10.07.2015 Views

SKRIPSI - Andy Nuriman

SKRIPSI - Andy Nuriman

SKRIPSI - Andy Nuriman

SHOW MORE
SHOW LESS
  • No tags were found...

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

PANGESAHAN<strong>SKRIPSI</strong>KAENDAHANING SYAIR TEMBANG INGKANG KASEKARAKENPARAGA PENTHUL LAN BEJER WONTEN ING KESENIAN JATHILANDUSUN SUKAWERA DESA TLAGASANA KECAMATAN WATUKUMPULKABUPATEN PEMALANGingkang dipunserat lan dipunajukaken dening:Iman Waluyo SantosoNPM 06430014sampun dipunkukuhaken ing ngajeng Dewan PengujiDinten Jumat Surya kaping 20 Agustus 2010Lan dipunpratelakaken njangkepi syaratPanitya UjianPangarsa,Panyitra,Dra. Sri Suciati, M.HumDra. HR. Utami, M.Hum.NIP 196503161990032002 NPP 906301071Anggota Penguji:1. Dr. Bengat. (.............................................)NPP 0843012172. Sunarya, S.S. (.............................................)NPP 0968012433. Totok Yasmirann, S.S. (.............................................)NPP 0608027003


ATUR CECALASedaya puja pudyastuti konjuk dhumateng Gusti ingkang AmurbaAmasesa ingkang sampun paring pitedah saha pituduh, rahmat tuwin hidayah-Ipun, saengga skripsi ingkang irah-irahanipun “Kaendahan ing Syair Tembangingkang Kasekaraken Paraga Penthul lan Bejer wonten ing Kesenian JathilanDusun Sukawera Desa Tlagasana Kecamatan Watukumpul Kabupaten Pemalang”punika saged purna kanthi sae lan jumbuh kaliyan wekdal ingkang sampunkatamtokaken.Sadangunipun nyerat skripsi punika panyerat kathah pambiyantu sakingkathah pihak awujud pitedah, pituduh saha bimbingan. Pramila atur panuwuningkang tanpa pepindhan kaaturaken dhumateng ingkang kinurmatan:1. Muhdi, S.H., M.Hum., Rektor IKIP PGRI Semarang ingkang sampun kersaparing idin nyerat skripsi.2. Dra. Sri Suciati, M.Hum, Dekan Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni IKIPPGRI Semarang ingkang sampun paring idin nyerat skripsi.3. Dra. HR. Utami, M.Hum., Kaprogdi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa IKIPPGRI Semarang ingkang sampun kersa paring idin nyerat skripsi.4. Dr. Bengat., Dosen Pembimbing I ingkang sampun kersa paring pitedah,pituduh tuwin pamrayogi saengga skripsi punika saged purna.5. Sunarya, S.S., Dosen Pembimbing II ingkang sampun kersa paring pitedah lanpituduh sarta bimbingan saengga skripsi punika saged purna.6. Sedaya Dosen IKIP PGRI Semarang ingkang sampun paring ngelmu ingkangmupangat lan migunani.


SARI PATHIIman Waluyo Santoso. NPM 06430014. Skripsi kanthi irah-irahan Kaendahan ingSyair Tembang ingkang Kasekaraken Paraga Penthul lan Bejer wontening Kesenian Jathilan Dusun Sukawera Desa Tlagasana KecamatanWatukumpul Kabupaten Pemalang. Skripsi. Program Studi PendidikanBahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. InstitutKeguruan dan Ilmu Pendidikan PGRI Semarang. 2010. Pembimbing I: Dr.Bengat. Pembimbing II: Sunarya, S.S..Tembung wos: kaendahan lan syair tembang.Panaliten punika ngrembag kaendahan ing syair tembang ingkangkasekaraken paraga Penthul lan Bejer wonten ing kesenian Jathilan ing dusunSukawera desa Tlagasana kecamatan Watukumpul kabupaten Pemalang.Momotan panalitenipun Kados punapa wujud syair ingkang kasekaraken paragaPenthul lan Bejer wonten ing kesenian Jathilan dusun Sukawera desa Tlagasanakecamatan Watukumpul kabupaten Pemalang?Kados punapa kaendahan ing syairtembang ingkang kasekaraken paraga Penthul lan Bejer wonten ing kesenianJathilan dusun Sukawera desa Tlagasana kecamatan Watukumpul kabupatenPemalang? Ancasipun panaliten ngandharaken kados punapa wujud sartakaendahan ing syair tembang ingkang kasekaraken paraga Penthul lan Bejerwonten ing kesenian Jathilan dusun Sukawera desa Tlagasana kecamatanWatukumpul kabupaten Pemalang. Tembang punika unik jalaran pamilihingtembungipun migunakaken rerangkening basa-basa endah ingkang kasusun kanthimigatosaken syair sarta makna ingkang badhe kaandharaken.Teori ingkang kaginakaken inggih punika saking Padmosoekatja ingkangngandharaken bilih Basa endah inggih punika basa mawi rerenggan ingkangmapan trapipun. Tumraping basa Jawi ingkang saged dados rerengganipun basawonten maneka warni kadosta: purwakanthi, tembung saroja, parikan, pepindhan,dwi lingga, lelewaning basa lan sapanunggalanipun. Ing tembang kasebat kathahkatemokaken basa-basa endah kadosta purwakanthi, tembung saroja, parikan,pepindhan, dwilingga lan lelewaning basa.Metodhe ingkang dipunginakaken deskriptif kualitatif amargi objekingkang dipuntliti arupi ukara ingkang ngandhut kaendahan salebeting syairtembang. Ancasipun supados saged maringi gambaran babagan kendahansalebeting syair tembang ingkang kasekaraken ing kesenian Jathilan. Anggenipunngempalaken dhata ing panaliten punika migunakaken metodhe observasi,wawancara, dokumentasi. Jlentrehipun analisis asil dhata, panyerat ngginakakenmetodhe informal, kanthi metodhe punika anggenipun ngandharaken asil analisisdhata dipuntindakaken kanthi deskripsi khas verbal migunakaken tembungtembungsarta boten mawi lambang-lambang.Awewaton analisis panaliten punika, Kaendahan syair tembang ingkangasring kaprangguli awujud panganggenipun purwakanthi, (purwakanthi guruswara, purwakanthi sastra, lan purwakanthi lumaksita). Purwakanthi kasebatkaginakaken kangge nyeragamaken syair tembang saengga endah nalika


ABSTRAKIman Waluyo Santoso. NPM 06430014. Skripsi dengan judul Kaendahan ingSyair Tembang ingkang Kasekaraken Paraga Penthul lan Bejer wontening Kesenian Jathilan Dusun Sukawera Desa Tlagasana KecamatanWatukumpul Kabupaten Pemalang. Skripsi. Program Studi PendidikanBahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. InstitutKeguruan dan Ilmu Pendidikan PGRI Semarang. 2010. Pembimbing I: Dr.Bengat. Pembimbing II: Sunarya, S.S..Kata Kunci: kaendahan dan syair tembang.Penelitian ini membahas keindahan dalam syair lagu yang dinyanyikantokoh Penthul dan Bejer dalam kesenian Jathilan dusun Sukawera desa Tlagasanakecamatan Watukumpul kabupaten Pemalang. Rumusan masalahnya adalahbagaimana wujud syair lagu yang dinyanyikan tokoh Penthul dan Bejer dalamkesenian Jathilan dusun Sukawera desa Tlagasana kecamatan Watukumpulkabupaten Pemalang? Bagaimana keindahan syair lagu yang dinyanyikan tokohPenthul dan Bejer dalam kesenian Jathilan dusun Sukawera desa Tlagasanakecamatan Watukumpul kabupaten Pemalang? Tujuan penelitian ini adalahmemberi gambaran wujud dan keindahan syair lagu yang dinyanyikan tokohPenthul dan Bejer dalam kesenian Jathilan dusun Sukawera desa Tlagasanakecamatan Watukumpul kabupaten Pemalang. Lagu itu unik karena pilihankatanya menggunakaran rangkaian bahasa-bahasa yang indah yang disusundengan memperhatikan syair serta makna yang akan disampaikan.Teori yang digunakan adalah dari Padmosoekatja yang menjelaskan bahwabahasa indah adalah bahasa dengan keindahan sesuai dengan tempatnya. Dalambahasa jawa keindahan bahasa ada beraneka ragam seperti: purwakanthi, tembungsaroja, parikan, pepindhan, dwi lingga, lelewaning basa dan sebagainya. Dalamlagu tersebut banyak ditemukan bahasa-bahasa indah seperti purwakanthi,tembung saroja, parikan, pepindhan, dwilingga lan lelewaning basa.Metodhe yang digunakan adalah deskriptif kualitatif sebab objek yangditeliti berupa kalimat yang mengandung unsur keindahan. Tujuannya agar dapatmemberi gambaran tentang keindahan Syair lagu yang dinyanyikan tokoh Penthuldan Bejer dalam kesenian Jathilan Dusun Sukawera Desa Tlagasana KecamatanWatukumpul Kabupaten Pemalang. Pengumpulan dhata dilakukan dengan metodeobservasi, wawancara, dokumentasi. Pemaparan hasil analisis data menggunakanmetode informal, dengan deskripsi khas verbal berupa kata-kata serta tidakmenggunakan lambang-lambang.Dari hasil penelitian, keindahan syair tembang yang ditemukan berupapenggunaan purwakanthi, (purwakanthi guru swara, purwakanthi sastra, danpurwakanthi lumaksita) Purwakanthi digunakan untuk menyeragamkan syair lagusehingga terasa indah ketika didengarkan, gaya bahasa (aliterasi, asonansi,anadiplosis, dan tautoles) digunakan sebagai seni berbahasa serta cara untukmenjelaskan makna dalam suatu lagu, kata ulang (dwilingga wutuh lan dwilinggasalin swara), tembung saroja digunakan untuk menyelaraskan syair menggunakan


angkaian kata-kata yang indah, dan pepindhan digunakan sebagai perumpamaanketika menjelaskan suatu makna/ pesan dalam sebuah lagu, sedangkan paribasan,bebasan dan saloka tidak ditemukan dalam penelitian ini.


