28.10.2014 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

360

bumi, surak wadya bala Purwacarita. Woo… sasat sinebit talingane

Patih Bramangkara. Ora kuwat ngengkrek hardane nafsu sakala

mundur saka palagan. Ora mundur kalah, emut ngembun dhawuh

saking bendara Prabu Jalawalikrama. Ora ditekati sarana amung lara

yen perlu nganti pecahe dhadha wutahing getih kang pungkasan.

Den rapal aji jaya kawijayane, den beber kanuragane, silem kebatinane

cukul kramate. Tandang Patih Bramangkara sajak sajagat pilih

tandhinge.

Gangsa mungel Alap-alapan laras Slendro pathet Wolu, sinaretan

patih Bramangkara dawah saking gegana, Patih Bramangkara bangkit

majeng perang malih. Ringgit sami adepan. Gendhing kasirep lajeng

tantangan.

Ginem.

151. Bramangkara : Pisan maneh kalah karo Patih Mangkupraja

tak guroni sak anak rabimu.

152. Mangkupraja : Ayo….ketogen karosanmu Bramangkara, suwe

mijet wohing ranti aku bakal nguntabna

nyawamu.

153. Bramangkara : Keparat…!!!

Gendhing wudhar lajeng perang malih, kalajengaken prang gada.

Patih Bramangkara kasoran, kawedalaken saking tengen dawah tengah

jagadan, ringgit marep manengen tancep paseban kiwa mengkurep.

Mujeni lan Mundu medal saking kiwa manengen, Mujeni tancep

paseban tengen marep mangiwa sak ngajengipun patih, Mundu

tancep paseban kiwa marep manengen sak wingkingipun patih. Gendhing

suwuk. Lajeng ginem.

Ginem.

154. Bramangkara : Pak Mujeni, oo…., mati aku kik…

155. Mujeni : Wau mpun kula aturi, ndara mboten dahar atur

kula, saapa Bramangkara, aja mapak siji wadya

bala Purwacarita, lek perlu sewu bareng

maju kroyoken Braamangkara. Sakniki yok’

napa.

156. Bramangkara : Iya kik ……, Patih Mangkupraja nyata sekti punakawaaan…

157. Mujeni : Pramila tiyang niku aja sok tebah jaja sapa sira

sapa ingsun, ngoten… eling wonten jaya wonten

apes, sakti jaya digdayane ndara Patih

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!