18.07.2018 Views

Babad Tanah Djawi

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

Ing tahun 1638 jajahané wong Portegis ing Ceylon karebut ing sénapatining

VOC. banjur Compagnie diidini ngadegaké bètèng lan nindakaké monopolie

dagangan manis jangan.

Ora antara suwé bètèng Malaka, kang kalebu sentosa banget, kinepung

wakul lan diperangi bala VOC.

Nganti suwé wong Portegis panggah. Ing tahun 1641 sénapati Walanda

Caerteku dhawuh ngrangsang bètèng, wasana bedhah.

Ing ngatasé wong Portegis ilangé kutha Malaka iku kerugian gedhé banget.

Sarèhné banjur uga kélangan jajahan ing pasisiré tlatah Coromandel lan

Malabar, wong Portegal prasasat tanpa panguwasa ana ing tanah Asia.

Nalika bedhami ing tahun 1641 wong Portegis dipeksa nuruti baé.

Mungguh ing ngatasé Compagnie, bisa oleh kutha Malaka kauntungan

gedhé, awit ndadèkaké wediné para ratu bangsa bumi kabèh. Padagangané

Malaka ngalih menyang Betawi.

Nalika jamané GG. van Diemen kutha ing Betawi digedhèkaké lan

dibecikaké.

Jiwané 9.000, wong Walanda 3.000 luwih.

Ing sajabané kutha wiwit akèh pasanggrahané para gedhé.

Ing sajroning kutha wong laku dagang maju banget.

Kacarita karajan Mataram ing wektu iku banjur rukun baé lan Compagnie.

Ing tahun 1646 VOC. prajangjian karo Mataram (nalika jumenengé

Mangkurat I).

Ing saben tahun Compagnie kudu nglakokaké utusan menyang Mataram.

Wong Jawa kena dedagangan ing sadhengah panggonan kejaba ing

Moloko.

VOC. lan Mataram padha déné ora kena ngréwangi mungsuhé.

Ing sabakdané tahun 1629 kerep baé Banten memungsuhan lan Betawi,

marga wong Banten ambubrah monopoliening VOC. karo wong Moloko.

Pelabuhan Banten kerep banget dibarisi ing prau perang Walanda, dadi

kutha Banten padagangané mati.

Ing tahun 1645 Banten gawé prajangjian lan VOC.

Dadi tetéla yèn panguwasané Compagnie tansah mundhak gedhé.

66

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!