28.04.2018 Views

JAWACANA-APRIL-2018

JAWACANA edisi perdana April 2018

JAWACANA edisi perdana April 2018

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

jawaban:

kathok dawa

Pemenang:

FAIZAL NOOR SINGGIH

Jl Kaliurang km 4,5 nomer 39, Kocoran,

Caturtunggal, Depok, Sleman,

Yogyakarta

08562876864 / 08987075166

noor_singgih@yahoo.com

STELLA MARIA

SMA Negeri 2 Yogyakarta

Perumahan Bale Asri P15,

Gamping, Sleman,

Yogyakarta

081946845773

dstellamaria15@gmail.com

Macapat

DHANDHANGGULA -

Tarjamah Al- Quran Surat An-Nisaa[4]: 59

Dening : Lutfianto, SS (Ki Lutfi Caritagama)*

He wong mukmin sira kabeh iki

Sira padha ngestokna mring Allah

Lan ngestokna utusane

Sarta Panguwasamu

saka sira kabeh

Lamun sira padha berdondi

Utawa pasulayan

Perkarane mau

Balekna perkara mring Allah lan Nabi

Kuwasa ing kiyamat

*Guru Bahasa Jawa SMAN1 Pajangan Bantul Yogyakarta

Alumni Sastra Jawa UGM

POCUNG – kancil

Dening : Paksi Raras Alit – Mantradisi

Kocap kacariyos risang bapa pocung

Owah aweh jaman

Tegal sawah tanpa tani

Sato kancil wuwus kelangan sasana

Bapa pocung kancil nora nyolong timun

Owah aweh donya

Jalaran mati lan mukti

Sato kancil ngalap bandhaning manungsa

KINANTHI – love song

Dening : Paksi Raras Alit – Mantradisi

Menawi diajeng purun

Samudra sat saguh mami

Nggayuhi lintang sepindah

Datan ajrih anglakoni

Jalaran saking katresnan

Lair batos dugi pati

Aduh yayi kenya nghulun

Mangertosa jroning galih

Kaimpi-impi kawangan

Atiningsun angresepi

Kuwatos menawa cidra

Jur mumur supenaneki

NGLAKONI urip dadi dhalang kuwi pancen gampang-gampang angel.

Gampange yen lagi pas musim hajatan akeh wong sing nanggap

pagelaran ringgit wacucal utawa wayang kulit sedalu natas. Kadhangkadhang

sedina sing nanggap ora mung siji nanging punjul seka loro

cacahe, njalari padha rebutan anggone golek dhalang sing apik kanggo

wayangan, kalebu aku, ya ora sombong nanging aku iki kalebu dhalang

sing lumayan moncer neng daerah kene. Kuwi kepenake, nanging

rekasane ya mesthi ana, ya kuwi yen pinuju lagi sepi ya kudu prihatin.

Prihatin tenan, amarga dhalang kuwi biasane ora dhewekan. Dheweke

kudu tanggungjawab marang rombongane yaiku para niyaga, sindhen,

lan liya-liyane. Dadi yen dhalange ora kepayon, otomatis wong sak

rombongan ya ora entuk hasil.

Wengi kuwi aku lagi nyelehake sirah neng bantal sakwise padu karo

ibune bocah-bocah. Apa maneh sebabe yen ora uba rampe neng pawon.

Bojoku wadul lan nesu-nesu amarga wis rong minggu iki aku ora isa

“njurung srakah.” Wong lanang sapa sing ora kemritik atine yen kudu

nampa swara-swara sing ngabangke kuping. Wiwitane ya isih isa sabar

ning suwe-suwe ya kudu ditanggapi tinimbang kedawa-dawa. Aku dudu

Puntadewa, Sang Nata neng Ngamarta sing sabare ngedab-edabi. Aku

iki dhalang sing biasane entuk keplok lan sorak penonton, digumuni

suluk lan sabetane, diguyu yen lagi nglucu, pokoke dadi lelanange

jagad sak madyaning yuda aran pagelaran ringgit wacucal. Ee…lha kok

diunek-unekke bojone. Tangan iki kudu kumlawe nggo gawe mingkeme

lambene bojoku sing wiwit mau ora leren-leren anggone guneman.

