12.07.2015 Views

TRADHISI “JEMBUL TULAKAN” ING DESA ... - Andy Nuriman

TRADHISI “JEMBUL TULAKAN” ING DESA ... - Andy Nuriman

TRADHISI “JEMBUL TULAKAN” ING DESA ... - Andy Nuriman

SHOW MORE
SHOW LESS
• No tags were found...

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

TRADHISI “JEMBUL TULAKAN” ING DESA TULAKANKECAMATAN DONOROJO JEPARA LAN PIGUNANIPUNTUMRAP BEBRAYANSKRIPSIDening:Melia Fitriana Aida06430317PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWAFAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENIIKIP PGRI SEMARANG2010i

TRADHISI “JEMBUL TULAKAN” ING DESA TULAKANKECAMATAN DONOROJO JEPARA LAN PIGUNANIPUNTUMRAP BEBRAYANSKRIPSIDipunajengaken Minangka Sarat Kangge Njangkepi Gelar SarjanaPendidikan Bahasa dan Sastra Jawa IKIP PGRI SemarangDeningMelia Fitriana Aida06430317PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWAFAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENIIKIP PGRI SEMARANG2010ii

SKRIPSITRADHISI “JEMBUL TULAKAN” ING DESA TULAKAN KECAMATANDONOROJO JEPARA LAN PIGUNANIPUN TUMRAP BEBRAYANIngkang dipunanggit lan dipunajuaken dening:MELIA FITRIANA AIDANPM. 06430317\Dipunsarujuki dening pembimbing kangge dipunujikakenwonten ing ngajengipun Dewan Pengujiwonten ing surya kaping Juni 2010Pembimbing I,Pembimbing II,Sutadi, S. Pd, M. Pd.Totok Yasmiran, S.S.NPP. 196705041990031012FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENIIKIP PGRI SEMARANGiii

SKRIPSITRADHISI “JEMBUL TULAKAN” ING DESA TULAKAN KECAMATANDONOROJO JEPARA LAN PIGUNANIPUN TUMRAP BEBRAYANIngkang dipunsusun lan dipunajengaken deningMelia Fitriana AidaNPM.06430317Ingkang dipuntetepaken ing sangajengipun Dewan PengujiNalika surya kaping 7 Juli 2010 lan dipuntetepaken sampun njangkepi saratDewan PengujiPanyitraDra. Sri Suciati, M.HumDra. H.R. Utami, M.HumNPP. 196503161990032002 NPP. 916301071Penguji 1:1. Sutadi, S. Pd., M. Pd. ( )NPP. 196705041990031012Penguji II:2. Totok Yasmiran, S.S. ( )Penguji III:3. Bambang Sulanjari, S.S. ( )NPP. 077001187FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENIIKIP PGRI SEMARANGiv

SESANTI LAN PISUNGSUNGSesanti‣ Kanthi kreativitas panjenengan, panjenengan saged kagunganlelabetan wonten ing pundi kemawon.Pisungsung‣ Allah Ingkang Maha Agung‣ Bapak lan Ibu ingkang kula bekteni‣ Mas Bagas ingkang sampun paring motivasi lansemanget anggen kula ndamel skripsi‣ Kanca-kanca angkatan 2006 mliginipun kelas Hingkang sampun biyantu lan sesarengan sinau ingIKIP PGRI Semarang.v

ATUR CECELAAlhamdulillah, panyerat ngaturaken puja-puji syukur konjuk ingngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Awit saking limpahan rahmat sartahidayah-Ipun, pramila panyerat saged ngrampungaken skripsi punika ingkangasesirah “ Tradhisi “Jembul Tulakan” ing Kecamatan Donorojo Jepara TumrapPagesangan Bebrayanipun”, kanthi sae lan boten wonten alangan setunggalpunapa.Salebetipun skripsi punika, panyerat nglenggana bilih skripsi punika taksihkedah dipun jangkepi, awit saking winatesing kawruh panyerat. Tanpa pitulungansaha pitedah saking sedaya tiyang, mliginipun panggulawentah saking DosenPembimbing kula, skripsi punika boten saged dirampungaken. Awit saking punikaing kalodhangan punika panyerat ngaturaken sembah nuwun ingkang tanpa upamidhumateng ingkang sampun paring pambiyantu.1. Muhdi, S.H, M.Hum., Rektor IKIP PGRI Semarang ingkang sampunparing idin panaliten.2. Dra. Sri Suciati, M.Hum. Minangka Dekan FPBS IKIP PGRI Semarangingkang sampun paring idin nyusun skripsi punika.3. Dra. H.R. Utami, M.Hum., Minangka Pangarsa Program Studi PendidikanBahasa dan Sastra Jawa IKIP PGRI Semarang ingkang sampun maringisemangat lan kawruh ingkang sanget migunani.4. Sutadi, S. Pd., M. Pd., Minangka Pembimbing I ingkang sampun maringipanggulawentah saha pitedah kanthi sae tuwin wicaksana pramila skripsipunika saged dipunrampungaken kanthi sae.vi

5. Totok Yasmiran, S.S. Minangka Pembimbing II ingkang sampun sumadyangalodhangaken wekdal saperlu kangge maringi pitedah sahapanggulawentah kanthi sae.6. Bapak saha Ibu Dosen Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa,ingkang sampun maringi kathah kawruh kangge cepengan damel skripsipunika.7. Para Kadang sutresna Program Studi Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa,ingkang sampun njumurung lan paring greget tumrap panyerat kanggengrampungaken skripsi punika, lan sedaya tiyang ingkang boten sageddipunsebataken dening panaliti.Ing wasana, panyerat namung saged atur sembah nuwun ingkangtanpa upami dhumateng sinten kemawon ingkang sampun mbiyantuanggen kula ngrampungaken skripsi punika. Mugia amal sarta budi saeingkang sampun dipunparingaken tumrap panyerat, pikantuk piwalesawujud ganjaran ingkang matikel-tikel saking Gusti Allah SWT, Amin.Semarang, 07 Juli 2010Panalitivii

SARIPATHIMELIA FITRIANA AIDA. NPM 06430317. “ Tradhisi “Jembul Tulakan” ingDesa Tulakan Kecamatan Donorojo Kabupaten Jepara lan PigunanipunTumrap Bebrayan. Skripsi Program Studi Bahasa dan Sastra Jawa.Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. IKIP PGRI Semarang. 2010.Pembimbing I Sutadi, S. Pd., M. Pd. Pembimbing II Totok Yasmiran, S.S.Wosing Tembung : Tradhisi “Jembul Tulakan” Tumrap Pagesangan Bebrayan.Tradhisi “Jembul Tulakan” punika salah setunggaling tradhisi, ingkangsampun dipunpitados lan dipunanggep mitos dening bebrayan KecamatanDonorojo. Rancangan momotan ing panaliten, kados pundi sejarah mulabukanipun tradhisi“Jembul Tulakan” ing Kecamatan Donorojo, Kados pundipamanggihipun bebrayan Kecamatan Donorojo ngengingi wontenipun tradhisi“Jembul Tulakan”, lan nilai pendidikan ing salebetipun tradhisi Jembul Tulakan.Panaliten punika nggadhahi ancas supados mangertosi sejarah mula bukanipunTradhisi “Jembul Tulakan”, ugi kangge mangertosi persepsi bebrayan lanmupangat tradhisi “Jembul Tulakan” tumrap pagesangan bebrayanipun. Mupangatpanaliten kaperang dados kalih, mupangat teoriris lan praktis.Teori ing panaliten punika migunakaken teori folklor ingkang fokusipunbabagan kabudayan, tradhisi lan mitos. Tradhisi ingkang dipunpitados bebrayanpunika nyariosaken tapa bratanipun Ratu Kalinyamat ingkang males ukumdhumateng Arya Penangsang. Tradhisi punika dipunlampahi wulan Apit dintenSenin. Kangge ngurmati tapanipun Ratu Kalinyamat punika ing jaman kalarumiyin bebrayan sesarengan ngawontenaken tradhisi “Jembul Tulakan”.Ananging saking ngrembakanipun jaman, tradhisi punika maknanipundipuntambah dados acara sedekah bumi lan kangge nelakaken raos syukurdhumateng Allah SWT.Panggenan panaliten punika wonten ing dhusun Tulakan KecamatanDonorojo Kabupaten Jepara Propinsi Jawa Tengah. Panaliten punika kalebetpanaliten Deskriptif Kualitatif. Pangempalan datanipun lumantar sakingobservasi, wawancara, kapustakaan lan dokumentasi. Teknik analisis datasalebetipun panaliten inggih punika tahap nyerat data, deskripsiaken, nganalisislan mendhet dudutan.Asil panaliten punika nyebataken bilih tradhisi “Jembul Tulakan”, cariyosmula bukanipun punika dumados saestu, saengga bebrayan sapunika nindakakentradhisi punika minangka nelakaken raos syukur dhumateng Allah SWT, lanparing pakurmatan dhumateng Ratu Kalinyamat.Dudutan asil panaliten punika nyebataken mula bukanipun tradhisi“Jembul Tulakan” wonten gegayutanipun kalinyan Ratu Kalinyamat minangkadanyang dhusun Tulakan, lan tradhisi “Jembul Tulakan” gadhah nilai pendidikan.Pamrayoginipun asil panaliten tradhisi “Jembul Tulakan” minangka tradhisiingkang kedah dipun lestarekaken dening bebrayan lan dipunsengkuyung deningpamarintah.viii

ABSTRAKMELIA FITRIANA AIDA. NPM 06430317. “ Tradhisi “Jembul Tulakan” ingDesa Tulakan Kecamatan Donorojo Jepara lan Pigunanipun TumrapBebrayan. Skripsi Program Studi Bahasa dan Sastra Jawa. FakultasPendidikan Bahasa dan Seni. IKIP PGRI Semarang. 2010. Pembimbing ISutadi, S. Pd., M. Pd. Pembimbing II Totok Yasmiran, SSKata Kunci : Tradhisi “Jembul Tulakan” Tumrap Pagesangan Bebrayan.Tradisi “Jembul Tulakan” adalah salah satu tradisi yang dipercaya dansudah dianggap mitos oleh masyarakat Kecamatan Donorojo sejak jaman dahuluhingga sekarang. Rancangan Permasalahan didalam skripsi ini adalah bagaimanaasal mulanya tradhisi “Jembul Tulakan” di Kecamatan Donorojo? Penelitimempunyai tujuan supaya mengerti bagaimana asal-usul tradisi “JembulTulakan”, juga persepsi masyarakat dan manfaat tradisi “Jembul Tulakan”terhadap kehidupan dimasyarakat. Manfaat penelitian dibagi menjadi dua yaitu,manfaat teoritis dan praktis.Teori yang digunakan dalam penelitian ini adalah teori folklor yangterfokus pada kebudayaan, tradisi, dan mitos. Tradisi yang dipercaya olehmasyarakat itu menceritakan pertapaan Ratu Kalinyamat yang mengucap janjiakan balas dendam terhadap Arya Penangsang, karena Arya Penangsang sudahmembunuh suami Ratu Kalinyamat. Tradisi ini dilakukan satu tahun sekali bulanApit hari Senin. Untuk menghormati Ratu Kalinyamat pada jaman dahulumasyarakat mengadakan tradisi “Jembul Tulakan”, tetapi dengan berkembangnyajaman tradisi itu bertambah maknanya menjadi acara sedekah bumi dan mengucaprasa syukur kepada Allah SWT.Tempat penelitian itu berada didesa Tulakan Kecamatan DonorojoKabupaten Jepara Propinsi Jawa Tengah. Penelitian itu termasuk dalam penelitianDeskriptif Kualitatif. Teknik pengumpulan datanya berasal dari observasi,wawancara, kapustakaan, dan dokumentasi. Teknik analisis data didalampenelitian ini dimulai dari tahap mencatat, mendiskripsikan dan mengambilkesimpulan.Hasil dari penelitian menyebutkan bahwa tradisi “Jembul Tulakan” itucerita asal mulanya benar-benar terjadi, sehingga masyarakat melakukan tradisi“Jembul Tulakan” untuk mengucap syukur kepada Allah SWT, dan memberpenghormatan kepada Allah SWT.Kesimpulan hasil penelitian adalah menyebutkan asal mula tradisi “JembulTulakan” ada hubungannya dengan Ratu Kalinyamat selaku danyang desaTulakan. Pendapat masyarakat mengenai tradisi “Jembul Tulakan” dan tradisi“Jembul Tulakan” mempunyai nilai pendidikan. Saran dalam penelitian ini adalahtradisi “Jembul Tulakan” adalah tradisi yang unik, oleh karena itu harusdilestarikan oleh masyarakat dan didukung oleh pemerintah.ix

DAFTAR ISIIRAH-IRAHAN........................................................................................ iPASARUJUKAN...................................................................................... iiPANGESAHAN........................................................................................ iiiSESANTI LAN PISUNGSUNG.............................................................. ivATUR CECELA....................................................................................... vSARIPATHI ............................................................................................. viiABSTRAK ................................................................................................ viiiDAFTAR ISI............................................................................................. ixBAB I. PURWAKA .............................................................................. 1A. Landhesan Pamilihing Irah-irahan ................................... 1B. Momotaning Perkawis .................................................... 5C. Ancasing Panaliten .......................................................... 6D. Mupangating Panaliten..................................................... 6E. Panagesing Tembung ....................................................... 7F. Metodhe Panaliten............................................................ 12G. Tata Rakiting Panyeratan ................................................. 18BAB II. LANDHESANING TEORI ................................................... 20A. Wujuding Kabudayan ...................................................... 20B. Folklor ............................................................................. 23C. Mitos ................................................................................ 27D. Tradhisi. ........................................................................... 29E. Nilai Pendidikan............................................................... 30BAB III. TRADHISI LAN MUPANGAT PENDIDIKANTRADHISI “JEMBUL TULAKAN” ING DESATULAKAN KECAMATAN DONOROJOKABUPATEN JEPARA ................................................. 34A. “Jembul Tulakan” ............................................................ 34x

B. Persepsi Bebrayan Gegayutan Tradhisi “JembulTulakan” ........................................................................... 55C. Nilai Pendidikan ing salebetipun Tradhisi “JembulTulakan” .......................................................................... 58D. Mupangat Tradhisi “Jembul Tulakan” Tumrap BebrayanPanyengkuyungipun ......................................................... 62BAB IV. DUDUTAN LAN PANYARUWE .......................................... 66A. Dudutan .............................................................................. 66B. Panyaruwe ........................................................................... 67KAPUSTAKAN ....................................................................................... 68LAMPIRANxi

