sekolah dhasar nganggo busana

adat. Adate wali siswa mau banjur

golek silihan neng salon sakkiwa-tengene

omah. Wiwit isuk,

bocah kudu tangi mruput banjur

antri dandan. Apa meneh bocah

wedok, kudu pupuran, gelungan,

lan jarikan mlithit.

ANANGING menawa diturut ana ing pranatan

pengageman Karaton Ngayogyakarta, jebule

kuwi kabeh kleru. Ora ana bocah cilik digelungi,

dijariki mlithit, apa meneh dipupuri kandel kaya

ibune. Babagan busana adat kanggo cah cilik,

mligine kanggo bocah wedok kuwi ana aturane.

Busana sing trep kudune dinggo nalika kartinian

kuwi diarani busana sabukwala.

Sejarahe, busana sabukwala mbiyen dinggo

para putra-putra dalem, utawa saiki wayah

dalem sing umure 5 taun tekan 10 taun. Ananging

pengganggone busana iki ya kudu ditrepke

marang gedhe cilike awak. Menawa umur

10 taun nanging wis katon gedhe, busana sing

dinggo mesthine pinjung. Miturut pranatan

Keraton Yogyakarta, busana sabukwala iki dibedakke

dadi telung jinis. Sepisan, sabukwala

nyamping bathik kanggo pedintenan lan upacara

alit. Ping pindhone, sabukwala nyamping

praos utawa prada emas kanggo resepsi tetesan.

Ping telune, sabukwala nyamping cindhe

kanggo upacara garebeg utawa hajad dalem.

Umume, menawa kartinian busana kanggo

bocah SD yaiku sabukwala pedintenan. Werna-werna

sing bakale dinggo antarane ana

nyamping bathik dhawane 3 meter, ageman

kebaya katun, sabuk lonthong, kamus kristik

mawi cathok kupu. Umume, bathik sing dinggokke

bocah corekane sing cilik-cilik kaya ta gringsing,

kawung, parang seling, utawa ceplok. Motif

ceplok kalebu pola geometris mozaik sing tinata

endah lan dadi cirine para bangsawan.

Kaya motif kawung sing wis ana wiwit abad IX

lan isa ditemokke neng patung-patung candhi.

Ana meneh motif gringsing sing ditulis neng

jero Kidung Harsa Wijaya seka abad XIII.

Carane nganggo busana sabukwala yaiku,

1/3 seka nyamping bathik mau diubetke seka

dhadha. Turahane 2/3 banjur dilempit kaya

wujud draperi. Menawa wis dadi, wujude draperi

kuwi ditalekke neng bangkekane bocah.

Pungkasane nek wis dadi, banjur ditaleni lan

disabuki nganggo sabuk lonthong. Ora lali, sak

njabane sabuk lonthong diwenehi kamus kristik.

Adate, ibu-ibu nyawang anake kurang marem

nek ora nganggo ‘raja kaya’ senajan mung

imitasi. Ananging, miturut aturan pengageman

kraton, sejatine raja kaya ora gathuk menawa

dinggokke marang bocah sing nganggo busana

sabukwala. Geneya kudu nganggo supaya

macak, olehe mung nganggo kalung utawa

ating-anting.

Menawa digatekke tenan, donyane bocah

kuwi mung ana seneng-seneng lan dolan. Busana

sing paling cocok kanggo Kartinian mestine

ya busana sabukwala. Busana iki cetha ora

bakal njiret bocah nalika dinggo. Apa meneh

nyencang utawa marakke mlaku kangelan.

Anggone jarikan cetha amba, isa dinggo mlayu

utawa bebuwang sakwektu-wektu. Kosokbalene

nalika bocah kudu nganggo jarik mlithit,

sandhal njinjit, gelungan dhuwur, kuwi malah

milara bocahe dhewe. Pancen bener ibu-ibune

banjur seneng ndelok anake ayu, kenes, mlaku

timik-timik, nanging busana Kartinian jaman

saiki sakjane malah nyiksa bocah.

Sejatine, busana sabukwala iki isih gampang

ditemoni neng satengahing masyarakat. Isih

okeh salon-salon sing nyewakke busana kang

pener, nanging cathetane angger gelem nggoleki.

Menawa wiwit cilik wis diajari bab kabudayan

sing bener tur pener, gedhene besok bocah

mesti bakal isa ngleluri tinggalane leluhur. Aja

ngangsi apa sing wis dadi ‘identitas’ Yogyakarta

saiki bakal ilang merga ora krumat. (ark)


14

Burger Monalisa

burger legendaris neng Jogja

Darpana, pengilon

para widadari

MESTHINE ora ana wong wadon sing ora kenal

karo pengilon. Kaca utawa pengilon iki dadi salah

sijining ubarampe wajib sing kudu diduweni lan ana

neng jero tas. Apa meneh yen arep dandan. Piye-piyea,

nek ora ana kaca ora afdol anggone wedhakan,

bengesan, apa meneh celakan. Isa-isa anggone

wedhakan ora rata, pating dlemok, celakane kecorek

ngiwa-nengen, arep ayu kepara malah ‘babak bundhas’.

Karep ati pengen kaya widadari, malah dadine

kaya memedi. Menawa digatekake, pengilon pancene

mung barang sepele nanging daya gunane ora isa

disepelekake.