Saiki dheweke turu neng kamare bocah-bocah, purik. Ya wis ben, sesuk

mesthi ya wis bali normal maneh.

Lagi wae nyoba ngeremke mripat iki, nalika dumadakan ana swara

lawang dithothok.

Thok..thok..thok!

“Kula nuwun, kula nuwun pak Gito.”

Kanthi liyep-liyep aku ngurupke lampu ruang tamu. Sapa ya kira-kira

wengi-wengi ngene mertamu? Apa ora prayoga yen sesuk wae?

“Sinten nggih?”

“Kula, Sumpeno saking Giriwungu!” panyaute suwara neng njaba.

Jeneng kuwi durung nate dakrungu sakdurunge, Sumpeno sing endi

ya? Wah, mesthi pawongan iki kongkonan sing duwe gawe. Atiku kebak

pangarep-arep. Hmm, rejeki teka tan kena kinira. Ora apa-apa arepa

kudu meh tengah wengi aku nemoni tamu iki. Kanthi gita-gita aku

mbukak kunci lawang. Bareng dakbukak lawang kuwi, ndaheba kagete

yen neng njaba peteng dhedhet, aku ora bisa nyawang apa-apa. Kabeh

peteng lelimengan. Dakcoba melekke mripat iki ning rumangsaku padha

wae, melek apa merem kabeh mung peteng lan peteng! Ora watara

suwe, rumangsaku ana cahya sing cumlorot saya suwe saya gedhe lan

bareng aku sadhar rasane awakku wis lungguh neng kursi kayu. Nanging

kena apa iki? Tangan lan sikilku ditaleni karo kursi persis kaya durjana

sing kecekel lan siap kena paukuman. Babar pisan aku ora isa obah,

ambeganku sesek, sirahku rasane abot banget, bisaku mung kelapkelip,

iki aku ana ngendi?

Dumadakan ana pawongan nyeraki aku. Pawakane gedhe dhuwur

kanthi cahya netrane sing abang mbranang. Rambute ireng kaku.

Brengose kandel lan rada brewok gawe praupane ketok saya serem

lan angker. Ndhuwurane nglegena tanpa nganggo klambi. Awakke

gagah pideksa. Otot-otote metu nuduhake yen asring olah kanuragan.

Ning kenapa aku ora ngerti, rumangsaku pawongan kuwi nduwe

pangaribawa sing kuwat. Ana aura sing gawe sapa wae bakal nggregeli

yen adhep-adhepan karo dheweke.

“Gito, kowe isih kelingan aku?” pitakone sora. Ambegane seru lan

abot. Swarane gedhe lan merbawani. Ana rasa sing jero lan kaya nahan

nesu nalika dheweke guneman. Durung nganti dakjawab dheweke

nerusake tembung.

“Iki aku, kowe tansah ngelek-elek aku. Ya dakakoni, aku sing nyolong

Sinta lan dakgawa bali neng Ngalengka,” sambunge.

Pikiranku nyandhak nalika dheweke nyebut jeneng Ngalengka, kuwi rak

kratone Dasamuka, ya Rahwana sing jumeneng nata. Rahwana sing gawe

ontran-ontran amarga nyolong Dewi Sinta seka guru lakine ya Sri Ramawijaya.

Cekaking crita, Sri Rama njaluk tulung Subali lan Sugriwa sing nguwasani

wadya bala wanara supaya nggrudug Ngalengka sing kabeh isine para

raseksa. Akeh lakon sing dijupuk seka crita kuwi mau, ana Rama Tambak,

Gugure Kumbakarna, lan ora lali Anoman Obong sing moncer dadi judul

lagu kae. Wah, jebul pawongan sing gagah gedhe dhuwur kuwi Rahwana?