BAB IPURWAKAA. Landhesan Pamilihing Irah-IrahanManungsa punika anggenipun gesang ing bebrayan boten sageduwal saking kabudayan. Bebrayan Jawi mliginipun ingkang sikapgesangipun adhedhasar adat istiadat tata cara Jawi ingkang kawarisakendening leluhuripun. Kabudayan minangka asiling cipta, rasa lan karyamanungsa punika, nggadhahi piguna ingkang karaos sanget ingpagesangan. Mupangat kabudayan ingkang dipunlandhesi kaliyan nilainilailan norma-norma punika, mangke saged marbawani gesang ingbebrayan.Sastra ingkang asring dipunprangguli ing bebrayan punika sastralisan. Kalebet kawedharan kabudayan, sastra lisan punika kalebet folklorlisan. Folklor inggih punika kabudayan kolektif ingkang wonten ingbangsa, ingkang sumebar ing salebeting wujud lisan utawi gerak isyaratpramila ewah gingsir sambet-sumambet saking generasi dhateng generasiselajengipun Danandjaya mratelakaken ( ing Purwadi, 2009: 1) Sageddipuntingali menawi sastra lisan punika raket kaliyan pagesangipunmanungsa, amargi dipunsarujuki dening bebrayan Jawi kaliyan alam.Tandha-tandhanipun punika saged dipunraosaken dening bebrayan lanalam. Sastra lisan nggadhahi pesan, gagasan, sarta bobot nilai sastraingkang saged dipuntampi lan dipunraosaken dening babrayan ingkang1

2nyengkuyung. Wontenipun sastra lisan nggadhahi gegayutan kanthilangsung kaliyan bebrayan ingkang tuwuh lan ngrembaka ing madyanipunbebrayan, ingkang kawarisaken kanthi turun-temurun lan dadosgadhahanipun bebrayan.Saking sedaya bentuk folklor ingkang asring dipunteliti para ahliinggih punika cariyos gancaran rakyat. Miturut Bascom mratelakaken ( ingDananjaya (1986: 50) cariyos gancaran rakyat wonten tiga, inggih punikamitos, legenda lan dongeng. Bebrayan ugi pitados dhateng kawontenaningmitos, menawi mitos boten kasebat boten wonten blegeripun anangingbebrayan tasih pitados menawi mitos wonten ing tengah-tengahipunbebrayan. Cariyos rakyat utawi mitos dipunsarengi kaliyan wontenipuntradhisi-tradhisi. Tradhisi kalebet wujudipun tatacara-tatacara ritual,dolanan-dolanan Jawi utawi tarian rakyat (Budianta, 1990: 243).Peursen (1988 : 11) ngandharaken bilih kabudayan punika kalebettradhisi, tradhisi ingkang ngandhut pangertosan pawarisan utawinglajengaken norma-norma, adat-istiadat kaidah-kaidah lan bandha danya.Wosipun tradhisi punika boten saged diewahi ananging manunggal kaliyantindak-tanduk manungsa.Tradhisi inggih punika warisan saking sesepuh ingkang awujudnorma-norma, adat-istiadat, kaidah-kaidah lan ugi warisan (bandha danya)Tradhisi ingkang dipunsarengi kaliyan cariyos rakyat utawi mitos dadosperanganing kajian folklor. Supados saged mangertosi wujudipun tradhisiingkang sesambetan kaliyan mitos, kedah dipunginakaken kajian folklor.

3Miturut pratelan saking tiyang ingkang tasih nguri-nguri tradhisi“Jembul Tulakan”, wontenipun tradhisi menika wiwit jaman paprintahanNyai Ratu Kalinyamat. Tatacara tradhisi kangge njurung asipat batosgegayutan kaliyan sumpah Ratu Kalinyamat. Nami “Jembul” Punika mulabukanipun saking pirantos ingkang dipunginakaken, inggih punika delingingkang dipunirat (disisir) ing tatacara tradhisi “Jembul Tulakan” wontenkalih werni Jembul, antawisipun Jembul lanang lan Jembul wadon. Jembullanang blegeripun deling ingkang dipunparingi rerenggan lan dipuniratalit-alit pramila deling punika saemper kados mustaka ingkang wontenrikamanipun, ing salebetipun wonten jadah (gemblong, jenang) Jembulwadon ugi kadamel saking deling, ananging boten dipunparingi rerenggankados Jembul lanang, lan ing salebetipun wontensekul ambengan lanulamipun.Samenika tradhisi “Jembul Tulakan” badhe cures jalaran wontenlelawanan antawisipun generasi sepuh lan generasi mudha. Dipuntingalisaking sarengating agami ugi nggadhahi kathah lelawanan. Anangingsaking bebrayan dhusun Tulakan lan pamarintah Kabupaten Jepara tasihpurun nguri-nguri tradhisi punika, saumpami boten dipunlampahi ugiboten wonten sangsinipun. Saking lelawan punika ndadosaken tradhisi“Jembul Tulakan” nggadhahi makna ingkang tambah lan rerangkeningtatacara ingkang ewah. Adhedhasar punika pramila prelu pamanggihingbebrayan tumrap tradhisi “Jembul Tulakan”, jalaran nggadhahipangribawa ingkang sami maringi asil kangge karya sastra lan

4bebrayanipun. Tradhisi “Jembul Tulakan” punika namung setunggalwonten ing dhusun Tulakan, boten wonten sanesipun. Bebrayan lanpamarintah panyengkuyungipun kedah mbudidaya supados tradhisi“Jembul Tulakan” punika tansah ngrembaka wonten ing madyaningbebrayan, mliginipun bebrayan Jawi.Miturut Herimanto (2008:35) ewahing kabudayan inggih punikababagan ingkang kadadosan saking wontenipun babagan ingkang beda lanboten selaras malih.Mula bukanipun wontenipun tradhisi, limrahipun wonten faktorpanyengkuyungipun bebrayan nglampahi tradhisi “Jembul Tulakan”punika. Manawi dipuntingali bebrayan nglamapahi tradhisi “JembulTulakan” punika supados angsal berkah saking Allah SWT lan ingkangtetanen asil buminipun kathah.Wonten kalih motif ingkang dadosaken bebrayan nglampahitradhisi “Jembul Tulakan” punika:1. Motif Sejarah; amargi tradhisi “Jembul Tulakan” punika ing jamanrumiyin kangge pakurmatan dhumateng Ratu Kalinyamat minangkadanyang dhusun Tulakan.2. Raos syukur dhumateng Allah SWT , amargi sampun dipunparingi asilbumi ingkang kathah, pramila bebrayan nglampahi tradhisi punika.Tatacara tradhisi “Jembul Tulakan” ing Kecamatan Donorojopunika nggadhahi mupangat ingkang ageng kangge bebrayan Tulakan.

5Tradhisi punika kangge pencermin kekarepan, alat pendidikan, lanhiburan.Cariyos rakyat ingkang dados objek panaliten inggih punikacariyos rakyat sejarah tatacara tradhisi ritual “Jembul Tulakan”, DesaTulakan Kecamatan Donorojo Kabupaten Jepara Jawa Tengah. Wontening tatacara ritual “Jembul Tulakan” kathah ingkang nyuwun supadosrejekinipun gangsar, ingkang tetanen supados asil buminipun kathah lansitinipun subur, ingkang dados pangajeng kadosdene petinggi supadostindak-tandukipun sae, jujur lan aparatdhusunipun saged ngayomibebrayanipun.Wonten ing peneliten punika badhe dipunrembag tradhisi tatacararitual “Jembul Tulakan” wonten ing Desa Tulakan Kecamatan DonorojoKabupaten Jepara, kanthi irah-irahan “Tradhisi Jembul Tulakan ing DesaTulakan Kecamatan Donorojo Kabupaten Jepara lan Pigunanipun TumrapBebrayan”.B. Momotaning PerkawisAdhedasar pratelan ing nginggil, pramila pirembagan lan panalitenpunika mangkenipun kangge ndhudhah sarta mangsuli pitakenan sakingprakawis-prakawis ing ngandhap punika.1. Kados pundi mula bukanipun tradhisi tatacara ritual “Jembul Tulakan”tumrap bebrayan Kecamatan Donorojo ?2. Kados pundi pamanggih (persepsi) bebrayan Kecamatan Donorojongengingi wontenipun tradhisi “Jembul Tulakan” ?

63. Punapa pigunanipun tumrap nilai Pendidikan ?C. Ancasing PanalitenAncasing panaliten punika kasebat ing ngandhap.1. Ngandharaken mula bukanipun tradhisi tatacara ritual “JembulTulakan” tumrap bebrayan dhusun Tulakan.2. Ngandharaken persepsi bebrayan dhusun Tulakan ngengingi tradhisi“Jembul Tulakan”.3. Ngandharaken nilai pendidikan ingkang wonten ing tradhisi “JembulTulakan”.D. Mupangating PanalitenWontenipun panaliten punika nggadhahi pangajeng-ajeng sagedmigunani tumrap panaliti, bebrayan sarta lembaga akademik.1. Mupangat TeoretisMupangat teoritisipun kasebat ing ngandhap punika.a. Maringi gambaran panaliten gegayutan mitos lan tradhisi rakyat.b. Maringi pamawas enggal bab tradhisi ingkang gesang ingbebrayan.2. Mupangat PraktisMupangat praktisipun kasebat ing ngandhap punika.a. Supados bebrayan mangertosi babagan cariyos tradhisi tatacararitual Jembul Tulakan.

7b. Supados bebrayan mangertosi punapa nilai pendidikan ingkangwonten ing tradhisi “Jembul Tulakan”.E. Panegesing TembungSupados panaliten punika boten nuwuhaken pamanggih ingkangbenten-benten, pramila kedah dipunjlentrehaken kanthi cetha babagantetembungan ingkang dipunginakaken ing panaliten punika.1. TradhisiPeursen ( ing Hartoko, 1985: 11) tradhisi punika warisan utawikalajengan norma-norma, adat-istiadat, paugeran-paugeran lanpawarisan harta kekayaan. Pratelan kasebat nggiyaraken manawitradhisi punika asiling kabudayan ingkang tuwuh lan ngrembaka ingmadyaning bebrayan lan dipunwarisaken kanthi turun-temurun dadoskagunganing bebrayan.2. MitosBascom mratelakaken ( ing Dananjaya, 1986: 50) ngandharakenbilih mitos punika sami kaliyan mite. Mite inggih punika cariyosgancaran rakyat ingkang dipunanggep saestu kedadosan sartadipunanggep suci dening tiyang ingkang nggadhahi. Paraga mite punikapara dewa utawi setengah dewa.Peursen (1988: 37) mratelakaken mitos inggih punika cariyosingkang paring pandom lan arah tumrap kempalaning bebrayan.Wosipun mitos punika paring arah kangge tiyang anggenipun badhe

8tumindak. Mitos dhasaripun awujud cariyos ngengingi sesambetanipunkaliyan alam lan manungsa, dhateng pundi tiyang ingkang cariyossampun ical utawi supe kaliyan bebrayan ingkang nyarujuki. Sageddipunwawas kanthi omber, miturut Wellek lan Wirren mratelakaken (ing Budianta, 1990: 244) menawi mitos nggadhahi sifat sosial, komunallan anonim. Mitos nggadhahi sifat komunal inggih punika mitos sageddipuntampi dening bebrayan ingkang nyarujuki lan dados tuntunanipunkagem bebrayan. Mitos darbekipun rakyat, mitos ugi dipundamel ingmadyaning bebrayan. Pangripta mitos boten dipunmangertosi.3. PersepsiTembung Persepsi punika mula bukanipun saking Basa InggrisPerception tegesipun suraos saking produk mental. Ewahing mentalingkang prelu kula lan panjenengan penget inggih punika ingkangwonten lan saged dipunraosaken. Raos minangka objek ingkang sagedmrabawani organ pangrasa miturut Drave mratelakaken ( ing Istianah,2004: 25) Persepsi manut Yunus mratelakaken ( ing Istianah, 2004: 29)punika minangka reaksi saking pamicara, pamireng, panyemak utawipanyumerep ingkang dipunadhepi. Miturut KBBI (1993: 675) Persepsitegesipun proses setunggaling tiyang kangge mangertosi manekaperkawis lumantar panca driya.Miturut Seger mratelakaken ( ing Yunus 1985: 57) menawi aspekingkang sesambetan kaliyan persepsi inggih punika: a) hakikat tiyangmaos ingkang sesambetan kaliyan teks padamelan, pendidikan, papan

9panggenan lan agami, b) sikep lan pambijen ingkang wonten dhatengpamaos, c) sanggah kaliyan basanipun, d) analisis ingkang sampunkulinten, e) nampi kahanan tiyang ingkang maos.Dados persepsi punika pangarep-ngarep pamaos ingkang kagunganperanan wigatos salebeting namtokaken makna karya sastra. Kasiltanggapan pamaos dipuntemtokaken kaliyan bentenipun horisonpangarep-arep dhateng pamaos. Menawi benten amargi pengalaman,pendidikan, norma lan kasanggahan pamaos salebeting nanggapi laninteraksi kaliyan teks.Saking pratelan ing nginggil menawi tanggapan pamaos pangadhepteks sastra, mliginipun teks sastra lisan kaprebawan dening pintenpintenperkawis. Perkawis-perkawis punika antawisipun pengalaman,pendidikan, paugeran-paugeran ingkang sarujuk kaliyan pamaos lanpaugeran-paugeran ingkang boten sarujuk kaliyan pamaos, fisik lankasunyatanipun.4. “Jembul Tulakan”Miturut KBBI (2005: 466) “Jembul” inggih punika sakingtembung “Jambul” ingkang tegesipun rikma ingkang dipunandamwonten ing ubun-ubun. Tiyang Jawi wiyaripun nyebat “Jembul” punika“Jambul”, pangertosanipun inggih punika saperangan saking rikmaingkang wonten ing mustaka ingkang dipuntata supados saged njulanging nginggil. “Jembul” punika istilah saking papan panggenanbebrayan Tulakan. “Jembul” miturut bebrayan Tulakan inggih punika

10nggadhahi teges rikma ingkang wonten ing ubun-ubun. Dados rikmapunika dipunwastani bebrayan Tulakan “Jembul”. Jembul ing dalemprosesi tatacara ritual “Jembul Tulakan” inggih punika rangkaian sesajiingkang wonten ing salebetipun ancak, saemper arupi keranjang utawikotak ingkang dipundamel saking kayu ukuran 1 x 2 meter.Sumpah Ratu Kalinyamat miturut bebrayan ing dhusun Tulakandipunpitados saged mujudaken gegayuhanipun ratu ingkang nggadhahipikajengan males ukum sedanipun garwanipun Sultan Hadirin ingkangdipunsedani dening Arya Penangsang lan boten asil tanpapanyengkuyungipun bebrayan dhusun Tulakan.Jalaran mekaten, bebrayan dhusun Tulakan njurung asipat batoskanthi cara ngawontenaken tatacara ritual ingkang dipunsebat “JembulTulakan”, supados gegayuhanipun ratu saged kalampahan. Ananginging jaman sapunika, tatacara “Jembul Tulakan” maknanipun sampunbenten, inggih punika ingkang sepisan dados sarana kangge sedhekahbumi, nelakaken raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Tunggalingkang sampun paring lubering berkah tuwin ganjaran lan karaharjantumrap bebrayan dhusun Tulakan supados saged gesang tata tentremkarta raharja lan ingkang kaping kalih kangge pakurmatan dhumatengRatu Kalinyamat minangka danyang dhusun Tulakan.5. Kecamatan DonorojoKecamatan Donorojo, inggih punika Kecamatan ingkangtlatahipun wonten ing Kabupaten Jepara, Provinsi Jawa Tengah