DHAPTAR ISIIRAH-IRAHAN ...............................................................................................KACA PASARUJUKAN ................................................................................iiiPANGESAHAN ............................................................................................... iiiSESANTI LAN PISUNGSUNG ...................................................................... ivATUR CECALA ..............................................................................................vSARIPATHI ..................................................................................................... viiABSTRAK ....................................................................................................... ixDHAPTAR ISI ................................................................................................. xiBAB I PURWAKA ................................................................................. 1A. Pawadaning Perkawis............................................................ 1B. Momotaning Prekawis .......................................................... 4C. Ancasipun Panaliten .............................................................. 4D. Mupangatipun Panaliten........................................................ 5E. Panandhesing tembung.......................................................... 6F. Metodhe Panaliten…………………………………………. 71. ................................................................................... Ancanganipun Panaliten………………………………… ....... 72. ................................................................................... Dunungipun Panaliten…………………………………… ....... 73. ................................................................................... Sasaran Panaliten………………………………………… ...... 8


4. ................................................................................... Dhata lan Sumber Dhata…………………………………. ..... 85. ................................................................................... Teknik Pangempalan Dhata……………………………… ....... 86. ................................................................................... Teknik Ngolah Dhata…………………………………… ........ 10G. Tatarakiting Panyeratanipun Skripsi ..................................... 13BAB II LANDHESAN TEORI .............................................................. 14A. Kesenian ................................................................................ 14B. Kesenian Tradisional ............................................................. 16C. Kesenian Jathilan .................................................................. 18D. Basa Endah (basa estetis)…………………………….......... 19E. Lelewaning Basa…………………………………………… 25BAB III ANALISIS DHATA ................................................................... 34A. Wujudipun Tembang ............................................................. 34B. Analisis Dhata ……………………………………………… 381. Purwakanthi .................................................................... 382. Tembung Saroja .............................................................. 503. Parikan............................................................................. 504. Pepindhan ........................................................................ 525. Tembung Dwilingga........................................................ 536. Bebasan, Paribasan, Saloka ............................................. 55


7. Lelewaning Basa ………………………………………. 55BAB IV PANUTUP .................................................................................. 59A. Dudutan ................................................................................. 59B. Pamrayogi ............................................................................. 60Kapustakan ....................................................................................................... 62Lampiran .......................................................................................................... 63BAB IPURWAKAA. Pawadaning PerkawisKabudayan mujudaken sedaya system gagasan, tumindak lan asilpakaryan manungsa salebeting pagesangan ing bebrayan ingkangkadadosaken kagunan kanthi sinau. Koentjaraningrat (1980: 85)ngandharaken bilih kabudayan kapantha dados tiga, inggih punikasepisan wujud kabudayan minangka satunggaling kompleks ide, gagasan,nilai, norma lan tatanan. Kaping kalih wujud kabudayan minangkasawijining kompleksitas tumindak manungsa ingkang nggadhahi polasalebeting bebrayan, lan kaping tiga wujud kabudayan minangka barangasil pakaryan manungsa.Saking kaca antropologi, kabudayan katingali minangka unsuringkang terintegrasi, ingkang sedaya unsur kasebat unsur-unsurkabudayan ingkang asipat universal (cultural universals), tegesipunsadhengah unsur kabudayan punika wonten lan saged kaprangguli ing


sedaya kabudayan ing donya. Kuntjaraningrat (1980: 87) mantha unsurkabudayan kasebat dados pitu, inggih punika: basa, sistem pengetahuan,organisasi sosial, sistem peralatan dan teknologi, sistem matapencaharian, sistem religi/kapitadosan, lan kesenian.Kesenian minangka karya utawi asil simbolisasi manungsamujudaken samukawis ingkang misterius. Sinaosa mekaten, kanthiuniversal, menawi ngrembag babagan kesenian, priyantun badhelangsung terimaginasi kaliyan istilah endah.Kangge mahami konsep kesenian, salebeting pirembagan punika,Abdullah (1981:8-12) ngandharaken bilih wujuding kesenian punikakomunikatif. Seni mujudaken setunggal saking pinten-pinten cara kagemmengomunikasikaken samukawis. Seniman makarya kanthi ancasnularaken lan mengomunikasikaken kesan lan pengalaman subjektifingkang pengaji tumrap audience. Punika kawiwitan saking imaginasikreatif ingkang kawujudaken salebeting satunggaling karya ingkangnggadhahi isi, saengga kesamar salebeting satu kesatuan analisisngengingi kesadaran lan kanyatan.Jathilan (jaran kepang) minangka asil karya seni mujudaken systemkomunikasi saking bentuk lan isinipun. Bentuk arupi realitas gerak,musik, busana, property, lan peralatan (ubarampen) kanthi visualketingal dening mata (dening Lavi Strauss punika dipusebat strukturlahir utawi surface structure (Ahimsa, 2001:61). Ananging isi ingkangarupi ancas, pangajab, gegayuhan mujudaken komunikasi maya ingkang


namung saged dipunmangertosi dening bebrayan ingkang nyengkuyungkabudayan kasebat. Babagan punika kasebabaken simbol-simbolfisualipun namung dipunmangertosi lan dipunsarujuki dening bebrayanpanyengkuyung kabudayan punika. Simbol-simbol ingkang kaaturakenlumantar komunikasi maya punika dening paham strukturalismedipunsebat struktur batin utawi deep structure (Ahimsa, 2001:6163).Sesambetan kaliyan babagaan kasebat, kesenian minangka unsurkabudayan boten namung katingali minangka asil ciptaan awujud barang,karya manungsa, ananging ing babagan punika langkung katingalminangka satunggalingsymbol, lambang ingkang ngandharakensamukawis saengga sesambetan kaliyan makna lan pesen. Karya seniadalah hasil simbolisasi manusia maka prinsip penciptaan senimerupakan pembentukan simbol dan pembentukan simbol bersifatabstraksi (Langer, 1957, Hadi, 2006:25).Tembang mujudaken sawijining perangan saking kesenian jathilan.Tembang kasebat padatan kasekaraken dening paraga ingkang sinebatPenthul lan Bejer. Paraga kasebat minangka panglipur ingkang kajibahngregengaken swasana kanthi tembang saha solah bawa ingkangnengsemaken sarta nggumujengaken. Tembang punika saged awujudtembang wajib ing kesenian jathilan ingkang boten saged kalirwakakenkadosta “Jathilan”, “Jalak Ijo”, Ayak-ayak”, “Sampak 9”, “ManyarSewu”, lan “Kanca Tani”. Tembang punika mujudaken ruhing kesenianjathilan, pramila boten pareng kalirwakaken.


Awit saking andharan ing ngginggil pramila panyerat badhengawontenaken panaliten kanthi sesirah “Kaendahan ing Syair Tembangingkang Kasekaraken Paraga Penthul lan Bejer wonten ing KesenianJathilan Dusun Sukawera Desa Tlagasana Kecamatan WatukumpulKabupaten Pemalang”.B. Momotan PerkawisAdhedasar andharan ing nginggil saged dipunrumusaken perkawiskados mekaten:1. Kados punapa wujud syair ingkang kasekaraken paraga Penthullan Bejer wonten ing Kesenian Jathilan Dusun Sukawera DesaTlagasana Kecamatan Watukumpul Kabupaten Pemalang?2. Kados punapa Kaendahan ing Syair Tembang ingkangKasekaraken Paraga Penthul lan Bejer wonten ing KesenianJathilan Dusun Sukawera Desa Tlagasana KecamatanWatukumpul Kabupaten Pemalang?C. Ancasipun PanalitenAncas panaliten punika nun inggih kagem ngandharaken kadospunapa1. Wujud syair ingkang kasekaraken paraga Penthul lan Bejerwonten ing Kesenian Jathilan Dusun Sukawera Desa TlagasanaKecamatan Watukumpul Kabupaten Pemalang.2. Kaendahan ing Syair Tembang ingkang Kasekaraken ParagaPenthul lan Bejer wonten ing Kesenian Jathilan Dusun Sukawera


Desa Tlagasana Kecamatan Watukumpul Kabupaten Pemalang.D. Mupangatipun PanalitenMupangatipun panaliten punika kaperang dados mupangat teoritis lanmupangat praktis.1. Mupangat TeoritisPanaliten punika dipunkajengaken saged nambah khasanahkawtuh mliginipun babagan kabudayan jawi.2. Mupangat PraktisPanaliten punika dipunkajengaken saged ndherekngrembakaken saha nguri-uri kabudayan jawi.E. Panandhesing Tembung1. KaendahanKaendahan inggih punika sipat-sipat utawi kawontenaningkang endah, peni, nengsemaken.2. SyairSyair mujudaken karya sastra awujud geguritan ingkang sabenpada nggadhahi sekawan gatra ingkang dipunpungkasi kaliyansuwanten ingkang sami.3. TembangTembang inggih punika ragam suwanten ingkang nggadhahititilaras (irama) nalika maos, nembang, lan sapanunggalanipun.4. KesenianKesenian adalah segala perbuatan manusia yang timbul dari


hidup perasaannya dan bersifat indah, hingga dapatmenggerakkan jiwa perasaan manusia.5. JathilanKesenian Jathilan merupakan kesenian tradisional kerakyatanyang ditarikan oleh empat, enam, delapan orang bahkan lebih yangmasing-masing penari menunggang kuda tiruan yang dibuat darianyaman bambu yang disebut kepang dan cambuk atau pedang kayuyang melakukan gerak seperti berperang.F. Metodhe Panaliten1. Ancanganing PanalitenPanaliten punika migunakaken pendekatan kualitatif, ingkangasipat deskriptif, ingkang paring gambaran kanthi cepet ngengingisatunggaling individu, kawontenan, gejala uawi pepantahan tartamtu.Kados ingkang kaandharaken Hebert (ing Koentjaraningrat, 1983:30-32), bilih maksud saking panaliten diskriptif inggih punikanamung kagem paring gambaran ingkang trep saking satunggalinggejala lan wosing kawigatosan inggih punika pengaturan ingkangcermat saking setunggal utawi langkung variable terikat salebetingsatunggaling pepanthan warga tartamtu. Panaliten diskriptif kualitatifmiturut Rahman (1993: 108), inggih punika prosedur panaliten yangmenggunakan data diskriptif berupa kata-kata tertulis atau lisan dariorang-orang dan perilaku yang dapat diamati. Panaliten punikamigunakaken pendekatan kualitatif jalaran badhe mendeskripsikaken


Kaendahan ing Syair Tembang ingkang Kasekaraken Paraga Penthullan Bejer wonten ing Kesenian Jathilan Dusun Sukawera DesaTlagasana Kecamatan Watukumpul Kabupaten Pemalang ingkangsaged dipunjingglengi.2. Dununging PanalitenDununging panaliten inggih punika dusun Sukawera desaTlagasana kecamatan Watukumpul kabupaten Pemalang JawaTengah. Penulis milih dusun Sukawera minangka lokasi panalitenjalaran Dusun Sukawera mujudaken salah satunggal desa ingkangtaksih nggadhahi kesenian Jathilan lan taksih aktif damelpertunjukan.3. Sasaran PanalitenIngkang dados sasaran salebeting panaliten kesenian Jathilaninggih punika: Kaendahan ing Syair Tembang ingkang KasekarakenParaga Penthul lan Bejer wonten ing Kesenian Jathilan DusunSukawera Desa Tlagasana Kecamatan Watukumpul KabupatenPemalang.4. Dhata lan Sumber Dhataa. Dhata PanalitenDhata panaliten punika awujud tetembungan utawi ukaraingkang endah salebeting syair tembang ingkang kasekarakenParaga Penthul lan Bejer wonten ing Kesenian Jathilan DusunSukawera Desa Tlagasana Kecamatan Watukumpul Kabupaten


