10.07.2015 Views

SKRIPSI - Andy Nuriman

SKRIPSI - Andy Nuriman

SKRIPSI - Andy Nuriman

SHOW MORE
SHOW LESS
  • No tags were found...

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

BAB IIIANALISIS DHATAIng ngandhap punika kaandharaken asiling panaliten ngengingiKaendahan ing Syair Tembang ingkang Kasekaraken Paraga Penthul lan Bejerwonten ing Kesenian Jathilan Dusun Sukawera Desa Tlagasana KecamatanWatukumpul Kabupaten Pemalang. Tembang ingkang kaanalisis inggih punika“Jalak Ijo”, “Ayak-ayak”, “Sampak 9”, “Ladrang Wahyu”, Bajing. Analisiskasebat dumados saking Purwakanthi, Tembung saroja, Parikan, Pepindhan,Tembung dwilingga, Bebasan, paribasan, saloka, lan Lelewaning basa.A. Wujudipun TembangJatilan mujudaken sawijining jinis tarian rakyat ingkang sampun sangungrembaka ing tanah Jawi. Tari ingkang tansah kajangkepi kaliyan uba rampeawujud jaran kepang punika limrahipun katontonaken ngantos klimaks, inggihpunika kahanan lali utawi boten sadhar dening satunggaling paraganipun.Penari jatilan rumiyin namung wonten kalih paraga, ananging samangke sagedkatindakaken langkung kathah paraga kanthi dhapukan utawi pasangan. Jathilannggambaraken perang kanthi nitih jaran lan agegaman pedhang. Para penarimigunakaken property pedhang ingkang kadamel saking pring lan nitih jarankepang. Kejawi penari ingkang nitih jaran kepang, wonten ugi paraga ingkangmigunakaken topeng. Ing antawisipun paraga punika wonten ingkangmigunakaken topeng ireng lan putih. Ingkang topeng putih aran Penthul deneingkang ngangge topeng ireng aran Bejer. Kalih paraga punika nggadhahi tugas

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!