11Indonesia. Kecamatan Donorojo punika asil saking pamekaranKecamatan Keling, ingkang tumut kalian paugeran Undang-undangKuta Jepara nomer 17 Tahun 2007. Kecamatan Donorojo dipunponthaponthadados 8 dhusun inggih punika: Dhusun Bandungharjo, DhusunBanyumanis, Dhusun Blingoh, Dhusun Clering, Dhusun Jugo, DhusunSumberejo, Dhusun Tulakan lan Dhusun Ujungwatu.Dhusun Tulakan inggih punika dhusun ingkang wonten ingKecamatan Donorojo. Wonten ing dhusun Tulakan punika tradhisi“Jembul Tulakan” tasih dipunlestareaken. Dhusun Tulakan punikadipunpantha-pantha dados 5 Kamituwan, inggih punika: KamituwanKrajan, Kamituwan Drojo, Kamituwan Pejing, Kamituwan Ngemplak,Kamituwan Winong.Kamituwan Krajan angliputi dhukuh Krajan lan Kaligeden.Kamituwan Drojo angliputi dhukuh Drojo lan Janggleng. KamituwanPejing angliputi Dhukuh Pejing lan Sonder. Kamituwan Ngemplakangliputi Dhukuh Ngemplak, Tanggulasi lan Kedondong. KamituwanWinong angliputi Dhukuh Winong, Dungpucung, Dunggayam.Padamelanipun mayoritos petani, kahanan bebryanipun saking segipendidikan ugi boten kalah sae manawi dipuntetimbangaken kaliyanKecamatan sanes. Kecamatan Donorojo wonten 14.000 jiwa.Kecamatan Donorojo mayoritas agamanipun islam, jalaran manawidipuntingali saking mula bukanipun Kecamatan Donorojo punika,tokoh ingkang dados danyang Kecamatan Donorojo punika saking

12kerajaan Islam, tuladhanipun Ratu Kalinyamat minangka danyangsaking dhusun Tulakan. Dados tradhisi “Jembul Tulakan” punika ugitradhisi minangka syariat keislaman.F. Metodhe PanalitenPanaliten tradhisi “Jembul Tulakan” punika ngginakaken metodheDeskriptif kualitatif. Deskriptif punika nggambaraken menapa wontenipun,limrahipun kangge nggambaraken perkawis ingkang aeng. Kualitatifpunika dhata ingkang ngasilaken tembung-tembung ingkang kaserat utawilisan saking tiyang ingkang dipunamati (KBBI, 1993: 467)Deskriptif kualitatif punika boten mratelakaken perkawis ingkanggegayutan kaliyan angka, ananging panaliten punika nggadhahi ancaskangge nggambaraken utawi mratelakaken kadadosan utawi fenomenaingkang kadadosanipun ing Kecamatan Donorojo. Perkawis punikatradhisi “Jembul Tulakan” ing Desa TulakanKecamatan DonorojoKabupaten Jepara lan Pigunanipun Tumrap Bebrayan.1. Sasaraning PanalitenSasaraning panaliten punika tradhisi “Jembul Tulakan”.Panaliten mbudidaya ngandharaken lan deskripsiaken tradhisi“Jembul Tulakan” tumrap pagesangan bebrayanipun. Sasaran sanesingkang dipuntingali kangge jangkepi sasaran utami punikalingkungan fisik, sosial, lan budaya ingkang wonten ing KecamatanDonorojo.

132. Pendhekatan PanalitenPendhekatan panaliten katindakaken supados pikantuk asilingkang maksimal salebetipun analisa data saking kathahing sumber.Pendhekatan panaliten ingkang wonten ing panaliten punikapendhekatan subjektif.Panaliten punika Mendhet katrangan ingkang kaanggepnguwaosi lan saged kangge sumber dhata ingkang cetha. Katranganingkang kapilih antawisipun pangarsa dhusun, paniti laksana “JembulTulakan”, lan bebrayan ingkang tumut mriksani tradhisi “JembulTulakan”, mila saged kaasilaken katrangan ingkang valid lan cetha.3. Cara Ngempalaken DhataSupados angsal dhata ingkang dipunbetahaken, carapangempalaning dhata punika ngginakaken carastudi pustaka,wawancara, observasi, lan dokumentasi. Cara punika sarujuk kaliyancara ingkang dipunayahi, cara -cara punika antawisipun.a. Studi PustakaStudi pustaka inggihpunika cara pangempalan dhataingkang dipunpendhet kanthi cara madosi saking maneka warnisumber kaserat saking buku-buku umum utawi makalah-makalahingkang jumbuh kaliyan panaliten punika.Sumber-sumber ingkang dipunserat lan jumbuh kaliyanpanaliten punika lajeng dipunjangkepi kaliyan sumber-sumber

14ingkang sanes angsal kanthi terapan metodhe pramila validitasipunsaged katanggeljawabaken.b. Cara WawancaraCara wawancara inggih punika wohing pirembaganingkang dipuntindakaken kaliyan pangandikan supados pikantukkatrangan saking tiyang ingkang dipunsuwuni katranganipun(Arikunta, 2006: 126)Wawancara punika katindakaken dening pihak-pihakingkang sampun kapilih paring katrangan lan ugi minangka sumberdhata ingkang dipundhudhah. Anggenipun wawancara punikakangge maringi dhata ingkang sipatipun mligi. Pitakenanipuninggih punika ingkang mantheng kaliyan objek ingkang badhedipunteliti.Panaliten kedah saged nemtokaken katrangan kunci, kanggenamtoaken katrangan kunci kedah dipuntimbang (Sodikan, 2001:91), kados ing ngandhap punika.1) Tiyang ingkang magepokan mangertos perkawis ingkang badhedijlentrehaken.2) Umur ingkang magepokan sampun diwasa.3) Tiyang ingkang magepokan sehat lair batin.4) Tiyang ingkang magepokan gadhah sipat netral, boten gadhahwigati ingkang boten sekeca.

155) Tiyang ingkang magepokan gadhah kawruh ingkang wiyarngengingi perkawis ingkang dipunanalisis.c. ObservasiObservasi tegesipun ngamati lan nyerat kanthi sistematikngengingi tandha-tandha ingkang ketingal ing objek panaliten.Cara observasi punika dipunginakaken kangge mangertosi dhataingkang magepokan kaliyan tradhisi “Jembul Tulakan” lanlampahing tradhisi ing bebrayan. Wonten ing panalitenpengamatan boten winates punapa ingkang dipunsumerepi,ananging asringipun rupi samukawis, solah bawa utawi proses.Wonten ing tetingalan wekdal lumampah tradhisi “JembulTulakan” kedah dipungatosaken, sasambetan bebrayan ingkangnindakaken tradhisi lan ingkang ningali (penonton), mupangatingkang saged dipunpendhet.d. DokumentasiCaradokumentasi dipunginakaken kangge Mendhet buktifisik arupi foto utawi gambar ingkang gegayutan kaliyan objekpanaliten, inggih punika tradhisi “Jembul Tulakan” ing KecamatanDonorojo Kabupaten Jepara.Dhata punika dhata langsung ingkang kapendhet punikadhata langsung asil saking tetingalan “Jembul Tulakan” ingkangkatindakaken dening warga dhusun Tulakan Kecamatan Donorojo.Dokumen punika ngempalaken dhata lumantar petilasan ingkang

16kaserat, kados arsip, gambar ingkang gegayutan kaliyan prakawispanaliten (Arikunta 2006: 129)Panaliten kualitatif punika dokumentasi minangka peranganpangempal dhata ingkang utami, jalaran kangge mbuktekakenkanthi logis. Caranipun Mendhet gambar punika saged mbiyantupanaliten supados pikantuk dhata ingkang leres lan valid, pramilaobjek ingkang dados ancasing panaliten saged dipuntanggeljawabaken kaliyan fakta ingkang wonten.4. Cara Analisis DhataDhata saking responden inggih punika dhata ngengingitradhisi “Jembul Tulakan”, inggih punika Tradhisi “Jembul Tulakan”ing Desa Tulakan Kecamatan Donorojo Kabupaten JeparalanPigunanipun Tumrap Bebrayan.Dhata kasebat lajeng dipunanalisis ngginakaken caradeskriptif kualitatif, menawi kaliyan cara ngandharaken dhata ingkangawujud tembung-tembung kalebet kategori, boten awujud angkaangka.Cara ingkang katindakaken kangge nganalisis tradhisitatacara ritual “Jembul Tulakan” kaliyan bebrayan KecamatanDonorojo kados ing ngandhap punika.1. Nyerat dhata ngengingi mula bukanipun lan persepsi bebrayanngengingi wontenipun tradhisi “Jembul Tulakan”.

172. Ndeskripsekaken mula bukanipun lan pamanggihipun kapitadosanbebrayan ngengingi wontenipun tradhisi “Jembul Tulakan”.3. Nganalisis mula bukanipun lan pamanggihipun bebrayan ngengingiwontenipun tradhisi “Jembul Tulakan”.4. Mendhet dudutan asiling analisis gandheng cenengipun lanpersepsi bebrayan ngengingi wontenipun tradhisi “JembulTulakan”.Cara ingkang katindakaken kangge nganalisis cak-cakaningtetingalan tradhisi “Jembul Tulakan” kados ing ngandhap punika.1. Ngamati kanthi langsung lampahing tetingalan tradhisi “JembulTulakan”, ingkang katindakaken dening bebrayan ingkang dadospaniti laksana tradhisi “Jembul Tulakan”.2. Mendhet dudutan asiling analisis tradhisi bebrayan ngengingiwontenipun tradhisi “Jembul Tulakan”.Cara ingkang katindakaken kangge nganalisis mupangatpendidikan ngengingi wontenipun tradhisi “Jembul Tulakan” kadosing ngandhap punika.1. Nyerat dhata saking asil wawancara2. Ndeskripsekaken mupangat nilai pendidikan wontenipun tradhisi“Jembul Tulakan”.3. Nganalisis gegayutan kaliyan mupangat nilai pendidikan.

18G. Tata Rakiting PanyeratanKangge nggampilaken maos lan nyerat skripsi, mila tata rakitingpanyeratan kaperang dados gangsal bab. Gangsal bab punika antawisipun:Bab 1 punika purwaka wosipun: Landhesan pamilihing irah-irahan,Momotaning Perkawis, Ancasing Panaliten, Mupangating Panaliten,Panegesing Tembung lan Metodhe Panaliten lan Tata Rakiting Panyeratan.Wonten ing mupangating panaliten kaperang dados kalih inggih punika:1)Mupangat Teoritis lan 2) Mupangat Praktis. Wonten ing MetodhePanaliten kaperang dados 4 inggih punika 1) Sasaraning Panaliten, 2)Pendekatan Panaliten, 3) Cara Pangempalaken Dhata, sarta 4) CaraAnalisis Dhata. Wonten ing Teknik Pangempalaning Dhata wonten tiga,inggih punika: Studi Pustaka, Wawancara, Observasi lan Dokumentasi.Bab II punika Landhesan Teori, wonten ing Landhesan Teoriwosipun ngengingi Kabudayan, folklor, Mitos, Tradhisi, NilaiPendhidhikan. Ing folklor wonten Ciri-ciri folklor, Mupangat Folklor, lanRupi Folklor.Bab III punika rupi Persepsi lan Mupangat Pendidikan ngengingiTradhisi “Jembul Tulakan” ing Kecamatan Donorojo. Bab punika wosipunrupi Tradhisi Ritual ingkang gegayutan kaliyan Tradhisi “JembulTulakan”, Persepsi bebrayan ngengingi Tradhisi “Jembul Tulakan”,Mupangat Pendidikan wontenipun Tradhisi “Jembul Tulakan” lanMupangat “Jembul Tulakan” kangge bebrayan panyengkuyungipun.

19Bab IV inggih punika panutup. Wonten ing bab panutup panalitenmaringi Dudutan lan Panyaruwe. Ugi dipunajangkepi Kapustakan sartaLampiran.

20BAB IILANDHESANING TEORIA. Wujuding KabudayanMiturut Peursen ( 1988: 11) mratelakaken bilih kabudayanpunika samukawis ingkang langkung ewah gingsir sanes samukawisingkang ajeg utawi statis. Pamanggih sami ugi dipunandharaken deningEndraswara (2003: 1) bilih kabudayan punika samukawis ingkanggesang, ngrembaka lan ewah tumuju asas tartamtu, sipatipun ewahgingsir boten ajeg. Kabudayan punika perkawis ingkang wontengegayutanipun kaliyan akal, amargi kabudayan punika saking basasansekerta buddhayah inggih punika rupi jamak saking buddhi ingkanganggadhahi arti budi utawi akal Koentjaraningrat (2002: 181)Miturut Koentjaraningrat (2005: 72) kabudayan punika sedayagagasan lan raos, tindak-tanduk sarta karya ingkang dipunasilakendening manungsa anggenipun gesang ing bebrayan, kanthi cara sinau.Wosipun kabudayan punika dipungadhahi dening bebrayan, namungwonten bentenipun ing antawisipun kabudayan bebrayan setunggalkaliyan bebrayan sanesipun. Koentjaraningrat (2005: 1) mratelakakenmenawi kabudayan punika kadadosan saged saking segi papanpanggenan lan induk bangsanipun. Wosipun bilih kabudayan punikakadadosan saking asiling ciptaning manungsa ingkang kaprabawandening kawontenanan papan panggenan lan induk bangsanipun.20

21Umpaminipun kabudayan ing karaton kaliyan bebrayan sajawinipunkaraton kabudayan ingkang dipunasilaken sampun benten, amargikaprabawan dening kawontenan papan panggenan.Miturut Koentjaraningrat (2005: 15) pangertosan kabudayandipunperang dados tigang bab, inggih punika.1. Kabudayan minangka penggalih, gagasan, nilai, paugeran, lanpranatan.2. Kabudayan minangka kompleks aktiftet tindak-tanduk ingkangnggadhahipola saking tiyang ing bebrayan.3. Kabudayan minangka barang asil karyaning manungsa.Ciri-ciri kabudayan miturut miturut Maren (2007: 49).1. Kabudayan inggih punika asil utawi produk saking manungsa,kabudayan punika wonten amargi dipundamel dening manungsamboten dipundamel Tuhan utawi dewa.2. Kabudayan nggadhahi sifat sosial, kabudayan dipunasilaken sacarasesarengan.3. Kabudayan dipunwarisaken turun-temurun saking generasi maranggenerasi salajengipun.Miturut Koentjaraningrat mratelakaken ( ing Maran, 2007:49) wujud kabudayan punika wonten tiga, inggih punika.1. Wujud ideal, sistem sosial lan kabudayan fisik. Wujud ideal sakingkabudayan inggih punika arupi adat-istiadat. Amargi fungsi sakingadat-istiadat saged dipunginakaken kangge paring pandom

22gegayutan kaliyan tindak-tanduk manungsa anggenipun gesang ingbebrayan.2. Sistem sosial saking kabudayan inggih punika manungsa mbotennamung gadhah kekarepan ingkang sae ananging kedah sagetmujudaken punapa ingkang dipunpikajengaken, anggenipunmujudaken saged dipunlampahi sesarengan kaliyan tiyang sanesutawi sacara sosial.3. Kabudayan fisik arupi asil saking tindak-tanduk manungsa,tuladhanipun gedung-gedung perkantoran, griya, margi, mesinmesinlsp.Tindak-tanduk bebrayaningkang gadhah wujud sakingsaperangan babagan ingkang wonten ing sastra saged arupi tatacaratatacarakeagamaan lan tradhisi (adat-istiadat).Saking pratelan ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilihtradhisi punika kalebet konteks kabudayaan, antawisipun tradhisi (adatistiadat)ingkang ngrembaka wonten ing pagesangan ingkangnglahiraken tataacara ritual. Amargi pangertosan tradhisi punikaanggadhahi ciri-ciri ingkang sami kaliyan kabudayan inggih punikanglajengaken warisan utawi norma-norma, tradhisi (adat-istiadat)kaidah-kaidah saking generasi marang generasi salajengipun.

