28.04.2018 Views

JAWACANA-APRIL-2018

JAWACANA edisi perdana April 2018

JAWACANA edisi perdana April 2018

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

07

Sinau basa Jawa nganggo aksara Jawa apa tumon?

PERKARA pasinaon basa Jawa saiki wis akeh owah

gingsire, salah sawijine ya kuwi bab perkara murcane

dayaning sastra Jawa, sastra neng kene kang

mengku surasa teges tulisan, budaya Jawa kuwi

gumantung banget seka prebawaning basa Jawa,

semana uga basa Jawa ya ora isa pengkuh, bakoh

tanpa aksarane.

Akeh ing antarane awake dhewe kang ngungun,

nyawang kahanan para kadang taruna, wiranem

kang katon anggone wis wiwit padha ninggalke

budaya Jawa, kalebu basa apadene aksara Jawa.

Bab kahanan kang kaya mangkono isa disawang,

mula seka kuwi kenangapa kok wacana bab aksara

Jawa kuwi wigati banget, awit aksara Jawa kuwi

wadhahing basa, basa kuwi wadhahing budaya.

Sakwise dakcoba ngonceki neng pasinaon, saktenane

sing isa gawe sekabehane kuwi isa lumaku,

ya awit wis ucul uwale basa Jawa seka wadhahe,

kang sabanjure kahanan kaya mangkono kuwi satemah

mahanani kurang gregete putra siswa anggone

padha nyinau basa Jawa lan budaya Jawa, awit

ngrumangsani yen nyinau basa Jawa kuwi kuna,

jadul, ora gaul lan sapanunggalane.

Sekabehe pakarti sing ana gayute karo tata pasinaon

basa Jawa, kang mawa aksara Jawa iki isa

lumaku kanthi becik, awit sarana kapurba anane

font utawa aksara Jawa, kang isa kagunakake sajroning

ngetik neng piranti komputer, uga wis akeh

cumawis kanthi maneka warna cakrik, mbuh kuwi

kang isih mawa Ansi, apadene kang wis Unicode.

Bali maneh kaya sing dadi ancasing rembug, yen

jlentrehe laku cak – cakane pasinaon basa Jawa

mawa aksara Jawa, supayane para siswa isa kapilut,

lan ora wegah sarta nandhang susah nalika winulang,

paling ora isa karantam mawa urut-urutaning

laku kaya mangkene, iki saupama ana neng tataran

SMA kang wus lumaku :

Kawiwitana seka kelas X semester gasal, neng

perangan iki siswa kawanuhake bab-bab apa wae

kang ana gayute karo aksara Jawa, mbuh kuwi bab

wujuding aksara, piwulang sajroning aksara Jawa

(filosofi), sujarahe, sarta tata panulisan aksara

Jawa, kanthi wahana film, video tembang, dolanan

kang mawa jarwan (subtitle) aksara Jawa.

Guru ngulinakake nulis sekabehe tembung, utawa

ukara kang dadi sarining piwulangan mawa aksara

Jawa, mbuh kuwi ana papan tulis apadene power

point.

Guru ngulinakae nulis pitakon-pitakon gladhen

mawa aksara Jawa, lan ngajak supayane putra siswa

mangsuli pitakone ugi mawa aksara Jawa.

Menawa bab ndhuwur kuwi isa lumaku kanthi

becik, mula sithik baka sithik neng samengkone

putra siswa banjur dadi lan kulinane, sarta tuwuh

rasa greget anggone maca apadene nulis mawa

aksara Jawa, bab kuwi satemene gumantung karo

greget.

Mula bener apa kang dadi pangandikane para

pepundhen luhur, jer kabeh mau kuwi mung gumantung

ana neng niyat binarengan kas, ana niyat nanging

greget kanggo ngepyakake ora ana ya ora

bakal dumadi.

Kaya pepethan endog kuwi, tata gelaring aksara

Jawa kuwi katone sepele, nanging bab kang denanggep

sepele kuwi, malah kepara kang isa handayani

ucule tata paramasastra sajroning basa Jawa,

neng jaman saiki wis katon, kaya ngapa para wiranem

anggone nulis basa Jawa neng aksara Latin, mawut

Geguritan

KODE FOTO

Mlebune isih gratis. Nek dolan mrene, mung mbayar dhuwit parkir rongewu rupiyah kanggo sepedha

montor, limangewu rupiah kanggo mobil. Panggonan

amburadul ora karuwan, awit kenangapa, ya merga

wis akeh kang wis ora isa maca, lan nulis tembung-tembung

Jawa sajroning aksara Jawane maneh. Ucule

basa Jawa kang kaya mangkono, mahanani budaya-budaya

Jawa kang sinengkuyung dening prabawaning

basa uga saya kelangan pandhemen,

ketoprak, wayang kulit, lan sapanunggalane.