Sejatine, pengilon sing tinuju kanggo ngilo wis

ana kawit leluhur mbah-mbah mbiyen. Critane jebul

ora mung perangan kanggo ngilo. Miturut sejarahe,

nalika durung ditemokake kaca, manungsa nganggo

lempengan logam yen arep ngilo. Lempengan

logam kuwi karo kanca-kanca arkeolog banjur diarani

darpana. Neng India, logam mau dadi gantine

kaca merga bayangan olehe seka ngilo kalebu asli,

dudu bayangan distorsi. Sakliyane kuwi, negara

sing dominasi agama wargane Hindu, percaya menawa

darpana iku salah sijining upakara kanggo

upacara para dewa-dewi. Miturut sumber arkeologi,

darpana adate dinggo ‘ngedusi’ para dewa.

Mesthine kabeh padha bingung, ngendi ana dewadewi

adus. Menawa tenan ana, piye carane dewadewi

mau anggone grujugan banyu?

Upacara ‘ngedusi’ dewa liwat darpana ora ngemu

teges adus banyu tenan. Ning, bayangan arca dewa

sing tinemu neng sajroning darpana banjur digrujug

nganggo banyu. Mesthine ora waton banyu, ning

banyu sing wis diupakarani sadurunge. Bayangan

arca dewa sing ginrujug neng darpana banjur diarani

ngedusi para dewa kanthi simbolik. (ark)

MINANGKA salah sijine kutha kang dadi pancere budaya

Jawa, Ngayogyakarta duwe maneka warna kaskaya

budaya. Salah sijine yaiku wayang. Ana bab kang perlu

dimangerteni yaiku yen ngrembug bab gatra utawa wujud

wayang. Apa Ngayogyakarta duwe wujud wayang kang

mirunggan (khas)? Wangsulane, ana!

Akeh panganggep kang umum utawa lumrah yen nyawang

wayang mono kabeh wujude padha wae. Nanging mesthi

wae yen ditamatke kanthi setiti, ana bedane. Ana ciri

mirunggan. Bab kang bakal dirembug ing kene yaiku

mligine wujud boneka wayange. Banjur anggone niteni

kepriye? Sebut wae, yen wujud wayang kang ngrembaka

ana wewengkon tlatah Ngayogyakarta yakuwi wayang

kanthi gagrag utawa cakrik utawa gaya Ngayogyakarta.

Wayang gagrag Ngayogyakarta mono salah sawijine

kaskaya budaya kang ana ing tlatah Indonesia lan

sing diduweni bangsa iki wiwit kuna makunane.

Anane wiwit kapan? Ya nalika dumadine Nagari

Ngayogyakarta (bab iki bakal dicritakke ana perangan

candhake). Mula, kanggo ngerteni ciri kang mirunggan

gatra wayang gaya Yogyakarta mau ora gampang

diandharake. Supaya bisa mbedakake gatra siji lan

sijine kang mapan ing wewengkon liya perlu alonalon

diandharake. Bab iki satemene ana gandheng

cenenge klawan “rasa” kang wis nyawiji. Mula sinau

wayang mono diperlokake rasa tlaten lan gatekan.

Ngrembug bab wayang, ora bakal adoh saka sumber

pancere budaya, yaiku Kraton Ngayogyakarta. Perlu

uga dimangerteni para maos yen Ngayogyakarta

kuwi nduweni semboyan kang nandhes mbalung

sungsum, yaiku “sawiji, greget, sengguh, ora mingkuh”

kang nalika semana dilairake dening Pangeran

Mangkubumi kang banjur jumeneng minangka Sultan

Hamengku Buwana kaping sepisan. Semboyan papat

iku nduweni teges manunggal, nduweni semangat,

nduweni karakter kang kuwat, sarta tatag tanggon.

Semboyan iku uga nyrambahi sakabehe kagunan

Rerasan bab Yogyakarta, mesthi ora bakal

isa dipisahke seka bab crita kulinere. Kawit

ndhisik kutha iki nduwe macem-macem panganan

enak sing wis melegenda. Misale wae

ana gudheg, bakmi nyemek, sate klathak,

lotek, soto, kabeh komplit ana neng kutha sing

akrab disebut Jogja iki.

Nanging seka panganan legendaris kuwi

kabeh, nyatane ya ana meneh panganan landa

sing jenenge wis kondhang-kawentar neng

Jogja seka mbiyen, apa meneh nek ora Burger

Monalisa. Senajan dudu menu asli Indonesia,

sapa sing bakal ngira nek burger sing digawe

karo Wibowo Agung Sanyoto iki kalebu burger

paling tuwa neng Jogja.

Dicritakke Agung neng tim Jawacana durung

suwi iki, Burger Monalisa pisanan bukak warunge

taun 1988. Kabeh bumbu burgere diracik

khusus karo almarhumah ibune Agung.

“Sejarah Monalisa iki cukup dawa lan unik,

senajan taun semana (1988), durung akeh wong

Jogja sing ngerti burger kuwi panganan apa,”

kandhane Agung.

Sawise nyoba ping pirang-pirang lan nemokke

resep sing cocok, Agung banjur wani dodolan

burger. Awale Agung mbukak nganggo

jeneng Garfield Burger, sing lokasine neng

pinggir dalan Kaliurang, neng daerah Universitas

Gadjah Mada (UGM). Alasan nganggo

jeneng kuwi mergane tahun semono Garfield

lagi dadi tokoh kartun sing terkenal. Karepe

Agung jaman semono, kabeh wong bakal

langsung nyanthol karo jeneng Garfield, njur

dadi penasaran karo menu burger.

“Tapi bar dipikir-pikir meneh, ketoke kok

jeneng Garfield iki ora isa awet suwe. Akhire

aku nemu jeneng sing paling pas lan simpel,

yaiku Monalisa. Alesane aku pengin burgerku

seni, kaya ta seni tari, karawitan, sarta wayang.