23B. FolklorMiturut mula bukanipun tembung, folklor punika mulabukanipun saking tembung folk lan lore. Folk punika kempalaningtiyang ingkang nggadhahi tanda pengenal fisik, sosial lan kabudayan.Tanda pangenal fisik punika arupi : warnaning kulit ingkang sami,warna rikmanipun ingkang sami, nyambut damelipun, tataranpendidikan lan agami ingkang sami. Ananging ingkang langkungwigatos punika bebrayan nggadhahi tradhisi ingkang kalebet kabudayaningkang sampun kawarisken turun-temurun, lan ingkang langkungwigatos bebrayan nggadhahi titikan golongan Dundes mratelakaken (ing Danandjaya, 1986: 1)Lore punika tradhisi, folk minangka kabudayan ingkangkawaris kanthi turun-temurun kanthi lisan lumantar ebahing isyaratutawi pirantos pambiyantu pepeling. Danandjaya (1986: 2)ngandharaken folklorpunika saperangan kabudayan ingkang kolektif,ingkang kasebar lan dipunwarisaken turun-temurun. Wosipun kolektif,asipat umum, sacara tradhisional.Adhedhasar pratelan punika, saged dipunpendhet dudutan bilihwujud tradhisi “Jembul Tulakan” minangka saperangan sakingkabudayan ingkang rupi folklor. Tradhisi punika sampun dangudipuntindakaken dening bebrayan, minangka kabudayan bebrayaningkang sampun kawaris kanthi turun-temurun.

241. Ciri-ciri folklorMiturut Dananjaya (1994: 3-5) ciri-ciri utamaning panepangfolklor inggih punika.a. Sumebar lan pawarisanipun limrah katindaaken kanthi cara lisan,sumukawislumantar tutur tembung saking pacelathoningtiyang.b. Folklor gadhah sifat tradhisional, inggih punika kasebarakenkanthi ajeg utawi wujud ingkang standar.c. Folklor wonten (exist) ing versi-versi utawi varian-varianingkang benten.d. Folklor sifat anonim, tegesipun asma ingkang ngripta botendipunmangertosi dening tiyang malih.e. Folklor limrahipun nggadhahi bleger awujud paugeran utawigumathok.f. Folklor nggadhahi mupangat kangge gesang sesarengan ingkangkolektif .g. Folklor asipat pralogis, inggih punika gadhah logika piyambakingkang mboten jumbuh kaliyan logika umum.h. Folklor dados gadhahipun sesarengan saking kolektif tertamtu.i. Folklor limrahipun asipat wantah lan lugu, pramila asringkatingal kasar lan dumadakan.

252. Mupangat folklorMupangat folklor Bascom ( ing Danandjaya, 1994: 19) kasebut ingngandhap punika.a. Minangka sistem proyeksi, inggih punika kangge pirantospencermin angen-angen minangka kolektif.b. Minangka pirantos pangesahan pranata-pranata lan lembagalembagakabudayan.c. Minangka pameksa lan pengawas paugeran bebrayan tansahdipunpatuhi dening anggota ingkang mitadosi.Saking pratelan ing nginggil saged dipunpendhet dudutanbilih mupangat folklor awujud tradhisi ingkang nyarengiwontening tradhisi “Jembul Tulakan” nggadhahi mupangatPendidikan.3. Wujuding folklorMiturut Brunvand mratelakaken ( ing Danandjaya, 1994: 21-23)wujud folklor inggih punika.a. Folklor lisan (verbal folklor)Folklor lisan punika folklor ingkang murni lisan.Ingkang kalebet kelompok punika, 1) Basa rakyat, kados logat,sebatan pangkat tradhisional, lan mungguh Kabangsawan, 2)Unen-unen tradhisional, kados paribasan, bebasan lan saloka 3)Pitakenan tradhisional, kados cangkriman, wangsalan, 4)Geguritan rakyat, kados parikan, gurindam, lan singir. 5)

26Cariyos gancaran rakyat, kados mite, legenda lan dongeng. 6)Lelagon.Adhedhasar pratelan ing nginggil saged dipunpendhetdudutan bilih tradhisi ritual “Jembul Tulakan” punika folklorlisan ingkang awujud cariyos gancaran rakyat.b. Folklor saperangan lisanFolklor saperangan lisan minangka folklor ingkangawujud campuraning unsur lisan lan unsur mboten lisan.Ingkang kalebet kelompok punika kapitadosan rakyat,sandiwara, adat-istiadat, tatacara pahargyat rakyat lansapanunggalanipun.Dudutan adhedhasar pratelan ing nginggil sageddipunpendhet tradhisi ritual “Jembul Tulakan” kalebet folklorlisan. Adhedasar punika jalaran rupi tradhisi “Jembul Tulakan”kalebet adat-istiadat utawi tradhisi ingkang ngrembaka ingbebrayan. Nglampahi tradhisi kasebat sesarengan kaliyanwontenipun sesajen. Bebrayan pitados lumantar sesajen,bebrayan dipunparingi berkah, keslametan sarta punapaingkang dipunsuwun saged dumugi.c. Folklor sanes lisanFolklor sanes lisan punika ingkang rupinipun sanes lisan.Pepanthan ageng punika saged kaperang dados kalih, inggihpunika matrial lan sanes matrial. Ingkang matrial antawisipun:

27arsitektur rakyat, kerajinan tangan rakyat, busana lan rerengganparaga, tetedhan lan inuman, sarta jampi tradhisional. Ingkangsanes matrial antawisipun pralambang ebahing tradhisional,pralambang ungel kangge pawicantenan bebrayan, kadosdenekentongan lan kendhang.C. MitosBascom mratelakaken ( ing Dananjaya, 1986: 50) mitos punikacariyos prosa rakyat ingkang dipunpitados kanthi estu ing bangsa,ngengingi dewa lan pahlawan jaman kepengker, ingkang ngandhutpenafsiran mula bukanipun alam sakalir. Miturut Koentjaraningratmratelakaken ( ing Dananjaya, 1994: 154) kapitadosan rakyat utawitakhayul punika kapitadosan ngengingi kekiyatan sakti sakingtumindaking tiyang ingkang katindakaken kanthi jinarag ingkangdadosaken ilmu gaib. Bebrayan saged mangertos bilih mitos inggihpunika tindak-tanduk pitados kaliyan barang gaib utawi nggadhahi sifatsupranatural (gaib)Wonten gandheng cenengipun mitos kaliyan magis lan gaib,kabudayan ingkang sampun dangu anggenipun gesang ing bebrayanpunika, kathah sanget ingkang dados mitos ing pagesangan. Asilkabudayan ingkang dados mitos punika limrahipun kabudayan ingkangdipunanggep sakral uatawi wigatos tumrap pagesangan manungsa.Kathah bebrayan ingkang taksih kumanthil ing babagan budaya Jawi,

28taksih ngugemi pranatan kados dene tatacara adat, ritual-ritual, dolananrakyat, beksan kangge leluhur utawi roh lan sesajen.Mitos ingkang wonten ing bebrayan tansah sesarengan kaliyancariyos rakyat, sanajan mitos boten mesti cariyos rakyat. Mitos ingkangnyarengi cariyos rakyat ancasipun kangge ngiyataken cariyos rakyat.Cariyos rakyat pinitados nggadhahi kekiyatan-kekiyatan gaib, ingkangsaged ngatur gesanging bebrayan panyengkuyung cariyos.Miturut Bascom mratelakaken ( ing Dananjaya, 1986: 50)cariyos gancaran rakyat kaperang dados tiga, inggih punika: 1) Mite, 2)Legenda, lan 3) Dongeng. Mite inggih punika cariyos gancaran rakyatingkang kaanggep leres kadadosanipun sarta kaanggep suci deningingkang gadhah cariyos. Legendha punika cariyos gancaran rakyatingkang leres kadadosanipun nanging boten kaanggep suci. Dongenginggih punika gancaran rakyat ingkang boten kaanggep lereskedadosanipun dening ingkang gadhah cariyos lan boten kaiket deningwekdal lan papan.Mitos lan cariyos rakyat nggadhahi wujud kalih ingkangsesambetan lan jangkepi. Mitos ingkang wonten wujud dipunsarengikaliyan cariyos rakyat, menawi mitos boten tamtu awujud cariyosrakyat. Ugi saged dipunwastani, bilih cariyos rakyat inggih punikamitos, manawi mitos boten tamtu awujud cariyos rakyat.Miturut Abu Ahmadi (2008:10) mitos inggih punika kawruhingkang dumados saking pakulinan lan pangertosan ingkang cupet lan

29wonten sesambetanipun kaliyan kapitadosan tiyang Jawi ingkangpitados kaliyan mistis utawi gaib.Mupangat mitos miturut Peursen (2009: 39-41) inggih punika.1. Ngemutaken manungsa babagan wontenipun kakiyatan-kakiyatanlinangkung ing donya sanes.2. Paring landhesan ing mangsa sapunika, inggih punika katentreman,keseimbangan, lan kawilujengan.3. Paring pangertosan babagan donya. Lajeng mitos ngrembakamupangatipun minangka panggayut antawis manungsa lan daya-dayakakiyatan alam.Saking pinten-pinten andharan babagan mupangating mitos,dudutanipun bilih mitos punika mupangat sanget dhumateng parabebrayan. Mitos saged paring pitedah anggenipun tumindak lanngemutaken manungsa bilih samenika wonten kakiyatan-kakiyatan ingdonya sanes.D. TradhisiSesambetan kaliyan mitos, unsur kabudayan ingkang ngrembakawonten ing pagesangan nglahiraken tatacara-tatacara ritual, ingkangdadosaken tradhisi. Miturut KBBI (2005: 1293). Tradhisi punikapakulinan ingkang kanthi turun-temurun saking nenek moyang tasihdipuntindakaken sarta cara ingkang wonten dipunanggep cara ingkang

30sae lan leres. Tradhisi sesambetan kaliyan aktifitas lan karya punikarefleksi naluri kanthi murni. Saking katrangan ing nginggil sageddipunpendhet dudutan bilih tradhisi punika wonten sesambetanipunkaliyan tradhisional, perkawis ingkang wonten sesambetanipun adat,tradhisi, pakulinan, tatacara lan sapiturutipun.Peursen (1985 : 11) mratelakaken tradhisi menika arupipewarisan utawi penerusan norma-norma, adat-istiadat, kaidah-kaidahlan pewaris banda dhanya. Tradhisi menika dipunformulasikakenwonten salah sawijining wujud ingkang sampun dipun temtokakenkagem proyeksi saking kesadaranipun kolektif bebrayanpanyengkuyungipun supados wujudipun bervariasi.Uraian kasebut mratelakaken bilih tradhisi arupi setengah sakingkabudayan, saking asil kabudayan saged awujud kathah ragam tingkahlaku, norma lan cita-cita bebrayan.E. Nilai Pendidikan1. NilaiNilai pendidikan minangka paring pambijen utawi nilaingengingi sedayaning prakawis, saged arupi pisik utawi lakuningtiyang. Nilai pendidikan punika nilai ingkang saged maringiprabawa sae, saged arupi pesen moral, kepribaden, sartakawasisan.

31Wonten ing salebetipun pendidikan mbetahaken nilai, kitakanthi sadar utawi boten tansah nindakaken pambijen wonten ingpasrawungan kaliyan tiyang utawi mahluk sanesipun. Pambijenutawi nilai minangka kasanggupan paring putusan ngengingi nilaipunapa ingkang dados adhedhasar criteria ingkangdipunginakaken. Pambijen utawi nilai punika nimbangakenngengingi sae lan boten sae, leres lan boten leres, endah lan botenendah lumantar saking kriteria tartamtu.Pambijen utawi nilai punika asipat abstrak amargi botensaged dipuntangkep kaliyan panca driya ananging sageddipunpirsani kanthi objek tingkah laku ingkang ngandhut nilai.Miturut Raminah (1989: 80-81), werni-werni nilai inggih punika.e. Nilai HedonikNilai Hedonik inggih punika nilai ingkang saged paringkaremenan dhateng kitha kanthi langsung.f. Nilai ArtistikNilai Artistik inggih punika nilai ingkangmemanifestasikan katrampilanipun tiyang.g. Nilai KulturalNilai Kultural inggih punika nilai ingkang gadhahgegayutan ingkang lebet kaliyan bebrayan utawi kabudayan.

32h. Nilai Etik, Moral lan ReligiusNilai Etik, Moral lan Religius inggih punika nilai ingkangsaged paring kawruh ingkang gegayutan kaliyan etika, morallan agama.i. Nilai PraktisNilai Praktis inggih punika karya sastra ingkang ngemuadhedhasar ingkang praktis ingkang saged dipuntindakakentiyang ing saben dintenipun.Tradhisi “Jembul Tulakan” dipunpikajengaken mbeta nilaiingkang mupangat kangge bebrayan kathah, becik nilai sosial, nilaiagami lan nilai sanesipun.2. PendidikanMiturut Raminah (1987:85) nilai pendidikan punika nilaiingkang saged maringi ilmu ingkang nyinaoni lan paring syaratsyaratumum ingkang dipunbetahaken kangge paring piwucalingkang sae. Wonten gegayutan ingkang raket antawisipunpawiyatan, bebrayan lan kabudayan. Bebrayan lan budaya punikasaking dimensi ingkang sami.Pendidikan punika wonten kalih. Pendidikan ingkangngrembak prinsip-prinsip umum ing salebetipun mucal lanpasinaon, ingkang kaping kalih pendidikan khusus, inggih punikacara-cara paring kawruh ingkang cepet lan jumbuh. Mila ingkangdipunpikajengaken pasinaon utawi pendidikan punika paring

33pangertosan lan ketrampilan , paring kawruh supados sagednyurasani ugi ngamalaken nilai-nilai.Wontenipun tradhisi ritual “Jembul Tulakan” ing DesaTulakan Kecamatan Donorojo dipunkajengaken paring nilai didikdhateng bebrayan ing wewengkon kasebat, supados bebrayandhusunipun dados langkung majeng ugi saged nguri-ngurikabudayan ingkang wonten supados boten cures.

