28.04.2018 Views

JAWACANA-APRIL-2018

JAWACANA edisi perdana April 2018

JAWACANA edisi perdana April 2018

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

10

Seloka

Wong Jawa, utamane wong

Jogja, paling seneng nggawe

ukara kang kebak pasemon. Yen

tinemu ana kalimat Basa Jawa,

kerep-kerepe ora bisa dimaknani

kanthi lugu mbluju, kudu digoleki

makna nang sewaliking ukara.

Salah siji bentuke yaiku seloka,

tetembungan utawa unen-unen

kang nduweni makna kang jeru

ananging diwujudake ana ing

kalimat kang singkat lan padhet.

“Jaman iku owah gingsir”

Seloka iki ngemu makna sing uga

ngelingake menawa ora ana kang abadi ing

ndonya iki. Owah-owahan kuwi mesthi ana.

Sing tuwa mati, sing enom bakal dadi tuwa,

lan sak piturute. Semono uga ana ing

babagan bandha, wis mesti wae ana owah

gingsire. Mbuh kuwi sing barange dadi elek,

utawa regane sing malah bakale malih.

Wektu uga tansah mlayu, ora tau mandheg.

Mangsa uga gonta-ganti sakbendinane.

Semana uga laku lampahe manungsa, ora

ana sing isa ngerti apa kang bakalan tinemu

ing tembe mburi. Sing sugih magrong-magrong,

bola-bali mlebu tv, nang ndi wae

numpak mobil, eh lha kok kecokot KPK,

banjur bubar kabeh bandhane. Jabatan

utawa kuwasa uga ora abadi, sing saiki

jabatane dhuwur isa wae mak bedunduk

dilorod, apa malah dicuthat. Sing saiki

kondhang kawentar, isa wae dadi ilang ra

krungu meneh kabare.

Saloka iki intine dadi pasinaon kanggo

kabeh supaya luwih ngati-ati, sadhar dhiri

lan waspada.

“Yitna yuwana, lena kena”

Seloka iki saka tembung yitna (prayitna)

kang ateges eling lan ngati-ati, yuwana

tegese menang utawa slamet. Dadi artine

yaiku ngati-ati (bakal) slamet, lena (bakale)

kena. Intine yaiku nek kepingin uripe slamet,

kudu nduweni sikap kang eling, waspada lan

ngati-ati ing solahe.

Sikap ngati-ati iki maknane jembar banget.

Saka babagan sedherhana kayata mateni

lampu yen arep lunga, niliki kompor

sakdurunge ninggal omah, tekan babagan

ngati-ati anggone ngemonah layang kabar.

Nek dhewe oleh informasi sing sipate

ngrugekne liyan, utawa kang sajak

mbanget-mbangetke, aja langsung gampang

percaya, apa maneh malah nyebar nang

ndi-ndi karo ditambahi “ndak ho oh?”, mergo

yen kabar iku jebule hoax, dhewe isa kalebu

wong kang nyebarake, lan saiki isa kena

undang-undang. Mula sing ngati-ati, golek

informasi pembanding saka ngendi wae; isa

takon marang sing ahli, isa uga golek

informasi seka googling. Kabeh iki murih

beciking uripe dhewe, uga murih tentreming

atine sedulur-sedulure dhewe kabeh.

(lantip)

Dhemit biyung tulung

NGOMONGKE babagan urban legend sing

nyritakke dhemit utawa jagat lelembut, Yogya

nduwe pirang-pirang. Kaya ta drumband setan

saben subuh sing mung krungu swarane thok

tanpa ana wujude; Mbak Yayuk lelembut Fakultas

Ekonomi UGM sing gawene njedul neng

ruang kelas; lan sing keri dewe nganti dadi trending

topik kaskus, Keluarga Tak Kasat Mata.

Nanging iki ana tambahan crita urban legend

lawas sing mbok menawa durung patiya populer.

Jenenge Dhemit Biyung Tulung.

Kocap kacarita, Dhemit Biyung Tulung iki manggon

neng bekas plengkung Madyasura. Jaman semana

ana lima plengkung ing sakubenge beteng

kraton Yogya, saiki sing isih wutuh mung kari

loro plengkung Nirbaya (Gading) lan plengkung

Tarunasura (Wijilan). Plengkung sing wis dimbrukke

yaiku plengkung Jagabaya (prapatan

Tamansari), plengkung Jagasura (prapatan Kauman

/ Gerjen), lan plengkung Madyasura (Kulon

Purawisata). Plengkung sing kasebut keri dhewe

kuwi papan asale ana crita Dhemit Biyung Tulung.