Ana saperangan panemu kang ngandharake yen

wayang gagrag Ngayogyakarta utawa Yogyakarta

utawa maneh sok ana kang nyebutake “wayang Yojan/

Ngayojan” iku wujude ‘lemu-lemu’, perangan sikilan

wayang jangkahane amba utawa mlengkang, sikilan

luwih cendhak, tangane klangsrah (dawa nganti mepet

sikil), akeh nggunakake motif ukiran/tatahan wujud

inten-intenan, sunggingan utawa wernan kanthi motif

sawutan, tlacapan, sarta bludiran. Ciri liyane yaiku,

werna ing plemahan (sambungan antarane sikil wayang)

nganggo abang polos. Kabeh katrangan ing ndhuwur

mau mesthine wae ora kabeh kaya mangkono.

Kanggo nggampangake ciri kang mirunggan wayang

gagrag Ngayogyakarta, ing kene bakal dijupuk

bandhingan antarane gatra wayang kang umum

iki dadi burger sing melegenda koyo tokoh

Monalisa kae,” kandhane Agung meneh.

Istimewane burger monalisa

Nek biasane burger kuwi rasane asin-asin

gurih, nggone Monalisa nduwe rasa sing beda.

Bumbu burger Monalisa sengaja digawe manis

pedhes ben ora ngilangi ciri khas panganan

Jogja sing cirine rasa legi.

“Dadi, kita sing asli Jogja iki ya mesthine ora

lali karo rasa panganan Jogja sing cenderung

manis. Piye carane kudu nggawe bumbu sing

‘Jogja banget’ tapi tetep enak. Tapi ya nyatane

isih akeh sing rada protes, kok rasa saus mayonese

legi, ora asin. Mulane tekan saiki Monalisa

malah terkenal diarani Burger Jawa,”

jare Agung karo ngguyu.

Burger Monalisa iki dadi istimewa merga

termasuk burger pertama lan paling tuwa ing

Jogja. Senajan sakjane taun-taun semono wis

ana saingan warung burger liya, nanging nyatane

ya ora bisa urip dawa kaya Monalisa

nganti saiki.

“Aku wani ngomong burgerku iki burger sing

paling tuwa neng Jogja. Soale mbiyen ora ana

sing wani nggawe warung sing khusus dodolan

burger koyo aku,” kandhane meneh.

Bedane wayang kulit Jogja - Sala

Perangan 1

Gambar kiwa, Werkudara gagrag Ngayogyakarta; gambar tengen Werkudara gagrag Surakarta

tinemu utawa dikenal umum, yaiku wayang gagrag

Surakarta (Sala). Perlu dimangerteni, isih akeh kang

ora bisa mbedakake antarane rong gatra utawa

gagrag wayang iki. Bab iki penting dimangerteni.

Bandhingan antarane wayang gagrag Ngayogyakarta

lan wayang gagrag Surakarta (Sala). Para maos

perlu priksa uga, menawa katrangan ing kene sipate

ora kaku, mesthi wae bisa luwih luwes.

Ukuran awak

Lumrahe wayang gagrag Ngayogyakarta kuwi

nduweni perangan awak kang luwih lemu yen

dibandhingake tumrap gagrag Surakarta. “Lemu”

ing kene tegese bandhingan antarane dhuwur sarta

ambane wayang. Ing kene, bakal diwenehi conto

tokoh wayang Werkudara.

Wektu kuwi, Burger Monalisa isih sederhana

banget. Panggone lesehan kanggo klasa cilik.

Antarane dalan karo sik jajan mung kaling-kalingan

spanduk. Papan kanggo ngracik burger

ya mung meja siji, ora kalah sederhanane.

“Aku kelingan banget, mbiyen pas aku pisanan

dodolan isih nganggo lampu petromak.

Soale jaman kuwi isih sepi tenan, dadi bingung

yen meh narik listrik saka ngendi. Pas kuwi

meneh sak porsi burger regane isih 400 rupiyah,”

kandhane Agung karo kepingkel.

Saiki Burger Monalisa nduweni limang cabang

neng Jogja. Sing pisanan minangka papan

utama wiwit taun 1988 sing nganti saiki isih

ana neng Jalan Kaliurang, Sekip. Ping pindho

ana neng omah Gedung Agung Sisingamangaraja,

sing uga dadi pabrik pengolahan bahan

baku. Kaping telune ana neng Jalan Damai,

papat neng Babarsari, lan keri dhewe neng

Mrican.

Tapi limang cabang kuwi ora dicekel Agung

dewe. Agung diewangi sedulure, Reni Dewi

Cahyani lan Condrokumolo Sayuti Nugroho.

Senajan nganti saiki Burger Monalisa mung

ana neng Jogja, Agung lan keluargane tetep

pengin entuk waralaba saka pebisnis liya. Agung

nduwe pepinginan kanggo ngembangake

bisnis burger Jawane kuwi neng kutha-kutha

gedhe saliyane Jogja.

“Burger Monalisa iki ora krasa wis 30 taun.