34BAB IIITRADHISI LAN MUPANGAT PENDIDIKAN TRADHISI “JEMBULTULAKAN” ING DESA TULAKAN KECAMATAN DONOROJOKABUPATEN JEPARAA. Tradhisi “Jembul Tulakan”1. “Jembul Tulakan”“Jembul” punika istilah saking papan panggenan bebrayanTulakan. “Jembul” miturut bebrayan Tulakan inggih punika nggadhahiteges rikma ingkang wonten ing ngginggil mustaka. Dados rikmapunika dipunwastani bebrayan Tulakan “Jembul”. Jembul ing dalemprosesi tatacara ritual “Jembul Tulakan” inggih punika rangkaian sesajiingkang wonten ing salebetipun ancak, saemper arupi keranjang utawikotak ingkang dipundamel saking kayu ukuran1 x 2 meter. Wontening ngandhapipundipuntaleni migunakaken batang ancak cacahipunkalih ingkang sejajar, ingkang nggadhahi fungsi kangge mikul.“Tulakan” inggih punika asma dhusun ingkang wonten ingKecamatan Donorojo. Dhusun Tulakan punika papan panggenaningkang dipunginakaken Ratu Kalinyamat tapa. Mula bukanipundhusun Tulakan punika asmanipun sanes Tulakan ananging dhukuhAlas Tuwo. Cariyosipun dhukuh Alas Tuwo punika dhukuh ingkangkatah sanget papan panggenanipun dipunginakaken roh alus kanggenetep. Wonten perkawis-perkawis aeng ingkang kedadosan,34

35tuladhanipun katah tiyang saking dhukuh Alas Tuwo ingkang gerahsacara dumadakan lan langsung pejah sanalika. Saking manekaperkawis ingkang wonten, tokoh saking dhukuh Alas Tuwo inggihpunika Kyai Agung Barata lan sekawan prajuritipun inggih punika KiBuntari, Ki Lebeh, Ki Cabuk lan Ki Purwa nyuwun idin dhumatengKepala dhukuh Alas Tuwa Ki Moro Taruno masang rajah kangge nolaklan ngusir roh-roh jahat ingkang sampun ganggu katantreman bebrayanAlas Tuwa lan nyuwun dhumateng Allah supados pikajenganipun KyaiAgung Barata lan prajuritipun dipunajab dhumatemng Allah SWT.Rajah ingkang dipunpasang naminipun inggih punika “Tulak BalakPasopati”Pikajenganipun Kyai Agung Barata lan prajuritipun dipunajabAllah SWT. Roh-roh alus ingkang wonten sampun boten wonten.Saking nami rajah “Tulak Balak Basopati” ingkang dipunpasangwonten ing Alas Tuwo punika nami dhukuh Alas Tuwo punikadipungantos Ki Moro Taruno dados Tulakan, lan wiwit sanalikaTulakan sampun boten dados padhukuhan ananging dipungantos dadoskademangan. Ki Demamg Kyai Agung Barata dipunkukuhaken dadosDemang Tulakan dumugi tahun 1882. Tahun 1883 kademanganTulakan naminipun dipungantos dados dhusun Tulakan landipunpimpin dening Petinggi utawi Kepala Desa. Padhukuhanasmanipun ugi dipungantos dados Kamituwan ingkang dipunpantha-

36pantha dados padhukuhan-padhukuhan alit, Kamituwan dipunpimpindening Kamitua.2. Mula Bukanipun Tradhisi Tatacara “Jembul Tulakan”Tatacara tradhisi “Jembul Tulakan” punika kalebet tatacarasedekah bumi ingkang sampun ngrembaka lan sampun dados tradhisiturun-temurun bebrayan dhusun Tulakan. Tatacara tradhisi “JembulTulakan” punika dipunlampahi setunggal tahun sepisan, wulan Apitdinten Senin Pahing. Tatacara punika dipunlampahi kangge nelakakenraos syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring rejeki lankaraharjan tumrap bebrayan dhusun Tulakan.Cariyos mula buka wontenipun tradhisi “Jembul Tulakan”punika lampah kangge mengeti laku tapa ingkang dipunlampahi deningRatu Kalinyamat. Ratu Kalinyamat inggih punika putri saking karatonDemak, Sultan Trenggana lan Rara Pambayun. Ratu Kalinyamatgadhah garwa inggih punika Pangeran Hadirin, ingkang dipunwisudhadados Adipati Jepara, ingkang dipunparingi gelar Sultan Hadirin. SultanHadirin dipunpejahi Arya Penangsang wonten ing salebetipun perang.Pejahipun Sultan Hadirin ndadosaken Ratu Kalinyamat sanget prihatosmanahipun, amargi pejahipun Sultan Hadirin boten limrah. RatuKalinyamat tuwuh tekadipun badhe males ukum dhumateng AryaPenangsang. Ratu Kalinyamat nyuwun adil dhumateng Allah SWT, adilsupados piwales ukumipun saged katindakaken. Adil punikadipunwiwiti saking tapabrata. Papan tapa ratu punika tebih saking

37karamean inggih punika wonten ing Siti Wangi. Salajengipun sedayapirantos kacawisaken, Ratu Kalinyamat lan prajurit-prajuritipunsesarengan dhateng Siti Wangi. Dumugi Siti Wangi Ratu Kalinyamatsiram lan sesuci wonten ing sendhang alit sisih papan tapanipun.Saderengipun Ratu Kalinyamat pinarak wonten ing papan tapanipunRatu Kalinyamat gadhah gegayuhan, inggih punika “ora pisan-pisaningsun jengkar saka tapaningsun, yen ingsun durung bisa kramas rahlan nganggo keset jembule Arya Penangsang”.Wonten ing wanci tapanipun kedadosan perang antawisipunprajurit Pajang ingkang dipunpandhegani dening Danang Sutawijaya,kaliyan prajurit Jipang Panolan ingkang dipunpandhegani dening AryaPenangsang. Wonten peperangan Arya Penangsang seda wekdal peranglumawan Danang Sutawijaya. Salajengipun Arya Penangsang seda, KiAgeng Pamanahan sanalika nigas sirahipun lan mendhet rahipun AryaPenangsang. Ki Ageng sanalika ngutus prajuritipun ngaturaken rah lan“Jambul” Arya Penangsang dhumateng Ratu Kalinyamat wonten ingpapan tapanipun. Dumugi papan tapanipun prajurit maringaken rah lan“Jambul” kasebat dhumateng Ratu Kalinyamat kangge males gerahpenggalihipun. Amargi gegayuhanipun sampun katindakaken RatuKalinyamat wangsul wonten ing Kadipaten Jepara.“Jambul” rikma Arya Penangsang punika ingkang dipunsebatJembul. Dumugi sapunika bebrayan dhusun Tulakan tasih nguri-uritradhisi “Jembul Tulakan” punika tatacara tradhisi kangge nelakaken

38raos syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring luberingberkah tuwin ganjaran lan karaharjan tumrap bebrayan dhusun Tulakanlan wujud pangurmatan bebrayan Tulakan dhumateng Ratu Kalinyamatminangka danyang dhusun Tulakan. Wujud pangurmatan punikaingkang dipunwujudaken mawi tradhisi “Jembul Tulakan”.Salebetipun tatacara tradhisi “Jembul Tulakan” punika wontenkalih warni Jembul inggih punika Jembul lanang lan Jembul wadon.Jembul lanang inggih punika jembul ageng ingkang wonten ing ngajengpiyambak, blegeripun awujud ancak ingkang dipunsukani rerenggan laning salebetipun wonten jadah (gemblong, wajik, tape ketan, apem)jadah punika dipuntancepakenwonten ing ancak ingkang sampundipunirat alit-alit. Jembul wadon inggih punika jembul ingkang wontening wingkingipun jembul lanang, blegeripun awujud ancak ingkangdipunparingi rerenggan ananging ing salebetipun dipunsukani sekulsarta lawuh (sekul ambengan)Miturut Bapak Suparni, juru kunci petilasan Ratu KalinyamatMula bukanipun wontenipun tradhisi “Jembul Tulakan” amargi sakinggegayuhanipun Ratu Kalinyamat dhumateng Arya Penangsang. AmargiArya Penangsang sampun mejahi garwanipun Ratu, inggih punikaSultan Hadirin. Wekdal sapunika Ratu gadhah pikajengan males ukumdhumateng Arya Penangsang jalaran sampun mejahi garwanipun. RatuKalinyamat sumpah manawi gegayuhanipun saged kalampahan, RatuKalinyamat bakal kesed Jembule Arya Penangsang lan kramas rahipun

39Arya Penangsang. Tradhisi “Jembul Tulakan” ugi sarana kanggesedekah bumi, nelakaken raos syukur dhumateng Gusti ingkang MahaTunggal ingkang sampun paring lubering berkah tuwin ganjaran lankaraharjan tumrap bebrayan dhusun Tulakan supados saged gesang tatatentrem karta raharja.3. Rerangkening TatacaraSaderengipun tradhisi “Jembul Tulakan” dipuntindakaken,langkung rumiyin kedah dipunwontenaken tradhisi-tradhisi ingkangsampun turun-temurun saking bebuyut. Antawisipun dipunwiwitisaking acara reresik dhusun. Reresik dhusun inggih punika, tradhisiingkang miwiti rerangkening ritual tradhisi “Jembul Tulakan”.Blegeripun tradhisi reresik dhusun inggih punika reresik dhusunsesarengan bebrayan Tulakan (gugur gunung) Kaping kalih acara“manganan”. Acara “manganan” inggih punika acara dedhaharansesarengan wonten ing kapundhen Ratu Kalinyamat sesarenganbebrayan Tulakan. Kaping tiga acara tahlilan. Acara tahlilan inggihpunika maos asma-asma Allah wonten ing kapundhen Ratu Kalinyamat.Kaping sekawan acara tetingalan ringgit wacucal. Acara tetingalanringgit wacucal inggih punika acara tetingalan kangge paring panglipurbebrayan dhusun Tulakan. Ingkang pungkasan acara baku,tetingalanarak-arakan Jembul. Acara arak-arakan jembul inggih punika arakarakanJembul ngubengi padhukuhan dhusun Tulakan. Punika

40pangandikanipun Bapak Suparni minangka Juru Kunci Petilasan RatuKalinyamat.Rupi tatacara “Jembul Tulakan” jinisipun kathah, anangingingkang dados acara baku inggih punika arak-arakan Jembul. Denereresik dhusun lan tetingalan ringgit wacucal namung kanggengregengaken lan paring panglipur bebrayan dhusun Tulakan, amargikathah tiyang sepuh ingkang remen ningali ringgit wacucal.Sapunika pratelan gegayutanipun kaliyanreresik dhusun,acara “manganan”, acara tahlilan, acara tetingalan ringgit wacucal lanacara arak-arakan Jembul.a. Tradhisi Reresik DhusunTradhisi reresik dhusun punika salah setunggalipun tradhisiingkang miwiti rerangkening ritual tradhisi “Jembul Tulakan”.Blegeripun tradhisi reresik dhusun inggih punika reresik dhusunsesarengan bebrayan Tulakan (gugur gunung) Tradhisi reresikdipuntindakaken setunggal minggu saderengipun acara arak Jembul.Bebrayan Tulakan sesarengan reresik margi, mewahi sunaringlampu ingkang sampun boten wonten sunaripun, lan reresik papanpetilasan Ratu Kalinyamat.Ancas saking tradhisi reresik dhusun inggih punika supadoslaladan sakiwa tengenipun dhusun punika resik lan saged nukulakenraos akrab antawis bebrayan dhusun Tulakan. Acara reresik dhusunpunika dipuntindakaken setunggal minggu saderengipun acara Arak

41Jembul. Dipunwiwiti tabuh 07.00-10.00 WIB. Saderengipun tabuh07.00 bebrayan sampun kempal dipunselingi jejagongan tuwingegujengan. Papan baku ingkang kedah dipunresiki inggih punikapapan patapanipun utawi petilasan Ratu Kalinyamat lan margiingkang badhe dipunliwati arak-arakan Jembul. Bebrayan dhusunTulakan sesarengan reresik dhusun lan mbekta ubarampe piyambakpiyambakkados arit lan pacul.b. Acara “Manganan”Acara “manganan” wonten ing tradhisi “Jembul Tulakan”punika dipuntindakaken wonten ing lumampahing saderengipunarak-arakan Jembul. Anggenipun nglampahi acara “manganan”,wonten ing papan kapundhen Ratu Kalinyamat. Ingkang nglampahibebrayan Tulakan lan bebrayan sajawinipun dhusun Tulakan.Tradhisi punika dipuntindakaken kangge mengeti lampah tapanipunRatu Kalinyamat ingkang males ukum kaadilan dhumateng AryaPenangsang. Amargi, wonten ing papan punika Ratu Kalinyamatngucap sumpah.Miturut ngendikanipun Bapak Sutrisna Kepala Desa Tulakanacara “manganan” punika dipuntindakaken kangge mengeti lampahtapa brata ingkang dipuntindakaken dening Ratu Kalinyamat nalikamales ukum pejahipun garwanipun inggih punika Sultan Hadiriningkang dipunpejahi dening Arya Penangsang. Acara “manganan”punika dipuntindakaken wonten ing papan patapanipun utawi

42petilasanipun Ratu Kalinyamat, inggih punika wonten ing SitiWangi utawi Sondher. Kawastanan Siti Wangi amargi gandasitinipun punika wangi.Tradhisi tatacara “manganan” punika dipunlampahi ingdinten Jumat Wage, tabuh 16.00 dumugi 18.00. Wiwit tabuh 15.30bebrayan dhusun Tulakan lan sajawinipun dhusun Tulakan sampundumugi wonten ing Siti Wangi.Wonten ing tatacara “manganan” mbetahaken pinten-pintenubarampe, inggih punika.1) Sekul pethakSekul Pethak inggih punika sekul ingkang rupinipun pethakananging raosipun gurih.2) LawuhLawuh inggih punika lawuh ingkang wonten ing salebetipunsekul pethak. Limrahipun ulam ingkang dipunginakaken ayamingkung, tahu tempe lan teri.3) Kain mori pethakKain mori inggih punika kain kangge tutup papan petilasan RatuKalinyamat. Kain mori punika kangge gantos kain mori ingkangsampun lawas. Kain mori ingkang lawas dipunlelang dhatengbebrayan Tulakan, lan artanipun mlebet arta kas.

