18.07.2018 Views

Babad Tanah Djawi

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

Ing Jaman samono paro ajar utawa pandhita (agama Budha utawa Syiwah)

mèlu nindakaké paprentahan nagara, mulané padha diparingi lungguh bumi

dhéwé dhéwé kang diarani bumi: Pradikan.

Padésan ing sakubenging candhi utawa padhépokaning para pandhita

lumrahè uga dadi bumi pradikan, wongé diwajibaké jaga lan ngopèni candhi

padhépokan mau.

Kawula liyané padha kena pajeg prapuluhan (saprapuluhing pametuning

buminé), lan kena ing pagawéyan gugur gunung lan sapepadhané.

Pajeg rajakaya, pajeg panggaotan lan tambangan ing wektu samono iya wis

ana.

Pametoning praja gedhé banget, perlu kanggo ragad perang lan kanggo

kapraboning Sang Nata sarta kanggo yeyasan nagara, kayata: kraton,

gedhong gedhong, pasanggrahan pasanggrahan lan liya liyané.

Ing nagara Majapait wis akèh omah kang becik becik, payoné sirap, déné

omah kang lumrah padha apager gedhég, ananging ing jero racaké ana

pethiné watu kang santosa perlu kanggo nyimpen barangé kang pangaji.

Wong wong dhèk jaman samono padha doyan nginang, senengané padha

tuku bala pecah saka juragan Cina, pambayare nganggo dhuwit sing diarani

Kèpèng.

Wong lanang padha ngoré rambut, wong wadon gelungan kondhé. Wiwit

enom wong wong padha nganggo gegaman keris, lan gegaman iku kerep

diempakaké.

Wong yèn mati jisime diobong, yèn sing mati iku bangsa luhur utawa wong

sugih bojo bojoné (randha randhané) padha mèlu obong.

Ora adoh saka nagara ana papan kanggo adu adu kéwan utawa uwong

utawa kanggo karaméyan liya liyané. Papan iku arané "Bubat"

Sang Nata kerep lelana tinggal nagara, ing Blambangan sauruté iya tau

dirawuhi.

26

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!