Ya mesthi kepingin berkembang neng kutha

liyane. Minimal aku pengin Monalisa ana neng

Jakarta karo Bandung. Soale neng kutha-kutha

kuwi, kabeh panganan komplet lan masyarakate

ora peduli masalah rega, sing penting

enak. Yo muga-muga taun ngarep wis ana

dalane ya. Dongane wae,” kandhane Agung

mungkasi. (ken)

Werna ana ing plemahan utawa siten-sitenan

Kang sinebut plemahan yaiku perangan kang

nggathukake antarane sikil ngarep lan sikil mburi

ana ing wayang. Dene gunane plemahan iku ora

liya kanggo nguwatake adege wayang uga minangka

simbul bumi utawa lemah. Mulane iku disebut

plemahan=lemah; siten=siti. Lumrahe, perangan

plemahan wayang gagrag Ngayogyakarta iku

diwenehi werna utawa disungging abang polos.

Ewadene wayang gagrag Surakarta manasuka,

ana kang diwenehi werna abang, ireng, biru,

kombinasi werna. Ciri kang lumrah kanggo gagrag

Surakarta yaiku diwenehi garis werna emas ing

ndhuwur lan ngisor.

Gambar ndhuwur plemahan wayang gagrag

Ngayogyakarta; gambar ngisor plemahan

gagrag Surakarta

Kanggo tambahan maneh, dlamakan sikil wayang

gagrag Surakarta diwenehi tambahan sunggingan

‘geretan’ dhobel “ (( ))” (Coba tamatna perangan

dlamakan sikil ngarep sarta sikil mburi (tungkak)).

Ewadene wayang gagrag Ngayogyakarta polos ora

ana geretane (gatekna gambar). (ana candhake)

R. Bima Slamet Raharja

Dosen Sastra Jawa, UGM


15

Omahe Ki Prawiro Suwarno, saiki dadi restoran

FOTO: A HARTADI

Murtasiyah, ibu.

Ibu, kanggoku ibu kuwi gusti sing mawujud.

Saben anak nduwe rasa tresnane dhewe marang

ibune. Ana sing banget, uga ana sing sakukur

anggone tresna. Kabeh ora isa dipadhakke,

kabeh ora ana ukurane. Prekara sing baku lan

utama, ibu kuwi sesambungane urip kanggo

kabeh sik lair seka guwa-garbane. Ibu kuwi

dalane nyawa antarane manungsa karo Gustine.

Katur sembah sungkem kagem para ibu neng

alam donya.

Crita bab ibu ing sajroning Kabudayan Jawa

ora tanggung-tanggung okehe. Kaya dene, neng

piwulang Manu Smrti, dicritakke menawa ‘anakanak,

upacara agama, bekti prasetya, kabungahan,

swarganing leluhur lan pribadi, kabeh ana ing

dlamakan epek-epeke wanita’. Wanita sing

dikarepke iki ora liya, yaiku ibu. Kuwi kabeh ana

merga jasa-jasane ibu. Ora ana sing isa males,

ora ana sing isa ngetung, apa meneh nggenti.

Salah sijining gambaran ibu sing ana neng

penemune masyarakat Jawa yaiku Dewi Kunthi.

Kunthi iku turunane Yadu seka Dinasti Candra,

putrine Raja Surasena, Wangsa Yadawa. Nalika

dadi garwane Pandu, Kunthi kondhang anggone

tapa-brata. Sanadyan anak raja, Kunthi lan Pandhu

milih urip neng alas dadi pertapa kanggo nebus

dosane nalika ora sengaja mateni Resi Kindama

sing mawujud kewan. Rasa prihatin lan ‘bhaktiyoga’

sing dilakoni Kunthi dadi sranane kanggo para

Pandhawa. Pangorbaning iki bakale dadi kabegjan

kanggo para Pandhawa neng tembe mburi.

Kunthi neng crita Mahabharata pancen kondhang.

Pribadine sing kuwat anggone nggula-wentah para

Pandhawa ora isa diremehke. Crita Kunthi iki kaya

ta crita Murtasiyah neng Jawa. Wiwitane, Serat

Murtasiyah babon ditemokke seka Cirebon, judhule

Piwulang Cirebonan Serat Murtasiyah. Neng sajroning

naskah kuwi, tinulis sengkalan angka taun ‘rasa

gati wisaya yu’ utawa taun 1556 Ehe (1634 Masehi).

Sanadyan ora pati kondhang, nanging crita Murtasiyah

wis ana wiwit abad XVII. Kamangka menawa diturut,

madhege Keraton Kartasura dadi salah sijining

telenging paprentahan antarane taun 1680-

1745. Apa meneh Keraton Surakarta lan Keraton

Yogyakarta sing ana sepuluh taun sakwise,

taun 1755. Naskah Murtasiyah babon saiki

disimpen neng Perpustakaan Sastra, Universitas

Indonesia.

Sanadyan okeh sik durung padha ngerti critane

Dewi Murtasiyah, nanging sunyatane crita iki

okeh diputrani (ditulis meneh). Nalika panaliten

sedherhana, ditemokke 22 naskah sing ngemot

crita Dewi Murtasiyah. Ana limang naskah

Murtasiyah ana neng Perpustakaan Fakultas

Ilmu Budaya, Universitas Indonesia. Patang naskah

liyane ana neng Perpustakaan Nasional Indonesia.

Geneya neng Museum Sonobudoyo ana nem

naskah. Ora keri, neng Perpustakaan Widyabudaya,

Kraton Yogyakarta ana sak naskah. Neng

Perpustakaan Widyapustaka, Pura Pakualaman

ana rong naskah. Tekaning Surakarta, neng

Sasana Pustaka, Keraton Surakarta ana telung

naskah. Pungkasane, ana sak naskah neng Reksa

Pustaka, Pura Mangkunegaran.

