JAWACANA-APRIL-2018
JAWACANA edisi perdana April 2018
JAWACANA edisi perdana April 2018
Create successful ePaper yourself
Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.
13

Dolanan

tradisional,

gerat-gerit

lancung

KAMPUNG Kedondong (uwong-uwong ngarani Kampung

Ndondong) klebu ana neng Padukuhan Sedono Desa Pundungsari

Kecamatan Semin Kabupaten Gunungkidul. Kampung iku uga

dikenal merga neng kampung iku ana Pesarean “Gedhong

Pulungsari”, yaiku Pesarean Putra Ngarsa Dalem Sri Sultan

Hamengkubuwono II. Putra Ngarsa Dalem Sri Sultan Hamengkubuwono

II ingkang sumare ana neng papan kana yaiku GRM. Sumadi (putra

kaping 53) lan GRAy. Sudarminah (putra kaping 59).

Warga masyarakat Kampung Kedondong saben dinane urip

saka asil tetanen. Ana pari organik, pari non-organik, jagung,

kacang, tela lan sakpanunggalane. Merga neng Kampung Kedondong

kuwi ana sumber banyu sing gedhe lan ora tau surut senajan

mangsa ketiga, dadine sawah-sawahe kecukupan banyu, tuwuh

subur lemu-lemu. Sakjrone setahun warga masyarakat bisa panen

ping telu, mulane taun 2017 Ngarsa Dalem Sri Sultan Hamengkubuwono

X rawuh ana neng Kampung Kedondong saperlu nyekseni anggone

panen raya pari.

Babagan kesenian lan kabudayan, warga masyarakat Kampung

Kedondong uga ora nglalekake. Upacara adat lan tradisi kaya

rasulan (Bersih Dusun), nyadran, wiwitan tandur, mitoni, sepasaran,

matang puluh, nyewu lan sakpanunggalane isih urip kanthi lestari.

Kesenian gejog lesung, hadroh/sholawat Jawa, seni karawitan

lan dolanan tradisional uga isih ana, diuri-uri lan dikembangake

dening warga masyarakat.

Salah sijine dolanan tradisional sing isih ana neng Kampung

Kedondong yaiku dolanan Gerit-Gerit Lancung. Miturut salah

sijining warga, yaiku Mbah Tuminah sing saiki yuswane kurang

luwih 80 taun, dolanan iku mbiyene tau dadi dolanan kang

misuwur. Saben wayah sore utawa padang bulan bocah-bocah

enom lan uwong tuwa padha dolanan Gerit-Gerit Lancung

bebarengan. Dolanan iku ora bisa dilakokke dhewekan, kudu

dilakokke wong telu utawa luwih.

Tata carane kurang luwih kaya ngene: tuladhane ana wong

sepuluh, salah siji kudu ana sing njaga karo nggawa watu cilik.

Wong sanga liyane lungguh mubeng, lan wong siji sing njaga

mau lungguh ana neng tengah-tengahe wong sanga mau. Karo

nembang lelagon bebarengan, tangane wong sing njaga nylempitake

watu neng salah siji tangane wong sanga mau. Lelagon sing

ditembangake kaya ngene:

Gerit-gerit lancung, sedalu dalu lancung

Sudak krompyong, sudak krompyong

Si krompyong tembe parane, parane mangetan kana

Enggok sempal gerojogan, sapa nggawa iku mau

Sing nggawa mesema ngguyu, ditakoni ora ngaku

Melerok kaya satruku, sir-sir pong dele kopong

Kocak-kacik sisil uwong

Yen wis ngono, wong sing njaga, sing lungguh ana neng tengah

ngenehi pitakonan karo salah sijining wong sanga sing lungguh

mubeng mau: “Watu cilik sing dakcekel mau saiki sing nggawa

sapa?” Karo ngenteni wangsulan seka wong sing ditakoni, liyane

nembangake lelagon kaya mangkene:

Salah kaprah busana

Kartinian kanggo bocah -

busana sabukwala

foto saking buku:

Busana Adat dan

Tata Rias

Tradisional Gaya

Yogyakarta.

Yogyakarta: Dinas

Kebudayaan DIY

Mbok Tumi entuk sekenthung, takledung sakota kate wana

Bayem raja donya, londer kelutana

Seblakana kelutana ndomble, kacang kawak temu kene

Rong-erong dudu sanak dudu kadhang, yen mati melu kelangan

Cara nggantung gunung

Wong sing ditakoni kudu wangsulan: “Sapa sing nggawa watu?”

Saumpama wangsulane luput wong kuwi mau entuk paukuman.

Ning saumpama wangsulane bener, wong sing nggawa watu

sing entuk paukuman. Paukumane isa kanthi nembang, sesorah,

macapat lan liya-liyane.

Jaman saiki dolanan Gerit-Gerit Lancung kuwi isih tetep diuriuri

lan didolanke karo warga masyarakat. Malah neng Gelar

Potensi Desa Rintisan Budaya se-Kabupaten Gunungkidul, dolanan

Gerit-Gerit Lancung dipentaske ana neng sakdhuwure panggung.

Mesthinipun makili Desa Pundungsari sing kalebu dadi salah

sijine Desa Rintisan Budaya saka 14 desa sing ana neng Kabupaten

Gunungkidul.

