28.12.2014 Views

kawasisan ngginakaken ragam krama dialek ... - Andy Nuriman

kawasisan ngginakaken ragam krama dialek ... - Andy Nuriman

kawasisan ngginakaken ragam krama dialek ... - Andy Nuriman

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

KAWASISAN NGGINAKAKEN RAGAM KRAMA

DIALEK PEMALANG TUMRAP KAWULA MUDHA

DHUSUN GANDU KECAMATAN COMAL

KABUPATEN PEMALANG

SKRIPSI

KARYATI

NPM 06430642

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2010

KAWASISAN NGGINAKAKEN RAGAM KRAMA

DIALEK PEMALANG TUMRAP KAWULA MUDHA

DHUSUN GANDU KECAMATAN COMAL

KABUPATEN PEMALANG

SKRIPSI

Dipunaturaken dhateng Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni

IKIP PGRI Semarang kangge njangkepi Saperangan Syarat Nggayuh

Drajat Sarjana Pendidikan

KARYATI

NPM 06430642

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2010

ii

SKRIPSI

KAWASISAN NGGINAKAKEN RAGAM KRAMA

DIALEK PEMALANG TUMRAP KAWULA MUDHA

DHUSUN GANDU KECAMATAN COMAL

KABUPATEN PEMALANG

Ingkang dipunrakit lan ingkang dipunaturaken dening

Karyati

NPM 06430642

sampun dipunsarujuki dening Pembimbing kangge dipundadar wonten sangajengipun

Dewan Pendadar Skripsi Surya kaping 15 Agustus 2010

Pembimbing I,

Pembimbing II,

Dra. H.R. Utami, M.Hum.

NPP 906301071

Totok Yasmiran, S.S.

NPP

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

iii

SKRIPSI

KAWASISAN NGGINAKAKEN RAGAM KRAMA

DIALEK PEMALANG TUMRAP KAWULA MUDHA

DHUSUN GANDU KECAMATAN COMAL

KABUPATEN PEMALANG

Ingkang dipunrakit lan ingkang dipunaturaken dening

Karyati

NPM 06430642

sampun dipunkukuhaken wonten sangajengipun Dewan Pendadar

Surya kaping 22 Agustus 2010

Lan dipunyatakaken sampun njangkepi syarat

Dewan Pendadar

Ketua,

Sekretaris,

Dra. Sri Suciati, M.Hum.

NIP 19650316 199003 2 002

Dra. H.R. Utami, M.Hum.

NPP 906301071

Penguji I

Dra. H.R. Utami, M.Hum. ( ……………………. )

NPP 906301071

Penguji II

Totok Yasmiran, S.S. ( ………………….... )

NPP

Penguji III

M. Soedianto, SH, M.Si ( …………………… )

NIP 50005451000

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

iv

SESANTI LAN PISUNGSUNG

SESANTI

‣ “Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani”

(Ki Hajar Dewantara)

‣ “Ilmu menika rencang ingkang tansah setya wonten ing selebeting sepi,

rencang ingkang setya selebeting pangulandara, ilmu saged paring pitedah

wonten ing selebeting pepetang, lan ilmu saged nguntapaken wonten ing

selebeting ridhanipun Allah SWT.”

PISUNGSUNG :

1. Bapak kaliyan Ibu ingkang kula tresnani,

ingkang asring maringi semangat, doa lan

pangestunipun kanthi moril, materi lan

spiritual.

2. Mbak lan Kang Mas kula sedaya matur

nuwun do’a lan semangatipun.

3. Para Dosen IKIP PGRI Semarang

mliginipun Progdi FPBS lan PBSJ.

4. Masyarakat Dhusun Gandu Kecamatan

Comal.

5. Kanca-kanca mahasiswa Program Studi

Bahasa lan Sastra Jawa ingkang kula

tresnani.

ATUR CECALA

Puji Syukur alhamdulillah pangripta aturaken dhumateng Allah SWT

ingkang sampun paring welas asih, kasarasan, rahmat, hidayah, sarta daya,

saengga pangripta saged mungkasaning skripsi punika kanthi sae.

Skipsi kanthi irah-irahan “ Kawasisan Ngginakaken Ragam Krama Dialek

Pemalang Tumrap Kawula Mudha Dhusun Gandu Kecamatan Comal Kabupaten

Pemalang “ dipunserat kanthi ancas kangge njangkepi syarat mungkasaning

program Sarjana Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa Fakultas Pendidikan Bahasa

lan Seni Institut Keguruan Ilmu Pendidikan (IKIP) PGRI Semarang.

Wonten ing ngriki pangripta ngaturaken matur nuwun sanget dhumateng:

1. Muhdi, S.H. M.Hum, minangka Rektor IKIP PGRI Semarang ingkang sampun

paring izin lan kalodhangan kangge nindakaken panaliten skripsi punika.

2. Dra. Sri Suciati, M.Hum, minangka Dekan Fakultas Pendidikan Bahasa lan

Seni IKIP PGRI Semarang, ingkang sampun maringi palilah wonten ing

panyeratan skripsi punika.

3. Dra. H.R. Utami, M. Hum, minangka Ketua Program Studi Bahasa lan Sastra

Jawa lan Pembingbing I ingkang sampun maringi kawruh, semangat ingkang

sanget migunani.

4. Totok Yasmiran, S.S, minangka Pembimbing II ingkang sabar lan wicaksana

mbimbing panyeratan nindakaken tugas padhapukan skripsi.

5. Kaluwarga ingkang sampun maringi pambiyantu ingkang kathah dhumateng

pangripta.

vi

6. Kanca-kanca mahasiswa IKIP PGRI Semarang mliginipun mahasiswa

Program Studi Bahasa lan Sastra Jawa.

7. Sedaya pihak ingkang boten saged pangripta sebataken setunggal baka

setunggal

Pangripta ngrumaosi bilih panyeratan skripsi punika taksih kathah

kekiranganipun, amargi winates ing babagan kawruh, wekdal tuwin tenaga.

Panyaruwe ingkang sipatipun

mbangun, katampi kanthi suka reraning

manah supados skripsi punika saged suka mupangat tumrap kita sedaya.

Semarang, Agustus 2010

Pangripta.

SARIPATI

KARYATI. 06430642. “Kawasisan Ngginakaken Ragam Krama Dialek Pemalang

Tumrap Kawula Mudha Dhusun Gandu Kecamatan Comal Kabupaten

Pemalang.” Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni, Program Studi

Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawa, IKIP PGRI Semarang. 2010.

Pembimbing I : Dra. H.R. Utami, M. Hum., Pembimbing II : Totok

Yasmiran, S.S.

Tembung wos : Kawasisan, Ragam Krama lan Dialek.

Momotan prakawis wonten panaliten punika kados pundi kawasisan

ngginakaken ragam krama dialek Pemalang tumrap kawula mudha Dhusun

Gandu

Ancasing panaliten punika kangge mangertosi kawasisan kawula mudha

ngginakaken ragam krama dialek Pemalang wonten ing Dhusun Gandu.

Asil panaliten inggih punika menawi basa punika wonten ing pacelathon

tindak tuturipun para kawula mudha Dhusun Gandu, Kecamatan Comal

Kabupaten Pemalang kapanggihaken ragam krama dialek Pemalang.

Sasampunipun dipunanalisis kapanggihaken kasunyatan bilih wujud kawasisan

ngginakaken ragam krama dialek Pemalang nalika proses komunikasi antawisipun

kawula mudha kaliyan tiyang ingkang dereng akrab lan tiyang ingkang rumaos

piyambakipun langkung andhap status sosialipun.

Pamrayogi ingkang badhe dipunaturaken inggih punika kedahipun

kawula mudha langkung wasis anggenipun ngginakaken ragam krama nalika

wicantenan kaliyan tiyang ingkang dereng akrab lan tiyang ingkang rumaos

piyambakipun langkung andhap status sosialipun lan ugi sesaminipun. Tiyang

sepuh kedahipun paring kawigatosan ngginakaken basa Jawi krama wekdal

wicantenan selebeting kulawarga, supados kawula mudha ndherek lan kulinten

ngginakaken basa Jawi krama. Bebrayan kedahipun ndherek merhatosaken lan

ngginakaken basa Jawi ragam krama dialek Pemalang wekdal wicantenan kaliyan

kawula mudha kangge nguri-uri dialek Pemalang. Lan sekolah utawi pawiyatan

kedah ngimbangi lan nyaketi pasinaon basa Jawi krama kangge nanemaken

unggah-ungguh basa.

viii

ABSTRAK

KARYATI. 06430642. “Kawasisan Ngginakaken Ragam Krama Dialek Pemalang

Tumrap Kawula Mudha Dhusun Gandu Kecamatan Comal Kabupaten

Pemalang.” Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni, Program Studi

Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, IKIP PGRI Semarang. 2010.

Pembimbing I : Dra. H.R. Utami, M. Hum., Pembimbing II : Totok

Yasmiran, S.S.

Kata kunci : Kawasisan, Ragam Krama dan Dialek.

Rumusan masalah yang diteliti adalah bagaimana kepandaian

menggunakan ragam krama dialek Pemalang terhadap para muda Dhusun Gandu

Tujuan penelitian skripsi ini adalah untuk mengetahui kepandaian para

pemuda menggunakan ragam krama dialek Pemalang di Dhusun Gandu.

Hasil penelitiannya adalah jika bahasa yang digunakan dalam percakapan

atau tindak tutur para muda Dhusun Gandu, Kecamatan Comal Kabupaten

Pemalang ditemukan adanya ragam krama dialek Pemalang. Kemudian dalam

analisis ditemukan kenyataan bahwa bentuk kewasisan menggunakan ragam

krama dialek Pemalang ketika proses komunikasi antara para muda dengan orang

yang belum akrab dan orang yang merasa dirinya lebih rendah status sosialnya.