Pemalang. saha katrangan saking referensi buku ingkangsesambetan.b. Sumber DhataSumber dhata panaliten punika awujud teks syair tembangingkang kasekaraken Paraga Penthul lan Bejer wonten ingKesenian Jathilan Dusun Sukawera Desa Tlagasana KecamatanWatukumpul Kabupaten Pemalang.5. Teknik Pangempalan DataTeknik pangempalan dhata ingkang kaginakaken arupi dhatakualitatif, inggih punika pangempalan dhata ingkang botenmigunakaken etungan angka, ananging adhedhasar kanyatan ingkangingkang saged kaprangguli lumantar: (1) Observasi; (2) Wawancara;(3) Teknik Dokumen.a. ObservasiObservasi inggih punika panaliten tumrap satunggalingobjek. Dene jinis panaliten ingkang kaginakaken salebetingpanaliten punika nun inggih observasi berpartisipan. Salebetingpanaliten panyerat boten turut aktif salebeting kagiyatan lan tugasingkang katindakaken dening subjek, ananging panyerat namungngawoontenaken panaliten kagem mendhet dhata.b. WawancaraWawancara adalah percakapan dengan maksud tertentu.Percakapan dilakukan oleh dua pihak, yaitu pewawancara atau


tervieuer, yang mengajukan pertanyaan dan yang diwawancaraiatau interviewee, yang memberikan jawaban dari pertanyaanyang diajukan (Moleong, 1998: 115).Salebeting panaliten punika, panyerat migunakaken kalihwawancara, inggih punika wawancara terarah lan wawancaraboten terarah. Miturut Danajaya ing Sedyawati (1984: 118-119)mratelakaken bilih kagem kaperluan panaliten tari sagedkaginakaken kalih jinis wawancara, inggih punika wawancaraterarah lan wawancara boten terarah. Wawancara boten terarahmujudaken wawancara bebas, santai lan paring kalodhangansawutuhipun dhumateng informan ingkang kaperlukaken.Wawancara punika kaginakaken ing tahap wiwitan panalitenkanthi ancas kagem pados katrangan sacara umum, inggih punikakatrangan ingkang boten dinuga lan boten saged dipunmangertosimenawi migunakaken wawancara terarah. Dene wawancaraterarah nggadhahi ancas mangertosi sedaya samukawis ingkangsipatipun lebet kados ingkang sampun karumusaken ing perkawisingkang badhe dipunrembag.Wawancara kantindakaken langsung kanthi aben ajengantawisipun informan lan pewawancara. Babagan punikanggadhahi ancas supados informasi ingkang kaperlukaken sagedlangsung dipunwangsuli dening informan.


c. Teknik DokumentasiDokumentasi kaperlukaken sanget salebeting panalitenkagem nambah informasi lan kawruh ingkang kaandharakeninforman. Miturut Guba lan Lincoln (ing Moleong, 2002: 16)ngandharaken bilih dokumentasi adalah setiap bahan tertulisataupun film yang tidak dipersiapkan karena adanya permintaanseorang penyidik.Teknik dokumentasi inggih punika teknik pangempalandhata kanthi cara pados sumber informasi ingkang wontengegayutanipun kaliyan panaliten arupi dokumen poto lancathetan-cathetan nalika saderengipun pertunjukan kagempanaliten lumampah menapa dene poto asil rekaman pertunjukaningkang dipungadhahi dening sumber kasebat.6. Teknik ngolah dhataTeknik analisi dhata nggadhahi ancas ngurutaken dhata ing pola,kategori, lan satuan uraian dhasar satemah saged dipunprangguliunderaning prakara lan saged dipunrumusaken hipotesisi kadosingkang dipunprayogekaken dhata (Lexy J. Moleong, 2005: 280).Parandene miturut Miles lan Huberman (ing HB. Sutopo, 1990: 30)kanthi ngginakaken metodhe interaktif inggih punika panaliteningkang lumampah saking tigang perangan antawisipun ngempalakendhata, redhuksi dhata lan ndudut dudutan. Wujud dhata arupisatunggaling siklus ingkang mapanaken panaliti supados lumampah


ing tigang perangan kalawau.Tahap ingkang dipunginakaken ing analisis dhata panalitenkados makaten:a. Ngempalaken dhataCara ngempalaken dhata utawi pawarta lumantar asil wawanrembag, kapustakan, dhokumen seratkan (artikel ing kalawarti)ugi karya susastra seratan ingkang taksih gegayutan.b. Redhuksi dhataDhata ingkang sampun kakempalaken dipunlajengakenproses milah lan milih, nyethakaken, mrasajakaken saking asilobservasi dhata ingkang taksih asipat dereng tumata, anacasipunkangge milah milih dhata ingkang dipunginakaken saha dhataingkang boten kaginakaken. Suraosipun supados madosi dhataingkang jumbuh kaliyan ancasipun panaliten.c. Penyajian DhataPenyajian dhata arupi kagiyatan nggathukaken dhataingkang sampun karedhuksi, pramila saged katingal sedayaprekawis ingkang kadadosan, satemah mupangat ing analisiskarya susastra salajengipun. Lajeng nglajengaken kanthingredhuksi asil nyajekaken dhata.d. Analisis DhataDhata dipuntaliti lajeng nglajengaken nganalisis dhatakanthi cara nyambungaken dhata ingkang setunggal kaliyan dhata


sanesipun adhedhasar teori tinamtu, inggih punika carangginakaken pendekatan folklor lan antarteks minangka dhasaringacuan panaliten.e. Damel DudutanDhata ingkang sampun dipunanalisis lajeng dipunrumusakenkangge madosi landhesan ingkang kiyat, inggih punika kanthicara ngredhuksi sacara titi lan ngupakawis madosi dudutansasampunipun dhata dipunpanggihi sacara siklus.Supados langkung cetha, proses analisa dhata kanthi modhelinteraktif kados makaten:Ngempalaken DhataRedhuksi DhataSajianDhataNdamel DudutanBagan Proses Analisis Interaktif(Milles lan Huberman, ing HB Sutopo, 1998: 34)G. Sistematika Panyeratan SkripsiSistematika panyeratan skripsi punika kaperang dados:BAB I Purawaka, ngemot pawadaning pamilihan irah-irahan,


momotan panaliten, ancasipun panaliten, mupangatipun panaliten,Metode panaliten, mratelakaken babagan ancanganipun panaliten,dunungipun panaliten, sasaran panaliten, teknik pangempalan data,teknik pengolahan data, lan tatarakiting panyeratan skripsi.BAB II Lelandhesaning teori,ngandharaken pangertosanipunkesenian, kesenian tradisional, kesenian jathilan, basa endah, lanlelewaning basa.BAB III Andharan asilipun panaliten, ngandharaken asiling panalitenngenani Kaendahan ing Syair Tembang ingkang Kasekaraken ParagaPenthul lan Bejer wonten ing Kesenian Jathilan Dusun Sukawera DesaTlagasana Kecamatan Watukumpul Kabupaten Pemalang.BAB IV: Panutup ngemot dudutan lan pamrayogi.KAPUSTAKANLAMPIRAN


BAB IILANDHESANING TEORIA. KesenianTembung seni asalipun saking basa sansekerta inggih punika “sani”tegesipun persembahan, pelayanan, lan peparingan. Babagan punikasesambetan kaliyan sesaji utawi persembahan dhumateng dewa-dewa. Seniinggih punika sedaya kagiyatan budu pikiran manungsa (seniman) ingkangkanthi prigel ambabar satunggaling karya minangka ungkapan rasamanungsa. Hasil ciptaan dari kegiatan itu ialah suatu kebulatan organisdalam sesuatu bentuk tertentu dari unsur-unsur bersifat ekspresif yangtermuat dalam suatu medium inderawi (Gie 1996:18).Sudjoyono dalam Soedarso ngandharaken bilih kesenian inggih punika“jiwo ketok”, seni mujudaken manifestasi saking jiwa. Seni inggih punikaekspresi jiwa kesenian, boten langkung lan boten kirang (Soedarso1990:135). Miturut Dewantara, seni adalah segala perbuatan manusia yangtimbul dari hidup perasaannya dan bersifat indah, hingga dapatmenggerakkan jiwa perasaan manusia (Soedarso 1990:2). Muharja ingSoedarso ngandharaken bilih, seni adalah adalah kegiatan rokhani manusia


yang merefleksikan kenyataan dalam suatu karya yang berkat dan isinyamempunyai daya untuk membangkitkan pengalaman tertentu dalam alamrokhani si penerimanya (Soedarso 1990:4). Munro, sawijining filsuf lan ahliteori seni saking Amerika mratelakaken bilih seni adalah alat buatanmanusia untuk menimbulkan efek-efek psikologis atas manusia lain yangmelihatnya. Efek tersebut mencakup tanggapan-tanggapan yang berwujudpengamatan, pengenalan, imajinasi yang rasional maupun emosional(Soedarso 1990:5).Miturut Schiller ing Gie, seni adalah dorongan batin untuk bermainmainyang ada dalam diri seseorang. Seni mujudaken sawijining dolanankagem ngimbangaken sedaya kaprigelaan mental manungsa sesambetankaliyan wontenipun kaluwihan energy ingkang kedah kasaluraken manjawi.Kesenian inggih punika wohing budi manungsa salebeting pratelan nilai-nilaikaendahan ingkang nggadhahi fungsi minangka pangimbang antawisipunlingkunagn budaya fisik lan psikis (Gie 1996:28)Saking pangertosan seni lan kesenian ing nginggil, cetha bilih kesenianing ngriki katingali saking karya manungsa ingkang mengkomunikasikanpengalaman-pengalaman batinipun. Saben karya seni mujudaken ciptaan,dene ciptaan utawi mbabar inggih punika ndadosaken samukawis ingkangsaderengipun boten wonten dados wonten sarta kasajikaken kanthi endahutawi narik kawigaten lan saged nggrangsang tuwuhipun pengalaman batining tiyang sanes ingkang nglangeni samukawis kasebat. Dados sabenpadamelan kesenian ingkang katindakaken dening seniman tansah awujud


udidaya, ingkang dipunajab menawi budidayanipun sampun kasil pramilabadhe lair karya seni, ingkang saged nuwuhakenkaremenan lannyampurnakaken derajat kamanungsanipun salebeting njangkepi kabetahaningkang asipat spiritual.Awit saking punika seni inggih punika asil ciptaan manungsa ingkangngndut unsur endah, lembut utawi alus, sarta nengsemaken, pramilaadhedhasar wujudipin kesenian saged kapantha dados limang kategori inggihpunika: (1) Seni Rupa meliputi: seni lukis, pahat, dekorasi, (2) Seni Suarameliputi : seni musik, menyanyi, drum band, (3) Seni Sastra meliputi : puisi,novel, dan cerpen, (4) Seni Drama meliputi : kethoprak, sandiwara, (5) Senigerak meliputi: seni tari, bela diri, ballet dan sebagainya (Soedarso 1990:7).B. Kesenian TradisionalSamenika tiyang rame ngrembag babagnan kesenian tradisional,mliginipun para seniman lan budayawan. Perkawis ingkang dados wosingparembagan inggih punika ngengingi babaga eksistensi kesenian tradisional.Ing wekdal punika kesenian tradisonal nguwatiraken sanget, malah wontensaperangan ingkang setunggal mbaka setunggal cures saking panggungbudaya, sinaosa maneka budidaya sampun katindakaken kagemnglestantunaken. Ngemut wigatosipun kesenian tradisional salebetingbebrayan, pramila perkawis ingkang wonten sesambetanipun kaliyankesenian tradisional mujudaken tanggel jawab sesarengan.Ngrembag ngengingi kesenian tradisional, pramila nuwuhaakenpitakenan mengengi punapa ingkang dipunkajengaken kaliyan kesenian