Upama basa Jawa kuwi isih lestari ora mung disinau

kanggo pacelathon, nanging uga kasinau tata

paramasastrane, sokur bage uga kasinau basa rinenggane

(kasusastrane), neng mbok menawa

wayang minangka tontonan isih isa lestari minangka

tuntunan, kasunyatan neng madyaning bebrayan

anggone padha seneng limbukan lan gara-gara, awit

amarga kapurba kurange kawruh bab basa Jawa,

mligi basa Jawa krama lan kang rinengga susastra.

Mula seka kuwi, neng pasinaon basa Jawa neng

pawiyatan SMA Negeri 2 Bantul, tata gelaring pasinaon

basa Jawa kakulinakake mawa aksara Jawa,

kalebu neng sekabehe tulisan neng gladhen lan

ulangan-ulangan padinan, tumekane neng ujian

semesterane, lire kabeh mau katulis sajroning aksara

Jawa, wondene tata panulise aksara Jawa

kalarasake karo tata panulisan paugeran Sriwedari,

kaya kang wis dadi pasarujukan neng MGMP Bahasa

Jawa SMA/MA/SMK Propinsi Daerah Istimewa

Yogyakarta.

Perkara kuwi minangka sarana nggladhi putra

siswa, supayane neng samengkone isa, paling ora

mangreteni tata cara kang bener mungguhing panulising

tembung Jawa sajroning aksara Latin, awit

nalika wis kulina nulis tetembungan Jawa sajroning

aksara Jawa, mila banjur isa mbedakake neng antarane

endi kang awujud aksara swara [a] jejeg, [a]

miring, [i] jejeg, [i] miring, [u] jejeg, [u] miring, [e]

pepet, [e] lan [e] taling, sartanipun [o] jejeg, lan [o]

miring.

Neng madyaning putra siswa jaman saiki, nalikane

kaajak sinau kang ana gayute karo aksara Jawa,

akeh – akehe lan kang wis dadi padatan mesti padha

pating brengok, sambat yen kangelan, bab kang

mangkene iki banjur coba kaudhar lumantar pitakon-pitakon

kang gayut dadi dhasare bocah padha

sambat mangkono kuwi, asiling pitakon ing purwaning

pamulangan kapantha saperangan sababe,

neng antarane :

Putra siswa akeh kang aweh wangsulan yen

arang-arang kagladhi aksara Jawa, adate aksara

Jawa mung kanggo jejangkep, sauger mung

disinau wandaning aksara, pasangan, sandhangan

lan sapanunggalane, tanpa kinanthen wacan-wacan

kang kadhapur tulisan Jawa, lumantar buku,

apadene sarana liyane.

Panganggepe putra siswa yen aksara Jawa

kuwi kuna, wis ora ana prabawane neng jagad

kang wis maju iki.

Ana maneh saperangan kang duwe panemu yen

nyinau aksara Jawa kuwi ora ana gunane.

Lumantar saperangan bab prekara ndhuwur kuwi

mau, banjur tuwuh rasa kepiye carane narik kawigatene

putra siswa, supaya isa sengkut anggone

padha sinau aksara Jawa maneh, mula kang coba

kakepyakake, mumpung saiki wis mlebu jaman kang

sarwa digital, mula anggone ngereh uga saisa-isane

lumantar cara digital, kayadene:

Menehi pangerten tumraping putra siswa yen basa

Jawa kuwi wiwit kuna – makuna wis lestari, lan

ngasilake susastra kang tanpa wilangan, lan kabeh

kuwi mau katulis sajroning aksara Kawi, apadene

aksara Jawa, dudu neng tulisan aksara Latin.

Menehi pangerten tumraping putra siswa yen basa

Jawa kuwi udakara taun 2005, wiwit wis isa

kanggo nulis sajroning piranti komputer, sinaosa isih

nganggo font aksara Jawa modhel Ansi, lan cakrike

durung akeh, nanging awit seka krentege para sutresna

aksara Jawa, wiwit surya kaping 1 sasi Oktober

2009, aksara Jawa wis kasil mlebu neng standar

Unicode, bab iki andadekake aksara Jawa isa tansaya

adoh tebane neng jagading teknologi informatika,

dayaning aksara Jawa Unicode kuwi wusanane bakal

nuwuhake cakrik aksara Jawa kang maneka

warna wandane, seka wanda kang kaanggep baku

minangka aksara Jawa cithak, nganti wanda aksara

Jawa kang katedhak seka sakathahing cakrik sajroning

serat – serat lawasan.

Menehi pangerten tumraping putra siswa yen basa

Jawa kuwi uga isa kagunakake sajroning piranti

HP kang mawa sistem Android, dadi wis ora

jeneng mokal maneh yen saiki isa sms, bbm, wa,

lan sapanunggalane migunakake aksara Jawa.