Saran-saran yang disampaikan dalam skripsi ini adalah seharusnya para

muda lebih pandai menggunakan ragam krama ketika berbicara dengan orang

yang belum akrab dan orang yang merasa lebih rendah status sosialnya dan juga

sesamanya. Orang tua seharusnya memberikan perhatian menggunakan bahasa

Jawa krama waktu berbicara didalam keluarga, supaya para muda ikut dan terbiasa

menggunakan bahasa Jawa krama. Masyarakat seharusnya ikut memperhatikan

dan menggunakan bahasa Jawa ragam krama dialek Pemalang waktu berbicara

dengan para muda untuk melestarikan dialek Pemalang. Dan sekolah harus

menyeimbangi dan mendekati pelajaran bahasa Jawa krama untuk menanamkan

unggah-ungguh bahasa.

ix

DAFTAR ISI

KACA IRAH-IRAHAN JAWI......................................................................... i

KACA IRAH-IRAHAN LEBET ..................................................................... ii

KACA PASARUJUKAN ................................................................................ iii

KACA PANGESAHAN .................................................................................. iv

SESANTI LAN PISUNGSUNG .................................................................... v

ATUR CECALA ............................................................................................. vi

SARIPATI ........................................................................................................viii

ABSTRAK ....................................................................................................... ix

DAFTAR ISI .................................................................................................... x

BAB I. PURWAKA . ...................................................................................... 1

A. Pawadan Pamilihing Irah-irahan ................................................... 1

B. Momotaning Prakawis ................................................................... 3

C. Ancasing Panaliten ........................................................................ 3

D. Mupangating Panaliten .................................................................. 4

E. Panandhesing Tembung ................................................................. 4

F. Metodhe Panaliten ..................................................................... .... 5

1. Jinising Panaliten....................................................................... 5

2. Sumber Dhata lan Dhata ........................................................... 7

3. Tatacara Pangempaling Dhata.......................................... ......... 8

4. Tatacara Palapuran..................................................................... 9

G. Tatarakiting Panyeratan..................................................... ............ 10

BAB II. LANDHESAN TEORI....................................................................... 11

A. Basa lan Kawasisan Basa................................................. ........... 11

B. Ragam Basa Krama..................................................................... 16

C. Variasi Basa................................................................... ............. 23

D. Dialek......................................................................... ................. 27

x

BAB III PALAPURAN ASIL PANALITEN................................................... 31

A. Deskripsi Dhata…………………………………………........... 31

B. Analisis Dhata………………………………………… ............. 41

BAB IV PANUTUP…………………………………………………… ......... 52

A. Dudutan………………………………………………… ........... 52

B. Pamrayogi……………………………………………… ........... 52

KAPUSTAKAAN

xi

BAB I

PURWAKA

A. Pawadan Pamilihing Irah-irahan

Basa Jawi inggih punika basa ingkang dipunginakaken dening

bebrayan ing tanah Jawi. Basa

ingkang dados piranti komunikasi dening

tiyang Jawi gesang lan ngrembaka ngantos samenika. Miturut Bloomfield

ing selebeting Sumarsono (2009:18), basa inggih punika sistem lambang

arupi ungel ingkang sipatipun arbitrer, ingkang dipunginakaken dening

bebrayan kangge sesrawungan lan interaksi. Pramila sampun

sakmesthinipun menawi bebrayan ugi pamarintah nageri Republik Indonesia

kedah nguri-nguri lan ngrembakakaken basa Jawi supados basa Jawi tetep

ngrembaka.

Basa Jawi miturut panuturipun gunggungipun langkung kathah

dipunakeni dening pamarintah Indonesia. Babagan punika

dipunpratelakaken ing buku Sosiolinguistik Kajian Teori lan Analisis

(I Dewa Putu Wijaya, 2006: 31) ingkang ungelipun “ Ing Indonesia

namung wonten tiga utawi sekawan basa mawon, inggih punika basa-basa

ingkang cacahipun panuturipun ageng, inggih punika basa Indonesia, basa

Jawi, basa Madura, lan basa Sunda”. Basa Jawi ingkang kalungguhanipun

minangka basa dhaerah mujudaken salah satunggaling unsur kabudayaan

nasional ingkang dipunayomi dening negara, jumbuh kaliyan penjelasan

pasal 36 bab XV UUD 1945, ingkang ugi gadhah fungsi minangka:

1

1

2

1. lambang kebangsaan dhaerah, 2. lambang identitas dhaerah, 3. piranti

kangge srawung ing kulawarga lan bebrayan dhaerah.

Basa Jawi ingkang kalebet salah satunggaling basa dhaerah kedah

dipunjaga jalaran saking kebudayaan nasional ingkang badhe

dipunsatukaken, kados katingal wonten ing ungeling kebijakan

pengembangan basa dhaerah kados mekaten : “Bahasa-bahasa daerah yang

masih dipakai sebagai alat perhubungan yang hidup dan dibina oleh

masyarakat pemakainya, dihargai dan dipelihara oleh negara oleh karena

bahasa-bahasa itu adalah bagian dari kebudayaan yang hidup.”

(I Dewa Putu Wijaya, 2006: 32).

Saking rumusan kebijakan ing nginggil punika wonten dudutanipun

inggih punika menawi basa dhaerah dados piranti hubungan intraetnis

ingkang punika lambang semangat kedaerahan. Dialek-dialekipun inggih

punika piranti hubungan antawis subetnis ingkang kedah dipunjaga

kawontenanipun dados pendukung lan pemerkaya basa Jawi standar.

Basa Jawi punika kathah kosa kata, jumbuh kalih cacahing suku Jawi

ingkang kathah lan sumebar ing nusantara. Mesthi kemawon kanthi dialek

ingkang maneka werni ugi. Dialek ingkang maneka werni wau ndadekaken

basa Jawi, saya kuncara. Nanging amargi wonten ewah gingsiring jaman,

kawula mudha boten prigel anggenipun ngginakaken ragam krama dialek.

Ragam-ragam dialek dipunsebabaken wontenipun hubungan lan

keunggulan basa-basa ingkang dipunbekta nalika kedadosan pindahing

bebrayan, penyerbuan utawi penjajahan (Guiraud.1970:24). Ugi peranan

3

dialek utawi basa ingkang sebelahan ing selebeting proses kedadosanipun

dialek punika. Saking basa lan dialek ingkang sebelahan punika, mlebetipun

anasir kosa kata, struktur lan cara pengucapan utawi lafal

(Guiraud.1970:27).

Miturut periksa Mey,. 1994, 12 inggih punika: “Di dalam pembinaan

bahasa Jawa, haruslah memberikan peluang yang seluas-luasnya bagi

penutur-penuturnya untuk menggunakan dialek sehingga dialek bisa

menjadi alat komunikasi yang utama dalam ranah keluarga dan masyarakat

dalam mengembangkan budaya lokalnya”.

Pramila saking punika supados dialek Pemalang tetap lestari panyerat

ngawontenaken panaliten kanthi irah-irahan ”Kawasisan Ngginakaken

Ragam Krama Dialek Pemalang Tumrap Kawula Mudha Wonten Ing

Dhusun Gandu Kecamatan Comal Kabupaten Pemalang”.

B. Momotaning Prakawis

Saking pawadan prakawis ing inggil saged dirumusaken prakawis

kados mekaten : “Kados pundi Kawasisan Ngginakaken Ragam Krama

Dialek Pemalang Tumrap Kawula Mudha Dhusun Gandu ”

C. Ancasing Panaliten

Ancasing saking panaliten inggih punika kangge mangertosi

kawasisan

kawula mudha ngginakaken ragam krama dialek Pemalang

wonten ing Dhusun Gandu.

4

D. Mupangating Panaliten

Mupangating panaliten saged kaperang dados kalih, inggih punika

mupangat teoritis lan mupangat praktis.

1. Mupangat Teoritis

Panaliten punika saged miwuhi kawruh lan sesarepan bab

kawasisanipun para kawula mudha ing Dhusun Gandu anggenipun

nggadhahi basa krama.

2. Mupangat Praktis

Tumrap para mudha asil panaliten punika saged kangge tuladha

anggenipun ngginakaken basa Jawi sarasa sae lan leres.

E. Panandhesing Tembung

Kangge nggampilaken lan negasaken wonten ing selebeting panaliten

punika, pramila panaliti (panyerat) negasaken irah-irahan wonten ing

panandhesing tembung, inggih punika.

1. Kawasisan

Miturut Sasangka (2004 : 95) kawasisan inggih punika kaprigelan

kangge nindakaken satunggaling pakaryan kanthi sae lan permati

saengga saged nuwuhaken asil ingkang maremaken.

2. Ragam Krama

“Ragam yaitu macam, cara tingkah laku, banyak” (P.Djaka : 282)

”Krama yaitu salah satu tataran bahasa Jawa diatas ngoko dan basa,

lebih halus dari pada sekadar basa” (P. Djaka : 221).

5

Dados Ragam krama inggih punika cara tingkah laku untuk

melakukan tataran bahasa Jawa diatas ngoko dan basa agar lebih

halus dalam berbahasa.

3. Dialek

Dialek inggih punika variasi basa saking golongan panutur ingkang

cacahipun relatif, ingkang wonten ing setunggal panggenan, wilayah

utawi area tinamtu (Abdul Chaer).

4. Kawula Mudha

Kawula mudha (remaja)” yaitu mereka yang mengalami masa transisi

(peralihan) dari masa kanak-kanak menuju masa dewasa yaitu antara

usia 12-13 tahun hingga usia 20-an” (Santrock, 1998).

F. Metodhe Panaliten

1. Jinising Panaliten

Wonten ing panaliten punika ngginakaken jinis panaliten

kualitatif. Miturut Moleong (2007: 6), ” Panaliten kualitatif inggih

punika panaliten ingkang nggadhahi ancas kangge mangertosi fenomena

babagan punapa ingkang dipunalami dening subjek panaliten

tuladhanipun perilaku, persepsi, motivasi, tindakan, lan

sapanunggalipun, sacara holistik, lan kaliyan cara nggambaraken

selebeting wujud tembung-tembung lan basa ing

konteks khusus

ingkang alamiah lan kaliyan mupangataken sedaya metodhe alamiah”.

6

Landhesan katindakaken panaliten kualitatif, miturut Maman

rachman (1993: 108) inggih punika:

a. Kangge ngawekani kathahipun informasi ingkang ical, saengga

intinipun konsep ingkang wonten ing selebeting dhata saged

kaungkap.

b. Kangge ngawekani wontenipun milah dhata empiris kanthi ancas

mbuktekaken leresipun hipotesis, jalaran saking wontenipun

hipotesis ingkang kasusun saderengipun adhedhasar pikiran

deduktif.

c. Kangge ngawekani wontenipun batasan variabel ingkang

dipunungkap jumbuh kaliyan prakawis lan hipotesis ingkang

dipunsusun saderengipun.

Dene ciri pokok saking panaliten kualitatif, miturut

Boy Sabarguna (2008: 5) inggih punika:

a. Panaliti mendhet jarak kaliyan punapa ingkang dipunteliti

b. Realitas dipuncaketi sacara objektif, asring kaliyan boten ningali

nilai-nilai ingkang dipungadhahi dening panaliti.

c. Dipunwiwiti saking asumsi bilih ancas panaliten inggih punika

njlentrehaken aturan utawi kaedah-kaedah prilaku sosial.

d. ilmu ingkang ngrembaka kaliyan momotan hipotesis ingkang

dipunlajengaken kaliyan pangempalan dhata kangge boten sarujuk

(klasifikasi) hipotesis kasebut.

7

e. Konsep pengetahuan kedah njarwekaken salebeting pangertosan

operasional supados saged dipunteliti lan dipunukur.

f. Generalisasi : Trepipun utawi pola prilaku sosial

dipungeneralisasikaken

saking sampel ingkang representatif.

2. Sumber Dhata lan Dhata

a. Sumber Dhata

Ingkang kedah dipunenget selebeting tahapan penyediaan

dhata supados dhata ingkang dipunpikantuk punika representatif

inggih punika bilih sumber dhata punika kedah wontenipun

sulihipun populasi panaliten, selebeting punika dipunbetahaken

besaran sampel ingkang optimal (Mahsun, 2005). Miturut

Sudaryanto ing selebeting Tri Mastoyo (2007: 25), pangertosan

populasi inggih punika cacahipun sedaya ingkang ngginakaken basa

tinamtu ingkang boten dipunmangertosi batas-batasanipun jalaran

saking kathahipun tiyang ingkang ngginakaken, dangunipun

ngginakaken lan wiyaripun dhaerah sarta lingkungan ingkang

ngginakaken. Dene populasi

ingkang dipunginakaken panyerat

wonten ing panaliten punika inggih punika warga dhusun Gandu

ingkang taksih mudha.