Antarane 22 naskah sing crita Dewi Murtasiyah,

salah sijining naskah ditulis nganggo Aksara

Pegon, aksarane Arab nanging basane Jawa.

Naskah kuwi disimpen neng Museum Sonobudoyo

kanthi kode koleksi PB A 214. Dicritakke, Murtasiyah

garwane Syeh Ngarip sing patuh. Pangabekti

lan pakurmate marang lakine ora kurang-kurang.

Murtasiyah ora mung garwa, nanging uga ibu

kanggo Candrakirana.

Dina-dinane Murtasiyah dilakoni saperlu nindakke

kuwajiban antarane dadi garwa lan ibu kanggo

anake. Kuwajibane dadi garwane Syeh Ngarip

dicritakke nalika Murtasiyah ‘ingarasan lan

munggah dhateng papreman’. Ora cukup semono,

Murtasiyah uga angladeni dhahar pendintenane

Syeh Ngarip. Nalika pandhita iki lunga neng

patapan, Murtasiyah kajaluk tunggu omah, njaga

kebon dhuku, lan njaga ingon-ingon. Miturute

Syeh Ngarip wanita iku mestine neng omah

‘pawestri wus dungdumane tinilar wonten ing

griya kinarya patunggu desa’.

Sanadyan mengkono, Murtasiyah ora lali nindakke

kuwajibane marang Gusti. Dheweke minangka

ibu mestine bakal dadi tuladha kanggo anake,

Candrakirana. Mula sakabehe kabecikane urip

dilakoni kanthi nrima ing pandum. Ing sajroning

naskah, crita Murtasiyah sing dhuwur bektine

marang laki lan Gustine cetha tinulis. ‘Caritane

deya linewi nama Dewi Murtasiyah asru bakti

ing lakine kakung pandhita ngibadah wancine

maksi tarune Ki Syeh Ngarip wastanipun asru

bakti ing Pangeran’.

Menawa dibandingke marang Kunthi nyata

bedhane. Murtasiyah iku gambaran wanita ing

abad XIX. Jaman semono wanita sing becik iku

sing manut marang lakine. Patuh lan kurmat

marang wong tuwane, uga ora lali marang Gustine.

Meksa mengkono, nanging loro-lorone padha

dene Ibu sing isa dadi tuladha. Kunthi kuwat

anggone tapa-brata, nyranani anak-anake wondene

Murtasiyah sing kurmat marang lakine, lan bisa

dadi tuladha marang anake.

Crita Murtasiyah ibu uga garwane Syeh Ngarep

sing kurmat bisa dadi gambaring wanita abad

XIX. Sanadyan bedha karo kahanan jaman saiki,

nalika wanita nduweni papan panggonan antarane

hak lan kuwajiban sing padha marang laki, nanging

jaman semono wanita utama sing bisa nggulawentah

anake sisan nglakoni kuwajiban marang

lakine. Pribadine sing patuh, manut, lan nrima

isa diarani tapa-brata kanggo njaga kaluargane

supaya ayem tentrem. Piwulanging Murtasiyah

iki dudu bab emansipasi nanging luwih neng

bab toleransi. Piye carane Murtasiyah banjur isa

nglerem rasa lan nepsune kanggo mujudke

kaluwarga sing becik. (ark)

Ngungak sejarahe Wong Kalang Kotagede

Ngguwangi dhuwit

neng ndalan

NGONCEKI sejarahe Wong Kalang Kotagede, prasasat

tekan saiki tetep ndudut ati. Wewangunan awujud

omah sing jentrek-jentrek ing Jalan Tegalgendu,

tekan saiki isih bisa kita pirsani.

Kita temtu wis mangerteni, ing sakdawane Jalan

Tegalgendu iki, jaman biyen urip lan ngrembaka salah

sijine Wong Kalang kang kasugihane ngedab-edabi.

Wong kalang mau jenenge Ki Prawiro Suwarno.

Ya, Ki Prawiro Suwarno iki sing bola-bali nyebar

dhuwit ing prapatan Tungkak, prapatan Pojok Beteng

Wetan, lan ing maneka panggonan sing tanpa dinuga.

Lha, kena apa Ki Prawiro Suwarno bisa ana ing Kotagede,

kabeh mau bakal dijlentrehake ing ngisor iki.

Miturut maneka sumber lisan lan tulisan, Wong Kalang

ing Kotagede wis ana wiwit jaman Sultan Agung,

yaiku udakara taun 1600 M. Salah sijining versi nyebutake,

ing jaman Sultan Agung, tukang kayu saka Bali ditekakake

ing Mataram saperlu mbiyantu gawe maneka

bangunan ing Keraton Mataram.

Para tukang kayu saka Bali kasebut asring sinebut

Wong Kalang. Salah sijining tukang kayu kasebut ing

antarane yaiku Jaka Sona, sing sabanjure bebrayan

klawan Ambarlurung, putri kinasihe Sultan Agung.

Dene, anak putune Jaka Sona lan Ambarlurung mau,

ana sing jenenge Ki Mertowongso. Sabanjure, Ki Mertowongso

duwe anak turun kang asmane Ki Prawiro

Suwarno. Lha, Ki Prawiro Suwarno iki wong Kalang

sing pokal lan kasugihan dadi legendha tekan saiki.

