28.10.2014 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

398

pinggir. Ringgit begawan Kumbakinumba medal saking sisih tengen

sesarengan dawah gong, nuli tancep siti inggil tengen. Saking sisih

kiwa medal raden Wangsatanu, atur sembah nuli tancep paseban kiwa.

Raden Wangsajalma medal saking kiwa, atur sembah nuli tancep

paseban kiwa sak wingkingipun Raden Wangsatanu. Raden Kalakirna

(Resaseputra) medal saking sisih kiwa, atur sembah nuli tancep

paseban tengen sak ngajengipun begawan Kumbakinumba.

Gendhing sirep lajeng janturan.

Janturan Pertapaan Leburgangsa

Nenggih ta punika ingkang mapan wonten dhempok Jenang Gangsa.

Yen ta den leluri nyata punika putranipun Sang Kumbakarna. Ing

kalenggahan mangke sampun mapan lenggah sang hambeg pendhita,

Begawan Kumba-Kinumba. Nadyan ta wujude reksasa sagiri suta

agengira, nanging ora beda klawan ingkang rama Kumbakarna, watak

luhur ing budi estu anggenipun nggayuh kasampurnan jati mbenjang

sageta manitis dhateng jalma lumrah ingkang watak utama. Kaadhep

ingkang putra sekawan perkawis, ingkang pambajeng punika

sang Wangsatanu. Sawingkingipun Wangsatanu inggih punika sang

Wangsajalma miwah Kalakirna. Kalakirna benten lan sedherek-sedherekipun

mawa cacad kebak memala, bekonyoken udunen korengen

sasat ora ana wutuhe ragane. Nggennya sapejagong den

adhep ingkang putra ndadosaken bingahing penggalih sang wiku Begawan

Kumba Kinumba. Sigra andangu keng putra dene kok benten

kalayan adat sabenipun anggenipun anggubel dhateng piyambakipun.

Mangkana pandangunipun dhateng ingkang putra sekawan

perkawis : “He he…. anak-anakku ngger, Wangsatanu, Wangsajalma,

Kalakirna. Kono-kono ngger kepenakna anggonmu marak sowan

ana ngarsaku……..

Gendhing udhar nuli suwuk, kalajengaken sendon. Sak telase sendon

nuli ginem.

Sendon

1 1 1 1 1 1 61 32

Yana mandhap ing ngarsa, o

3 3 3 321 1 1 1 1 1 2-13

Bibrignya lir kala kasiku, O

2 2 2 2 2 2 2 2 2 2 1-6 3-21

Kolangkeyan anak-anak nir bi ta, O

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!