Sampel inggih punika dados bagian saking populasi

(Maman Rachman, 1993). Bilih ing panaliten punika panaliti

ngginakaken sampel kanthi acak (random), sampel ing panaliten

8

inggih punika para mudha ingkang wonten ing RW. 04 dhusun

Gandu.

b. Dhata

Miturut Sudaryanto ing selebeting Tri Mastoyo (2007: 25),

dhata mujudaken bahan dados panaliten. Dhata punika

dipunpikantuki saking sampel panaliten. Dhata inggih punika objek

panaliten sarta kaliyan konteksipun.

Ing panaliten punika data arupi tuturan para kawula mudha

ingkang ngginakaken basa

krama salajengipun tuturan punika

dipunrekam.

3. Tatacara Pangempaling Dhata

Tatacara pangempaling dhata ing panaliten punika ngginakaken

tatacara Simak Bebas Libat Cakap (SBLC). Miturut Sudaryanto

(1993: 135), tatacara SBLC inggih punika panaliti boten dipunlibataken

langsung kangge nderek nemtukaken wujudipun lan wontenipun calon

dhata kajaba mliginipun dados pemerhati-pemerhati tumrap calon dhata

ingkang kabentuk lan wontenipun saking kedadosan kebahasaan

ingkang wonten ing njawi piyambakipun. Salajengipun saged

dipuntindakaken perekaman kaliyan tape recorder utawi HP ingkang

dados pirantinipun.

Ing panaliten punika, metode semak dipunginakaken kangge

nyemak langsung para mudha ingkang wicanten ngangge ragam krama

dialek Pemalang.

9

Selebeting panaliten

ragam krama dialek Pemalang tumrap para

mudha punika ngginakaken tatacara cakap. Tatacara cakap nggadhahi

teknik dhasar arupi teknik pancing (priksanana Sudaryanto, 1993).

Kangge pikantuk data panaliten, panaliti wiwitipun kedah kanthi sedaya

kewasisan lan purunipun mancing informan supados wicanten.

(Lih Sudaryanto, 1993:137).

Sesampunipun dipunrekam ingkang dipunlajengaken kaliyan

klasifikasi. Nggolongaken dhata, ing tahap punika dipunlampahi kanthi

cara nggolongaken, nyamekaken dhata ingkang sami lan bentenaken

dhata ingkang benten (Mahsun, 2005). Ing selebeting punika, transkripsi

dhata saged kalampahan. Transkripsi dhata ing panaliten punika ingkang

krama mawon.

4. Tatacara Palapuran

Panaliten saged kasebat purna menawi asiling analisis dhata

ingkang sampun dipunlampahi dening panaliti sampun dipunserat lan

dipunsajikaken

ing selebeting lapuran (ingkang saged wujudipun

Makalah, Lapuran Panaliten, Skipsi, Tesis, utawi Disertasi).

(Trimastoyo 2007: 32).

Asiling analisis dhata ing panaliten punika dipunlapuraken kanthi

deskriptif.

10

G. Tatarakiting Panyeratan

Supados langkung gampil anggenipun maos skripsi punika, panaliti

badhe ngandharaken tata urutaning panyeratan skripsi wonten ing ngandhap

punika:

Bab I minangka kangge mangertosi menapa ingkang dados

andharaning prakawis. Isinipun nyakup ing antawisipun pawadan pamilihing

irah-irahan, momotaning prakawis, ancasing panaliten, mupangating

panaliten, panandhesing tembung, metodhe panaliten lan tatarakiting

panyeratan.

Kangge ngudhari momotan ing panaliten, panyerat ngginakaken

saperangan teori. Dene andharan kawiwitan saking basa lan kawasisan basa,

ragam basa krama, variasi basa lan dialek. Sedaya punika kababaraken

wonten ing bab II.

Bab III minangka lapuran, isinipun mujudaken asilipun panaliten.

Minangka dudutan seratan saged kawaos ing bab IV inggih punika

bab

panutup. Salajengipun wonten perangan ing pungkasan kaserat kajian

pustaka.

BAB II

LANDHESAN TEORI

A. Basa lan Kawasisan Basa

Basa inggih punika piranti komunikasi antawis anggota bebrayan arupi

simbul ungel ingkang dipunasilken dening piranti ucap manungsa

(Gorys Keraf: 2004). Basa mujudaken sistem komunikasi ingkang

ngginakaken simbul-simbul vokal (ungel ujaran) ingkang sipatipun arbitrer,

ingkang saged ngginakaken gerak-gerik badaniah ingkang nyata. Punika

mujudaken simbul jalaran rakiting ungel ingkang dipunasilaken dening piranti

ucap manungsa kedah maringi makna. Dene simbul inggih punika tandha

ingkang maringi makna tinamtu, inggih punika mujudaken dhateng punapa

ingkang saged dipunserap pancadriya.

Miturut Gorys Keraf (2004 : 2) basa nyakupi kalih bidang, inggih

punika ungel vokal ingkang dipunasilaken dening piranti ucap manungsa, lan

teges inggih punika gegayutan antawis rakiting ungel vokal kaliyan babagan

punika. Ungel punika mujudaken getaran ingkang merangsang piranti

pamireng kitha, nanging teges inggih punika isi ingkang wonten selebeting

arus ungel ingkang njalaraken reaksi utawi tanggapan saking sanesipun.

Teges ingkang wonten ing selebeting rakiting ungel sipatipun arbitrer

utawi manasuka. Dene makna tembung adhedhasar konvensi (kesepakatan)

bebrayan basa ingkang wonten.

11

12

Miturut Gorys keraf (2004: 4), basa nggadhahi fungsi dados:

1. Alat untuk menyatakan ekspresi diri.

Dados piranti kangge ngandharaken ekspresi diri, basa ngandharaken

secara terbuka sedaya ingkang tersirat. Unsur-unsur ingkang ngaribawani

ekspresi diri inggih punika supados dipunpikantuki perhatosan tiyang

sanes lan kenging kangge merdikakaken dhiri saking sedaya tekanan

emosi.

2. Alat komunikasi.

Dados piranti komunikasi, basa mujudaken saluran perumusan maksud

saengga saged kerja sama kaliyan sesami. Mranata kathahipun jinis

kagiatan bebrayan, rancangan lan ngarahaken. Lan piranti komunikasi ugi

saged analisis wekdal ingkang rumiyin kangge dipunpikantuki asil-asil

ingkang mupangat kangge wekdal samenika.

3. Alat mengadakan integrasi dan adaptasi sosial.

Kanthi basa manungsa saged interaksi kaliyan sedaya jinising tata krama

bebrayan kasebut. Basa saged ngawontenaken integrasi (pembauran)

ingkang sampurna kangge individu kaliyan bebrayaipun. Lan saged

jumbuhaken piyambakipun (adaptasi) kaliyan sedayanipun selebeting

ngginakaken basa.

4. Alat mengadakan kontrol sosial.

Ingkang kasebut kaliyan kontrol sosial inggih punika usaha kangge

ngaribawani tingkah laku lan tindak-tanduk tiyang-tiyang sanes. Tingkah

laku punika saged sipatipun kabikak utawi ingkang sipatipun katutup.

13

Selebeting ngginakaken kontrol sosial, basa punika nggadhahi relasi

kaliyan proses-proses sosialisasi bebrayan. Proses-proses sosialisasi

punika saged dipunwujudaken kanthi cara inggih punika dipunpikantuki

keprigelan wicantenan, basa mujudaken saluran ingkang utami wonten

pundi kepercayaan lan sikap bebrayan dipunparingaken dhateng lare-lare,

basa nggambaraken lan jlentrehaken peranan ingkang dipunlampahi

dening lare kangge identifikasi piyambakipun lan nggadhahi rasa

keterlibatan (utawi sense of belonging utawi esprit decorps) lare babagan

bebrayan basanipun. (Gorys keraf, 2004: 7).

Miturut Nababan ing selebeting Aslinda (2007:1) basa mujudaken

sistem vokal simbul ingkang mardika ingkang dipunginakaken dening

bebrayan kangge interaksi. Basa saged dipunkaji saking kalih aspek, inggih

punika hakekat lan faedahipun. Hakekat basa wicantenaken sistem unsur basa

lan faedahipun basa kangge komunikasi. Kanthi komunikasi badhe kedadosan

sistem sosial utawi bebrayan, boten wontenipun sistem sosial boten wonten

bebrayan. Bebrayan utawi sistem sosial manungsa adhedhasar lan dados

pangaribawa ing komunikasi basa.

Miturut Aslinda (2007 : 95) inggih punika basa kalebet aktivitas

manungsa, kagiatan kaliyan sanesipun utawi kelompok sosial tinamtu. Bilih

basa dipunginakaken selebeting gegayutan aktivitas tiyang kaliyan sanesipun

(kelompok sosial) tinamtu, kedadosan punika kasebat wicara

(talking, conversation). Nanging selebeting wicara kaliyan piyambak dados

aktivitas individual kasebat kedadosan berfikir (thinking inner speech).

14

Selebeting panganggenipun basa, panutur kedah merhatosaken unsurunsur

ingkang kawontenan selebeting tindak basa lan gegayutanipun kaliyan

utawi pangaribawanipun tumrap wujud lan pamilihing ragam basa. Miturut

Dell Hymes, 1979 ing selebeting Aslinda (2007: 9) jlentrehaken bilih

selebeting selebeting panganggenipun basa wonten wolong unsur ingkang

kedah dipunperhatosaken selebeting panganggenipun basa. Unsur-unsur

kasebut dipunsingkat kaliyan akronim, SPEAKING (Setting, participant, end,

act sequence, key, instrumentalis, norms, genre).

1. Setting lan scene

Setting lan scene gegayutanipun kaliyan latar utawi panggenan kedadosan

tutur. Panggenan kedadosan tutur gegayutanipun kaliyan wekdal

wicantenan lan kahanan, kapan lan kahanan ingkang trep kangge

ngginakaken tuturan. Wekdal, panggenan, lan kahanan tutur ingkang

benten saged njalaraken panganggenipun variasi basa ingkang benten.

2. Participant

Participant inggih punika piranti penafsir kangge mratelakaken sinten

mawon ingkang ngginakaken basa (panutur, mitra tutur lan pamireng)

3. End

Komponen tutur end gegayutanipun kaliyan teges lan ancas ingkang badhe

dipunasilaken selebeting kagiatan pawicantenan.

4. Act Sequence

Komponen tutur act sequence gegayutanipun kaliyan wujud lan isi

tuturan. Wujud tuturan punika gegayutan kaliyan tembung-tembung

15

ingkang dipunginakaken, kados pundi panganggenipun lan gegayutan

antawis punapa ingkang dipunwicantenaken kaliyan topik pawicantenan.

5. Key

Komponen tutur key gegayutanipun kaliyan manner, nada swanten, sikap

utawi cara pawicantenan.

6. Instrumentalis

Instrumentalis gegayutanipun kaliyan channel/ saluran lan wujud basa

ingkang dipunginakaken kangge nyampekaken pesan.

7. Norms

Komponen tutur norms gegayutan kaliyan kaidah-kaidah tingkah laku

selebeting interaksi lan interpretasi komunikasi. Norma interaksi

dipungambaraken dening tataran sosial utawi gegayutan sosial ingkang

umum selebeting golongan bebrayan.