Ing Kotagede, Ki Prawiro Suwarno luwih dikenal

kanthi sebutan Tembong. Ki Prawiro Suwarno lair ing

taun 1873, lan urip ing jaman Sri Sultan HB VIII. Malah,

nalika Ki Prawiro Suwarno isih timur, dheweke wis

kulina mlebu metu Keraton Ngayogyakarta. Kabeh

mau amarga ramane Ki Prawiro Suwarno sesambungan

raket klawan Keraton Jogja. Ora mung kuwi, Ki

Prawiro Suwarno uga kekancan apik klawan para

pangeran, klebu uga pangeran kang ing tembe burine

madeg Sri Sultan HB VIII.

Masyarakat Kotagede wiwitane mangerteni Ki Prawiro

Suwarno mung bakul sayuran lan bumbon. Saben

dina, bisa diweruhi sesawangan Ki Prawiro Suwarno

numpak gerobak sing ditarik jaran, dodolan maneka

sayuran lan bumbon tumuju pasar. Garwane Ki Prawiro

Suwarno uga sregep mbiyantu nyambut gawe, dodolan

mori lan malam.

Ki Prawiro Suwarno lan garwane gemi lan setiti.

Dhuwite saka anggone dodolan dicelengi. Sregep

nyambut gawe, mangkono pribadhine Ki Prawiro

Suwarno iki. Karana naluri bisnise pancen linuwih,

dhuwit celengan sing dilumpukake mbaka sethithik

mau banjur digunakake kanggo ngedegake Omah

Gadhe ing dhaerah Prambanan.

Saka siji Omah Gadhe, sansaya suwe banjur ngrembaka

dadi sewelas Omah Gadhe sing sumebar ing

maneka papan. Ing antarane ing kutha Jogja, Kotagede,

Delanggu, Kartasura, Solo, lan laladan liyane. Ing kutha

Solo, Ki Prawiro Suwarno ngedegake Omah Gadhe

cacahe loro.

Karana keluwihan sistem pelayanane, Omah Gadhe

duweke Ki Prawiro Suwarno kebanjiran pelanggan.

Dhuwit sing dicelengi sansaya akeh. Embuh karana

apa, wusanane kabeh Omah Gadhe duweke Ki Prawiro

Suwarno ditutup dening Landa. Ki Prawiro Suwarno,

bapak saka 17 anak (8 urip, 9 seda) iki kepeksa ngrasakake

getire urip.

Ananging karana Ki Prawiro Suwarno klebu pribadhi

sing ulet lan ora gampang nglokro, dheweke banjur

njenggelek maneh nerusake uripe. Sawijining dina,

ing omahe ana tamu saka negara Landa. Tamu mau

pranyata bakul berlian sing ngajak bisnis dodolan

berlian marang Ki Prawiro Suwarno. Karana wis percaya

marang keuletan lan kejujurane Ki Prawiro Suwarno,

bakul berlian saka negara Landa mau masrahake

berlian, supaya Ki Prawiro Suwarno ngedolake.

Disengkuyung bojo lan anak-anake sing wis gedhe,

Ki Prawiro Suwarno miwiti bisnis anyar mau. Dudu

barang kang angel kanggone Ki Prawiro Suwarno

ngedolake berlian-berlian mau. Wong-wong sugih ing

Jogja, akeh sing nglarisi berlian sing ditawakake Ki

Prawiro Suwarno lan kulawargane. Malah, kebutuhane

emas lan berlian Keraton Yogyakarta lan Keraton

Pakualaman, disetori dening Ki Prawiro Suwarno.

Sansaya suwe, bisnis berliane nganti ‘nyakar’ kutha

Surabaya, Semarang lan Solo. Suksese bisnis anyar

iki ndadekake kulawarga Ki Prawiro Suwarno kuwowogen

bandha. Kendharaan rodha papat sing ditarik

mesin alias mobil, sing wektu kuwi langka banget,

diduweki dening Ki Prawiro Suwarno. Ora mung siji,

ananging pirang-pirang. Maneka merek mobil saka

Eropa kayata Hudson, Minerva, Plymouth, Chrysler

utawa Fiat, gonta-ganti digunakake dening Ki Prawiro

Suwarno.

Nyebar dhuwit

Saking sugihe, Ki Prawiro Suwarno duwe cara unik

nalika menehi sedhekah marang warga masarakat.

Ritual aneh kasebut yaiku, numpak mobil dikancani

bature lan putune, Ki Prawiro Suwarno mubeng kutha

Jogja, nyebar dhuwit ing panggonan-panggonan tertemtu.

Pirang-pirang besek dhuwit pengaji sak sen

nganti seringgit, disebar ing dalan-dalan.

Swara gemerincinge dhuwit lan wong-wong sing

padha ngrayah, dadi sesawangan sing bisa ditemoni

ing prapatan Tungkak (saiki Jalan Tamansiswa) lan

prapatan Pojok Beteng Wetan, Jogja.

“Kena apa Pakdhe nyebar dhuwit semono akehe?

Luwih apik mbok diwenehe aku?” pitakone Sumarman,

putune Ki Prawiro Suwarno sing biasane melu nyebar

dhuwit ing dalan-dalan. Ditakoni mangkono, Ki Prawiro

Suwarno njlentrehake, “Wong sing sedhekah kuwi

biasane milih-milih, sapa sing mesthi diwenehi. Menawa

seneng karo wong, mesthi wong kuwi diwenehi. Ananging

yen ora disenengi, temtu suwalike. Lha, cara

sedhekah kaya aku iki, aku ora pilih-pilih. Aku ikhlas

sapa wae sing njupuk. Sapa sing entuk ringgit, yakuwi

rejekine. Semono uga sing bejane mung entuk sen.”

Ritual nyebar dhuwit ing dalan-dalan Kutha Jogja

mau ora mung diadani pisan pindho, ananging setaun

diadani makaping-kaping. Wis ora kaetung akehe

dhuwit sing disebar kasebut.