tradisional punika piyambak. Pangertosan kesenian sampun kaandharaken ingnginggil bilih katingali saking karya manungsa ingkang mengkomunikasikanpengalaman-pengalaman batinipun. Saben karya seni mujudaken ciptaan,dene ciptaan utawi mbabar inggih punika ndadosaken samukawis ingkangsaderengipun boten wonten dados wonten sarta kasajikaken kanthi endahutawi narik kawigaten lan saged nggrangsang tuwuhipun pengalaman batining tiyang sanes ingkang nglangeni samukawis kasebat. Dados sabenpadamelan kesenian ingkang katindakaken dening seniman tansah awujudbudidaya, ingkang dipunajab menawi budidayanipun sampun kasil pramilabadhe lair karya seni, ingkang saged nuwuhakenkaremenan lannyampurnakaken derajat kamanungsanipun salebeting njangkepi kabetahaningkang asipat spiritual.Atmadibrata ngandharaken bilih kesenian tradisional inggih punikakesenian ingkang sampun wonten sadangunipun pinten-pinten abadkepungkur lan sampun kawarisaken saking satunggal generasi dhatenggenerasi ingkang sanes sarta kaiket ugi kaliyan adat lan pakulinan ingbebrayan kasebat. Iswantoro ngandharaken billihkesenian tradisionaladalah kesenian yang sejak lama turun temurun, telah hidup danberkembang pada daerah tertentu (Iswantoro 1997:50).Saking andharan ing nginggil saged kapendhet dudutan bilih keseniantradisional mujudaken satunnggaling wujud kesenian iangkang nggadhahipinten-pinten norma utawi tatanan ingkang tetep,dipunambal-ambali botennamung wonten setunggal generasi, ananging saking generasi dhateng


generasi ingkang sanes. Kanthi punika kesenian tradisional punika piyambakpadatan mujudaken kagungaipun bebrayan tartamtu ingkang ngandharakentata pagesangan saking bebrayan kasebat. Awit saking punika, kesenianpunika nggadhahi kapribadhen ingkang jumbuh kaliyan kapribadhenbebrayan kasebat.C. Kesenian JathilanLaladan Jawi Tengah anggadhahi kesenian tradisional ingkng manekawarna jumbuh kaliyan daerahipun piyambak-piyambak. Salah satunggalingkesenian ingkang wonten ing Jawa Tengah inggih punika jathilan. Kesenianjathilan mujudaken kesenian ingkang ngrembaka ing laladan Jawa Timur,Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta. Kesenian Jathilan ingkangngrembaka ing Jawa Timur, Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakartanggadhahi sebatan ingkang benten-benten ananging nggadhahi ciri-ciriingkang sami. Ing laladan Daerah Istimewa Yogyakarta, kesenian Jathilanwonten maneka warni antawisipun Kuda Kepang, Kuda Lumping lanJathilan, dene ing Purworejo dipunsebat Ingkling utawi Embleg lan ingKabupaten Kebumen dipunsebat Ebeg, Embleg, Kuda Kepang utawi KudaLumping (Sedyawati, 2002: 77). Saking maneka warni sebatan kesenianjathilan punika sedaya nggadhahi wujud ingkang ingkang tetengeripu samiinggih punika kesenian yang berwujud tari ditandai dengan sekelompokpenari prajurit berkuda (Sedyawati, 1981: 32).Sedyawati (2002: 77) ngandharaken bilih Kesenian Jathilan merupakankesenian tradisional kerakyatan yang ditarikan oleh empat, enam, delapan


orang bahkan lebih yang masing-masing penari menunggang kuda tiruanyang dibuat dari anyaman bambu yang disebut kepang dan cambuk ataupedang kayu yang melakukan gerak seperti berperang.Mula bukanipun tembung jathilan utawi janthilan inggih punika sakingtembung jawi “jan” tegesipun amat lan “til-tilan” tegesipun banyak gerak,ingkang salajengipun dipunemperaken kaliyan gerak playunipun jaran(Sedyawati, 1981: 32).Jathilan mujudaken wangunipun seni pertunjukan ingkang wiwitanipundados tontonan sekuler ingkang nengenaken tumindak supranatural ingkangkatindakaken dening penari ing kawontenan intrance. Salebeting kawontenanintrance, penari Jathilan kalebon roh ingkang rumiyin kaanggep asalipunsaking roh jaran. Babagan punika saged katingal nalika penari punika nembeintrance, menawi dipunparingi dedhaharan, pramila dhedhaharan lan unjukanpunika boten limrah ingkang dipundhahar dening manungsa. Jinisdhedhaharan kasebat salah satunggalipun inggih punika pantun ingkangtaksih wonten damenipun lan unjukanipun arupi toya ingkang kapanaken ingember. Malah-malah ing laladan tartamtu, penari ingkang intrance, ndhaharkaca utawi midak-midak geni ingkang mbulat-mbulat, tanpa ngalami tatusekedhik kemawon, cara dhaharipun saemper kados jaran, langsungdipundhahar kaliyan tutukipun. Kanthi menika tumindak lan dengus parapenari ingkang nembe intrance memper kaliyan tindak-tanduk jaran(http:/www.pemda.diy/jathilan.html).D. Basa Endah (basa estetis)


Sedaya tembang punika kagolong sastra. Dados cakepan tembangingkang kasekaraken dening paraga Penthul lan Bejer ing kesenian jathilanugi kagolong minangka Teks Sastra. Kaendahan saking teks sastra kasebatsaged dipunraosaken lumantar apresiasi. Miturut Gove (ing Aminudin, 2002:34), apresiasi ngandhut teges (1) pitepangan lumantar perasaan utawikepekaan batin lan (2) pamahaman nilai-nilai kaendahan ingkangdipunandharaken panganggit.Pamanggih sanes nggadhahi dudutan bilih proses apresiasi kedahmigatosaken tigang perkawis: (1) aspek kognitif, (2) aspek emotif, (3) aspekevaluatif. Aspek kognitif gegayutan kaliyan unsur-unsur internal (intrinsik)ingkang kakandhut salebeting teks sastra ugi saged gegayutan kaliyan unsurunsuring sajawining sastra punika (unsur ekstrinsik). Ingkang kalebet unsurekstrinsik antawisipun seratan sastra, aspek basa, lan struktur wacana (Squirelan Tuba ing Aminudin, 2002: 34).Teks sastra ugi ngandhut maneka warni unsur ingkang kompleks sanget.Kompleksitas unsur kasebat awujud (1) kebahasaan, (2) struktur wacana, (3)signifikan sastra, (4) kaendahan, (5) sosial budaya, (6) nilai filsafat, (7) latarkesejarakan (Aminudin, 2002: 51).Basa endah inggih punika basa mawi rerenggan ingkang mapan trapipun.Tumraping basa Jawi ingkang saged dados rerengganipun basa wontenmaneka warni kadosta: purwakanthi, tembung saroja, parikan, pepindhan,dwi lingga, lelewaning basa lan sapanunggalanipun (Padmosoekatja, 1981:63).


1. PurwakanthiPurwakanthi inggih punika satunggaling tembung ingkang kadadosansaking kalih tembung purwa utawi wiwitan, tegesipun perangan ingkangwingking nggandheng ingkang sampun kasebat wonten ing peranganwiwitan utawi purwa, suwalikipun ingkang sampun kasebat wonten ingperangan ngajeng. Wondene ingkang dipungandheng punikasuwantenipun utawi aksaranipun tarkadhang tembungipun(Padmosoekatja, 1981: 118).Miturut Padmosoekatja, Purwakanthi saged kaperang dados tiga,inggih punika purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, lanpurwakanthi lumaksita.a. Purwkanthi Guru SwaraPurwakanthi Guru Swara inggih punika perangan ingkangwingking nggandheng suwanten ingkang sampun kasebat ingperangan wiwitan utawi purwa.Tuladha: sapa jujur bakal luhur, ana awan ana pangan.b. Purwakanthi Guru SastraPurwakanthi Guru Sastra inggih punika perangan ingkangwingking nggandheng aksara ingkang ingkang sampun kasebat ingperangan ngajeng utawi purwa.Tuladha: bobot bibit bebet.c. Purwakanthi LumaksitaPurwakanthi Lumaksita inggih punika perangan ingkang


wingking nggandheng tembung ingkang sampun kasebat wontening perangan ngajeng utawi purwa.Tuladha: mangan ati, atine kelara-lara.2. Tembung SarojaTembung saroja inggih punika tembung rangkep, ateges tembungkalih ingkang sami utawi saemper ingkang kagunakaken sesarengan(Padmosoekatja, 1958: 37-38).Tuladha: andhap asor, adi luhur, ajur mumur, bagas waras, bandhadonya, campur bawur, gagah prakosa.3. ParikanParikan inggih punika lelagon ingkang kadadosan saking kalih ukara,saben saukara wonten isinipun wolung wanda, tarkadhang kalih welaswanda. Ukara sepisan (2 gatra wiwitan) minangka purwaka utawi bebukalan limrahipun boten ateges punapa-punapa dene ukara kaping pindho (2gatra pungkasan) ngandhut isi.Tuladha:(1) ngasah arit nganti landhep(2) dadi murid kudu sregep4. PepindhanPepindhan kadadosan saking tembung lingga “pindha” ateges kaya,lir, pendhak, kadi dipunrangkep purwanipun lan pikantuk panambang (-an). Dados pepindhan inggih punika unen-unen ingkang ngemu surasapepadhan, irab-iraban, emper-emperan, dhapukaning ukara ngagemtembung “pindha” (Padmosoekatja,1958: 93).Tembung pepindhan miturut Padmosoekatja kaperang dados tiga:


a. Pepindhan mawi tembung “pindha" utawi dasanamanipun.Tuladha: tandange cukat kadya kilat, kesit kadya thathit, endhamangiwa endha manengen kadya prejak tinaji. (Taji: lelancip,Tinaji: dilepasi lelancip sarana tulup).b. Pepindhan mawi tembung andhahan kang ngemu surasa“pindha”. Tuladha: parine lagi gumadhing ateges warna pethaksemu kuning kados warnanipun gadhing gajah.c. Pepindhan tanpa tembung “pindha” utawi tembung andhahankang ateges pindha.Tuladha: wangsulane saur manuk ateges wangsulane namungsuwanten boten sesarengan, kadosta mangsuli “inggih-inggih”utawi “sendika-sendika”.5. Tembung DwilinggaTembung dwilingga inggih punika tembung rangkep ingkangkadadosan saking kalih tembung ingkang dipunambali ingkang ngandhutteges ingkang wiyar. Utawi tembung-tembung ingkang dipunwaoskaping pindho sedaya lingganipun (Ranggawarsita, 2002: 37).Tembung dwilingga kaperang dados tiga, inggih punika:a. Dwi lingga padha swara. Tuladha: adik-adik, bocah-bocah,kanca-kanca, lan sapanunggalanipun.b. Dwilingga salin swara. Tuladha: gonta-ganti, wira-wiri, molakmalik,lan sapanunggalanipun.c. Dwilingga semu. Tuladha: ondhe-ondhe, anggang-anggang,


undur-undur, lan sapanunggalanipun.6. Bebasan, Paribasan lan SalokaBebasan inggih punika unen-unen ingkang ajeg panganggenipun,ngemu surasa pepindhan, mawa teges entar. Dene ingkangdipunpindhakaken inggih punika kahanan, sipat, utawi tindaktandukipun.Tuladha: adol lenga kari busik ateges tiyang dundumananging awakipun piyambak boten keduman, othak-athik didudut angelateges rembugipun sarwa pikoleh, sekeca, ananging dipunestoni sedayaboten netes, lan sapanunggalanipun (Subalidinata, 1968: 39).Paribasan inggih punika unen-unen ingkang ajeg panganggenipun,mawi teges entar, boten ngemu suraos pepindhan. Tuladha: adigangadugung adiguna, ana daulate ora ana begjane, ana catur mungkur(Subalidinata, 1968: 35).Saloka inggih punika unen-unen ingkang ajeg panganggenipun, botenkenging ewah lan boten kenging dipungantos tetembunganipun sartangemu suraos pepindhan.Dene ingkang dipunpindhakaken inggihpunika tiyangipun, semanten ugi wewatekan utawi sesipatanipun.Tuladha: asu belang kalung wang: wong asor ananging sugih bandha,asu arebut balung: wong padu utawi regejekan prakara barang botebpengaji. Lan sapanunggalanipun (Subalidinata, 1968: 45).E. Lelewaning BasaPirembagan ngengingi lelewaning basa boten badhe uwal sakingStilistika. Stilistika inggih punika bidang kajian ingkang nyinau lan paring