Banjur apa karepe nyekel aku kaya ngene? Rahwana ya Dasamuka kuwi

rak gur ana neng crita wayang, lha iki kok nitis dadi manungsa? Durung

nganti bisa mikir sareh pawongan kuwi nerusake tembunge kanthi sora.

“Iya, Aaa…aku ngerti, terus iki kena ngapa aku dibanda kaya ngene?,”

pitakonku karo nggregeli.

“Iki amarga pokal gawemu, aku njaluk keadilan,” semaure sora.

“Keadilan apa? Aku kuwi gur dhalang sing menehi panglipur marang

para sutresna wayang,” jawabku.

“Ya amarga kowe dhalang aku njaluk keadilan, kowe tansah daksiya

marang aku, kowe kudu ngerti Gito…kudu ngerti lan gelem ngrungoke

aku,” kandhane kanthi mandeng. Aku tansaya kamigilanen, ora bisa

njawab apa-apa.

“Mangertiya Gito, aku wis ngumpulake kabeh punggawa lan wadya

bala Ngalengka. Wus dakandharake kabeh mula bukane aku nyolong

Sinta. Kabeh kuwi mau dudu amarga nepsu birahi sing kaya mbok

sebut-sebut, ora!”

“Yen amarga nepsuku, ora kangelan aku ngrudapeksa Sinta jer

dheweke wis ana neng tanganku. Aku mung njaluk Sinta supaya gelem

dadi garwa prameswari. Garwa sing dakarep-arep bakal nurunake

putra-putra Ngalengka sing bisa gawe kuncarane negari. Kuwi amarga

aku ngerti sapa saktenane Sinta, para Dewa wis ngandharake menawa

Sinta kuwi saktenane titisane Dewi Sri, ya Dewi sing nyekel raharjane

donya. Kanthi lumantaran Sinta, negara Ngalengka iki bisa rahayu,

gemah ripah loh jinawi lan tata titi tentrem karta raharja kaya kandhamu

nalika antawecana kae. Dadi niyatku apik, Gito, apik!”

“Ya, apik. Nanging…nanging…caramu ku..kuwi ora bener?” kandhaku

kanti nggregeli.

“Ora bener kepiya ha?,” semaure karo nggetak.

“Kabeh kuwi amarga aku tresna marang negaraku, aku pengen negaraku

Sastra Jawa

Cerkak:

Rahwana gugat

06

bisa mukti. Mukti negarane amarga mukti kawulane. Mukti kawulane kuwi

kudu diwiwiti seka ratune sing jejeg lan adil, ambeg palamarta, lan nduweni

sikap satriya luhur. Mula kuwi aku ngendharat Sinta. Nanging kowe kudu

ngerti, babar pisan aku ora nate meksa marang Sinta. Kanthi satriya aku

njaluk dheweke supaya gelem dadi garwaku. Ya, pancen sakdurunge

dheweke ora gelem minangkani panjalukku, nanging bareng ngerti sikap

lan tindak-tanduke Sri Rama dheweke malih pikire. Sri Rama, priya sing

jare tresna marang Sinta, nyatane ora nduweni sikap satriya. Dheweke ora

gelem mapag Sinta neng Ngalengka malah njaluk tulung para wanara.

Rama milih perang, adu-adu kekuwatan kanthi golek bala. Dheweke njanjeni

Sugriwa lan Subali menawa unggul yuda bakal bisa nguwasani Ngalengka

sakisine. Apa kuwi sing jenenge sikap satriya?”

“Kowe ngerti, nalika Anoman sowan neng Ngalengka, karepe arep

ngajak Sinta bali, lunga seka tamansari Ngalengka, nanging Sinta ora

gelem amarga Sinta kuwi putri sing luhur, berbudi bawa leksana, ora

kulina tinggal glanggang colong playu. Nalika semana Sinta weling

marang Anoman supaya Rama dhewe sing methuk slirane.”

“Kabeh wadyabala lan punggawa Kraton Ngalengka padha sarujuk

marang aku lan sikapku kuwi. Kabeh sumadya labuh negari bela pati.