Malah, miturut katrangane salah sijining sesepuh ing

Kotagede, ritual nyebar dhuwit iki uga diadani ing

Kotagede dhewe. Bedane, ing Kotagede Ki Prawiro

Suwarno anggone nyebar dhuwit mung numpak jaran

ijen. Nalika wektune rada longgar, Ki Prawiro Suwarno

nunggang jaran dhewe mubeng Kotagede. Dheweke

wis nyiapake dhuwit sing arep disebar.

Menawa papan sing arep disebari dhuwit mau katon

sepi ora ana pawongan, dhuwit sing digawa mau banjur

disebar ing pinggir dalan. Embuh mengko sapa sing

njupuk, dhuwit-dhuwit kuwi wis dadi rejekine sing

nemu. Mula, ana wae warga sing meneng-meneng

ngetutake lakune Ki Prawiro Suwarno. Ing papan Ki

Prawiro Suwarno mandheg, ing kono tinemu dhuwit,

embuh kethip, sen, utawa ringgit. (ana candhake)

Dening: Agung Hartadi,

Prenggan KG II/938

(Utara Masjid Perak)


Profil & Adicara

16

GKR HAYU

Srikandhi Milenial

Aja gampang nggantungake

bungahmu marang liyan!

apa meneh seneng utang budhi

marang sapadha!

URIP iku ora mung urup, nanging kudu mandhiri!

Ukara iku dadi salah sijining prinsip sing diugemi

Gusti Kanjeng Ratu Hayu nalika wawancara

marang tim Jawacana. Gusti Hayu, asmane

kang wis dikenal masyarakat Yogya ora liya

yaiku putri Ngarsa Dalem kapapat. Sanadyan

urip ing saubengi beteng kraton kang kenthel

marang kabudayan, nanging pribadine tetep

modern.

Wiwit enom, Gusti Hayu kang asmane isih

GRAj. Nurabra Juwita iki wis njajah desa milang

kori. Sekolah SMPne dilakoni ning Brisbane,

banjur SMAne pindhah ning Singapore, sanadyan

sadurunge mampir Yogya sedhela. Kepiye ora

mandhiri, wong kawit cilik Jeng Abra, wis adhoh

saka Pak Sultan lan Gusti Hemas, ibune. Lulus

SMA seka negara singa, Jeng Abra meksa ora

pengen bali nang Yogya. Kaya-kaya isih kurang

adoh anggone ngubengi donya. Nalika kuliah

sarjana, Jeng Abra mbacutake sekolahe ning

negarane Ratu Elizabeth, Britania Raya.

Tahun 2012, Jeng Abra krama karo KPH

Notonegoro banjur nglorod asma GKR Hayu

seka Putri Dalem Sinuwun HB VI. Wiwit seka

iki, asma Gusti Hayu banjur dadi asma resmi

tekan saiki. Crita bab Dhaup Ageng Gusti Hayu

karo Pangeran Notonegoro dadi mula-bukane

ana kraton awujud digital. Tekan artikel iki

ditulis, website kratonwedding.com isih isa

disekseni marang netizen kabeh.

Dhaup Agenge Gusti Hayu dadi dhaup ageng

pungkasan uga pista rakyat Yogya. Warga

masyarakat padha nyekseni kirab manten

saka Kraton tumuju ning Kepatihan. Ora

ana panggon sela saubenge dalan

Malioboro. Mestine ya masyarakat melu

bungah awit saka bungahing rajane. Setaun

sakwise dhaup ageng, Gusti Hayu kang

durung tutug anggone sekolah, taun 2013

mbacutke sekolah master ning negara adhi

dhaya, New York Amerika. Ora ana istilah

stereotype kanggo wanita ning kamus uripe.

“Lulus kuliah, saiki wektune ngabdi kanggo

kraton” mengkono pangandikane.

Pangabektine marang leluhur kawujud

dening dhawuh dalem, supaya

gawe pusat dokumentasi

digital ning kraton. Kantor

iku banjur kaparingan

asma Tepas Tandha

Yekti. Lumantar

Tepas Tandha

Yekti, masyarakat bisa ngangsu kawruh babagan

kabudayan lan info-info kraton. Ora ana sarat

liya, kejaba bisa dolanan media sosial. Kenapa

kudu media sosial? Jawaban iki saktenane

kabeh wong wis ngerti. Jaman ora kaya mbiyen

meneh, nom-noman sing kerep dipoyoki generasi

milenial cedhak banget karo media sosial.

Generasi ing sakndhuwure uga melu ketularan

dolanan media sosial kanggo ngraketake

paseduluran marang sanak lan kanca suwe.

Perangan iki banjur dadi dhasare Gusti Hayu

supaya bisa nyedhakke kraton marang masyarakat

umum. “Mumpung para kanjeng sing mandhegani

kraton isih padha sugeng, isih isa disuwuni

pirsa!” ngendikane nalika ditakoni bab panemune.

Pancen bener panemu mengkono. Apa meneh

katrangan kang dilumpukke baku seka kraton.

Mesti akeh benere lan isa dadi dhasar menawa

ana sing bakale sinau bab kabudayan, menehmeneh

kabudayan kraton. Katrangan kang wus

klumpuk saka narasumber iku banjur diwarakke

ning facebook, instagram, lan twitter. Ora mung

kuwi, ing taun 2017 wingi Kraton Jogja uga wis

resmi ndhuweni website. Pengarepe supaya

katrangan apa wae kang ana ing kraton bisa

kasebar tumuju masyarakat kabeh. Website

kraton ya uga isa dadi sumber pituduh kanggo

kabeh masyarakat kang ndhuweni pepingin

sinau lan ngerti adat ing sak jerone beteng.