deskripsi sistemis ngengingi lelewaning basa (Aminuddin, 1995: 3).Lelewaning basa inggih punika cara ngungkapaken pikiran lumantar basakanthi cara khas ingkang ningalaken jiwa lan kapribadhen panyerat(pangagem basa), lelewaning tembung-tembung ingkang sae kedah ngandhuttigang unsur, antawisipun: kejujuran, tindak-tanduk (sopan-santun), lannengsemaken (Keraf ing Tarigan, 1985: 5)Dale (lumantar Tarigan, 1985: 5) ngandharaken bilih lelewaning basainggih punika basa ingkang endah ingkang dipunginakaken kagemngindhakaken efek kanthi cara laku nepangaken sarta mbandhingakensatunggaling perkawis utawi barang tartamtu kaliyan perkawis utawi barangsanes ingkang langkung umum. Cekak aosipun panganggening lelewaningbasa tartamtu saged ngewahi sarta nuwuhaken konotasi tartamtu.Pamanggih sanes ugi kaandharaken dening Zaenudin (1984: 51) bilihlelewaning basa inggih punika panganggening ragam basa ingkang nyulihiutawi nggambaraken samubarang kaliyan pamilihan lan pangrakitan tembungwonten ing ukara kagem nggayuh efek tartamtu. Saben tiyang ingkangmigunakaken basa, saleresipun nedahaken lelewaning basa piyambakpiyambak.Kanthi mekaten cacahing lelewaning basa punika kathah sangetvariasinipun.Miturut Zaenudin (1984: 51) lelewaning basa kaperang dados:a. Lelewaning basa perbandinganLelewaning basa perbandingan kaperang dados nembelas, inggihpunika:


1. AlusioAlusio inggih punika pituturan ingkang dipuntuturaken kanthicara kias ananging namung saperangan kemawon, jalaran tiyangsanes dipunanggep sampun mangertosi kalajengan lan maksudsejatosipun.2. EponimEponim inggih punika nglukisaken utawi nggambarakensamubarang kanthi cara mundhut sipat-sipat ingkang dipungadhahidening nami-nami ingkang sampun kondhang.3. MetaforaMetafora inggih punika nglukisaken utawi nggambarakensamubarang kanthi cara mbandingaken samubarang ingkan sampundipunmangertosi.4. PersonikfikasiPersonifikasi inggih punika lelewaning basa ingkangnglukisaken utawi nggambaraken samubarang (barang mati)dipungambaraken kados dene manungsa utawi kados dene barangingkang gesang.5. AsosiasiAsosiasi inggih punika lelewaning basa ingkang nglukisakenutawi nggambaraken samubarang kanthi cara mbandhingakeningkang sampun dipunsebataken.6. Alegori


Alegori inggih punika lelewaning basa ingkang nglukisakenutawi nggambaraken kanthi cara mbandhingaken samubarangingkang sanes kanthi cara jangkep.7. ParabelParabel inggih punika lelewaning basa ingkang nglukisakenutawi nggambaraken falsafah gesang ingkang dipuntuangakensalebeting sedaya karangan.8. SimbolikSimbolik inggih punika lelewaning basa ingkang nggambarakensamubarang kanthi njlentrehaken satunggaling barang ingkang sanes(minangka simbol utawi lambang).9. TropeTrope inggih punika lelewaning basa ingkang ngisahakensamubarang kanthi cara migunakaken tembung-tembung ingkangtrep lan satatar.10. MetonemiaMetonimia inggih punika pepindhan utawi kiasan kagemnggantosi satunggaling barang.11. LitotesLitotes inggih punika lelewaning basa ingkang ngungkapakensamubarang kanthi ngandhapaken dhiri piyambak.12. Sinekdose


Sinekdose inggih punika lelewaning basa ingkang ngumumakensedaya barang kanthi cara nyebataken perangan-perangan utawisaperangan kemawon utawi kosokwangsulipun nyebatakenkasedayan kaliyan maksud saperangan kemawon. Panyebatansaperangan kagem sedaya dipunsebat Parsprototo, dene panyabatansedaya kagem saperangan dipun sebat Toterm proparte.13. EufimismeEufimisme inggih punika ngungkapaken samubarang kanthicara ngalusaken utawi boten terang-terangan.14. HiperbolaHiperbola inggih punika lelewaning basa ingkangngungkapaken samubarang kanthi cara nglangkung-nglangkungakenkaliyan ancasipun kangge ngewahaken manah.15. AutonomasiaAutonomsia mujudaken lelewaning basa ingkang ngandharakensamubarang miturut sipat-sipat utawi titikan-titikan ingkangdipugadhahi.16. PerifrasisPerifrasis inggih punika lelewaning basa ingkang ngandharakensamubarang kanthi cara ngudharaken ingkang saleresipun sageddipuntuturaken kanthi cara saperangan tembung (sepatah kata),ananging dipungantos kaliyan saben tembung.


. Lelewaning basa sindhiranLelewaning basa sindiran kaperang dados sekawan, inggihpunika:1. ApofasisApofasis inggih punika lelewaning basa sindhiran ingkangngungkapaken samubarang kanthi cara negasaken samubarangingkang dipunmaksud ananging kados dene nyangkal utawi matursawangsulipun.2. InuendoInuendo inggih punika ngungkapaken ingkang dipunmaksudnyindhir kanthi cara ngalitaken kanyatan ingkang saleresipun.3. IroniIroni inggih punika ngaturaken samubarang kanthi caramaturaken sawangsulipun.4. SarkasmeSarkasme mujudaken lelewaning basa sindhiran ingkangmaturaken samubarang ingkang dipunmaksud moyoki kanthi caramigunakaken tembung-tembung ingkang ala utawi boten pantes.Tarigan ngandharaken bilih lelewaning basa punika awujud retorikinggih punika panganggening tembung-tembung wonten ing micara lannyerat kagem narik kawigaten panyimak lan pamaos. Wonten ing perkawispunika Tarigan nggolongaken lelewaning basa dados sekawan, inggihpunika:


a. Lelewaning basa perbandingan, dipunperang dados sedasa jinis,anatawisipun: perumpamaan, metafora, personifikasi, depersonifikasi,alegori, antitesis, pleonasme lan tautologo, perifrasis, antisipasi utawiprolepsis lan koreksio utawi upanortesis.b. Lelewaning basa pertentangan, dipunperang dados sekawan dasa,antawisipun: hiperbola, litotes, ironi, oksimoron, paranomasia,paralipsis, klimaks, anti klimaks, apostrof uunversi, anastrof unversi,paralipsis, zeugma, silepsis, satire, inuendo, antifrasis, paradoks,histeron proteron, hiplase sinisme, lan sarkasme.c. Lelewaning basa pertautan, dipunperang dados tiga welassantawisipun: mitonemia, sinekdoke, alusio, eufemisme, eponim, epitet,antonomasia, erotesis, paralelisme, elipsis, gradasi, asindenton,polisindenton.d. Lelewaning basa perulangan, dipunperang dados kalih welas,antawisipun: Aliterasi, asonansi, antanaklasis, aismis, epizeukis,tautotes, anafora, epistofa, simploke, mesodeplosis, lan epanalepsis.c. Lelewaning Basa PerulanganPerulangan utawi repetisi inggih punika lelewaning basa ingkangngandhut pangambalan ungeling basa, wanda, tembung, utawi frasamenapa dene peranganing ukara ingkang wigati kangge paring tekanansalebeting konteks ingkang jumbuh.Miturut Tarigan (1985: 181) lelewaning basa perulangan kaperang


dados:1. AliterasiAliterasi inggih punika lelewaning basa ingkang migunakakenpurwakanthi utawi panganggenipun tembung-tembung ingkangwiwitanipun sami ungelipun (Tarigan, 1985: 197).Keraf (1985: 130) ngandharaken bilih Aliterasi inggih punikasami kaliyan lelewaning basa ingkang awujud pangambalankonsonan ingkang sami. Asring dipunserat wonten ing geguritan,prosa kagem pangendah utawi penekanan.2. AsonansiAsonansi inggih punika lelewaning basa repetisi ingkangawujud pangambalan vokal ingkang sami. Asring dipunginakakenwonten ing geguritan, prosa kangge nggayuh efek penekananutawi kaendahan.3. AntanaklasisAntanaklasisinggih punika lelewaning basa ingkangngandhut pangambalan tembung ingkang sami kanthi tegesingkang beda (Tarigan, 1985: 195).4. KiasmeKiasme inggih punika lelewaning basa ingkang isinipunpangambalan lan inverse sesambetan kalih tembung ing setunggalukara (Daciot and Todorov, 1981: 227).5. Epizeukis


Epizeukis inggih punika lelewaning basa pangambalan ingkangnggadhahi titikan langsung inggih punika tembung ingkangdipunwigatosaken dipunambal-ambali kanthi runtut.6. TautolesTautoles inggih punika lelewaning basa pangambalan utawirepetisi satunggaling tembung ingkang dipunambal-ambaliwonten ing satunggaling konstruksi (Keraf, 1985: 127).7. AnaforaAnafora inggih punika lelewaning basa repetisi ingkangawujud pangambalan tembung sepisan ing saben gatra utawisaben ukara.8. EpistrofaEpistrofa inggih punika saemper kaliyan lelewaning basarepetisi ingkang awujud pangambalan tembung utawi fase ingpungkasan gatra utawi ukara kanthi runtut.9. SimplokeSimploke inggih punika saemper lelewaning basa repetisiingkang awujud pangambalan ing wiwitan lan pungkasan inggatra utawi ukara kanthi runtut.10. MesodiplosisMesodliposis inggih punika lelewaning basa repetisi ingkangawujud pangambalan tembung utawi frase wonten ing tengahtengahgatra utawi ukara.


11. EpanalepsisEpanalepsis inggih punika lelewaning basa repetisi ingkangawujud pangambalan tembung sepisan saking gatra, klausa, utawiukara dados pungkasan.12. AnadiplosisAnadiplosis inggih punika satunggaling lelewaning basarepetisi ingkang tembung utawi frase pungkasan sakingsatunggaling klausa utawi ukara dados tembung utawi frasesepisan saking klausa utawi ukara sapiturutipun.