8. Genre

Genre mujudaken kategori ingkang saged dipuntemtukaken lewat wujud

basa ingkang dipunginakaken, kados narasi, puisi, pepatah, doa lan

sapanunggalipun.

Kawasisan basa nggadhahi ancas kangge lancaraken komunikasi

ingkang cetha lan trep kaliyan sedaya bebrayan. Kawasisan basa punika saged

ngundhakaken kamampuan pawongan ing babagan olah piker. Ingkang utami

saking kawasisan basa inggih punika ngginakaken basa kanthi sae. Sansaya

sae basanipun, saya gamblang lan gampil anggenipun gulah wentah piker.

16

Langkah-langkah ingkang mujudaken kawasisan basa

dipunjlentrehaken dening Gorys Keraf, inggih punika:

”Latihan kemampuan atau kemahiran pertama-tama bermaksud untuk

menggelar dan mengembangkan potensi-potensi pribadi. Dengan

latihan-latihan yang intensif, kita akan memperoleh keahlian

bagaimana menggunakan daya pikir secara efektif, menguasai stuktur

bahasa dan kosakata secara meyakinkan, menggunakan suara dan

artikulasi bahasa yang tepat, bagaimana menggunakan gerak-gerik,

isyarat dan air muka sesuai dengan suasana dan isi pembicaraan.

Latihan-latihan ini perlahan-lahan akan memungkinkan kita

melahirkan ide, pengetahuan, perasaan dan lain-lainnya dalam bentuk

bahasa yang baik dan lancar, dengan cara yang teratur dan logis.”

(Gorys Keraf, 2004 :8 ).

B. Ragam Basa Krama

Ragam basa krama inggih punika wujud unggah-ungguh basa Jawi

ingkang nggadhahi inti leksikon krama utawi ingkang dados unsur inti ing

ragam krama inggih punika leksikon krama boten leksikon sanesipun

(Sasangka, 2007: 113). Ragam krama dipunginakaken kangge wicanten ing

antawisipun tiyang ingkang dereng akrab lan tiyang rumaos piyambakipun

langkung andhap status sosialipun saking tiyang ingkang dipunajak wicanten.

Ingkang dipuntengenaken dening basa krama miturut Haryana

Harjawiyana (2001:67) inggih punika raos kasusilan (moralitas utawi etis)

kaliyan pakurmatan (kehormatan), basa indonesianipun unsur dasar utawi

unsur fundamental. Dipunwastani unsur dasar, amargi ingkang dados

tetalesipun basa krama, ingkang kiyat lan kekah, jejeg ajeg boten ewah boten

gingsir wiwit jaman rumiyin, jaman kejawen, ngantos dumugi jaman enggal

samenika.

17

Nalika jaman kejawen, basa krama mawarni-warni, ingkang pokok

wonten gangsal inggih punika basa madya, basa krama desa, basa krama, basa

krama inggil, tuwin basa kedhaton. Basa madya dipunprinci dados : basa

madya ngoko, basa madyantara, lan basa madya krama. Basa krama ugi

kaprinci dados : basa mudha krama, basa kramantara, lan basa wredha krama.

1. Basa Mudha Krama

Basa mudha krama kawastanan ugi basa krama alus, inggih

punika basa ingkang ngajeni ingkang langkung sepuh utawi sinten

kemawon ingkang dipunajeni, lagu dhekung, tembung-tembungipun krama

inggil, nanging boten ngangge tembung dalem.

Basa mudha krama punika limrahipun ingkang ngangge:

a. Priyantun nem dhateng sepuh

b. Murid dhateng dwijanipun

c. Rewang (pembantu) dhateng bendaranipun

d. Kanca ingkang dereng sami kulina

e. Priyayi dhateng priyayi sak pantaran

f. Reh-rehan dhateng pimpinan

2. Basa Kramantara

Basa kramantara punika limrahipun dipunanggep tumrap sasamisami,

kados priyayi rumaos menang sausap drajadipun kaliyan ingkang

dipunajak wicanten. Wujudipun tembung-tembung krama lugu

(ater-ater lan penambang krama), boten ngangge krama inggil tumrap

ingkang dipunajak wicantenan.

18

3. Basa Wredha Krama

Basa wreda krama punika basanipun tiyang sepuh dhateng

tiyang enem sasaminipun, nanging ngajeni sawetawis. Basa kasebat

wujudipun tembung krama ngangge ater-ater lan panambang ngoko lan

tanpa krama inggil tumrap dhateng ingkang dipunajak wicanten.

Basa krama kedah tansah dipunbudidaya sageda nyaketi wewaton,

inggih basa krama sinerat punapa dene basa krama pawicantenan/ lesan. Basa

krama sinerat langkung gampil netepi wewaton, amargi wonten wekdal

kangge nglelimbang cara-caranipun. Ingkang radi rekaos netepi wewaton

punika basa krama pawicantenan, amargi wedharing basa sipatipun dadakan

(spontan). Haryana Harjawiyana (2001:84) njlentrehaken bilih basa

pawicantenan/ lesan punika ngemu raos pangraos (emosi utawi sentimensentimen).

Emanipun wedharing raos pangraos wau kanthi dadakan (spontan).

Miturut Haryana Harjawiyana (2001:76) dhedhasar wewatonipun basa

krama inggih punika:

1. Ngramakaken Tembung

a. Tembung-tembung ngoko ingkang wonten kramanipun dipungantos

tembung krama, dene ingkang boten wonten kramanipun tetep

tembung ngoko kemawon. Tuladha:

1) Basa ngoko : Aku arep nggambar woh-wohan kayata pelem,

jeruk, apel, jambu karo anggur.

2) Basa krama : Kula badhe nggambar woh-wohan kadosta pelem,

jeram, apel, jambet kaliyan anggur.

19

b. Tembung-tembung ingkang magepokan kaliyan dhiri pribadi ingkang

wonten kramanipun tetep dipunkramakaken. Tuladha:

1) Basa ngoko : Ayo mampir ing omahku sadhela, bocah-bocah lan

bojoku wis padha kangen.

2) Basa krama : Mangga mampir ing griya kula sakedhap, lare-lare

kaliyan semah kula sampun sami kangen.

c. Tembung-tembung ingkang magepokan kaliyan kewan, wit-witan utawi

samukawis, ingkang wonten kramanipun tetep dipunkramakaken.

Tuladha:

1) Basa ngoko : Wah, aku lagi rekasa, nandur wit jeruk arep mati,

ngingu manuk padha lara, gek pitmontor wae rusak

ora bisa mlaku.

2) Basa krama : Wah, kula saweg rekaos, nanem wit jeram badhe

pejah, ngingah peksi sami sakit, gek pitmontor

kemawon risak boten saged mlampah.

2. Ngramakaken Ater-ater (awalan, prefiks)

a. Ater-ater di-, dipunkramakaken: dipun-. Tuladha:

1) Basa ngoko : Pitike diedol ing pasar.

2) Basa krama : Ayamipun dipunsade ing peken.

b. Ater-ater kok-, dipunkramakaken: sampeyan-. Tuladha:

1) Basa ngoko : Apa pitike arep kokedol ing pasar

2) Basa krama : Menapa ayamipun badhe sampeyan sade ing peken

20

c. Ater-ater dak-. Dipunkramakaken: kula-. Tuladha:

1) Basa ngoko : Pitike wis dakedol ing pasar.

2) Basa krama : Ayamipun sampun kula sade ing peken.

3. Ngramakaken Panambang (akhiran, sufiks)

a. Panambang -e, dipunkramakaken: -ipun. Tuladha:

1) Basa ngoko : Pitike kuwi dakgawane wae.

2) Basa krama : Ayamipun menika kula bektanipun kemawon.

b. Panambang -en, dipunkramakaken: sampeyan-. Tuladha:

1) Basa ngoko : Pitik kuwi gawanen mulih!

2) Basa krama : Ayam menika sampeyan bekta mantuk!

c. Panambang -ana, dipunkramakaken: sampeyan-i. Tuladha:

1) Basa ngoko : Pitik sing isih cilik-cilik iku gawanana mulih wae!

2) Basa krama : Ayam ingkang taksih alit-alit menika sampeyan

bektani mantuk kemawon!

d. Panambang -na, dipunkramakaken: sampeyan-aken. Tuladha:

1) Basa ngoko : Pitik iki gawakna sadhela, arep daktaleni sikile!

2) Basa krama : Ayam menika sampeyan bektakaken sakedhap,

badhe kula tangsuli sukunipun!

e. Panambang -mu, dipunkramakaken: -sampeyan. Tuladha:

1) Basa ngoko : Iki rak pitikmu ta

2) Basa krama : Menika rak ayam sampeyan ta

f. Panambang -ku, dipunkramakaken: -kula. Tuladha:

1) Basa ngoko : Iya bener, kuwi pitikku.

21

2) Basa krama : Inggih leres, menika ayam kula.

4. Ngramakaken Rimbag Camboran (konfiks)

a. Camboran N-a, dipunkramakaken: sampeyan-N. Tuladha:

1) Basa ngoko : Nggawaa pitik sing putih kae!

2) Basa krama : Sampeyan mbekta ayam ingkang pethak menika!

b. Camboran N-ana, dipunkramakaken: sampeyan-N-i. Tuladha:

1) Basa ngoko : Nggawanana pitik-pitik kate kae!

2) Basa krama : Sampeyan mbektani ayam-ayam kate menika!

c. Camboran N-na, dipunkramakaken: sampeyan-N-aken. Tuladha:

1) Basa ngoko : Nggawakna pitik Bulik, kareben dibeleh kanggo

bakdan!

2) Basa krama : Sampeyan mbektakaken ayam Buli, kajengipun

dipunbeleh kangge bakdan!

d. Camboran di-ake, dipunkramakaken: dipun-aken. Tuladha:

1) Basa ngoko : Pitike bangkok mbok digawakake Pak Darma, jare

kepengin ngingu!

2) Basa krama : Ayamipun bangkok mbok dipunbektakaken Pak

Darma, criyosipun kepengin ngingah!

e. Camboran kok-ake, dipunkramakaken: sampeyan-aken. Tuladha:

1) Basa ngoko : Mbak Darmi jare arep mulih, pitike sing dhere kae

mbok kokgawakake, kareben kanggo cucuk-cucuk!

22

2) Basa krama : Mbak Darmi criyosipun badhe mantuk, ayamipun

dhere menika mbok sampeyan bektakaken,

kajengipun kangge cucuk-cucuk!

f. Camboran dak-ake, dipunkramakaken: kula-aken. Tuladha:

1) Basa ngoko : Wah, pitike kuwi giras, kene dakgawakake, mundhak

ucul!

2) Basa krama : Wah, ayamipun menika giras, ngriki kula bektakaken,

mindhak ucul!

g. Camboran dak-e, dipunkramakaken: kula-ipun. Tuladha:

1) Basa ngoko : Pitik sing gering kuwi dakgawane wae apa, mundhak

nulari liya-liyane

2) Basa krama: Ayam ingkang gering menika kula bektanipun

kemawon menapa, mindhak nulari sanessanesipun

h. Camboran dak-ane, dipunkramakaken kula-anipun. Tuladha:

1) Basa ngoko : Wis, pitik sing padha pileren dakgawanane, aku

bisa nambani.