43c. Acara TahlilanAcara tahlilan inggih punika maos asma-asma Allah.Ananging pangertosan punika sampun dipungantos dados maosayat-ayat cekak ringkes lan nyebat asma Allah SWT. Punikangendikanipun Bapak Suparni minangka juru kunci petilasan RatuKalinyamat.Acara tahlilan punika dipunlampahi wonten ing pundhenRatu Kalinyamat. Tahlilan wonten ing acara tradhisi “JembulTulakan” punika gadhah ancas, inggih punika paring donga konjukRatu Kalinyamat dhumateng Allah SWT lan nelakaken raos syukurdhumateng Allah Ingkang Maha Agung ingkang sampundipunsukani kathah ambruwah asil bumi ing tahun punika lan mugimugiing tahun ngajeng ugi kathah ambruwah asil buminipun.Miturut Bapak Suparni minangka juru kunci Petilasan RatuKalinyamat wonten paugeran-paugeran saderengipun nglampahiacara tahlilan. Bebrayan kaajab saderengipun maos ayat-ayat,Mendhet toya wudhu wonten ing sendhang sakiwanipun petilasanRatu Kalinyamat, supados resik saking najis. Waosan tahlilandipunlampahi dinten Jumat Wage tabuh 19.00-20.00,sarampungipun acara “manganan”. Acara punika dipunlampahidinten Jumat Wage amargi bebrayan pitados bilih dinten JumatWage punika dinten ingkang sae kangge nyuwun dhumateng AllahSWT.

44Wonten ing acara tahlilan, mbetahaken pinten-pinten ubarampe,inggih punika.1) KlasaKlasa inggih punika dipunginakaken kangge alas lambaran,manawi wonten ing salebetipun pundhen papanipun sampunboten cekap, klasa punika dipungelar wonten ing plataranipunpundhen.2) LampuLampu dipunginakaken kangge paring sunar nalika maoswaosan tahlil.3) Buku TahlilBuku tahlil dipunginakaken kangge panduan maos tahlil.d. Ringgit WacucalTetingalan ringgit wacucal wonten ing tradhisi “JembulTulakan” kalebet acara ingkang narik kawigatosan bebrayanTulakan. Tetingalan punika kangge panglipur bebrayan dhusunTulakan. Bebrayan rebut ducung sesarengan jejel riyel ningalitetingalan ringgit wacucal. Ringgit wacucal punika kagelar sedalunatas wonten ing plataran griyanipun Kepala Desa, amargipapanipun trep kangge bebrayan Tulakan.Wonten ing tetingalan ringgit wacucal, mbetahaken pintenpintenubarampe, inggih punika.

451) DhalangDhalang inggih punika paraga ingkang nglampahaken cariyoswonten ing tetingalan ringgit.2) RinggitRinggit ingkang dipunginakaken inggih punika ringgit wacucalpurwa.3) DebogDebog , kangge nancepaken ringgit wacucalipun.4) GamelanGamelan punika piranthi musik tradhisional kangge ngiringipagelaran ringgit wacucal.5) NiyagaNiyaga inggih punika tiyang ingkang jejibahanipun nabuhgamelan.6) SesajiSesaji ingkang dipuncawisaken wonten ing pagelaran ringgitinggih punika jadah pasar, gedhang raja lan toya kendhi.7) KemenyanKemenyan punika minangka pralambang dedhaharan ecakangge roh alus. Kawontenan kemenyan dipunpikajengakensaged mbiyantu lumampahingpagelaran tetingalan wayangkulit.

46e. Tradhisi Arak JembulTradhisi Arak Jembul inggih punika acara inti wonten ingtatacara tradhisi “Jembul Tulakan”. Tradhisi arak jembul punikasami kaliyan tradhisi reresik dhusun, acara “manganan”, acaratahlilan lan acara tetingalan ringgit wacucal ingkang sampun turuntemurunwiwit saking simbah moyang. Tradhisi Arak Jembulpunika dipunlampahi kanthi cara ngarak Jembul ngubengipadhukuhan dhusun Tulakan dumugi griyanipun Kepala Desa.Acara Arak Jembul punika kalebet acara ingkang baku, sahingganarik kawigatosan bebrayan Tulakan lan sajawinipun bebrayanTulakan.Miturut Bapak Bekti sesepuh dhusun mituturaken.“Jembul punika saemperan kados usungan utawi ancak ingkangdipunirat alit-alit lan dipunsukani rerenggan, ing salebetipundipunsukani asil bumi. Mula bukanipun Jembul-jembul punikakangge bukti setia saking prajurit-prajuritipun Ki Demang Barataingkang wicaksana mimpin Tulakan. Blegeripun Jembul punikawonten kalih inggih punika Jembul Lanang ingkang isinipun asilbumi utawi jadah kados gemblong, wajik. Jembul Wadon isinipunsekul kaliyan lawohipun (sekul Ambengan)”.Tradhisi Arak Jembul punika dipunlampahi dinten SeninPahing tabuh 08.00-11.00 WIB. Saderengipun tabuh 08.00 bebrayansampun rebut ducung tumuju griyanipun Kepala Desa ningali Arak

47Jembul, sarta lelangen Tayub ingkang wonten ing pendhapa KepalaDesa. Tradhisi Arak Jembul punika dipunarak dening bebrayanTulakan lan dipunderekaken dening Perangkat Desa lan bebrayansaking padhukuhanipun piyambak-piyambak.Ubarampe ingkang dipunbetahaken wonten ing TradhisiArak Jembul inggih punika.1) Jembul LanangDipundamel saking ancak ingkang dipunirat saemperkados rikma, dipuntancep-tancepaken ngubengi ubengan,wonten ing tengahipun dipunsukani jadah pasar (gemblong,jenang, wajik lsp)2) Jembul WadonJembul Wadon sami kaliyan Jembul Lanang, ingkangmbentenaken inggih punika, wonten ing salebetipun Jembul botenwonten jadah pasar, ananging dipungantos sekul sarta lawuhipun.Jembul punika kasunyatanipun dipugadhahi dening tiyangJaler ananging wonten ing tradhisi Jembul Tulakan punika Jembuldipunperang dados kalih Jembul Lanang lan Jembul Wadon. MiturutBapak Suparni Juru Kunci Petilasan Ratu Kalinyamat, JembulWadon punika pralambang persembahan pakurmatan kanggedayang-dayang ingkang ndherek Ratu Kalinyamat nalika tapabrata.

48f. Lumampahing Tetingalan Tatacara Tradhisi “Jembul Tulakan”Wekdal Jumat Wage saderengipun acara Arak Jembuldipunwiwiti, saderengipun dipunwontenaken acara “manganan”utawi syukuran wonten ing pundhen petilasan Ratu Kalinyamat sartalelangen ringgit wacucal wonten ing griyanipun Kepala DesaTulakan. Langkung gamblangipun tradhisi lumampahing tatacara“Jembul Tulakan” kaandharaken ing ngandhap punika.1) Wekdal Senin Pahing wulan Apit wonten ing griyanipun KepalaDesa. Gamelan kangge ngiringi sampun dipuntata rapi, taledhektayubipun sampun siaga sedaya. Kepala Desa lan perangkatdesanipun ngagem rasukan Dinas. Bebrayan sakingpadhukuhanipun piyambak-piyambak sesarengan nyawisakenJembul ingkang badhe dipunarak. Dhusun Tulakan punikawonten 6 padhukuhan, ingkang dados 5 Kamituwan. anangingingkang dipunarak namung 4 Kamituwan, dados wontensekawan Jembul ingkang dipunarak ngubengi dhusun Tulakan.Jembul Krajan dipundhereaken dening dhukuh Krajan, lanKaligeden. Jembul Ngemplak dipundhereaken dhukuhNgemplak, Tanggulasi lan Kedondong. Jembul Winongdipundhereaken dhukuh Winong, Dongpucung lan Dunggayam.Jembul Drojo dipundhereaken dhukuh Drojo lan Janggleng.Saking padhukuhan pejing boten ndherek arak-arakan Jembul,ananging setunggal minggu sarampungipun acara ritual “Jembul

49Tulakan” saking Kamituwan Pejing ngawontenaken tradhisipiyambak, inggih punika tradhisi Pejing. Tradhisi Pejing inggihpunika tradhisi ingkang dipunlampahi setunggal minggusakrampungipun acara “Jembul Tulakan” dinten Senin Wage landipundherekaken dening bebrayan Kamituwan Pejing kemawon.Mula bukanipun tradhisi Pejing punika amargi nalika bebrayanlan tokoh-tokoh agami ngawontenaken tradhisi “JembulTulakan” ing jaman pamarintahan Ratu Kalinyamat tokohpemimpin saking Kamituwan Pejing inggih punika Ki cabuknembe gerah pramila boten saged ndherekaken tradhisi “JembulTulakan”. Amargi Pejing punika papan pertapaanipun RatuKalinyamat.2) Jembul dipunarak ngubengi dhusun, kairing dening PerangkatDesa. Tokoh bebrayan Tulakan nyandhingi Jembul sakingpadhukuhanipun piyambak-piyambak.3) Tabuh 08.00 para niyaga sampun siaga nabuh gendhing-gendhingJawa. Suwantening gendhing sampun kepireng, kantun ngentositaledhek tayub minggah ing panggung ingkang sampunkacawisaken. Para bebrayan lan tamu sedhahan sampun ngebakigriyanipun Kepala Desa.4) Tabuh 09.00 Arakan Jembul sampun kawiwitan. Jembul punikaanggenipun mlebet wonten ing plataran griyanipun Kepala Desa

50kedah runtut, miturut nami padhukuhanipun. Dene runtutanipuninggih punika.a) Jembul KrajanJembul Krajan inggih punika Jembul sakingKamituwan Krajan, ingkang cacahipun dhukuh Krajan landhukuh Kaligeden. Krajan punika saking tembung Kerajaan,ingkang angnggadhahi teges “papan panggenan raja”. IngKrajan punika punjering paprentahan desa, sarta papanpanggenan griyanipun Kepala Desa.Wonten ing pucaking gunungan Jembul Krajandipunsukani golek (kayu) ingkang nggambaraken tokohulama’ Sayyid Ustman. Sayyid Ustman inggih punika tokohingkang tumut nalika Ratu Kalinyamat tapa.b) Jembul NgemplakJembul Ngemplak inggih punika Jembul sakingKamituwan Ngemplak, ingkang cacahipun dhukuh Ngemplak,Tanggulasi lan Kedondong. Pralambang Jembul Ngemplakwonten ing jaman rumiyin asung pakurmatan Ki LebehKepala dhukuh Kedondong kangge Ki Demang Barata.Pucaking gunungan Ngemplak dipunsukani golekkangge pralambang tokoh pimpinan prajurit Kadipaten Jeparaingkang tumut Ratu Kalinyamat, inggih punika Ki SutaMangunjaya.

51c) Jembul WinongJembul Winong inggih punika saking KademanganWinong. Laladanipun angliputi dhukuh winong, Dungpucung,lan Dunggayam. Pralambang Jembul winong wonten ingJaman kepengker asung pakurmatan Ki Buntara Kepaladhukuh Winong kangge Ki Demang Barata.Wonten ing pucaking gunungan dipunsukani golek,ingkang dados pralambang prajurit ingkang tumut RatuKalinyamat saking papan pertapaanipun.d) Jembul DrojoJembul Drojo inggih punika Jembul saking dhukuhDrojo, laladanipun angliputi dhukuh Drojo lan Janggleng.Jembul Drojo wonten ing jaman kepengker asung pakurmatanKi Purwa Kepala dhukuh Draja kangge Ki Demang Barata.Wonten ing pucaking gunungan dipunsukani golek,ingkang dados pralambang tetungguhing prajurit sakingKadipaten Jepara ingkang tumut Ratu Kalinyamat nalika tapa,inggih punika Ki Leseh.Salajengipun sekawan Jembul punika dipunarak ingPendhapa Kepala Desa lan ngaso kanthi iringan lelangen senitayub, nembe dipunlajengaken acara-acara selajengipun.

52(1) Misuhi samparanipun Kepala Desa TulakanWonten ing acara punika, kekalihipunsamparanipun Kepala Desa, wiwit polok dumugingandhap dipunwisuhi kaliyan toya sekar setaman.Ingkang misuhi inggih punika sedaya Perangkat Desa.Perkawis punika dipunlampahi amargi ngnggadhahiancas utawi teges, inggih punika.(a) Supados bebrayan Dhusun Tulakan gesang kanthitatatentrem raharja, tebih saking mala sahinggapagesanganipun bebrayan Tulakan wonten ingkahanan ingkang tentrem lan raharja.b) Supados Kepala Desa anggenipun mimpin dhusunTulakan wonten ing paugeran ingkang leres. Botennerak angger-anggering negari lan agami.Lumampahing wisuh samparan Kepala Desa punikadipuntindakaken sarampungipun acara Arak Jembul, inggihpunika dinten Senin Pahing tabuh 11.00-12.00. Papanpanggenanipun wonten ing latar sajawinipun griyanipun KepalaDesa.Miturut Bapak Bekti sesepuh Dhusun Tulakan.“Tradhisi dipuntindakaken supados bebrayan Tulakan gesangipunsaged tentrem lan aman. Kepala Desa anggenipun mimpin ugi

53supados resik, resik saking tindaklakunipun lan langkahe ugijujur, adil marang bebrayan Tulakan”.2) SelametanSelametan punika donga konjuk Allah SWT, supadosdhusun Tulakan wonten ing pangayomaning Allah SWT,dhusunipun wonten ing kahanan ingkang aman sarta wilujeng.Amargi bebrayan Tulakan kathah-kathahipun nyambutdamelipun tetanen, ing donga nyuwun supados asil buminipunkathah, tebih saking sesakit lan cekap sandhang panganipun.Slametan ugi kangge nelakaken raos syukur dhumatengAllah SWT ingkang sampun paring kemirahan rejeki sahinggabebrayanipun tebih saking kekirangan.3) Ngubengi JembulAcara ngubengi Jembul punika dipuntindakaken kaping 3ubengan arah pandom jam. Ingkang ngubengi inggih punikaKepala Desa dipundherekaken dening taledhek tayub lan sedayaPerangkat Desa Tulakan.Taledhek tayub ingkang nyandhingi Kepala Desa wontening tatacara punika pralambang garwanipun Ki Demang Baratainggih punika Nyai Roro Kuning. Nyai Roro Kuning punikagarwa ingkang saged dados tetimbanganipun Ki Demang Baratawekdal mimpin Kademangan. Sedaya punika angnggadhahiteges, bilih garwaning petinggi kedah saged dados tetimbangan

54kakungipun wekdal kakungipun mimpin. Ngubengi Jembul ugiangnggadhahi teges supados Kepala Desa lan Perangkat-Perangkat Desa mriksani langkung caket kahanan bebrayanipun,purun mriksani langsung boten anamung pinarak wonten ingkursi jabatan kemawon. Kepala Desa lan perangkatipun ugikedah saged ngayomi lan ngayemi bebrayan dhusunipun.Wonten ing Tradhisi Arak Jembul, iringan gendhingingkang dipunginakaken inggih punika gendhing Ladrang Slametutawi gendhing Ladrang Mugi Rahayu. Amargi iringan gendhingpunika angnggadhahi pikajengan supados dhusun Tulakanwilujeng, lan raharja wonten ing pepayunging Gusti IngkangMaha Kuwaos.Salajengipun acara ngubengi jembul, lelangen rampungsedaya, nembe Jembul medal saking plataran griyanipun KepalaDesa kanthi urutan nalika mlebet kalawau. Nalika Jembulsampun medal saking plataranipun griyanipun Kepala DesaJembul ingkang dipunarak punika, iratan delingipun kanggererebatan bebrayan Tulakan. Amargi mitosipun, saumpami iratandeling tipis punika dipuntancepaken wonten ing sapinggiripunsabin saged nyuburaken taneman.4) ResikanAcara Resikan inggih punika acara ngresiki papan ingkangnembe dipunginakaken kangge nglampahi acara. Resikan punika

55dipuntindakaken dening bebrayan dhusun Tulakan kanthi caragugur gunung.Acara Resikan punika angnggadhahi teges inggih punikangusir sedaya sesakit lan mala supados boten tumama dhatengbebrayan Tulakan.Sapunika pendhapa Kepala Desa sampun resik, punikaminangka pralambang manawi tradhisi “Jembul Tulakan”wonten ing Kecamatan Donorojo sampun purna.B. Persepsi Bebrayan Gegayutan Tradhisi “Jembul Tulakan”1. Persepsi Bebrayan Kecamatan Donorojo Ngengingi Tradhisi “JembulTulakan”.Wontenipun tradhisi “Jembul Tulakan” nuwuhaken kathahpamanggih saking bebrayan Kecamatan Donorojo. Nanginglimrahipun pamanggih-pamanggih punika sami. Adhedhasarwawancara kaliyan bebrayan Kecamatan Donorojo dipunpranggulibebrayan ingkang gadhah pamanggih tradhisi “Jembul Tulakan”punika kalebet mitos. Bebrayan Donorojo pitados ngengingi mitos,kabukten ing wekdal Senin Pahing tasih nglampahi tradhisi“manganan”, tahlilan lan arak jembul. Miturut Bapak Bekti sesepuhdesa, pitados ingkang nindakaken tradhisi kasebat dipunparingikawilujengan, tebih saking sesakit lan gangsar rejekinipun.

