18.07.2018 Views

Babad Tanah Djawi

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

Dagangan tanah Indhiya kang ngolèhaké kauntungan akèh iya iku bumbu

crakèn, mulané VOC. kepéngin banget mengku kapulowan Moloko, kang iku

para nakoda padha diwangsit, supaya merlokaké ngudi bisané nekem

kepulowan bumbon crakèn mau, yèn ora kena dilusi sarana prajangjian iya

kanthi wasésa.

Ing saenggon enggon angger Compagnie bisa becik karo ratu bangsa bumi

mesthi banjur nganakaké prajangjian bisané lengganan ajeg (monopolie).

Pulo Ambon (cengkèh) iku pulo kang dhisik dhéwé dadi duwèking

Compagnie.

Ora suwé saka kecekelé pulo Ambon ing kuwasané VOC. pulo Bandha Néra

(pala) lan Bacan iya banjur kena diregem.

Marga enggoné menang perang iku, laku dagang bumbu crakèn katekem

ing kuwasané Compagnie, sabab ana ing endi endi, angger tanah wus

kaayoman mesthi dilarangi lelawanan dedagangan karo bangsa liya kajaba

mung karo VOC. dhéwé sarta regané dagangan dipasthi (monopolie).

Para aandeelhouderé VOC. ing tahun 1610 didumi bathi 75%, wujud dhuwit

utawa pala, kena milih ing sakarepé, nuli diedumi manèh 50%, dadi sataun

baé tampané para aandeelhouder gunggung kumpul 132,5%

Nanging kauntungan samono iku mungguhing satemené kauntungan ing

dalem 8 tahun, awit adegé VOC. wus ana 8 tahun, mangka lagi mbayar

anakan sapisan iku.

Ing tahun 1611 para aandeelhouder tampa manèh 30%, nanging tumekané

tahun 1619 wis ora oleh manèh.

Wong wong padha ora rujuk, yèn pambayaring anakan jag jog ora ajeg kaya

mangkono iku, terkadhang akèh banget, terkadhang pirang pirang tahun

nyet adhem baé.

Mulané sabakdané tahun 1625 pambayare dipranata, ing sabisa bisa

diajegaké.

Racaké pambayaring anakan marang aandeelhouder mau ing saben tahun

18%.

51

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!