2) Basa krama : Sampun, ayam ingkang sami pileren kula

bektananipun, kula saged njampeni.

i. Camboran dak-ne, dipunkramakaken dak-aken. Tuladha:

1) Basa ngoko : Dhik, pitikmu wis ngekeg, dakgawakne jago apa

Rak banjur ngendhog

23

2) Basa krama : Dhik, ayam sampeyan sampun ngekeg, kula

bektakaken sawung menapa Rak lajeng nigan.

C. Variasi Basa

Variasi basa inggih punika wujud bagian utawi varian selebeting basa

ingkang nggadhahi pola ingkang langkung sami kaliyan pola ingkang

limrahipun basa indukipun (Poedjosoedarmo selebeting aslinda, 2007:17).

Miturut Aslinda (2007 : 97) inggih punika basa nggadhahi variasivariasi

dados pancaran saking gegayutanipun antawis tiyang, gegayutan

antawis golongan lan sikap bebrayanipun tumrap basanipun. Sikap lan

gegayutan punika dipunwujudaken boten kaliyan teges variasi selebeting

basanipun, nanging ugi gegayutan kaliyan sistem basa, kados nama panggilan,

tata cara tegur sapa, tataran-tataran basa (speech level), lan lelewa basa.

Kedadosanipun keragaman utawi variasi basa punika sanes

dipunsebabaken dening penuturipun ingkang boten homogen, nanging ugi

jalaran kegiatan interaksi sosial ingkang dipunlampahi beragam sanget.

Kegiatan mbetahaken utawi nyebabaken kedadosanipun keragaman basa

punika. Keragaman punika badhe langkung kathah menawi basa kasebut

dipunginakaken dening penutur ingkang kathah sanget, sarta ing selebeting

wilayah ingkang wiyar sanget. Chaer lan Agustina ing selebeting

Aslinda (2007 :17) mbentenaken variasi-variasi basa, inggih punika:

24

1. Variasi dari Segi Penutur

Variasi basa ingkang ketingal adhedhasar penuturipun inggih

punika variasi basa ingkang kasebut idiolek, inggih punika variasi basa

ingkang sifatipun individu. Miturut konsep idiolek, saben tiyang nggadhahi

variasi basa utawi idiolekipun piyambak-piyambak. Variasi idiolek punika

ngengingi wernining swanten, pamilihing tembung, lelawaning basa, tata

rakiting ukara, lan salajengipun.

Variasi basa kaping kalih adhedhasar penuturipun inggih punika

ingkang kasebut dialek, inggih punika variasi basa saking

kelompok

penutur ingkang cacahipun relatif, ingkang wonten ing setunggal

panggenan, wilayah, utawi area tinamtu (Abdul Chaer, 2004: 63). Panutur

selebeting dialek nggadhahi idiolek piyambak, nggadhahi ciri ingkang

sami kawontenan ing setunggal dialek.

Variasi kaping tiga adhedhasar penutur inggih punika kronolek

utawi dialek temporal inggih punika variasi basa ingkang dipunginakaken

dening kelompok sosial ing wekdal katemtu. Umpaminipun, variasi basa

indonesia ingkang dipunginakaken ing wekdal rumiyin lan variasi basa

ingkang dipunginakaken ing wekdak samenika.

Variasi basa kaping sekawan adhedhasar penuturipun inggih

punika sosiolek utawi dialek sosial, inggih punika variasi basa ingkang

ngengingi

status, golongan, lan kelas sosial para penuturipun. Variasi

basa punika ngenani sedaya perkawis pribadi penuturipun, kados yuswa,

pendidikan, seks, pakaryan, tataran kebangsawanan, kahanan sosial

25

ekonomi lan sapanunggalipun. Adhedhasar yuswa, variasi basa ingkang

dipunginakaken dening lare, para mudha, tiyang dhewasa lan tiyang

ingkang langkung sepuh.

2. Variasi dari Segi Pemakaian

Variasi basa adhedhasar kaliyan panganggenipun, ingkang

ngginakaken, utawi fungsinipun kasebut fungsiolek (Nababan 1984),

ragam, utawi register (Abdul Chaer, 2004: 68). Variasi punika limrahipun

dipunwicantenaken adhedhasar bidang panganggening, lelewa, utawi

tataran keformalan, lan sarana panganggenipun. Variasi basa adhedhasar

punika limrahipun dipungayutaken kaliyan prakawis dialek. Bentenipun

variasi basa saking segi panganggenipun wonten ing kosa katanipun.

Bidang-bidangipun badhe nggadhahi cacahipun kosa kata khusus ingkang

boten wonten selebeting kosa kata bidang ilmu sanesipun.

3. Variasi dari Segi Keformalan

Adhedhasar tataran keformalan, Martin Joss (1967)

njlentrehaken variasi basa dados gangsal jinis lelewa, inggih punika lelewa

utawi ragam baku, lelewa utawi ragam resmi, lelewa utawi ragam usaha,

lelewa utawi ragam santai, lan lelewa utawi ragam akrab

(Abdul Chaer, 2004: 70).

Ragam baku dipunginakaken ing selebeting kawontenan resmi

lan khidmat. Ragam baku kasebat dados ragam baku jalaran pola lan

kaidahipun sampun dipuntetapaken secara tetep lan boten saged

dipunewahi.

26

Ragam basa resmi inggih punika ragam basa ingkang

dipunginakaken ing selebeting buku-buku wulangan, rapat dinas, lan

layang resmi. Ragam basa resmi sami kaliyan ragam basa baku ingkang

dipunginakaken selebeting kahanan resmi.

Ragam basa usaha inggih punika ragam basa ingkang

dipunginakaken ing selebeting wicanten limrahipun ing sekolah lan rapatrapat.

Ragam basa usaha punika wonten ing antawis ragam basa formal

lan ragam basa santai.

Ragam basa santai inggih punika ragam basa ingkang

dipunginakaken wonten ing kawontenan santai. Kosa kata ing ragam

santai punika kathah wontenipun unsur leksikal dialek. Ragam basa santai

punika asring dipunginakaken selebeting kahanan boten resmi kangge

wicantenan kaliyan kulawarga lan kanca-kanca.

Ragam basa akrab inggih punika ragam basa ingkang

dipunginakaken antawis kanca ingkang sampun akrab, karib, lan

kulawarga. Ciri ragam basa akrab inggih punika kathahipun ngangge kode

basa ingkang sipatipun pribadi, piyambak lan relatif tetep selebeting basa

akrab punika, pangangge basanipun asring boten jangkep lan andhap.

Kedadosan punika jalaran panutur sampun sami mangertos.

4. Variasi dari Segi Sarana

Variasi basa saking segi sarana dipuntingali saking sarana

ingkang dipunginakaken. Adhedhasar sarana ingkang dipunginakaken,

ragam basa kaperang dados kalih, inggih punika ragam basa pawicantenan

27

lan ragam basa sinerat. Ragam basa pawicantenan panganggenipun kanthi

wicanten lan dipunbantu dening unsur-unsur suprasegmental, ragam basa

sinerat unsur suprasegmental boten wonten. Penggantos unsur

suprasegmental selebeting basa sinerat inggih punika kaliyan nyerataken

unsur kasebut kaliyan simbul lan tanda baca.

D. Dialek

Dialek kalebet variasi basa miturut penuturipun. Babagan punika

dipunandharaken dening Chaer lan Agustina (1995:82-89) ingkang ungelipun

“Adhedhasar panuturipun, variasi basa saged dipunbentenaken dados idiolek,

dialek, akrolek, basilek, vulgar, slang utawi basa prokem, kolokial (basa gaul),

jargon, argot lan ken”.

Dialek wiwitanipun dipunginakaken selebeting gegayutan kaliyan

kahanan basa. Meillet (1967:69) mratelakaken bilih dialek inggih punika

piranti wujud ujaran setunggal panggenan ingkang benten-benten, ingkang

nggadhahi ciri-ciri universal. Salah satunggaling ciri khas dialek inggih punika

wontenipun sami mangertos ing antawisipun tiyang ingkang ngginakaken

dialek, nanging ngginakaken basa kaliyan basa ingkang kados-kados benten.

Miturut Meillet ing selebeting Ayatrohaedi (1979 : 2), wonten kalih

ciri ingkang dipungadhahi dialek inggih punika (1) dialek inggih punika

perangkat wujud tuturan panggenan ingkang benten-benten, ingkang

nggadhahi ciri-ciri ingkang limrah lan langkung mirip sesaminipun, lan (2)

dialek boten kedah mendhet sedaya wujud tuturan saking basa.

28

Dialek dipunbentenaken dados tiga, miturut Hartman lan Stork (1972)

inggih punika:

1. Dialek Geografis

Inggih punika variasi basa ingkang dipunginakaken dening

sekelompok tiyang (penutur) selebeting wilayah geografis ingkang benten.

Selebeting basa Jawa dipuntepangaken wontenipun pinten-pinten jinis

dialek inggih punika dialek Tegal, dialek Pemalang, dialek Pekalongan,

dialek Semarang, dialek Banyumas, dialek Solo, dialek Surabaya lan

sapanunggalipun.

2. Dialek Sosial (Sosiolek)

Inggih punika variasi basa ingkang dipunsebabaken dening

penutur nggadhahi status sosial ingkang benten. Adhedhasar yuswanipun,

wontenipun variasi basa lare-lare, variasi basa lare remaja, variasi basa

tiyang dewasa lan sapanunggalipun. Adhedhasar jenis kelaminipun,

wontenipun basa jaler lan basa istri, ugi wontenipun basa para waria lan

kaum gay (Oetomo lan Suhardi 1990). Kajaba punika ugi wonten

basanipun para dwija, tukang becak, para mubaligh lan sapanunggalipun.

3. Dialek Temporal (Kronolek)

Inggih punika variasi basa ingkang dipunginakaken dening

kelompok sosial selebeting wekdal tinamtu. Wontenipun variasi basa ing

wekdal penjajahan Jepang, variasi basa ing wekdal penjajahan Walanda,

variasi basa ing wekdal kamardikan lan sapanunggalipun.

29

Kedadosanipun ragam-ragam dialek punika langkung utami

dipunsebabaken dening wontenipun gegayutan lan langkung unggul basa-basa

ingkang dipunbekta nalika kedadosan pindahipun bebrayan, penyerbuan,

utawi penjajahan miturut Guiraud ing selebeting Ayatrohaedi (1979: 6).

Ingkang dipunpikantuki kalepatan inggih punika peranan dialek utawi basa

ingkang sebelahan selebeting proses kedadosanipun dialek. Saking basa lan

dialek ingkang sebelahan punika, mlebetipun anasir kosa kata, struktur, lan

cara pangucapan utawi lafal.

Ragam-ragam dialek utawi tinamtukaken dening faktor wekdal,

panggenan, sosio-budaya, kahanan lan sarana pengungkapan

(Kridalaksana, 1970: 8). Kasunyatan faktor-faktor kasebut sami

njangkepi.

Faktor wekdal jalaraken basa ingkang sami, ing wekdal riyen lan samenika

benten, nanging sami-sami kaliyan faktor panggenan, bentenipun punika

ngrembaka ngantos samenika. Adhedhasar babagan punika pramila dialek

saged kagolong dados tigang kelompok, inggih punika (1) dialek 1 (2) dialek 2

lan (3) dialek sosial.(Ayatrohaedi 1979 : 13)

1. Dialek 1

Inggih punika ingkang benten-benten jalaran kawontenan alam

panggenan dialek kasebut dipunginakaken salajengipun

(Warnant, 1973: 101). Dialek punika dipunasilaken

jalaran wontenipun

kalih faktor ingkang sami njangkepi, inggih punika faktor wekdal lan

faktor panggenan.