BAB IIIANALISIS DHATAIng ngandhap punika kaandharaken asiling panaliten ngengingiKaendahan ing Syair Tembang ingkang Kasekaraken Paraga Penthul lan Bejerwonten ing Kesenian Jathilan Dusun Sukawera Desa Tlagasana KecamatanWatukumpul Kabupaten Pemalang. Tembang ingkang kaanalisis inggih punika“Jalak Ijo”, “Ayak-ayak”, “Sampak 9”, “Ladrang Wahyu”, Bajing. Analisiskasebat dumados saking Purwakanthi, Tembung saroja, Parikan, Pepindhan,Tembung dwilingga, Bebasan, paribasan, saloka, lan Lelewaning basa.A. Wujudipun TembangJatilan mujudaken sawijining jinis tarian rakyat ingkang sampun sangungrembaka ing tanah Jawi. Tari ingkang tansah kajangkepi kaliyan uba rampeawujud jaran kepang punika limrahipun katontonaken ngantos klimaks, inggihpunika kahanan lali utawi boten sadhar dening satunggaling paraganipun.Penari jatilan rumiyin namung wonten kalih paraga, ananging samangke sagedkatindakaken langkung kathah paraga kanthi dhapukan utawi pasangan. Jathilannggambaraken perang kanthi nitih jaran lan agegaman pedhang. Para penarimigunakaken property pedhang ingkang kadamel saking pring lan nitih jarankepang. Kejawi penari ingkang nitih jaran kepang, wonten ugi paraga ingkangmigunakaken topeng. Ing antawisipun paraga punika wonten ingkangmigunakaken topeng ireng lan putih. Ingkang topeng putih aran Penthul deneingkang ngangge topeng ireng aran Bejer. Kalih paraga punika nggadhahi tugas


minangka lawak, penari, penyanyi kangge nglipur para prajurit ingkang nembengaso sasampunipun perang. Saderengipun kawiwitan, padatan kasuguhaken pratontonan awujud tetabuhan lan lawakan/ utawa dhagelan saking Penthul lan bejerkalawau. Vokal ingkang kaucapaken Penthul lan Bejer awujud dialog ingkanglucu lan tetembangan.Syair tembang ingkang kasekaraken paraga Penthul lan Bejer wonten ingkesenian Jathilan dusun Sukawera desa Tlagasana kecamatan Watukumpulkabupaten Pemalang inggih punika:1. Jalak IjoJalak ijo pitik walik jambul segaGolong lawuh encongKancane kurang sijigawe gela rasaning atiAja ngono e aja ngonoDua lolo lolo ing kuwi dawa-dawaSing sayuk sing rukunJalak-jalak ijo cucuke abang separoYaiyo-yaiyoAyo kanca nyambut karya aja nyepelekakenNggayuh maring budayaJalma padha tapa ora ning tanah baruSing sayuk sing rukun ayo barengAyo bali wedi apa aja wedi aiyo-aiyoPadha takon wedi takon lagi apaJalak-jalak ijo solahe lagi tapaAyo kanca padha suka hura-huraSing enak sing nyataPadha cancut taliwandaDuk mong duk gur duk mong duk gurAja padha mundur-mundurAyo kanca tanpa celaAyo kanca tanpa celaPriyagung padha nyawangPriyagung padha nyawangDandan cancut taliwandaDandan cancut taliwanda


2. Ayak-ayakAyak angga purwa sembah saumpama sampun mundhutPrawasa saangkara murkaGunung gugur isine duta slikurAja mundur wong seneng karo sedulurO ala iya o ala oraWong seneng karo sedulurJarite kawung titi wanci amor waniPagelaran pinggir lurung titipna kula kandhaAnggladhi papat-papatManggung katalu sida ja muringManggung katalu sida ja muringArum dalu wancine manggungGunung gedhe isine sigaran jambeOra suwe wong seneng tunggal sebaleO ala iya o ala oraWong seneng tunggal sebale3. Sampak 9Sing sayuk sing rukunPisah rama kurandane lisah klapaMenurute gonas-ganes wijaraneAyem tentrem sawanganeNadyan mangun kalamun tanpa ukaraGolek priyaRama-rama kadangku dheweAngudiyaTansah daning sambe kulaMani mangun kinarya labur nagaraSun matura gonesLamun sira darbe tresnaNadyan mangun kalamun tanpa ukaraSun matura ramaLamun sira darbe tresnaGara surya loro madyaning asangkaDen prayitna sembarang hawa sembrana4. Ladrang WahyuLadrang wahyu


Prataruna anudiyaAnis karo mengkoSanuneng dumadiMarsudi ing kaweruhKang akeh gunaneBisane semata tlatenana5. BajingBajing luka telu sedaya saperluCancut tali wandaNgayahi makarya sagungeng pra tanggaLan para warangganaMurubing dumadi tresna mudha budhayaB. Analisis Dhata1. Purwakanthia. Purwakanthi Guru SwaraPurwakanthi Guru Swara inggih punika perangan ingkangwingking nggandheng suwanten ingkang sampun kasebat ingperangan wiwitan utawi purwa.Purwakanthi guru swara ingkang katemokaken salebeting salebetinganalisis inggih punika:(1) Kancane kurang siji(2) gawe gela rasaning atiAksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken swanten ingkangkaambali utawi kagandheng. Gatra kapindho swanten e lan i ing tembunggawe lan ati punika nggandheng suwanten e (kancane) lan i (siji) ing gatrasepisan.


(3) Jalak-jalak ijo cucuke abang separoAksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken swanten ingkangkaambali utawi kagandheng. Tembung kapindho swanten o ing tembungseparo punika nggandheng suwanten o (ijo) ing gatra sepisan.(4) Ayo kanca padha suka hura-huraAksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken swanten ingkangkaambali utawi kagandheng. Swanten a ing tembung kanca punikakaambali ing tembung salajengipun. Inggih punika tembung padhasuka hura-hura.(5) Sing enak sing nyata(6) Padha cancut taliwandaAksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken swanten ingkangkaambali utawi kagandheng. Gatra kapindho swanten a ing tembungtaliwanda punika nggandheng suwanten a (nyata) ing gatra sepisan(7) Duk mong duk gur duk mong duk gur(8) Aja padha mundur-mundurAksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken swanten ingkangkaambali utawi kagandheng. Gatra kapindho swanten u ing tembungmundur punika nggandheng suwanten u (gur) ing gatra sepisan.(9) Ayo kanca tanpa celaSwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung kanca tanpa cela.(10) Prawasa saangkara murka


Swanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung prawasa saangkaramurka.(11) Gunung gugur isine duta slikurSwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika u.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung gunung gugur dutaslikur.(12) Aja mundur wong seneng karo sedulurSwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika u.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung mundur lan sedulur.(13) Pagelaran pinggir lurung titipna kula kandhaSwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung titipna kula kandha.(14) Gunung gedhe isine sigaran jambeSwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika e.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung gedhe isine jambe.(15) Ora suwe wong seneng tunggal sebaleSwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika e.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung suwe lan sebale.(16) Sing sayuk sing rukunSuwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika u.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung sayuk lan rukun(17) Pisah rama kurandane lisah klapa


Suwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung rama lan klapa(18) Menurute gonas-ganes wijaraneSuwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika e.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung menurute lan wijarane(19) Ayem tentrem sawanganeSuwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika e.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung ayem lan tentrem(20) Nadyan mangun kalamun tanpa ukaraSuwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika u.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung mangun, kalamu lanukara.(21) Lamun sira darbe tresnaSuwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung sira lan tresna.(22) Den prayitna sembarang hawa sembranaSuwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung prayitno, hawa, lansembrana.(23) Prataruna anudiyaSuwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung prataruna lan anudiya.(24) Anis karo mengko


Suwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika o.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung karo lan mengko.(25) Bisane semata tlatenanaSuwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung semata lan tlatenana.(26) Bajing luka telu sedaya saperluSuwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika alan u. suwanten punika katemokaken runtut ing tembung luka, telu,sedaya, saperlu..(27) Ngayahi makarya sagungeng pra tanggaSuwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung makarya, pra tangga.(28) Lan para warangganaSuwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung para waranggana.(29) Murubing dumadi tresna mudha budhayaSuwanten ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika a.suwanten punika katemokaken runtut ing tembung tresna mudha budhaya.b. Purwakanthi Guru SastraPurwakanthi Guru Sastra inggih punika perangan ingkang wingkingnggandheng aksara ingkang ingkang sampun kasebat ing peranganngajeng utawi purwa.


Saking asiling analisis, purwakanthi guru sastra ingkang katemokakeninggih punika:(30) Golong lawuh encongAksara ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken sastraingkang runtut. Sastra ng ing tembung golong kaambali malih ingtembung encong.(31) gawe gela rasaning atiSastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra g.ing kawitan katemokaken ing tembung gawe lajeng kaambali ing tembunggela.(32) Jalak-jalak ijo cucuke abang separoAksara ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken sastraingkang runtut. Sastra k ing tembung jalak kaambali malih ing tembungcucuk.(33) Ayo kanca nyambut karya aja nyepelekakenAksara ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken sastraingkang runtut. Sastra k ing tembung kanca kaambali malih ing tembungkarya.(34) Duk mong duk gur duk mong duk gur(35) Aja padha mundur-mundurSastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra r.Sastra kasebat katemokaken ing tembung gur lajeng kaambali ingtembung mundur.


(36) Ayo kanca tanpa celaSastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra c.Sastra kasebat katemokaken ing tembung kanca lajeng kaambali ingtembung cela.(37) Priyagung padha nyawangSastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastrang. Sastra kasebat katemokaken ing tembung priyagung lajeng kaambaliing tembung nyawang.(38) Dandan cancut taliwandaSastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra n.Sastra kasebat katemokaken ing tembung dandan lajeng kaambali ingtembung cancut taliwanda. Kejawi punika ugi wonten sastra t ingkangruntut ing tembung cancut taliwanda.(39) Ayak angga purwa sembah saumpama sampun mundhutSastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastram. Sastra kasebat katemokaken ing tembung sembah saumpama sampunmundhut.(40) Prawasa saangkara murkaSastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra r.Sastra kasebat katemokaken ing tembung prawasa saangkara murka.(41) Gunung gugur isine duta slikurSastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra g.Sastra kasebat katemokaken ing tembung gunung gugur.


(42) Aja mundur wong seneng karo sedulurSastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra r.Sastra kasebat katemokaken ing tembung mundur lan sedulur..(43) Pagelaran pinggir lurung titipna kula kandhaSastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra r.Sastra kasebat katemokaken ing tembung pagelaran pinggir lurung.(44) Gunung gedhe isine sigaran jambeSastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra g.Sastra kasebat katemokaken ing tembung gunung, gedhe, sigaran.(45) Sing sayuk sing rukunSastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra k.Sastra kasebat katemokaken ing tembung sayuk, rukun.(46) Nadyan mangun kalamun tanpa ukaraSastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra n.Sastra kasebat katemokaken ing tembung nadyan, mangun, tanpa.(47) Lamun sira darbe tresnaSastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra r.Sastra kasebat katemokaken ing tembung sira darbe tresna.(48) Bisane semata tlatenanaSastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra t.Sastra kasebat katemokaken ing tembung semata tlatenana.(49) Bajing luka telu sedaya saperlu


Sastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra l.Sastra kasebat katemokaken ing tembung luka, telu, saperlu.(50) Cancut tali wandaSastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastra t.Sastra kasebat katemokaken ing tembung cancut taliwanda.(51) Ngayahi makarya sagungeng pra tanggaSastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastrang. Sastra kasebat katemokaken ing tembung ngayahi, sagungeng, tangga.(52) Murubing dumadi tresna muda budayaSastra ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punika sastram. Sastra kasebat katemokaken ing tembung murubing, dumadi, muda.c. Purwakanthi LumaksitaPurwakanthi Lumaksita inggih punika perangan ingkang wingkingnggandheng tembung ingkang sampun kasebat wonten ing peranganngajeng utawi purwaPurwakanthi Lumaksita ingkang katemokaken salebeting nindakakenanalisis inggih punika:(53) Dua lolo, lolo ing kuwi dawa-dawaTembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudakentembung ingkang kaginakaken kanthi runtut. Ing kawitan tembung lolosampun dipun sebat lajeng dipunsebat malih ing salajengipun.(54) Ayo bali wedi apa aja wedi aiyo-aiyo


Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudakentembung ingkang kaginakaken kanthi runtut. Ing kawitan tembung wedisampun dipun sebat lajeng dipunsebat malih ing salajengipun.(55) Padha takon wedi takon lagi apaTembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudakentembung ingkang kaginakaken kanthi runtut. Ing kawitan tembung takonsampun dipun sebat lajeng dipunsebat malih ing salajengipun.(56) Duk mong duk gurTembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudakentembung ingkang kaginakaken kanthi runtut. Ing kawitan tembung duksampun dipun sebat lajeng dipunsebat malih ing salajengipun.(57) O ala iya o ala oraTembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudakentembung ingkang kaambali. Tembung kasebat kaginakaken kanthi runtutsalebeting setunggal gatra.(58) Sing sayuk sing rukunTembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudakentembung ingkang kaginakaken kanthi runtut. Ing kawitan tembung singsampun dipun sebat lajeng dipunsebat malih ing salajengipun.2. Tembung sarojaTembung saroja inggih punika tembung rangkep, ateges tembung kalihingkang sami utawi saemper ingkang kagunakaken sesarengan.