Seka dolanan tradisional sing isih dilestarekake warga masyarakat

Kampung Kedondong, bola-bali ana mahasiswa uga warga

masyarakat liyane gawe penelitian lan liputan bab dolanan Gerit-

Gerit Lancung. Ana seka mahasiswa Etnomusikologi ISI Yogyakarta,

mahasiswa AKINDO Yogyakarta lan liya-liyane. Malah kepara

seka UPT Taman Budaya Yogyakarta mbesuk tanggal 9 Mei 2018

gawe acara Rekonstruksi dan Revitalisasi Budaya kanggo dolanan

Gerit-Gerit Lancung. Muga-muga anggone pemerintah lan warga

masyarakat njaga lan nguri-uri kabudayan ana ngendi wae isa

langgeng lan ngrembaka nganti anak putu mbesuke.

Dedy Susilo, S. Sn.

Pengurus Desa Rintisan Budaya

Desa Pundungsari, Semin, Gunungkidul.

Saben tanggal 21 April, sekolah-sekolah

neng Yogyakarta

bakal mengeti laire Raden Ajeng

Kartini. Acara sing diarani ‘kartinian’

iki mesti ngudokke para siswa

sekolah dhasar nganggo busana

adat. Adate wali siswa mau banjur

golek silihan neng salon sakkiwa-tengene

omah. Wiwit isuk,

bocah kudu tangi mruput banjur

antri dandan. Apa meneh bocah

wedok, kudu pupuran, gelungan,

lan jarikan mlithit.

ANANGING menawa diturut ana ing pranatan

pengageman Karaton Ngayogyakarta, jebule

kuwi kabeh kleru. Ora ana bocah cilik digelungi,

dijariki mlithit, apa meneh dipupuri kandel kaya

ibune. Babagan busana adat kanggo cah cilik,

mligine kanggo bocah wedok kuwi ana aturane.

Busana sing trep kudune dinggo nalika kartinian

kuwi diarani busana sabukwala.

Sejarahe, busana sabukwala mbiyen dinggo

para putra-putra dalem, utawa saiki wayah

dalem sing umure 5 taun tekan 10 taun. Ananging

pengganggone busana iki ya kudu ditrepke

marang gedhe cilike awak. Menawa umur

10 taun nanging wis katon gedhe, busana sing

dinggo mesthine pinjung. Miturut pranatan

Keraton Yogyakarta, busana sabukwala iki dibedakke

dadi telung jinis. Sepisan, sabukwala

nyamping bathik kanggo pedintenan lan upacara

alit. Ping pindhone, sabukwala nyamping

praos utawa prada emas kanggo resepsi tetesan.

Ping telune, sabukwala nyamping cindhe

kanggo upacara garebeg utawa hajad dalem.

Umume, menawa kartinian busana kanggo

bocah SD yaiku sabukwala pedintenan. Werna-werna

sing bakale dinggo antarane ana

nyamping bathik dhawane 3 meter, ageman

kebaya katun, sabuk lonthong, kamus kristik

mawi cathok kupu. Umume, bathik sing dinggokke

bocah corekane sing cilik-cilik kaya ta gringsing,

kawung, parang seling, utawa ceplok. Motif

ceplok kalebu pola geometris mozaik sing tinata

endah lan dadi cirine para bangsawan.

Kaya motif kawung sing wis ana wiwit abad IX

lan isa ditemokke neng patung-patung candhi.

Ana meneh motif gringsing sing ditulis neng

jero Kidung Harsa Wijaya seka abad XIII.

Carane nganggo busana sabukwala yaiku,

1/3 seka nyamping bathik mau diubetke seka

dhadha. Turahane 2/3 banjur dilempit kaya

wujud draperi. Menawa wis dadi, wujude draperi

kuwi ditalekke neng bangkekane bocah.

Pungkasane nek wis dadi, banjur ditaleni lan

disabuki nganggo sabuk lonthong. Ora lali, sak

njabane sabuk lonthong diwenehi kamus kristik.

Adate, ibu-ibu nyawang anake kurang marem

nek ora nganggo ‘raja kaya’ senajan mung

imitasi. Ananging, miturut aturan pengageman

kraton, sejatine raja kaya ora gathuk menawa

dinggokke marang bocah sing nganggo busana

sabukwala. Geneya kudu nganggo supaya

macak, olehe mung nganggo kalung utawa

ating-anting.

Menawa digatekke tenan, donyane bocah

kuwi mung ana seneng-seneng lan dolan. Busana

sing paling cocok kanggo Kartinian mestine

ya busana sabukwala. Busana iki cetha ora

bakal njiret bocah nalika dinggo. Apa meneh

nyencang utawa marakke mlaku kangelan.

Anggone jarikan cetha amba, isa dinggo mlayu

utawa bebuwang sakwektu-wektu. Kosokbalene

nalika bocah kudu nganggo jarik mlithit,

sandhal njinjit, gelungan dhuwur, kuwi malah

milara bocahe dhewe. Pancen bener ibu-ibune

banjur seneng ndelok anake ayu, kenes, mlaku

timik-timik, nanging busana Kartinian jaman

saiki sakjane malah nyiksa bocah.

Sejatine, busana sabukwala iki isih gampang

ditemoni neng satengahing masyarakat. Isih

okeh salon-salon sing nyewakke busana kang

pener, nanging cathetane angger gelem nggoleki.

Menawa wiwit cilik wis diajari bab kabudayan

sing bener tur pener, gedhene besok bocah

mesti bakal isa ngleluri tinggalane leluhur. Aja

ngangsi apa sing wis dadi ‘identitas’ Yogyakarta

saiki bakal ilang merga ora krumat. (ark)