28.10.2014 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

388

431. Kuswanalendra : Sing ngati-ati aja kaya bocah yayi…

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Sanga.

Ringgit kaentas mangiwa kawiwitan saking berjanggapati, Semar,

Bagong, lajeng Kuswanalengra. Berjanggapati majeng saking tengen

papagan lan Jalawalikrama. Ringgit sami tancep ing siti inggil. Gendhing

suwuk lajeng bendhengan

Bendhengan

3 3 3 3 3 3 3 32 2 2 6 3 53 3

Angkawijaya sekar ti – nu lis, Wong mer ta pa

1 2 3 35 3 1 21 1 1

Wong mer ta pa la li pu – tranya umpak : 5 3 2 1

Ginem.

432. Berjanggapati : Apa iki kang jejuluk Prabu Jalawalikrama

433. Jalawalikrama : Dhasar kepara nyata, iki sapa iki ?

434. Berjanggapati : Adhine kakang Kuswa, aku Raden Berjanggapati.

435. Jalawalikrama : Dulure Kuswa…. Karepmu apa ?

436. Berjanggapati : Nyambung watang putunge dulurku tuwa

kang katone wus kalindhih ing prang lumawan

sliramu. Saiki adhine kang bakal saguh

ngisas cagake kupingmu.

437. Jalawalikrama : Ellho,...ha...ha...ha…. Berjanggapatoooiii…

Berjanggapati. Mesisan gawe, ayo ketogen

karosanmu.

438. Berjanggapati : Sura mrata jaya mrata, sudira kang wani

mati (GADHINGAN), Jalawalikrama, aja dumeh

cilik Berjanggapati dhuwur sliramu aku

ora ngandhani, dhuwur Jalawalikrama aku

ora ngrangsang, kanthi tengara pedhote gulumu

minangka tandha yen ta bakal den tekakna

jaman rat pengadilane Jalawalikrama.

439. Jalawalikrama : Waaah..Ora kena dieman untapne nyawamu...

440. Berjanggapati : Tak ladeni…..

Gangsa mungel Ayak Kempul Kkerep laras Slendro pathet Sanga,

ringgit sami perang sawetawis. Lena Jalawalirama kaicak dening

Berjanggapati. Gendhing suwuk (gong 1,) Berjanggapati nuli sumbar.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!