56Bebrayan Kecamatan Donorojo gadhah kapitadosan ngengingitradhisi “Jembul Tulakan” punika. Kanthi nglampahi tradhisi wiwitsaking reresik desa, acara “manganan”, acara tahlilan, acara tetingalanwayang lan arak-arakan Jembul saged pikantuk kawilujengan, tebihsaking mala, gangsar rejekinipun lan panen ingkang kathahambruwah. Sanadyan boten nate wonten patuladhan manawi botennindakaken tradhisi punika angsal adzab, ananging bebrayan ajegpitados menawi nindakaken tradhisi punika saged ngasilaken perkawisingkang sae.Miturut pituturipun Bapak Sutrisna (45 taun), bebrayanKecamatan Donorojo nindakaken tetingalan tradhisi “Jembul Tulakan”saben taun punika wonten ing wulan Apit dinten Senin Pahing.Ancasipun kangge nelakaken raos syukur dhumateng Allah SWTingkang sampun paring lubering berkah kalimpahan panen ing taunpunika lumampah dumugi sapunika, jalaran bebrayan pitados menawinindakaken tradhisi kasebat bebrayan dhusun Tulakan pikantukkawilujengan, rijeki ingkang kathah, tebih saking bebaya, sarta mbektakauntungan ing panen taun salajengipun.Tradhisi “Jembul Tulakan” kedah dipuntindakaken saben taun,jalaran kangge mengeti lampah tapanipun Ratu Kalinyamat. AmargiRatu Kalinyamat inggih punika danyang dhusun Tulakan lan tradhisipunika kangge piwulangan pemimpin desa supados saged mimpin desa

57kanthi sae, saged ngayomi bebrayanipun, lan nuwuhaken katentremanlan raharja bebrayan Kecamatan Donorojo.2. Persepsi Bebrayan Sajawinipun Kecamatan Donorojo NgengingiTradhisi “Jembul Tulakan”.Ingkang pitados tradhisi “Jembul Tulakan” minangka mitosboten bebrayan Keamatan Donorojo kemawon, ananging ugi bebrayansajawinipun Kecamatan Donorojo. Bebrayan gadhah pamanggihtradhisi “Jembul Tulakan” punika minangka mitos. Perkawis punikaketingal saking wontenipun kathah tiyang ingkang ndhatengi wontening salebetipun prosesi tatacara lan bebrayan ingkang badhe ningaliarak-arakan Jembul. Atraksi arak-arakan Jembul punika boten namungnarik kawigatosan bebrayan ingkang nyengkuyung kabudayan,ananging ugi kangge tetingalan bebrayan wisata lokal.Bebrayan sajawinipun Kecamatan Donorojo pitados menawinindakaken tradhisi “Jembul Tulakan” punika sampun lumampahsaben taun, ingkang dipuntindakaken bebrayan Kecamatan Donorojo.Asringipun bebrayan saking jawi Kecamatan Donorojo ingkangndherek prosesi tatacara nyuwun supados rejekinipun gangsar landipunparingi kawilujengan.Miturut Bagas (23 taun) pitados sanget dhumateng mitosingkang wonten ing tradhisi “Jembul Tulakan” punika. Amargi wontengegayutanipun kaliyan cariyos Ratu Kalinyamat ingkang tapa bratawonten ing Padhukuhan Sondher utawi Siti Wangi. Tradhisi “Jembul

58Tulakan” punika prosesi acaranipun dipunanggep sakral sedanten,amargi wujud pakurmatan dhumtaeng Ratu Kalinyamat minangkadanyang dhusun Tulakan Kecamatan Donorojo.Saking pituturanipun bebrayan sajawinipun KecamatanDonorojo punika, saged kapundhut dudutan bilih bebrayan sakingsajawinipun Kecamatan Donorojo nggadhahi pamanggih tradhisi“Jembul Tulakan” punika minangka mitos. Bebrayan pitados lan yakinngengingi tradhisi “Jembul Tulakan”. Kabukten kathah tiyang ingkangrawuh ningali tetingalan Tradhisi “Jembul Tulakan” lan ndhereknindakaken tradhisi ing salebetipun prosesi tatacara “Jembul Tulakan”sapunika.C. Nilai Pendidikan ing Salebetipun Tradhisi Jembul TulakanTradhisi “Jembul Tulakan” punika mbeta mupangat ingkang sae,tumrap nilai pendidikan. Kabukten saking cariyos mitos tradhisi “JembulTulakan” tasih dipunlampahi dumugi sapunika. Bebrayan pitadosngengingi mitos tradhisi “Jembul Tulakan”, pramila bebrayan nindakakentradhisi punika. Bebrayan pitados menawi nindakaken tradhisi “JembulTulakan” punika, pangajapipun saged kalampahan. Wonten ing tradhisi“Jembul Tulakan” saged kapundhut nilai pendhidhikan. Nilai Pendidikanpunika saged ketingal ing ngandhap punika.

591. Nilai Pendidikan SosialMarisaken nilai sosial wonten ing tradhisi “Jembul Tulakan”Punika kagolong fungsi sosial ingkang wonten ing salebetipun adat.Pranata sosial utawi unsur kabudayan punika wonten ing perananingkang wigatigegayutan kaliyan adat, tindak-tanduk bebrayan lanpranata sosial sanesipun ingkang wonten ing bebrayan. Tatacara“Jembul Tulakan” punika asil saking warisan nenek moyang ingkangngandhut nilai adat istiadatlan ingkang kedah dipunanut landipunlestareaken kawontenanipun.Nilai sosial ingkang wonten ing tradhisi “Jembul Tulakan”punika saged ketingal saking wujud utawi simbol ingkang saged dadospatuladhan ingkang sae lan boten sae, pramila saged dipunginakakenkangge paugeran tindak-tandukipun bebrayan ingkang nyengkuyungtradhisi “Jembul Tulakan”. Tradhisi “Jembul Tulakan” ugi nggadhahimupangatkangge lumampahing tindak-tanduk bebrayanipun, lankangge ngatur hubungan bebrayan kaliyan alam lingkunganmliginipun kaliyan Allah SWT. Saking pajlentrehan ing nginggil sageddipunpendhet dudutan bilih tradhisi “Jembul Tulakan” mbetamupangat pendhidhikan ing nilai sosial.2. Nilai Pendidikan ReligiKawontenanipun tradhisi “Jembul Tulakan” punika wontengegayutanipun kaliyan kapitadosan bebrayan Tulakan. Bebrayan

60dhusun Tulakan ingkang kathah agaminipun Islam lan tasih pitadoskaliyan kawontenanipun roh-roh ingkang wonten ing dhusun Tulakan.Bebrayan angnggadhahi pamanggih bilih tradhisi “JembulTulakan” punika dipunwontenaken kangge donga nelakaken raossyukur dhumateng Allah SWT. Tradhisi “Jembul Tulakan” nnggadhahiteges, inggih punika bilih kita sedaya kedah ngenget dhumateng AllahSWT, minangka Gusti ingkang Maha Tunggal ingkang sampun paringlumebering berkah wonten ing dunya punika. Mliginipun generasienem kedah marisaken lan nglestareaken donga, nelakaken raos syukurdhumateng Allah SWT. Donga wonten ing tradhisi “Jembul Tulakan”nnggadhahi aji dhidhik kangge ngindhakaken anggenipun dedonga,jalaran lumantar donga ingkang kaaturaken saged damel kesaenangesang ing bebrayan, limrahipun kangge leluhur minangka danyangdhusun kasebat.3. Nilai Pendidikan MoralWonten ing tradhisi “Jembul Tulakan” mbeta nilai pendidikanmoral. Nilai moral punika antawisipun:a. Ngurmati LeluhurNindakaken tradhisi “Jembul Tulakan” wonten ing wulanApit punika minangka tindhak-tandhuk kangge paring patuladhandhumateng generasi enem supados purun nguri-nguri tradhisikasebat, sanadyan namung setaun sepisan.

61Tindhak-tandhuk ngurmati leluhur kabukten ing kagiyataningkang katindakaken wonten ing wulan Apit punika. Nindakakentradhisi “Jembul Tulakan” kasebat jumbuh kaliyan norma-normaingkang wonten. Kanthi boten langsung bebrayan sampun paringtuladha kangge ngurmati leluhuripun.b. Ngurmati Tiyang sanesGesang ing bebrayan magepokan kaliyan tiyang sanes lankedah sesarengan ngurmati. Tradhisi “Jembul Tulakan” tasihngrembaka ing madyaning bebrayan jalaran tasih wontensaperangan bebrayan ingkang tasih nguri-uri kabudayan kasebat.Bebrayan nindakaken tradhisi “Jembul Tulakan” kanthi sesarenganlan ajen-ingajenan. Wujud raos ngurmati saged ketingal sakingpanyengkuyungipun ingkang patuh dhumateng paugeranruntutanipun tatacara.Kangge nyawijeaken pamanggih kedah wontenmusyawarah.Salebetipun musyawarah kedah ngurmati sabenpamanggihipun tiyang sanes, umpaminipun giyaraken tata lakunetatacara. Sedaya punika katindakaken kanthi raos ngurmati dhatengsanesipun. Dados saged ketingal menawi tradhisi “JembulTulakan” punika ngnggadhahi mupangat pendhidhikan gegayutankaliyan ndidik moral bebrayan.

62D. Mupangat Tradhisi “Jembul Tulakan” Tumrap BebrayanPanyengkuyungipunSaben Tradhisi punika mesthi kemawon ngnggadhahi mupangatlan makna tumrap bebrayan ing tlatah kasebat. Semanten ugi tradhisi“Jembul Tulakan” ing Kecamatan Donorojo. Adhedhasar saking dhataingkang dipunasilaken saking wawancara, kaprangguli tradhisi “JembulTulakan” punika mbeta mupangat kangge bebrayan panyengkuyungipun.Punika saged asipat materil utawi spiritual.Mupangat kasebat saged dipunperang salebetipun pinten-pintenbidang, antawisipun.1. Mupangat ing bidang ekonomi2. Mupangat ing bidang sosial budaya3. Mupangat ing bidang agami4. Mupangat ing bidang pariwisata.1. Mupangat ing Bidang EkonomiFaktor-faktor ingkang ngnggadhahi gegayutan kaliyankalangsungan majeng botenipun tlatah inggih punika saking faktorekonomi lan budaya. Sacara ekonomi tatacara tradhisi “JembulTulakan” sampun dadosaken bebrayan semanget nindakakenproduktifitas nyambut damel tetanenipun. Faktor ekonomi sampunketingal saking lumampahing tradhisi kasebut.

63Wontenipun panyengkuyung saking wewengkon sanes sageddamel bebrayan nindakaken pambudidaya ekonomi. Pambudidayapunika awujud dagang supados angsal kauntungan. Pambudidayaningbebrayan ingkang katindakaken antawisipun: ngawontenaken warungdedhaharan, kios-kios jajan alit-alit, kios-kios souvenir lan papanparkir. Ngupaya warga ingkang katindhakaken saged ngindhakakenkaraharjaning bebrayan.2. Mupangat ing Bidang Sosial BudayaIng bidang Sosial Budaya tradhisi “Jembul Tulakan” cekapnarik kawigatosan sedaya bebrayan ingkang rumaos angnggadhahitradhisi kasebat. Sapunika saged ketingal saking bebrayan ingkangtumut nglestarekaken lan jagi saking kahanan dunya ingkang tambahmajeng teknologinipun, lan kemoderenanipun.Atraksi “Jembul Tulakan” punika saged narik kawigatosanpanyengkuyung budaya lan kangge aktivitas utawi padamelan budayanyelarasaken kaliyan alam lingkungan. Tradhisi “Jembul Tulakan” ugisaged kangge tetingalan budaya, kangge bebrayan ingkang botentumut sacara langsung wonten ing salebetipun kagiatan sapunika.Tradhisi “Jembul Tulakan” punika minangka aset ingkangsaged nambah pangasilan daerah. Langkah strategis ingkang sampundipunpendhet dening Dinas Pariwisata Jepara sampun jumbuh.Nglebetaken tradhisi “Jembul Tulakan” wonten ing salah

64setunggalipun jadwal paket wisata saged ngindhakaken kontribusidaya tarik wisatawan ingkang badhe tindak dhateng kita Jepara.3. Mupangat ing bidang AgamiKawontenanipun tradhisi “Jembul Tulakan” punika wontengegayutanipun kaliyan kapitadosan bebrayan Tulakan. Bebrayandhusun Tulakan ingkang kathah agaminipun Islam lan tasih pitadoskaliyan kawontenanipun roh-roh ingkang wonten ing dhusun Tulakan.Bebrayan ngnggadhahi pamanggih bilih tradhisi “JembulTulakan” punika dipunwontenaken kangge donganelakaken raossyukur dhumateng Allah SWT. Tradhisi “Jembul Tulakan”ngnggadhahi teges, inggih punika bilih kita sedaya kedah engetdhumateng Allah SWT, minangka panguwaos dunya ingkang sampunparing lumebering berkah wonten ing dunya punika. Mliginipungenerasi enem kedah marisaken lan nglestarekaken donga nelakakenraos syukur dhumateng Allah SWT. Donga wonten ing tradhisi“Jembul Tulakan” nggadhahi nilai ndhidhik kangge ngindhakakendedonga, jalaran lumantar donga ingkang kaaturaken saged damelkesaenan kangge gesang ing bebrayan, limrahipun kangge leluhurminangka danyang dhusun kasebat.4. Mupangat ing bidang pariwisataAcara tradhisi “Jembul Tulakan” punika dipunginakaken deningbebrayan kangge papan wisata. Katah kelurga ingkang sesarenganningali tradhisi “Jembul Tulakan” kangge sarana hiburan. Bebrayan

65sesarengan kesah ningali ritual “Jembul Tulakan” lan wangsulipuntumbas oleh-oleh. Amargi papan tetingalan tradhisi “Jembul Tulakan”caket kalian Benteng Portugis sarampungipun tradhisi “JembulTulakan” rampung bebrayan kesah wonten ing Benteng Portugis.Amargi tradhisi “Jembul Tulakan” sampun mlebet wonten ingpaket wiasata ing kutha Jepara, dados ingkang ngrawuhi botennamung bebrayan saking Kecamatan Donorojo ananging sakingbebrayan sajawinipun Kecamatan Donorojo lan para turis utawiwisatawan asing.