(59) Ayem tentrem sawanganeTembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudakentembung saroja. Tembung ayem lan tentrem punika nggadhahi tegesingkang sami, pramila nalika kaginakaken sesarengan kawastanantembung saroja.3. ParikanParikan inggih punika lelagon ingkang kadadosan saking kalih ukara,saben saukara wonten isinipun wolung wanda, tarkadhang kalih welas wanda.Ukara sepisan (gatra wiwitan) minangka purwaka utawi bebuka lanlimrahipun boten ateges punapa-punapa dene ukara kaping pindho (gatrapungkasan) ngandhut isi.(60) Jalak-jalak ijo solahe lagi tapa(61) Ayo kanca padha suka hura-huraUkara ing nginggil mujudaken parikan ingkang kadadosan sakingkalih gatra. Gatra sepisan Jalak-jalak ijo solahe lagi tapa mujudakenbebuka dene gatra kapindho Ayo kanca padha suka hura-hura mujudakenisi.(62) Sing enak sing nyata(63) Padha cancut taliwandaUkara ing nginggil mujudaken parikan ingkang kadadosan sakingkalih gatra. Gatra sepisan Sing enak sing nyata mujudaken bebuka denegatra kapindho Padha cancut taliwanda mujudaken isi.(64) Duk mong duk gur duk mong duk gur(65) Aja padha mundur-mundur


Ukara ing nginggil mujudaken parikan ingkang kadadosan saking kalihgatra. Gatra sepisan Duk mong duk gur duk mong duk gur mujudaken bebukadene gatra kapindho Aja padha mundur-mundur mujudaken isi.(66) Gunung gugur isine duta slikur(67) Aja mundur wong seneng karo sedulurUkara ing nginggil mujudaken parikan ingkang kadadosan sakingkalih gatra. Gatra sepisan gunung gugur isine duta slikur mujudakenbebuka dene gatra kapindho aja mundur wong seneng karo sedulurmujudaken isi.(68) Gunung gedhe isine sigaran jambe(69) Ora suwe wong seneng tunggal sebaleUkara ing nginggil mujudaken parikan ingkang kadadosan saking kalihgatra. Gatra sepisan gunung gedhe isine sigaran jambe mujudaken bebukadene gatra kapindho ora suwe wong seneng tunggal sebale mujudaken isi.(70) Gara surya loro madyaning asangka(71) Den prayitna sembarang hawa sembranaUkara ing nginggil mujudaken parikan ingkang kadadosan saking kalihgatra. Gatra sepisan gara surya loro madyaning asangka mujudaken bebukadene gatra kapindho den prayitna sembarang hawa sembrana mujudaken isi.4. PepindhanPepindhan inggih punika unen-unen ingkang ngemu surasa pepadhan,irab-iraban, emper-emperan, dhapukaning ukara ngagem tembung “pindha”.


Pepindhan ingkang katemokaken ing tembang Jalak Ijo ing nginggi inggihpunika:(72) Dandan cancut taliwanda.Ukara ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken pepindhan.Dandan cancut taliwanda tegesipun siap-siap dandan.5. Tembung dwilinggaTembung dwilingga inggih punika tembung rangkep ingkang kadadosansaking kalih tembung ingkang dipunambali ingkang ngandhut teges ingkangwiyar. Utawi tembung-tembung ingkang dipunwaos kaping pindho sedayalingganipun.Tembung dwilingga ingkang katemokaken ing tembang Jalak Ijo inggihpunika:(73) Dua lolo, lolo ing kuwi dawa-dawaTembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken tembungdwilingga. Asalipun saking tembung lingga dawa lajeng kaambali kanthiwutuh dados dawa-dawa.(74) Jalak-jalak ijo cucuke abang separoYaiyo-yaiyoTembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken tembungdwilingga. Asalipun saking tembung lingga jalak lan yaiyo lajeng kaambalikanthi wutuh dados jalak-jalan lan yaiyo-yaiyo.(75) Ayo bali wedi apa aja wedi aiyo-aiyo


Tembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken tembungdwilingga. Asalipun saking tembung lingga aiyo lajeng kaambali kanthi wutuhdados aiyo-aiyo.(76) Jalak-jalak ijo solahe lagi tapaTembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken tembungdwilingga. Asalipun saking tembung lingga jalak lajeng kaambali kanthiwutuh dados jalak-jalak.(77) Ayo kanca padha suka hura-huraTembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken tembungdwilingga. Asalipun saking tembung lingga hura lajeng kaambali kanthiwutuh dados hura-hura.(78) Aja padha mundur-mundurTembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken tembungdwilingga. Asalipun saking tembung lingga mundur lajeng kaambali kanthiwutuh dados mundur-mundur.(79) Menurute gonas-ganes wijaraneTembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken tembungdwilingga salin swara. Asalipun saking tembung lingga ganes lajeng kaambalikanthi salin swara dados gonas-ganes.(80) Rama-rama kadangku dheweTembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken tembungdwilingga. Asalipun saking tembung lingga rama lajeng kaambali kanthiwutuh dados rama-rama.


6. Bebasan, paribasan, salokaSaking asiling analisis, Bebasan, paribasan, lan saloka boten katemokakening tembang punika.7. Lelewaning basaa. AliterasiAliterasi inggih punika lelewaning basa ingkang awujud pangambalankonsonan ingkang sami.Lelewaning basa Aliterasi ingkang katemokaken ing tembang Jalak Ijoinggih punika:(81) Golong lawuh encongAksara ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken konsonaningkang dipunambali. Konsonan ng ing tembung golong kaambali malihing tembung encong.(82) gawe gela rasaning atiKonsonan ingkang dipunambali ing ukara ing nginggil inggihpunika konsonan g. Ing kawitan katemokaken ing tembung gawe lajengkaambali ing tembung gela.(83) Jalak-jalak ijo cucuke abang separoAksara ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken konsonaningkang dipunambali. Konsonan k ing tembung jalak kaambali malih ingtembung cucuk.(84) Ayo kanca nyambut karya aja nyepelekaken


Aksara ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudaken konsonaningkang dipunambali. Sastra k ing tembung kanca kaambali malih ingtembung karya.(85) Duk mong duk gur duk mong duk gur(86) Aja padha mundur-mundurKonsonan ingkang runtut ing ukara ing nginggil inggih punikakonsonan r. Konsonan kasebat katemokaken ing tembung gur lajengkaambali ing tembung mundur.(87) Ayo kanca tanpa celaKonsonan ingkang dipuunambali ing ukara ing nginggil inggihpunika konsonan c. Konsonan kasebat katemokaken ing tembung kancalajeng kaambali ing tembung cela.(88) Priyagung padha nyawangkonsonan ingkang dipunambali ing ukara ing nginggil inggihpunika konsonan ng. Konsonan kasebat katemokaken ing tembungpriyagung lajeng kaambali ing tembung nyawang.(89) Dandan cancut taliwandaKonsonan ingkang dipunambali ing ukara ing nginggil inggihpunika konsonan n. Konsonan kasebat katemokaken ing tembung dandanlajeng kaambali ing tembung cancut taliwanda. Kejawi punika ugi wontenkonsonan t ingkang dipunambali ing tembung cancut taliwanda.b. Asonansi


Asonansi inggih punika lelewaning basa repetisi ingkang awujudpangambalan vokal ingkang sami.Lelewaning basa Asonansi ingkang katemokaken ing tembang Jalak Ijoing nginggil inggih punika:(90) Kancane kurang siji(91) gawe gela rasaning atiAksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken aksara vokalingkang kaambali. Gatra kapisan vokal e lan i ing tembung kancane lansiji punika dipunambali ing gatra kapindho ing tembung. Inggih punikavokal e (kancane) lan vokal i (siji).(92) Jalak-jalak ijo cucuke abang separoAksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken aksara vokalingkang kaambali. Tembung kapisan vokal o ing tembung ijo punikadipunambali ing gatra kapindho tembung (ijo).(93) Ayo kanca padha suka hura-huraAksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken aksara vokalingkang kaambali. Vokal a ing tembung kanca punika kaambali ingtembung salajengipun. Inggih punika tembung padha suka hura-hura.(94) Sing enak sing nyata(95) Padha cancut taliwandaAksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken aksara vokalingkang kaambali. Gatra kapisan aksara vokal a ing tembung nyatapunika dipunambali ing tembung (taliwanda) ing gatra kapindho.(96) Duk mong duk gur duk mong duk gur(97) Aja padha mundur-mundur


Aksara ingkang kacithak ing nginggil mujudaken aksara vokalingkang kaambali. Gatra kapisan swanten u ing tembung gur punikakaambali ing tembung (mundur) ing gatra kapindho.(98) Ayo kanca tanpa celaAksara vokal ingkang dipunambali ing ukara ing nginggil inggihpunika a. Vokal kasebat katemokaken dipunambali ing tembung kancatanpa cela.c. AnadiplosisAnadiplosis inggih punika satunggaling lelewaning basa repetisiingkang tembung utawi frase pungkasan saking satunggaling klausa utawiukara dados tembung utawi frase sepisan saking klausa utawi ukarasapiturutipun.Lelewaning basa Anadiplosis ingkang katemokaken ing tembang Jalak Ijoinggih punika:(99) Dua lolo, lolo ing kuwi dawa-dawaTembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudakentembung ingkang dipunambali. Ing kawitan tembung lolo sampun dipunsebat ing frasa dua lolo lajeng dipunsebat malih ing frasa salajengipuninggih punika lolo ing kuwi dawa-dawa.d. TautolesTautoles inggih punika lelewaning basa pangambalan utawi repetisisatunggaling tembung ingkang dipunambal-ambali wonten ingsatunggaling konstruksi.


(100) Ayo bali wedi apa aja wedi aiyo-aiyoTembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudakentembung ingkang kaambali ing satunggaling konstruksi. Ing kawitantembung wedi sampun dipun sebat lajeng dipunsebat malih ingsalajengipun.(101) Padha takon wedi takon lagi apaTembung ingkang kacithak kandel ing nginggil mujudakentembung ingkang kaambali ing satunggaling konstruksi. Ing kawitantembung takon sampun dipun sebat lajeng dipunsebat malih ingsalajengipun.


