10.07.2015 Views

SKRIPSI - Andy Nuriman

SKRIPSI - Andy Nuriman

SKRIPSI - Andy Nuriman

SHOW MORE
SHOW LESS
  • No tags were found...

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

Sedaya tembang punika kagolong sastra. Dados cakepan tembangingkang kasekaraken dening paraga Penthul lan Bejer ing kesenian jathilanugi kagolong minangka Teks Sastra. Kaendahan saking teks sastra kasebatsaged dipunraosaken lumantar apresiasi. Miturut Gove (ing Aminudin, 2002:34), apresiasi ngandhut teges (1) pitepangan lumantar perasaan utawikepekaan batin lan (2) pamahaman nilai-nilai kaendahan ingkangdipunandharaken panganggit.Pamanggih sanes nggadhahi dudutan bilih proses apresiasi kedahmigatosaken tigang perkawis: (1) aspek kognitif, (2) aspek emotif, (3) aspekevaluatif. Aspek kognitif gegayutan kaliyan unsur-unsur internal (intrinsik)ingkang kakandhut salebeting teks sastra ugi saged gegayutan kaliyan unsurunsuring sajawining sastra punika (unsur ekstrinsik). Ingkang kalebet unsurekstrinsik antawisipun seratan sastra, aspek basa, lan struktur wacana (Squirelan Tuba ing Aminudin, 2002: 34).Teks sastra ugi ngandhut maneka warni unsur ingkang kompleks sanget.Kompleksitas unsur kasebat awujud (1) kebahasaan, (2) struktur wacana, (3)signifikan sastra, (4) kaendahan, (5) sosial budaya, (6) nilai filsafat, (7) latarkesejarakan (Aminudin, 2002: 51).Basa endah inggih punika basa mawi rerenggan ingkang mapan trapipun.Tumraping basa Jawi ingkang saged dados rerengganipun basa wontenmaneka warni kadosta: purwakanthi, tembung saroja, parikan, pepindhan,dwi lingga, lelewaning basa lan sapanunggalanipun (Padmosoekatja, 1981:63).

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!