Wiwit tanggal 23 Juni 1812 sakwise serangan

Inggris ing Kraton Yogya utawa Geger Sepei,

plengkung Madyasura ditutup lan diarani Plengkung

Buntet. Nalika jaman Hamengkubuwana

VIII, plengkung kuwi dibongkar lan diganti gapura

biyasa.

Miturut legenda utawa mitos sing ngrembaka

ing masyarakat kiwa tengene, saben wayah

surup krungu swara wong nanging ora wujud,

mbengok “...aduh...biyung...tulung.” Sakbanjur

kuwi lair ukara ‘Biyung Tulung’ kanggo ngarani

swara dhemit kuwi.

Salah sijining sumber nyritakke nek fenomena

Dhemit Biyung Tulung iki ana nalika Tentara

Pelajar lagi perang gerilya mungsuh Landa, tahun

1948-1949. Diturut seka sejarah, jare jaman

mbiyen kuwi ana bocah enom jenenge Kartipeya.

Bocah kuwi pancen nggantheng rupane nanging

senengane nggodhani para wanita ing kampung

kono. Pancen ndrawasi polahe bocah kuwi lan

gawe kuwatir warga merga meh saben dina ana

prawan sing digodhani. Para warga sing wis

padha ora jenak karo solah bawane Kartipeya

banjur golek cara ben bocah kuwi ora kurang

“HALO. Le, iki ana kabar lelayu. Pakdhe Sugi seda.

Disarekke sesuk jam 1 awan.” Bapak ngendika mau

liwat telpon bengi, jam 11 seprapat.

“Innalillahi. Aduh, pak. Benjang menika kula sedinten

mboten saged lunga pundi-pundi, wonten

tamu penting rawuh kantor.”

“Woalah. Ya wis ra papa, tapi nek isa saiki budhala

layat sakdurunge bali omah, ngaruhke budhemu

lan sedulur-sedulurmu.”

“Inggih, pak. Kula tak budhal sakniki.”

Daleme pakdhe Sugiyono sakjane ora patiya adoh

seka omahku, tapi kudu ngeliwati siji-sijine dalan

sing ana kuburanne. Kuburan iki wis kondhang singupe.

Saben sasi mesti ana kedadeyan wong sing

lewat diweruhi neng cedhak kuburan kui. Lewat

ngarepe wae wis mak sreng mambu menyan sing

disumet karo wong-wong sing ngalap berkah opo

njaluk slamet neng wit randhu alas gedhe ngarep

gapura kuburan. Ambune marai mrinding.

“Nderek langkung mbah, putune ajeng liwat.” Omongku

bisik-bisik karo mejet klakson motor ping 3.

Let sedhela aku wis tekan ndaleme pakdhe Sugiyono.

Rada ayem, tenda wis kepasang sak lampu

penerangane marai padhang njingglang. Lumayan

kanggo ngilangi pikiran ora penak amarga

liwat kuburan mau. Bapak-bapak tangga teparo

sing lagi ewuh nata kursi mung tak aruh-aruhi

seka kadohan amarga aku pengen langsung mlebu

omah nggoleki budhe Sugi. Mlebu omah wis

ana pethi jenazah putih neng ndhuwur meja cendhik.

Fotone pakdhe ya wis kepasang neng pigura

disendhekke pethi. Aku thingak-thinguk nggoleki

budhe tapi ora ketemu. Pikirku budhe lagi neng

kamar leren merga sayah, wong ya kelangan garwa

mesti rak ya ora kuat, butuh istirahat. Aku

mutusi tak sholat jenazah ndhisik wae, bar kui

lagi nggoleki budhe meneh.

Rampung wudhu aku langsung ngadek neng ngarep

pethine pakdhe, sholat jenazah dhewe. Lagi mulai niat

awakku wis ngerasa mrinding meneh, tapi sing saiki

ora patiya tak pikirke. Neng ngarepe pakdhene dhewe

mosok wedi, batinku.

ajar nghodhani para wanita meneh. Nanging

para warga uga ngerti nek Kartipeya kuwi duwe

kaluwihan kasekten.

Banjur ana sing ngonangi nek saben malem

jemuwah Kartipeya nenepi ing alas laku semedi

marang prewangane, yaiku Batari Durga. Sakliyane

aji katosan, Kartipeya uga duwe aji pengasih

sing marai wanodya gandrung paringane

Batari Durga wujude jimat pengasih ‘wulu kelek’

sing dibungkus kain putih. Lan uga paring sarat

nek ora kena tumindak asusila neng sakngisore

plengkung Madyasura. Nek sarat kuwi dilanggar,

Kartipeya bakal cilaka malah isa uga mati.