30

2. Dialek 2

Inggih punika basa ingkang dipunginakaken ing njawi dhaerah

ingkang ngginakaken (Warnant, 1973:102).

3. Dialek Sosial

Dialek sosial inggih punika ragam basa ingkang dipunginakaken

dening golongan tinamtu, ingkang mekaten bentenaken saking golongan

bebrayan sanesipun (Kridalaksana, 1971). Golongan punika saged

golongan nyambut damel, yuswa, kagiatan, jenis kelamin, pendidikan, lan

sapanunggalipun. Ragam dialek sosial ingkang ningalaken ciri-ciri

ingkang khusus sanget dipuntepangi kaliyan nama argot utawi slang.

(Ayatrohaedi 1979 : 14). Pangertosan saking slang miturut

Abdul Chaer (2004 : 67) inggih punika variasi sosial ingkang sipatipun

khusus lan boten dipunmangertosi. Tegesipun, variasi punika

dipunginakaken dening golongan tinamtu ingkang kawates sanget, lan

boten dipunmangertosi dening njawi golongan punika. Pramila kosakata

ingkang dipunginakaken selebeting slang punika asring ewah.

31

BAB III

PALAPURAN ASIL PANALITEN

Babagan punika isinipun wujud kawasisan ngginakaken ragam krama

dialek pemalang tuturan para mudha ing dhusun Gandu. Nalika proses komunikasi

antawisipun para mudha kaliyan tiyang ingkang dereng akrab lan tiyang ingkang

rumaos piyambakipun langkung andhap status sosialipun.

A. Wewayangan Dhata

Palapuran asil panaliten ingkang sampun dipunlampahi dening

panaliti dipunlapuraken kanth cara deskripsi (wewayangan dhata) saking

tuturan para kawula mudha wonten ing dhusun Gandu.

1. Pacelathon antawisipun Ellis kaliyan Bu Mirah (Dhata I)

Ellis

: ” Assalammu’alaikum.”

(Assalammu’alaikum)

Bu Mirah : ”Wa’alaikumsalam,sinten”

(Wa’alaikumsalam, siapa)

Ellis

: ”Kula bu.”

(Saya bu)

Bu Mirah : ”Eh, mangga. Pripun dhik”

(Eh, silahkan. Bagaimana dhik)

Ellis : ”Kula badhe tumbas tigan asin mateng 50 mawon. Enten

boten”

(Saya mau beli telur asin matang 50 saja. Ada tidak)

32

Bu Mirah : ”Wontene kok menteh.”

(Adanya kok mentah)

Ellis

: ”Napa bu, menteh.”

(Apa bu, mentah.)

Bu Mirah : ”Nggih. Sing mateng telas. Kangge yah napa”

(Ya. Yang matang habis. Untuk kapan)

Ellis

: ”Mangke enjang.”

(Besok pagi)

Bu Mirah : ”Nek mangke enjang mriki malih napuwo jam 07.00 mangke

tah mpun mateng.”

(Kalau besok pagi ke sini lagi saja jam 07.00 nanti kan sudah

matang.)

Ellis

: “Menawi digodhog piyambak lami boten bu Terose ibu kok

menawi boten enten mateng menteh napuwo.”

(Kalau direbus sendiri lama apa tidak bu Katanya ibu kok

kalau tidak ada matang mentah saja.)

Bu Mirah : ”Oh nggih boten napa-napa. Daleme pundi dhik”

(Oh ya tidak apa-apa. Rumahnya mana dhik)

Ellis

: ”Mriki kok bu. Gandu.”

(Sini kok bu. Gandu.)

Bu Mirah : ”Gandu. Gandu kuwi putrane sinten”

(Gandu, Gandu itu anaknya siapa)

33

Ellis

: ”Bu Wiyah.”

(Bu Wiyah)

Bu Mirah : ”Oh alah Si Ellis ya, kok wis gedhe ya. Saiki kerja apa kuliah

nang ngendi, kok ora tumon”

(Oh alah Si Ellis ya, kok sudah besar ya. Sekarang kerja apa

kuliah dimana, kok tidak kelihatan)

Ellis

: ”Kuliah ten pekalongan.”

(Kuliah di Pekalongan)

Bu Mirah : ”Enteni dhisik Lis tak jukotake.”

(Tunggu dulu Lis tak ambilkan)

Ellis

: ”Nggih bu.”

(Ya bu)

Bu Mirah : ”Kabeh berarti 75.000”

(Semua berarti 75.000)

Ellis

: ”Niki bu yatranipun. Matur suwun.”

Bu Mirah : ”Ya.”

(Ini bu uangnya. Terima kasih)

(Ya)

Ellis

: ”Pareng bu.”

(Permisi bu)

2. Pacelathon antawisipun Adi kaliyan Bu Surti (Dhata II)

Adi

: “Ngapunten bu, nderek tanggleg daleme pak Harjo mriki leres

boten”

34

(Maaf bu, mau tanya rumahnya Pak Harjo disini benar tidak)

Bu Surti

: ”Nggih.”

(Ya)

Adi

: ”Kula dikengken mbak Iyah maringake niki.”

(Aku disuruh Mbak Iyah memberikan ini)

Bu Surti

: ”Kok mbak Iyah boten mriki piyambak.”

(Kok mbak Iyah tidak kesini sendiri)

Adi : ”Mbak Iyah nembe mawon niliki bu Tarmonah ten griya

sakit.”

(Mbak Iyah baru saja menengok bu Tarmonah di rumah

sakit)

Bu Surti

: ”Lha adhik asmane sinten”

(Lha adhik namanya siapa)

Adi

: ”Nami kula Adi.”

(Nama saya Adi)

Bu Surti

: ”Mriki pinarak riyen.”

(Sini duduk dulu)

Adi

: “Matur suwun, wong badhe kerasan mawon.”

(Terima kasih, mau cepat-cepat saja)

Bu Surti

: ”Nggih sampun, tapi ditosi sekedap rumiyin nggih.”

(Ya sudah, tapi ditunggu sebentar dulu ya)

Adi

: ”Nggih bu.”

(Ya bu)

35

Bu Surti

: ”Niki wonten sekedhik jajan kangge adhik. Mboh napa isine.”

(Ini ada sedikit jajan untuk adik. Tidak tahu apa isinya)

Adi

: “Ampun bu. Boten usah.”

(Sudah bu. Tidak usah)

Bu Surti

: ”Boten napa-napa, ditampi mawon.”

(Tidak apa-apa, diterima saja)

Adi

: “Matur suwun nggih bu.”

(Terima kasih ya bu)

Bu Surti

: ”Sami-sami.”

(Sama-sama)

Adi

: ”Mpun pareng bu.”

(Pamit bu)

Bu Surti

: “Mangga ndherekaken.”

(Ya silahkan)

3. Pacelathon antawisipun Riyan kaliyan Pak Lurah (Dhata III)

Riyan

: “Pak badhe nyuwun tapak asma kangge proposal Makesta.”

(Pak mau minta tanda tangan untuk proposal Makesta)

Pak Lurah : ”Ya. Sadurunge aku tak maca proposale sik ya.”

(Ya. Sebelumnya aku mau baca proposal dulu ya)

Riyan

: ”Mangga, niki pak.”

(Silahkan, ini pak)

Pak Lurah : “Danane akeh ya.”

(Dananya banyak ya)

36

Riyan

: “Nggih pak, sampun direngreng kathahipun samenten.”

(Ya pak, sudah dirancang banyaknya sekian)

Pak Lurah : “Endi maning sing ditandha tangani.”

(Mana saja yang ditanda tangani)

Riyan

: “ Wonten mriki pak.”

(Disini pak)

Pak Lurah : “Ya moga-moga lancar.”

(Ya mudah-mudahan lancar)

Riyan

: “ Nggih Pak Lurah. Matur suwun. Mangga pak.”

(Ya pak lurah. Terima kasih. Silahkan pak)

4. Pacelathon antawisipun Pak Fauzi, Pak Taryam lan Likha (Dhata IV)

Pak Fauzi

: ”Assalammualaikum.”

(Assalamu ’alaikum)

Pak Taryam : ”Assalammualaikum.”

(Assalamu ’alaikum)

Likha

: ”Waalaikumsalam.”

(Waalaikum salam)

Pak Fauzi

: ”Pak lurahe wonten”

(Pak lurahnya ada)

Likha

: ”Nggih enten.”

(Ya ada)

Pak Taryam : ”Pak Lurahe taksih napa”

(Pak lurahnya masih apa)

37

Likha

: “Duka. Taksih ten wingking mangga lenggah riyen Pak.”

Pak Taryam : “Nggih.”

(Tidak tahu. Masih di belakang silahkan duduk dulu pak)

(Ya)

Likha

: “Terose Bapak nggen ngentosi sekedap. Apunten asmane

sinten Pak”

(Katanya Bapak disuruh nunggu sebentar. Maaf namanya

siapa pak)

Pak Fauzi

: “Matur mawon kalih Pak Lurah menawi wonten Pak Fauzi

kalih Pak Taryam.”

(Bilang saja sama Pak lurah kalau ada Pak Fauzi dan Pak

Taryam)

Likha

: “Nggih.”

(Ya)

5. Pacelathon antawisipun Dewi kaliyan Nur (Dhata V)

Dewi

: “Mbak, tulung gusahake kucing ten mriku.”

(Mbak, tolong suruh pergi kucing yang ada di situ)

Nur

: “Pundi sih.”

(Mana sih)

Dewi

: “Nika wonten ngandhap meja.”

(Itu ada dibawah meja)

Nur

: “Napa njenengan wedos kalih kucing”

(Apa kamu takut sama kucing)

38

Dewi

: “Nggih ra.”

(Iya)

Nur

: “Nggih tak gusahe. Mpun lunga. Njenengan boten nderek tiyang

sepah kesah ten Jakarta”

(Ya tak suruh pergi. Sudah pergi. Kamu tidak ikut orang tua

pergi ke Jakarta)

Dewi

: “Boten wong kulane taksih sekolah.”

(Tidak karena akunya masih sekolah)

Nur

: “Nggih ra, wong sekolah tah langkung penting.”

(Ya, karena sekolah itu kan lebih penting)

6. Pacelathon antawisipun Mbak Win kaliyan Nur (Dhata VI)

Mbak Win : “Nur, kowe semesterane kurang pirang wulan maning”

(Nur, Kamu semesteranya kurang berapa bulan lagi)

Nur

: “Kirang langkung tigang santun.”

(Kurang lebih tiga bulan)

Mbak Win : “Kok gelis ya. Terus kowe arep melu aring Jakarta kapan”

(Kok cepat ya. Lalu kamu mau ikut ke Jakarta kapan)

Nur

: ”Mangke sesampunipun semesteran.”

(Nanti sesudah semesteran)

Mbak Win : ”Ya mengko tak enteni wis.”

(Ya nanti tak tunggu)

7. Pacelathon antawisipun Bulek Tumbu kaliyan Puji (Dhata VII)

Bulik Tumbu

: “ Puji, ndarus ya.”

39

(Puji, tadarus ya)

Puji

: ”Boten bulik.”