Ora mung kuwi, lumantar website, pangarepe

masyarakan isa luwih ndhuweni rasa andharbeni

marang budhaya-budhaya tinggalane leluhur.

(ark)

ANNISA HERTAMI

Wanita Jawa jaman now

Nganggo logat Jawane sing kenthel, aktris 29 taun iki

crita riwayat wiwitane dheweke kecemplung ing donya

akting. Awale sok dijaluki tulung karo kanca kuliahe dadi

pemeran utama neng film-film pendhek kanggo tugas

kuliah.

Annisa Hertami iki lulusan broadcasting Sekolah Tinggi

Multimedia MMTC Yogyakarta. Jalaran seka kuwi, wanita

sing jeneng lengkape Annisa Hertami Kusumastuti iki wiwit

seneng akting neng ngarep kamera.

Taun 2011 ana casting film Soegija karya sutradara Garin

Nugraha, Annisa mutuske melu casting film kuwi. Dheweke

crita nek pas casting kuwi kedhapuk adegan sing paling

angel neng skrip film kuwi. Ndilalah malah ketrima, banjur

entuk peran Meriyem neng film sing diputer neng bioskop

taun 2012 kuwi.

“Nah, sakploke njajal main film kuwi aku banjur mremen

sinau teater, seni pertunjukan. Dadine kuwalik, seka film

dhisik lagi neng teater, kudune kan teater sik lagi film,”

jare mantan juara I Dhimas Dhiajeng Yogyakarta sing

pakulitane ireng manis iki. Taun 2017 wingi Annisa uga

kedhapuk dadi pemeran utama film ‘Nyai’ garapane Garin

Nugraha.

Basa Jawa jaman now

Nek miturut Annisa, Basa Jawa pancen wis ngliwati owah

majuning jaman, seka jaman Jawa kuna nganti jaman

internet iki mesthi nggawa perubahan. Apa meneh basa

sing dadi basa komunikasi aktip kaya dene Basa Jawa

mesthi ana pangrembakan-pangrembakan anyar neng

babagan diksi, ukara serapan anyar, lan liyane. Sansaya

bab teknologi, mesthi nggawa ukara utawa istilah anyar

neng Basa Jawa.

“Ngomong bab tata basa, Basa Jawa kuwi duwe nilai

utawa rasa sing beda. Merga ana tingkat tutur krama

neng Basa Jawa dadine unggah-ungguh basa kuwi uga

dadi pedhomane unggah-ungguh solah tingkahe manungsa,”

jarene durung suwi iki pas ketemu Jawacana.

Wanita kudu empan papan

Minangka ditakoni pitakonan bab emansipasi wanita

neng Jawa, aktris kelairan Magelang iki nggenahke yen

kesetaraan gender wanita lan wong lanang kuwi kudu

empan papan. Artine wanita kuwi ya duwe tugas ‘ngladeni’

nanging ing waktu lan papan liya kudu isa kosok balene,

yaiku ‘diladeni’.

“Umpamane ndilalah nek kahanane pancen kudu wong

lanang sing masak, ngumbahi, setrika, ya wong lanang

kudu legawa lan narima,” ngono kuwi jare Annisa, sing

uga patut disebut sastrawati merga taun wingi bar wae

launching buku kumpulan puisi ‘Agar Dapat Kubaca Jaman’.

(pal)

TENTANG

Annisa Hertami

Profil

Nama: Annisa Hertami Kusumastuti

Lair: Magelang, 7 Oktober 1988

Sekolah: MMTC Yogyakarta,

jurusan Broadcasting

Profesi: Seniwati aktris film,

teater, MC

Film

Soegija (2012)

Jokowi (2014)

Jendral Soedirman (2105)

Ach Aku Jatuh Cinta (2015)

Pesantren Impian (2016)

Promise (2016)

Nyai (2016)

Siluman Tikus dan Persian Princess (2017)

The Gift (2017)

Penghargaan

Nominasi Aktris Terbaik Piala Citra 2012

Nominasi Pendatang Baru Terbaik Indonesia

Movie Award 2013

Pemeran Pembantu Terbaik Apresiasi Film

Indonesia 2012

Aktris Pendatang Baru Terbaik Piala Maya

2012

Juara I Dimas Diajeng Kota Yogyakarta 2013-

2015

Juara I Dimas Diajeng Propinsi DIY

2014-2016

FTV

Ayam Untuk Udin – Kompas TV 2013

Keadilan Untuk Hawa – Kompas TV 2013

Ibu Sum – Kompas TV 2013

Dokudrama – TVRI

TV Series Patriot – NET TV

Karya dan Penyutradaraan

Seni Pertunjukan

Kembara Centhini, Centhini Gunung, pentas

neng Borobudur Writers and Cultural

Festival

Membaca Dee: Supernova, part Partikel,

pentas neng IFI LIP

Mother

Earth

Pentas Tari, Musik, Visual

Karya Mila Art Dance

PKKH UGM, Selasa 13 Maret 2018

Koreografi : Mila Rosinta

Kolaborator : Mila Rosinta, Luise Najib,

Gardika Gigih, Lia Pharaoh, Jenny

Subagyo, Manda Baskoro, Yugo Risfriawan,

Rio Pharaoh, Kokoksaja

Similar magazines