Para warga sing wis ngerti kaluwihane lan

pengapesane aji prewangane Kertipeya banjur

sowan marang wong ampuh, wong pinter, supaya

bisa nulak kasektene Kertipeya lan supaya piye

carane gawe bocah kuwi wirang banjur kapok

nglakoni tumindake sing ala. Dhukun kuwi mau

banjur menehi biting cacahe telu sing kudu diselehke

neng ngisor plengkung. Biting kuwi

ampuh pokoke bisa gawe Kertipeya lena lan

marani biting kuwi. Nanging dhukun iku uga

kandha nek Kertipeya cukup digawe wirang lan

kapok wae, aja dilarani apa meneh dipateni.

Nalika kuwi Kertipeya lagi gandrung marang

prawan ayu kembang kampung kono sing jenenge

Lagi wae takbir pisan, aku ngerasa dijawil pundakku.

Duh, apa iki. Wong lagi sholat kok ya ana sing

ngganggu. Pikiranku saya ora penak tapi tetep

neruske sholat karo merem. Pas takbir kepindho lha

njawile kok malah sansaya ndadi. Aku mulai keweden.

Apa aku kenunutan dhemit kuburan sing tak liwati

mau? Pikiranku wis ora jenak. Kringetku mulai metu

sak jagung-jagung tapi tetep tak niati neruske sholat.

Wis mulai maca Al Fatihah, wis ora ana sing

ngganggu meneh nganti aku rampung sholat jenazah.

Pas salam trakhir aku mengo kiwa, aku weruh

bapak-bapak sing mau nata kursi ngematke

aku seka njaba pintu. Rampungan sholat aku

banjur marani bapak-bapak kuwi.

“Nyuwun sewu, mas menika sinten nggih?” Salah

sijining bapak-bapak sing do ngumpul nakoni

aku.

“Nderek nepangaken kula Yadi, putranipun pak

Prayoto.”

“Pak Prayoto dusun Kendhangan sedherekipun

almarhum?”

“Inggih pak.” Jawabku karo rada ayem amarga

ana sing tepung karo bapak.

“Anu, dhik. Sepindhah malih kula nyuwun ngapunten.

Kula wau nggih njawil panjenengan pas sholat.”

Oalah, jebul sing njawil mau dudu lelembut, tapi

uwong tenan. Saya ayem, batinku.

“Kula jawil bola-bali panjenengan mboten mandheg

le sholat, nggih kula entosi mawon bibar sholat.”

“Wah, nyuwun ngapunten sanget, pak. Kula menawi

urusane sholat angel diganggu.” Omongku anggak.

“Lha niku, mboten napa-napa. Sakjane wau menika

badhe matur menawi panjenengan badhe sholat

jenazah katuran nengga kirang langkung sakjam

malih, amargi jenazahipun taksih wonten rumah

sakit, dereng dugi griya.”

Mak tratap atiku. Jebul aku sholat jenazah neng

ngarep pethi kosong, lha wong jenazahe pakdhe

durung ana. Pantes omahe isih sepi. Aku mung

isa mesam-mesem ngampet isin digeguyu karo

bapak-bapak mau. (vin)

Sukresthi. Para mudha lan para warga banjur

duwe niat kanggo njebak Kertipeya. Wis dadi

adate nek wayah bakda maghrib Kertipeya mesthi

nggodhani prawan. Bengi kuwi kaya sing wis

dikarepke warga, Kertipeya kepancing ngglandhang

Sukresthi neng ngisor plengkung (sing wis

diwenehi biting seka dhukun) tumindak asusila.

Mbasan tekan ngisor plengkung biting telu kuwi

mau rumangsane Kertipeya dadi ula, bocahe

kaget lan kasektene ilang sakkal. Merga nglanggar

sarat ora kena tumindak asusila ing ngisor

plengkung.

Para mudha sing wis pancen adhang-adhang

banjur ngroyok Kertipeya. Ndilalah ana salah

sijining bocah enom sing panas ati merga cemburu

marang Kertipeya lan Sukresthi banjur gawe

ada-ada marang warga supaya Kertipeya dipateni.

Wayah kuwi Kertipeya bengok-bengok

“biyuuuung....tuluuuuung...biyuuuung tuluuung...”.

Swara jeriting Kartipeya kuwi sing

banjur kadhang krungu ing sakubenge plengkung

utawa gapura Madyasura jaman mbiyen.

Bejane saiki kahanan neng sakiwa tengene

plengkung Madyasura wis rame kendaraan lan

padhet warga, dadi swara dhemit biyung tulung

kuwi wis ora tau krungu meneh. (pal)

Cerita Serem

Gara-gara kuburan angker

foto: unikarea.blogspot.com

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!