(Tidak bulik)

Bulik Tumbu : ”Kok ora kuwi kepriye”

(Kok tidak itu bagaimana)

Puji

:”Boten wonten kancane bulik. Wangsule kula wedos

bulik.”

(Tidak ada temannya bulik. Pulangnya aku takut bulik)

Bulik Tumbu

: “Lha ana aku kok wedi.

(Lha ada aku kok takut)

Puji

: ”Nggih bulik.

(Ya bulik)

Bulik Tumbu

: ”Wis tenang bae mengko tak anter.”

(Sudah tenang saja nanti saya antar)

8. Pacelathon antawisipun Nur kaliyan Bulik Tumbu (Dhata VIII).

Nur

: “Bulik, kalawingi sing ndarus pinten”

(Bulik, kemarin yang tadarus berapa)

Bulik Tumbu

: “Bocah akeh.”

(Ada banyak)

Nur

: “Sinten malih bulik”

(Siapa saja bulik)

Bulik Tumbu : “Siti, Nurul, Kusni, Melin.”

(Siti, Nurul, Kusni, Melin)

40

Nur

: ”Lami boten bulik. Ngantos jam pinten

(Lama tidak bulik. Sampai jam berapa)

Bulik Tumbu : ”Ya kaya biyasane. Paling jam 10. Kowe wingi kok ora

ndarus”

(Ya seperti biasanya. Paling jam 10. Kamu kemarin kok

tidak tadarus)”

Nur

: “Lubar trawih sampun ngantuk bulik.”

(Setelah tarawih sudah mengantuk bulik)

Bulik Tumbu : “Tapi iki ndarus ya.”

(Tapi ini tadarus ya)

Nur

: ”Nggih bulik.”

(Ya bulik)

9. Pacelathon antawisipun Arif kaliyan Bu Lurah (Dhata IX)

Arif

: ”Bu Lurah, Adi enten boten”

(Bu Lurah, Adi dimana )

Bu Lurah

: ”Nggih wonten”.

(Ya ada)

Arif

: ”Taksih napa bu”

(Masih apa bu)

Bu Lurah

: ”Sekedap tak undange.”

(Sebentar tak panggilkan)

Arif

: ”Nggih bu.”

(Ya bu)

41

Bu Lurah

: ”Adi kok isih metu.”

(Adi kok masih keluar)

Arif

: ”Apunten bu, ten pundi nggih”

(Maaf bu, dimana ya”

Bu Lurah

: ”Aku kok ora ngerti ya. Coba takon karo Andre. Ya

mbokan isih nang nggon Andre.”

(Aku kok tidak tahu ya. Coba tanya sama Andre. Ya

barangkali masih ada di tempatnya Andre)

Arif

: ”Nggih bu mangke kula tanggleg kalih Andre.”

(Ya bu nanti saya tanya sama Andre)

Bu Lurah

: ”Ya.”

(Ya)

B. Analisis Dhata

Analisis ing dhata I ingkang dipuntuturaken Ellis kaliyan Bu Mirah.

Ellis punika yuswanipun kirang langkung 19 taun ingkang kagolong para

mudha ingkang nggadhahi unggah-ungguh basa kaliyan wujudipun ragam

krama. Ragam krama ing tuturan punika wonten dialek Pemalang. Babagan

punika katingal ing ukara ngandhap, inggih punika:

Ellis : ”Kula badhe tumbas tigan asin mateng 50 mawon.

Enten boten”

Bu Mirah

: ”Wontene kok menteh.”

42

Tembung enten salah satunggaling dialek Pemalang ingkang wujudipun

krama. Menawi krama ingkang baku boten wonten enten nanging wonten.

Enten punika sampun limrah dipunginakaken ing dhusun Gandu. Wonten

malih ing ukara:

Bu Mirah : “Mangke enjang mriki malih napuwo jam 07.00

mangke tah mpun mateng.”

Ellis

: “Menawi digodhog piyambak lami boten bu Terose

ibu kok menawi boten enten mateng menteh

napuwo.”

Bu Mirah

: ”Oh nggih boten napa-napa. Daleme pundi dhik”

Tembung lami sampun dados basa ingkang limrah dipunginakaken dening

para sepuh ugi para mudha ing dhusun Gandu. Pramila ugi dados salah

satunggaling ragam krama dialek. Menawi ing basa bakunipun dangu. Ukara

sanesipun inggih punika:

Bu Mirah : ”Oh alah Si Ellis ya, kok wis gedhe ya. Saiki kerja apa

kuliah nang ngendi, kok ora tumon”

Ellis

: ”Kuliah ten pekalongan.”

Bu Mirah : ”Enteni dhisik Lis tak jukotake.”

Ellis

: ”Nggih bu.”

Bu Mirah : ”Kabeh berarti 75.000”

Ellis

: ”Niki bu yatranipun. Matur suwun.”

Bu Mirah : ”Ya.”

Ellis

: ”Pareng bu.”

43

Tembung ten basa Jawi baku inggih punika wonten, matur suwun basa Jawi

bakunipun matur nuwun, lan pareng tegesipun nyuwun ijin badhe pamit

nanging basa punika sampun limrah dipunginakaken dening bebrayan

mliginipun ing dhusun Gandu. Ugi sampun dados dialek Pemalang ingkang

wujudipun krama.

Analisis data II, Pacelathon antawisipun Adi kaliyan Bu Surti. Adi

yuswanipun kirang langkung 13 taun. Tuturan ingkang wujudipun ragam

krama dialek Pemalang, inggih punika:

Adi

: “Ngapunten bu, nderek tanggleg daleme pak Harjo mriki

leres boten”

Bu Surti

: ”Nggih.”

Tembung tanggleg wonten ing tataran basa baku Jawa boten wonten, basa

bakunipun taken. Tembung punika sampun limrah dipunginakaken ing

Pemalang mliginipun ing Gandu, pramila sampun dados ragam krama dialek

Pemalang.

Adi

Bu Surti

Adi

: ”Kula dikengken mbak Iyah maringake niki.”

: ”Kok mbak Iyah boten mriki piyambak.”

: ”Mbak Iyah nembe mawon niliki bu Tarmonah ten griya

sakit.”

Bu Surti

Adi

: ”Lha adhik asmane sinten”

: ”Nami kula Adi.”

Dikengken lan nami sampun limrah dipunginakaken wonten ing dhusun

Gandu menawi guneman ngangge basa krama. Nanging menawi griya sakit

44

sebagian mawon ingkang ngginakaken jalaran tembung punika kalebet

krama desa.

Adi

Bu Surti

Adi

: “Matur suwun, wong badhe kerasan mawon.”

: ”Nggih sampun, tapi ditosi sekedap rumiyin nggih.”

: ”Nggih bu.”

Bu Surti : ”Niki wonten sekedap jajan kangge adhik. Mboh napa

isine.”

Adi

Bu Surti

Adi

Bu Surti

Adi

Bu Surti

: “Ampun bu. Boten usah.”

: ”Boten napa-napa, ditampi mawon.”

: “Matur suwun nggih bu.”

: ”Sami-sami.”

: ”Mpun pareng bu.”

: “Mangga nderekaken.”

Tembung matur suwun, kerasan, ampun, lan pareng sampun dados basa

ingkang limrah dipunginakaken menawi guneman ngginakaken basa krama.

Matur suwun tegesipun matur nuwun, kerasan tegesipun cepetan, ampun

tegese boten usah, lan pareng tegesipun pamit badhe wangsul.

Analisis saking dhata III inggih punika pacelathon antawisipun Pak

Lurah kaliyan Riyan ingkang dados pengurus IPNU badhe nyuwun tapak

asma badhe ngajokaken proposal kangge kagiatan Makesta, ing pacelathon

punika ngginakaken basa krama.

Riyan

: “Pak badhe nyuwun tapak asma kangge proposal

Makesta.”

45

Pak Lurah : ”Ya. Sadurunge aku tak maca proposale sek ya.”

Riyan

: ”Mangga, niki pak.”

Pak Lurah : “Danane akeh ya.”

Riyan

: “Nggih pak, sampun direngreng kathahipun samenten.”

Pak Lurah : “Endi maning sing ditandha tangani.”

Riyan

: “ Enten mpriki pak.”

Pak Lurah : “Ya moga-moga lancar.”

Riyan

: “ Nggih Pak Lurah. Matur suwun. Mangga pak.”

Tembung enten lan matur suwun mesthi kemawon dipunginakaken

selebeting wicantenan ngginakaken basa krama ing dhusun Gandu.

Tembung punika sampun dados basa ingkang limrah.

Analisis dhata IV pacelathon antawisipun likha (20 taun) kaliyan

Pak Fauzi ingkang yuswanipun kirang langkung 30 taun lan Pak Taryam

ingkang yuswanipun 55. Likha minangka ngajeni dhateng tiyang sepuh,

piyambakipun anggenipun wicantenan ngginakaken ragam krama dialek

Pemalang. Wicantenan ingkang mujudaken ragam krama dialek Pemalang

wonten ing ngandhap punika:

Pak Fauzi

: ”Assalammualaikum.”

Pak Taryam : ”Assalammualaikum.”

Likha

Pak Fauzi

Likha

: ”Waalaikumsalam.”

: ”Pak lurahe wonten”

: ”Nggih enten.”

46

Tembung enten asring dipunginakaken dening bebrayan ing dhusun Gandu

mliginipun para kawula mudha. Likha ingkang kagolong salah satunggaling

kawula mudha ugi ngginakaken tembung enten selebeting wicantenan

ngginakaken ragam krama.

Pak Taryam

Likha

: ”Pak Lurahe taksih napa”

: “Duka. Taksih ten wingking manggah lenggah riyen

Pak.”

Pak Taryam

: “Nggih.”

Kekarepan ngginakaken tembung ten ing pacelathon nginggil punika

wonten. Nanging punika sampun dados dialek wonten ing dhusun Gandu lan

sapanunggalipun kangge nyatakaken tembung wonten.

Likha

:” Terose Bapak nggen ngentosi sekedap. Apunten

asmane sinten Pak”

Pak Fauzi

: ”Matur mawon kalih Pak Lurah menawi wonten Pak

Fauzi kalih Pak Taryam.”

Likha

: ”Nggih.”

Tembung apunten sami kaliyan ngapunten. Nanging ing pawicantenan saben

dinten menawi ngginakaken basa krama bebrayan ing dhusun Gandu asring

ngginakaken apunten tinimbang ngapunten. Apunten kalebet salah

satunggaling dialek Pemalang ingkang wujudipun ragam krama.

Analisis dhata V pacelathon antawisipun Nur kaliyan Dewi. Nur

kaliyan Dewi punika dereng akrab (nembe kemawon tepang). Kangge

ngurmati Nur ingkang kalebet salah satunggaling warga dhusun Gandu

47

anggenipun wicantenan kaliyan Dewi ngginakaken ragam krama ingkang

wujudipun dialek Pemalang.

Dewi

Nur

Dewi

Nur

Dewi

Nur

: “Mbak, tulung gusahake kucing ten mriku.”

: “Pundi sih.”

: “Nika wonten ngandhap meja.”

: “Napa njenengan wedos kalih kucing”

: “Nggih ra.”

: “Nggih tak gusahe. Mpun lunga. Njenengan boten nderek

tiyang sepah kesah ten Jakarta”

Dewi

Nur

: “Boten wong kulane taksih sekolah.”