66BAB IVDUDUTAN LAN PAMRAYOGIA. DudutanAdhedhasar asil panaliten lan panjlentrehan wonten ing Bab IV punikasaged dipundudutaken, antawisipun:1. Wujud-wujuding tradhisi bebrayan Kecamatan Donorojo ingkangsesambetan kaliyan tradhisi “Jembul Tulakan” inggih punika tradhisiacara reresik dhusun, tradhisi acara “manganan”, tradhisi acaratahlilan, tradhisi acara ringgit wacucal, tradhisi acara arak jembul lanacara resikan.2. Persepsi bebrayan Kecamatan Donorojo ngengingi tradhisi “JembulTulakan” inggih punika bebrayan Kecamatan Donorojo gadhahpamanggih bilih tradhisi “Jembul Tulakan” punika minangka mitos lanbebrayan pitados leresing mitos kasebat. Prakawis punika kabuktenwonten ing wekdal-wekdal tartamtu panyengkuyungipun nindakakentradhisi “Jembul Tulakan”.3. Tradhisi “Jembul Tulakan” gadhah nilai pendidikan, nilai pendidikankasebat saged dados paugeraning gesang ing bebrayan. Wonten ingnilai pendidikan punika: a. Nilai sosial: paugeran kangge solahbawanipun bebrayan ing sesrawungan lan paring rijeki kaliyan tiyangsanes. b. Nilai Religi: pitados ngengingi nilai spiritual, raos syukur lanparing donga. c. Nilai Moral: Wontenipun nilai pendidikancarangurmati leluhur lan ngurmati tiyang sanes.66

67B. PanyaruwePamrayogi ingkang prelu kaaturaken.1. Tradhisi “Jembul Tulakan” punika minangka tradhisi ingkang kedahdipunlestarekaken. Awit tradhisi punika nggadhahi kaunikan ingtatacara pagelaranipun.2. Kangge nglestarekaken tradhisi “Jembul Tulakan” punika kedahipunboten namung bebrayan ingkang magepokan kaliyan tradhisi punikakemawon ingkang kedah aktif, ananging ugi sedaya pihak, inggihpunika saking Pemerintah mliginipun Dinas Pariwisata lanKabudayan.3. Tradhisi “Jembul Tulakan” punika kedah dipungelar rutin saben taun,supados bebrayan ingkang dereng lan sampun mangertos tradhisipunika tansah emut bilih warisan kabudayan punika kedahdipunlestareaken.4. Kawontenan tradhisi “Jembul Tulakan”, pamarintah kedahngginakaken kangge adhedhasar tetimbangan salebetipun usahaperekonomian, sosial budaya, agama lan pariwisata.

68KAPUSTAKAANAbu ahmadi, H.,Supatmo, A., 2008. Ilmu Alamiah Dasar. Jakarta : PT. RinekaCipta.Anton, M.M. 1993. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta: Balai Pustaka.Arikunto, Suharsimi. 2006. Prosedur Penelitian, Suatu Pendekatan Praktek.Jakarta: Rineka Cipta.Bekti. Pertapaan Ratu Kalinyamat. Jepara____. Babad Desa Tulakan. JeparaBudianto, Melani, ( Rene Wellek dan Austin Warren)1990. Teori Kesustraan.Jakarta: Gramedia.Danandjaya, James. 2002. Folklor Indonesia. Jakarta: Pustaka Utama Grafiti.Endraswara, Suwardi. 2003. Metodologi Penelitian Kebudayaan. Yogyakarta:Gadjah Mada University Prees.Hartoko, Black. 1985. Strategi Kebudayaan. Yogyakarta: Kanisius.Herimanto, Winarno. 2008. Ilmu Sosial dan Budaya Dasar. Jakarta: PT. BumiAksara.Koentjaraningrat. 2002. Pengantar Ilmu Antropologi. Jakarta: Rineka Cipta._______. 2005. Pengantar Antropologi 1. Jakarta: Rineka Cipta.Maran, Rafael. 2007. Manusia dan Kebudayaan Dalam Perspektif Ilmu BudayaDasar. Jakarta: Rineka Cipta.Peursen, Ca Van. 1988.Stategi Kebudayaan. Yogyakarta: Kanisius._____. 2009. Strategi Kebudayaan.Yogyakarta: Kansius.Poerwadarminta, W. J. S. 2005. Kamus Umum Bahasa Indonesia. Jakarta: BalaiPustaka.Purwadi. 2006. Kamus Besar Bahasa Jawa. Yogyakarta: Bina Media._____. 2009. Folklor Jawa. Yogyakarta: Pura Pustaka.Raminah, Baribin. 1989. Teori Kritik dan Penilaian Sastra. Semarang: IKIPSemarang Press.Sodikan. 2001. Metode Penelitian Sastra Jawa. Surabaya: Centra Wacana.68

Tilaar, H. A. R. 2002. Pendidikan Kebudayaan dan Masyarakat MadaniIndonesia. Bandung: PT Remaja Rosdakarya Offset Bandung.69

LAMPIRAN - LAMPIRAN

DAFTAR NAMA INFORMANNO NAMA ALAMAT Padamelan1. Suparni Dhusun Tulakan Juru Kunci2. Bekti Dhukuh Bandung Pajang Dwija3. Sutrisna Dhusun Tulakan Kepala Desa4. Solikul Huda Kecamatn Kalinyamatan Seniman5. Bagas Kecamatan Kalinyamatan Mahasiswa

PITAKENAN WAWANCARA1. Kados pundi cariyos mula bukanipun tradhisi “Jembul Tulakan” ingKecamatan Donorojo punika?2. Kados pundi rerangkening tradhisi “Jembul Tulakan” ing KecamatanDonorojo punika?3. Kados pundi prosesi lelampahanipun tradhisi Arak Jembul punika?4. Punapa kemawon ubarampe ingkang dipunbetahaken wonten ingsalebetipun tradhisi “Jembul Tulakan” punika?5. Kados pundi pamanggihipun bebrayan tumrap tradhisi “Jembul Tulakan”punika?6. Punapa nilai pendidikan ingkang saged kapendhet wonten ing tradhisi“Jembul Tulakan” punika?

Asil WawancaraNamaAlamatPadamelan: Suparni: Dhusun Tulakan: Juru kunci petilasan Ratu KalinyamatTradhisi “Jembul Tulakan” sing ana ing kene kuwi asli tradhisi sakadaerah Kecamatan Donorojo iki, mligine dhusun Tulakan. Tradhisi iki anagegayutane karo tokoh kang babad alas dhusun Tulakan iki, yaiku Kanjeng RatuKalinyamat.Mula bukane tradhisi “Jembul Tulakan” yaiku lampah kangge ngengetlaku tapabratane Ratu Kalinyamat, kang unine “ora pisan-pisan ingsun jengkarsaka tapaningsun, yen ingsun durung bisa kramas rah lan nganggo keset jembuleArya Penangsang”. Ratu sumpah bakal males ukum pejahe bojone yaiku SultanHadirin”Critane ing tapabratane Ratu ana kedadeyan peperangan, antarane prajuritPajang kang dipimpin Suta Wijaya lan prajurit Jipang Panolan kang dipimpinArya Penangsang. Ing peperangan Arya Penangsang kalah ing tangane DanangSuta Wijaya. Sanalika Danang Suta Wijaya mothol Jembule lan mundhutsemangkok getihe Arya Penangsang, nembe ngutus prajurite maringake marangKanjeng Ratu.

Pengertian “Jembul Tulakan” iku mula bukane ing jaman biyen prajuritprajuritanggone gawa getih lan jembule Arya Penangsang diarak dening prajuritprajurittumuju papan tapane ratu. Dene para bebrayan Tulakan anggone ngurmatiRatu Kalinyamat ngadakna tradhisi “Jembul Tulakan”, kang wujudipun ngarakJembul mubeng desa. Tapi Jembule wus ora Jembule Arya Penangsang, anangingsaka ancak kang diirat kesane mirip Jembul.Anggone bebrayan nglakoni tradhisi “Jembul Tulakan” iki ana ritual-ritualkang kudu dilakoni sadurunge acara Arak Jembul. Yaiku sepisanan acara resikresikdesa, manganan, tahlilan, tontonan wayang, nembe arak Jembul. Yen acarawus rampung nembe acara resikan.

Asil WawancaraNamaAlamatPadamelan:Bekti: Dhukuh Bandung Padang: DwijaTradhisi sing ana ing dhusun Tulakan iki mula bukane saka tapa brataneKanjeng Ratu Kalinyamat. Sadurunge acara arak Jembul dimulai, ana ritual-ritualkang kudu dilakoni. Yaiku resik dusun, resik dusun yaiku resik-resik dusun, dalankang bakal diliwati arak jembul kudu diresiki, papan petilasan Ratu Kalinyamatugi pada diresiki amargi kanggo acara manganan, lan tahlilan. Acara mangananyaiku acara selametan ana ing papan petilasan Ratu Kalinyamat, masyarakat kangrawuh padha gawa sega kang ana lawuhe. Nembe dilanjutna acara tahlilan, yaikumaos surat tahlil lan maos asma-asma Allah sesarengan ana ing kapundhen RatuKalinyamat. Dilanjutna acara nonton wayangsewengi muput ana ing omaheKepala Desa, Kepala Desa kang saiki asmane Bapak Sutrisna. Isue nembe acaraarak Jembul yaiku ngarak Jembul mubeng desa tumuju papan petilasan RatuKalinyamat.Jembul iku ana werna loro yaiku Jembul Lanang lan Jembul Wadon. DeneJembul kang diarak ana sekawan Jembul. Jembul lanang loro, wadon loro. AsmaJembul sekawan kang diarak iku migunakake asma-asma padhukuhan kang anaing dhusun Tulakan, yaiku Jembul Krajan, Jembul Ngemplak, Jembul Winong lan

Jembol Drojo. Sabenere ana enem dhukuh ing dhusun Tulakan, ananging kangdiarak namung 4 asma Jembul.Kasunyatane bebrayan pitados nglampahi tradhisi Arak Jembul supayadiparingi kesejahteraan, adoh saka mala, lan gampang rejekine. Ugi kanggengurmati Ratu Kalinyamat kang wus babat alas dhusun Tulakan.

Asil WawancaraNamaAlamatPadamelan: Sutrisna: Dhusun Tulakan: Kepala DesaTradhisi “Jembul Tulakan” iku dilampahi saben taun ing wulan Apitdinten Senin Pahing. Ancas saka tradhisi iku yaiku ngucap syukur marang GustiAllah amargo wus maringi rijeki limpahan panen ing taun iki.Ing salah sijine werna-werna acara “Jembul Tulakan” iku ana salah sijiacara kang jenenge acara manganan. Acara manganan yaiku acara kang dilakoniana ing papan petilasan Ratu Kalinyamat. Saben wong kang melu acara manganandiwajibake gawa sega ambengan lan iwake. Tradhisi acara manganan iku dimulaijam 16.00 sore nganti sarampunge.Tradhisi iki wus turun temurun saka simbah kakung lan dadi tontonantradhisi kang dienten-enteni masyarakat Tulakan lan sapiturute. Tradhisi “JembulTulakan” iki entuk perhatian saka Pamerintah, buktine wayah tradhisi arak jembuldigelar pamerintah saka Dinas Pariwisata lan Budaya pada Rawuh nggangokamera dokumentasai. Tradhisi iki kang nonton rame banget, pamerentah uginyediakake aparat kanggo jaga nalika Jembul diarak.

Asil WawancaraNamaAlamatPadamelan: Solikul Huda: Kecamatan Kalinyamatan: SenimanAku minangka wong kang seneng marang kebudayaan, remen sangetnalika ningali tradhisi “Jembul Tulakan” iki. Tradhisi iki kagolong tradhisi kangunik , amarga anggone gawe Jembul kreatif sanget, yaiku saka ancak kang diiratpramila saemper kaya jembul manungsa. Tradhisi iki kudu dilaksanaake sabentaun, jalaran tradhisi iki kagolong tradhisi kangge ngurmati tokoh kang wus babatalas dhusun Tulakan Kecamatan Donorojo iki. Tradhisi iki uga ora mung daditontonan ananging paring kauntungan kanggo Pamerentah Jepara amargi devisanetambah. Tradhisi iki wus mlebu agenda tempat wisata kang ana ing Kutha Jepara,iku kabukti saka akehe turis kang padha ningali nalika acara Arak Jembul.Tradhisi “Jembul Tulakan” iki uga maringi piwulangan kanggo pemimpindhusun Tulakan, ora mung Kepala Desane ananging uga Perangkat-perangkate.

Asil WawancaraNamaAlamatPadamelan: Bagas Fatah: Kecamatan Pecangaan: MahasiswaTradhisi “Jembul Tulakan” iku tradhisi kang unik, tradhisi kang wus turuntemurun. Akeh wong saka liya Kecamatan Donorojo rame-rame padha ningalitradhisi “Jembul Tulakan”, mligine nalika wayah acara arak jembul. Yen takdelok sakliyane acara tontonan tradhisi “Jembul Tulakan”, tradhisi “JembulTulakan” uga maringi ajining pendhidhikan mligine ing bidang agami, ing tradhisingajari donga, ngucap syukur dhumateng Allah SWT, uga akeh mumpangatliyane kang ana ing sajrone acara tradhisi “Jembul Tulakan” iku.

Gambar 1Jembul Ngemplak lan Jembul WadonGambar 2Jembul Winong

Gambar 3Jembul WinongGambar 4Jembul Krajan

Gambar 5Kepala Desa lan Penari tayubGambar 6Kepala Desa lan Juru Kunci Petilasan Ratu Kalinyamat Sonder

Gambar 7Acara MangananGambar 8BebrayanRerebut Kembang Ritual

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!