Saupama kabeh laku siji tumekane telu wis lumaku,

banjur :

Nyamektakake website / blog kanggo nggampangake

laku sabanjure, kaya dene kanggo ngundhuh

materi, apadene gladhen lan ulangan.

Tata laku kang luwih tumanja, ora ana liya kejaba

mung seka prigel, gregete guru anggone ngulinakake

nulis sekabehing tetembungan Jawa mawa

aksara Jawa neng papan tulis, tan prabeda kaya

nyawang pasinaon basa manca liyane kang mawa

aksarane.

Saisa-isane ora ketang sepisan, utawa pindho

siswa kaajak neng laboratorium komputer (TIK),

saperlu kaparingan kawruh bab tata gelar wujuding

aksara Jawa kang wis Unicode, lan sokur bage tatacara

panulisane lumantar piranti komputer/laptop,

mbuh kuwi lumantar MS. Office utawa Open Office.

Neng pungkasaning atur, sawise ngawuningani bab

tata lampah, saperangan pasinaon basa Jawa mawa

aksara Jawa, kaya kang kajlentrehake neng ndhuwur

kuwi, pramila isa kacaosake dudutane, neng antarane:

Upama ana wacana, greget ngulinakake pasinaon

basa Jawa lumantar aksarane, kuwi sejatine isa

nganggo banget, kacihna seka apa kang wis nate

lumaku neng SMA Negeri 1 Sanden, lan saiki isih

lumaku neng SMA Negeri 2 Bantul, nanging kabeh

mau pancen kudu mawa sarana pakulinan dhisik,

utamane seka gurune.

Putra siswa saiki wis padha melek teknologi informatika,

mula sarana piranti iki tansaya isa dadi

nambahi gregete bocah anggone sinau basa Jawa

mawa aksara Jawa.

Pangaribawaning Unicode aksara Jawa kang wis

resmi wiwit 1 Oktober 2009, wis katon tebanine

neng madyaning kanca, kadang wiranem kang

padha nggegulang kagunan teknologi informatika,

sinaosa durung kabeh brayat ageng uninga, lan

pirsa apa ta kuwi Unicode lan kaya ngapa mungguh

mangpangate tumrap bebrayan Jawa.

Sawatara neng jagading pamulangan bab sinau

basa Jawa mawa aksara Jawa, ora mrangguli pepalang

kang abot.

Seka saperangan dudutan neng ndhuwur kuwi,

banjur tuwuh pangajab, lan pangangkah amrih apa

kang kacoba neng madyaning pamulangan-pamulangan

iki isa gumreget, ora liya ya mung ana neng

antarane:

Sarehning aksara Jawa wis ana kang modhel Unicode,

sumannga font utawa cakrik aksara Jawa kang

kagunakake Unicode iki, prayoga isaa kaanggep

minangka cakrik baku tata panulisan neng saben

dinane (neng aksara Latin kayadene Time New romane).

Bab neng sajawining pamulangan, prayogane

instansi pamarentah apadene swasta isa dadi patuladhan,

satemah isa mrebawani aksara Jawa isa

adoh tebane.

Sabanjure yen kabeh wis lumaku, mula pangangkah

anggone nyinau basa Jawa lumantar aksarane

isa kasil.

Setya Amrih Prasaja

Mas Bekel Dwijasetyaprasaja,

abdi dalem reh kaprajan.

Ketua MGMP Bahasa Jawa SMA DIY

Guru Bahasa Jawa SMAN 2 Bantul

Filolog Alumni Sastra Jawa UGM

Mampir satengahing wengi

Menenga sedela

Aja nggresula

Rungakna unine banyu

Rungakna unine angin

Rungakna unine lemah

Menenga sedela

Buwangen samubarang ala lan angkara

Weningna lathi

Rungakna unine ati lan nyawiji dadi geni.

Gareng: “Truk, mau neng ndalan aku nemu

dhuwit... Kok ya pas tanggal nyaur utang ya truk!”

Petruk: “Wohlaaaa, ngepasi to Reng! Ya kuwi jenenge

rejeki.”

Gareng: “Ha ning ora tak jupuk Truk, tak buwang

meneh dhuwite neng pinggir ndalan.”

Petruk: “Pitikih... Nemu rejeki kok malah dibuwang?!!”

Solo - Yogja 23 - 24 Maret 2018

Eswe (Andy Sri Wahyudi)

Seniman Teater, Pantomimer, Sutradara, Penulis

Gareng: “Lha duwite 100 ewu, kan mangka

butuhku nggo nyaur utang 150 ewu. Ha teneh aku

kon tombok 50 ewu.. Ha ra sudi!”

Petruk: “Wooo, kenthir!!”

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!