: “Nggih ra, wong sekolah tah langkung penting.”

Tembung wedos dipunginakaken salebeting wicantenan ngginakaken ragam

krama ingkang tegesipun wedih (takut). Basa punika sampun limrah

dipunginakaken ing Pemalang mliginipun ig dhusun Gandu.

Analisis data VI, pacelathon antawisipun Nur ingkang yuswanipun

kirang langkung 13 taun ingkang kalebet salah satunggaling kawula mudha

wonten ing dhuusun Gandu selebeting wicantenan kaliyan Mbak Win

ingkang yuswanipun langkung sepuh. Selebeting tuturan punika Nur

ngginakaken unggah-ungguh basa ingkang wujudipun basa krama jalaran

Nur punika panggenanipun wonten Pemalang, pramila sampun kulinten

ngginakaken ragam krama dialek Pemalang. Tuturan ragam krama dialek

Pemalang wonten ing ngandhap punika :

48

Mbak Win :

“Nur, kowe semesterane kurang pirang wulan

maning”

Nur

Mbak Win

: “Kirang langkung tigang santun.”

: “Kok gelis ya. Terus kowe arep melu aring Jakarta

kapan”

Nur

Mbak Win

: ”Mangke sesampunipun semesteran.”

: ”Ya mengko tak enteni wis.”

Tembung tigang santun (tiga tahun) mujudaken ragam krama dialek

Pemalang. Jalaran sampun kulinten dipunginakaken dening bebrayan ing

Pemalang mliginipun ing dhusun Gandu.

Analisis dhata VII, pacelathon antawisipun Bulik Tumbu kaliyan

Puji. Puji yuswanipun kirang langkung 15

taun. Piyambakipun ngajeni

dhateng tiyang ingkang dipunajak wicantenan inggih punika Bulik Tumbu.

Selebeting pacelathon ngginakaken ragam krama ingkang ingkang

wujudipun dialek Pemalang.

Bulik Tumbu

Puji

Bulik Tumbu

Puji

: “ Puji, ndarus ya.”

: ”Boten bulik.”

: ”Kok ora kuwi kepriye”

:”Boten wonten kancane bulik. Wangsule kula wedos

bulik.”

Bulik Tumbu

Puji

Bulik Tumbu

: “Lha ana aku kok wedi.

: ”Nggih bulik.

: ”Wis tenang bae mengko tak anter.”

49

Tembung wedos (takut) mujudaken ragam krama dialek Pemalang. Menawi

basa Jawa krama baku boten wonten tembung wedos nanging tembung ajrih.

Nanging tembung wedos sampun limrah dipunginakaken dening bebrayan

ing dhusun Gandu kangge nyebataken kramanipun wedih.

Analisis dhata VIII pacelathon antawisipun Nur kaliyan Bulik

Tumbu. Nur selebeting wicantenan ngginakaken ragam krama dialek

Pemalang. Wujud ragam dialek Pemalang ing tuturan inggih punika:

Nur

Bulik Tumbu

Nur

: “Bulik, kalawingi sing ndarus pinten”

: “Bocah akeh.”

: “Sinten malih bulik

Bulik Tumbu : “Siti, Nurul, Kusni, Melin.”

Nur

: ”Lami boten bulik. Ngantos jam pinten

Bulik Tumbu : ”Ya kaya biyasane. Paling jam 10. Kowe wingi kok

ora ndarus”

Nur

: “Lubar trawih sampun ngantuk bulik.”

Bulik Tumbu : “Tapi iki ndarus ya.”

Nur

: ”Nggih bulik.”

Tembung lami tegesipun suwih utawi dangu nanging tembung punika

sampun dados basa ingkang limrah dipunginakaken ing bebrayan Pemalang

mlignipun ing dhusun Gandu.

Analisis data IX pacelathon antanisipun Arif kaliyan bu lurah. Arif

yuswanipun kirang langkung 13 tahun. Anggenipun wicantenan kaliyan

50

bu Lurah, piyambakipun rumaos ngajeni, pramila selebeting wicantenan

ngginakaken ragam krama ingkang wujudipun dialek Pemalang.

Arif

Bu Lurah

Arif

Bu Lurah

Arif

: ”bu Lurah, Adi enten boten”

: ”Nggih wonten”.

: ”Taksih napa bu”

: ”Sekedap tak undange.”

: ”Nggih bu.”

Tembung enten kedahipun wonten, nanging sampun dados basa ingkang

limrah dipunginakaken dening bebrayan ing dhusun Gandu.

Bu Lurah

Arif

Bu Lurah

: ”Adi kok isih metu.”

: ”Apunten bu, ten pundi nggih”

: ”Aku kok ora ngerti ya. Coba takon karo Andre. Ya

mbokan isih nang nggon Andre.”

Tembung apunten sampun dados basa ingkang limrah dipunginakaken

dening bebrayan ing Pemalang, mliginipun para kawula mudha ing dhusun

Gandu. Pramila kasebat ragam krama dialek Pemalang.

Analisis wonten nginggil punika analisis ingkang tatacara

pangempalan data ngginakaken tatacara rekam. Ing selebeting panaliten

ingkang ngginakaken teknik Simak Bebas libat Cakap (SBLC) ugi kathah

para kawula mudha ingkang ngginakaken ragam krama dialek Pemalang

ingkang wujudipun kados ingkang wonten nginggil, inggih punika:

1. Enten ingkang tegesipun ana (Jawi ingkang baku wonten).

2. Lami ingkang tegesipun suwih (Jawi ingkang baku dangu).

51

3. Ten ingkang tegesipun ana (Jawi ingkang baku wonten).

4. Matur suwun ingkang tegesipun matur nuwun.

5. Pareng tegesipun nyuwun ijin pamit.

6. Dikengken tegesipun diakon.

7. Griya sakit tegesipun rumah sakit.

8. Nami ingkang tegesipun aran (Jawi ingkang baku nama).

9. Ampun tegesipun aja utawi boten usah.

10. Nggen tegesipun supaya (Jawi ingkang baku dipunaturi).

11. Apunten tegesipun pangapura (Jawi ingkang baku pangapunten).

12. Wedos ingkang tegesipun wedih (Jawi ingkang baku ajrih).

13. Tiyang sepah ingkang tegesipun wong tua (Jawi ingkang baku tiyang

sepuh)

14. Jenean tegesipun kuningan

15. Kuaos tegesipun kuwasa (Jawi ingkang baku kuwaos)

16. Tigang santun tegesipun telung sasi.

17. Kedhangsul tegesipun kedhele.

18. Kepripun tegesipun kepriye (Jawi ingkang baku kadospundi).

19. Kamisepah tegesipun kamituwa (Jawi ingkang baku kamisepuh).

20. Kepel tegesipun kapal

21. Tebah tegesipun adoh (Jawi ingkang baku tebih).

Saking panaliten ing nginggil kathahipun para mudha ngginakaken ragam

krama punika. Wujud kawasisan nalika ngginakaken ragam krama dialek

Pemalang kasebat wonten nginggil.

BAB IV

PANUTUP

A. Dudutan

Sasampunipun sedaya tahap panaliten kalampahan, wonten

pungkasaning panaliti saged mendhet punapa dudutan asil panaliten

kawasisan ngginakaken ragam krama dialek pemalang wonten ing dhusun

Gandu kecamatan Comal kabupaten Pemalang, inggih punika:

1. Kawula mudha anggenipun ngginakaken ragam krama wasis nalika

wicantenan kaliyan tiyang ingkang dereng akrab lan tiyang ingkang

rumaos piyambakipun langkung andhap status sosialipun.

2. Ragam krama para kawula mudha boten dipunkulinakaken selebeting

wicantenan kaliyan sesaminipun. Dados ragam kramanipun para

mudha boten kados basa ingkang limrah.

B. Pamrayogi

Adhedhasar dudutan asil panaliten, panaliti ngaturaken pamrayogi

kados mekaten:

1. Para kawula mudha kedahipun langkung wasis anggenipun ngginakaken

ragam krama nalika wicantenan kaliyan tiyang ingkang dereng akrab lan

tiyang ingkang rumaos piyambakipun langkung andhap status sosialipun

lan ugi sesaminipun.

52

53

2. Tiyang sepuh kedahipun paring kawigatosan ngginakaken basa Jawi

krama wekdal wicantenan selebeting kulawarga, supados para kawula

mudha ndherek lan kulinten ngginakaken basa Jawi krama.

3. Bebrayan kedahipun ndherek merhatosaken lan ngginakaken basa Jawi

ragam krama dialek Pemalang wekdal wicantenan kaliyan para kawula

mudha kangge nguri-uri dialek Pemalang.

4. Sekolah utawi pawiyatan prelu ngimbangi lan nyaketi pasinaon basa

Jawi krama kangge nanemaken unggah-ungguh basa.

54

KAPUSTAKAAN

Aslinda dkk. 2007. Pengantar Sosiolinguistik. Bandung : Refika Aditama.

Ayatrohaedi.1979. Dialektologi Sebuah Pengantar. Jakarta : Pusat Pembinaan dan

Pengembangan Bahasa.

Bell, Roger.1995. Sosilinguistik. Surabaya: Usaha Nasional.

Chaer, Abdul. 2004. Sosiolinguistik Perkenalan Awal. Jakarta : Rineka Cipta.

__________, 2007. Kajian Bahasa: Struktur internal, Pemakaian dan Pemelajaran.

Jakarta: Rineka Cipta.

Gunarsa, Singgih D. 2004. Dari Anak Sampai Usia Lanjut. Jakarta: BPK Gunung

Mulia.

Harjawiyana, Haryana dkk. 2001. Marsudi Unggah-ungguh Basa Jawa.

Yogyakarta: Kanisius.

Hermaji, Bowo. 2002. Pengantar Sosiolinguistik. Tegal : Universitas Pancasakti.

Keraf, Gorys. 2004. Komposisi Sebuah Pengantar Kemahiran Bahasa. Flores:

Nusa Indah.

Mahsun. 2005. Metode Penelitian Bahasa. Jakarta : PT. Raja Grafindo Persada.

Mangunsuwito, S.A. 2002. Kamus Lengkap Bahasa Jawa. Bandung : CV. Yrama

Widya.

Mastoyo, Tri. 2007. Pengantar (Metode) Penelitian Bahasa . Yogyakarta :

Carasvati.

Moleong, Lexy J. 2007. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: Rosda.

Nadra & Reniwati. 2009. Dialektologi Teori dan Metode. Yogyakarta: Elmatera

Publishing.

Rachman, Maman. 1993. Strategi dan Langkah-langkah Penelitian Pendidikan.

Semarang: IKIP Semarang Press.

Samidi, dkk. 2004. Bahasa Daerah Bahan Ajar PGSD UNS.. Surakarta: FKIP

Universitas Sebelas Maret

55

Sudaryanto, 1991. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Yogyakarta : Duta Wacana

University Press.

_________, 1993. Metode dan Aneka Teknik Analisis Bahasa. Yogyakarta: Duta

Wacana University Press.

Sumarsono. 2009. Sosiolinguistik. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Suwadji. 1993. Ngoko lan Krama. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama.

Wijana, I Dewa Putu. 2006. Sosiolinguistik Kajian Teori dan Analisis. Yogyakarta

: Pustaka Pelajar.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!