Bebasan sedumuk bathuk senyari bumi Ngalengka bakal dilabuh labeti.

Nanging siji sing rada dadi kuciwaning ati iki. Adhiku dhewe ya Wibisana,

slirane malah mlayu lan melu mbelani Rama. Mesthi kowe wis ngerti

apa karepe to? Amarga dheweke pingin kuwasa, pingin sinengkakake

neng ngaluhur dadi jumeneng nata neng Ngalengka nanging kanthi

cara-cara sing nista. Ah...saben manungsa nduweni lakon dhewe-dhewe

lan kudu siyap nampa apa sing mbiyen tinandur.”

“Adhiku sing liyane, Kumbakarna lan Sarpakenaka, arepa dheweke kuwi

raseksa, rupane ala nggegirisi, nanging nduweni ati kang jujur tur luhur.

Kumbakarna bekti marang negarane, sumadya lan ikhlas maju neng yuda

lan tiwas dadi kusumaning negara. Aja disawang seka rupa lan busana!

Aja nyawang seka netramu, Gito! Sawangen kanthi ati sing permati lan

sliramu bakal ngerti apa kuwi bener kang sejati!”

“Dadi menungsa aja emban cindhe emban siladan, tansah nyawang

iki bener kae luput, aku mesthi bener lan kowe mesthi luput! Ora bisa!

Neng bener kuwi ana lupute lan neng luput kuwi ana benere!”

“Dadi dhalang kuwi kudu adil lan waskita, ora gampang gawe lakon

amarga kabeh gumantung lathi, tangan lan pikirmu. Kowe kudu bisa

milah lan milih. Kowe kudu isa ngonceki perkara. Ora mung seka bener

lan luput, nanging uga becik lan ora becik, wangun lan ora wangun!”

“Kowe kudu diukum Gito, kowe durung isa dadi dhalang sing luhur.

Dhalang sing isa nuduhake tuntunan ora mung tontonan. Dhalang sing

sejatine dhalang!”

Aku nggregeli, ndrodhog ora karuwan krungu suwara pawongan

gedhe dhuwur kuwi mau. Kabeh ukara lan tembunge rasane kaya ewon

dom sing mlebu lewat kuping lan tumancep jroning sirah njalari rasane

sirahku tansaya abot. Keringetku sakgrontol-grontol dleweran nelesi

awakku kabeh. Aku ora isa suwala nalika pawongan kuwi mau nglolos

pulanggeni ligan seka bangkekane. Keris kuwi mau cahyane cumlorot

abang semu kuning. Kanthi alon dheweke nyeraki aku, netrane mandeng,

sorote jero lan kebak rasa nesu sing ora bisa diampet maneh. Nalika

tangan kuwi kumlawe, aku njerit sakrosane.... Tuluuuung!!

Tanganku isih krasa dijagal dening wong pirang-pirang. Dakbukak

mata iki, daksawang bojoku nangis ngaru-ara, anak-anakku kabeh uga

padha nangis lan ngrangkul aku, “Bapak...bapaak...ampun seda riyin

pak...ampun ninggalake kula pak....bapaak...!”

Aku unjal ambegan landhung, kabeh padha lega amarga ngerti aku

wis sadhar. Anakku sing mbarep age-age njupuk banyu putih sak gelas,

diulungake, lan nyawang aku kanthi sorot sing kebak pitakon. Kabeh

wong padha nyawang aku. Aku mung dheleg-dheleg.

Penulis:

Ari Sulistyo, lair neng Gunungkidul lan seneng nulis wiwit isih kuliah.

Geguritan lan cerkak anggitane kamot neng buku antologi kampus lan

Majalah Djaka Lodhang. Presenter Bahasa Jawa neng JogjaTV iki ngaku yen

isih sinau nulis mligine basa Jawa. Saiki isih ngangsu kawruh neng

Universitas Gadjah Mada jurusan S3 Studi Kebijakan.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!