BAB IVPANUTUPA. DudutanSaking asil analisis ing bab IV saged dipunpendhet dudutan bilih:Kaendahan syair tembang ingkang asring kaprangguli awujudpanganggenipun purwakanthi, (purwakanthi guru swara, purwakanthi sastra,lan purwakanthi lumaksita). Purwakanthi kasebat kaginakaken kanggenyeragamaken syair tembang saengga endah nalika dipunpirengaken.Lelewaning basa (aliterasi, asonansi, anadiplosis, lan tautoles) kaginakenminangka seninipun abasa saha cara kangge ngandharaken makna salebetingtembang kasebat, tembung dwilingga (dwilingga wutuh lan dwilingga salinswara), tembung saroja kaginakaken kangge nyalarasaken syair mawirerangken tembung ingkang endah lan pepindhan kaginakaken minangkapepadhan nalika ngandharaken satunggaling makna salebeting tembangkasebat, dene paribasan, bebasan lan saloka boten kaprangguli ing panalitenkasebat.B. PamrayogiPamrayoginipun saking panyerat gegayutan kaliyan panaliten inggihpunika:


1. Panaliten punika namung naliti syair tembang ing babagan kaendahanipun,mugiya panaliti salajengipun sagen dindakaken panaliten katitik sakingbabagan ingkang sanes.2. Mugiya panaliti salejengipun saged migatosaken asil panaliten punika lansaged nindakaken panaliten ingkang langkung lebet malih babagan syairtembang ing kesenian Jathilan.


KAPUSTAKANAminudin. 2002. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar BaruAglesindo.Arikunto, Suharsini. 2006. Prosedur Penelitian Suatu Pendekatan Praktik.Jakarta: Rineka Cipta.Koentjoroningrat. 1984. Kebudayaan Jawa. Jakarta: Sinar Harapan.______________. 1990. Pengantar Ilmu Antropologi. Jakarta: Rineka CiptaMoleong, J. Lexi. 1998. Metodologi Pendidikan Kualitatatif. Bandung: PT.Remaja Rosdakarya.____________. 2002. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: PT RemajaRosda KaryaNugraha, K. 1994. Kamus Indonesia-Jawa. Solo: PT. Buana Raya.Padmosoekatja, S. 1953. Ngengrengan Kasusastran Djawa. Yogyakarta: HienHoo Sing.______________. 1982. Memetri Basa Jawa II. Surabaya: CV. Citra Jaya.______________. 1987. Memetri Basa Jawi. Surabaya: CV. Citra Jaya Murti.Purwadi. 2004. Kamus Jawa-Indonesia Populer. Yogyakarta: Media Abadi.Poerwadarminto. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta: Balai Pustaka.Rahman, Maman. 1993. Strategi dan Langkah-langkah Penelitian Pendidikan,Semarang: IKIP Semarang PressSedyawati, Edi. 1981. Pertumbuhan Seni Pertunjukan. Jakarta: Sinar Harapan_____________. 2002. Seni Pertunjukan, Indonesian Heritage. Jakarta:Jayakarta Agung OffsetSemi, Atar. 1990. Metode Penelitian Sastra. Bandung: Angkasa.Soedarsono. 1977. Tari-tarian Indonesia I. Jakarta: Proyek PengembanganKebudayaan Depdikbud


Soedarsono. 1999. Seni Pertunjukan Dan Pariwisata. Yogyakarta: BP ISIYogyakartaSudarsono. 1980. Perkembangan Kesenian Tardisional. Yogyakarta: ProyekASKI.Subalidinata. 1968. Sarining Kasusatran Djawa. Yogyakarta: PT. JAKER.Sudaryanto. 1993. Metode dan Aneka Teknik Analisis Bahasa.: PengantarPenelitian Wahana Kebudayaan secara Linguis. Yogyakarta:Duta Wacana University Press.Suharso. 2009. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Semarang: Widya Karya.Sumardjo, Jakob. 2000. Filsafat Seni. Bandung: ITB BandungSumarlam. 2006. Analisis Wacana Tekstual dan Kontekstual. Surakarta:Pustaka Cakra.Sutopo, HB. 1988. Pengantar Penelitian Kualitatif Dasar-dasar Teori Praktis.Surakarta: UNS Press.Tarigan, Henty Guntur.1985. Pengajaran Gaya Bahasa. Bandung: Angkasa.http:/www.pemda.diy/jathilan.htmlhttp:/www.pemda.diy/wilayah_diy.html


Lampiran 1Dhata Panaliten8. Purwakanthia. Purwakanthi Guru Swara(102) Kancane kurang siji(103) gawe gela rasaning ati(104) Jalak-jalak ijo cucuke abang separo(105) Ayo kanca padha suka hura-hura(106) Sing enak sing nyata(107) Padha cancut taliwanda(108) Duk mong duk gur duk mong duk gur(109) Aja padha mundur-mundur(110) Ayo kanca tanpa cela(111) Prawasa saangkara murka(112) Gunung gugur isine duta slikur(113) Aja mundur wong seneng karo sedulur(114) Pagelaran pinggir lurung titipna kula kandha(115) Gunung gedhe isine sigaran jambe(116) Ora suwe wong seneng tunggal sebale(117) Sing sayuk sing rukun(118) Pisah rama kurandane lisah klapa(119) Menurute gonas-ganes wijarane(120) Ayem tentrem sawangane(121) Nadyan mangun kalamun tanpa ukara(122) Lamun sira darbe tresna(123) Den prayitna sembarang hawa sembrana(124) Prataruna anudiya(125) Anis karo mengko(126) Bisane semata tlatenana(127) Bajing luka telu sedaya saperlu(128) Ngayahi makarya sagungeng pra tangga(129) Lan para waranggana(130) Murubing dumadi tresna mudha budhayab. Purwakanthi Guru Sastra(131) Golong lawuh encong(132) gawe gela rasaning ati(133) Jalak-jalak ijo cucuke abang separo(134) Ayo kanca nyambut karya aja nyepelekaken


(135) Duk mong duk gur duk mong duk gur(136) Aja padha mundur-mundur(137) Ayo kanca tanpa cela(138) Priyagung padha nyawang(139) Dandan cancut taliwanda(140) Ayak angga purwa sembah saumpama sampun mundhut(141) Prawasa saangkara murka(142) Gunung gugur isine duta slikur(143) Aja mundur wong seneng karo sedulur(144) Pagelaran pinggir lurung titipna kula kandha(145) Gunung gedhe isine sigaran jambe(146) Sing sayuk sing rukun(147) Nadyan mangun kalamun tanpa ukara(148) Lamun sira darbe tresna(149) Bisane semata tlatenana(150) Bajing luka telu sedaya saperlu(151) Cancut tali wanda(152) Ngayahi makarya sagungeng pra tangga(153) Murubing dumadi tresna muda budayac. Purwakanthi Lumaksita(154) Dua lolo, lolo ing kuwi dawa-dawa(155) Ayo bali wedi apa aja wedi aiyo-aiyo(156) Padha takon wedi takon lagi apa(157) Duk mong duk gur(158) O ala iya o ala ora(159) Sing sayuk sing rukun9. Tembung saroja(160) Ayem tentrem sawangane10. Parikan(161) Jalak-jalak ijo solahe lagi tapa(162) Ayo kanca padha suka hura-hura(163) Sing enak sing nyata(164) Padha cancut taliwanda(165) Duk mong duk gur duk mong duk gur


11. Pepindhan(166) Aja padha mundur-mundur(167) Gunung gugur isine duta slikur(168) Aja mundur wong seneng karo sedulur(169) Gunung gedhe isine sigaran jambe(170) Ora suwe wong seneng tunggal sebale(171) Gara surya loro madyaning asangka(172) Den prayitna sembarang hawa sembrana(173) Dandan cancut taliwanda.12. Tembung dwilingga(174) Dua lolo, lolo ing kuwi dawa-dawa(175) Jalak-jalak ijo cucuke abang separoYaiyo-yaiyo(176) Ayo bali wedi apa aja wedi aiyo-aiyo(177) Jalak-jalak ijo solahe lagi tapa(178) Ayo kanca padha suka hura-hura(179) Aja padha mundur-mundur(180) Menurute gonas-ganes wijarane(181) Rama-rama kadangku dhewe13. Lelewaning basae. Aliterasi(182) Golong lawuh encong(183) gawe gela rasaning ati(184) Jalak-jalak ijo cucuke abang separo(185) Ayo kanca nyambut karya aja nyepelekaken(186) Duk mong duk gur duk mong duk gur(187) Aja padha mundur-mundur(188) Ayo kanca tanpa cela(189) Priyagung padha nyawang(190) Dandan cancut taliwandaf. Asonansi(191) Kancane kurang siji


(192) gawe gela rasaning ati(193) Jalak-jalak ijo cucuke abang separo(194) Ayo kanca padha suka hura-hura(195) Sing enak sing nyata(196) Padha cancut taliwanda(197) Duk mong duk gur duk mong duk gur(198) Aja padha mundur-mundur(199) Ayo kanca tanpa celag. Anadiplosis(200) Dua lolo, lolo ing kuwi dawa-dawah. Tautoles(201) Ayo bali wedi apa aja wedi aiyo-aiyo(202) Padha takon wedi takon lagi apaLampiran 2TEMBANG6. Jalak IjoJalak ijo pitik walik jambul segaGolong lawuh encongKancane kurang sijigawe gela rasaning atiAja ngono e aja ngonoDua lolo lolo ing kuwi dawa-dawaSing sayuk sing rukunJalak-jalak ijo cucuke abang separoYaiyo-yaiyoAyo kanca nyambut karya aja nyepelekakenNggayuh maring budayaJalma padha tapa ora ning tanah baru


Sing sayuk sing rukun ayo barengAyo bali wedi apa aja wedi aiyo-aiyoPadha takon wedi takon lagi apaJalak-jalak ijo solahe lagi tapaAyo kanca padha suka hura-huraSing enak sing nyataPadha cancut taliwandaDuk mong duk gur duk mong duk gurAja padha mundur-mundurAyo kanca tanpa celaAyo kanca tanpa celaPriyagung padha nyawangPriyagung padha nyawangDandan cancut taliwandaDandan cancut taliwanda7. Ayak-ayakAyak angga purwa sembah saumpama sampun mundhutPrawasa saangkara murkaGunung gugur isine duta slikurAja mundur wong seneng karo sedulurO ala iya o ala oraWong seneng karo sedulurJarite kawung titi wanci amor waniPagelaran pinggir lurung titipna kula kandhaAnggladhi papat-papatManggung katalu sida ja muringManggung katalu sida ja muringArum dalu wancine manggungGunung gedhe isine sigaran jambeOra suwe wong seneng tunggal sebaleO ala iya o ala oraWong seneng tunggal sebale8. Sampak 9Sing sayuk sing rukunPisah rama kurandane lisah klapaMenurute gonas-ganes wijaraneAyem tentrem sawanganeNadyan mangun kalamun tanpa ukaraGolek priyaRama-rama kadangku dheweAngudiyaTansah daning sambe kula


Mani mangun kinarya labur nagaraSun matura gonesLamun sira darbe tresnaNadyan mangun kalamun tanpa ukaraSun matura ramaLamun sira darbe tresnaGara surya loro madyaning asangkaDen prayitna sembarang hawa sembrana9. Ladrang WahyuLadrang wahyuPrataruna anudiyaAnis karo mengkoSanuneng dumadiMarsudi ing kaweruhKang akeh gunaneBisane semata tlatenana10. BajingBajing luka telu sedaya saperluCancut tali wandaNgayahi makarya sagungeng pra tanggaLan para warangganaMurubing dumadi tresna mudha budhaya

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!