02.07.2013 Views

Pedalangan Jilid 1.pdf

Pedalangan Jilid 1.pdf

Pedalangan Jilid 1.pdf

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

139

Saparipurnaning rerangkulan nulya samya lenggah sekeca.

Kakalih-kalihipun yen sinawang saking mandrawa candrane

pindha Sang Hyang Bhathara Sambu miwah Bhathara

Brahma angejawantah neng jagad sigra andum bagya. Prabu

Baladewa rawuh ing nagari Astina mahanani sepi sidhem

ing pasewakan wit kaprabawan maring pangaribawaning

nata Mandura kang amengku gati. Mangkana pangandikane

prabu Duryudana : “kaka prabu, sakecakna”!

Pocapan / Kandha Bedholan Jejer I (gaya Jawatimuran)

Parpurna pangandikaning sang nata Sri Batara Kresna

sigra paring sasmita kundur angedhaton. Tedhak jog saking

palenggahan “dhampar dhenta” Kadherekaken para emban

cethi biyada srimpi manggung ketanggung jaka palara-lara,

sami ngampil pirantining kanarendran. Tindake sang nata

ngagem bungkul kencana, keclap-keclap kinarya tindak

amecak. Sapecak mandheg sapecak tumoleh. Sri nata datan

karsa mriksani adi rengganing gapura. Laju manjing kadhaton

trus kadhatulaya, kapapag garwa prameswari tetiga.

Sagunging para seba nuli bibaran saking sitinggil solahe

kaya seinamberan dhandhang.

(Ki Dalang Cung Wartanu, Mojokerto-an 1979)

Pocapan / Kandha Semedi

Sri Batara Kresna dupi manjing kedhaton sarta sampun kapapag

ingkang garwa tetiga nulya manjing sanggar pamujan

sarwi ngagem busana sarwa seta, sigra nenuwun dhateng

panguwasane batara srana semedi. Traping Semedi

kanthi sedhakep asta, suku tunggal. Sedhakep wus ngarani,

asta tangan, tunggal kumpul. Tegese Srinata ngeningaken

ciptane, ngempalaken pancaindriyane nutupi babahan

hawa sanga. Mandeng pucake grana mandeng nyawang,

pucak pucuk, grana irung. Lire sajuga kang sinidikara. Keplasing

cipta amung sawiji kang sinedya, sowan marang

ngarsane Sang Hyang Pramesthi Guru, amung nyuwun pangayoman

mrih wudharing reruwet.

(Ki Dalang Cung Wartanu 1979)

Kandha / Pocapan Ajar Kayon

Bubaring para seba kanthi tandha tengara panabuhe beri,

swarane gumonthang mengungkang-ungkang saksad sundhul

ing akasa.Tineteg, tinitir kaya pecaha-pecaha, kaya

butul-butula. Sepisan tandha pasewakan bubaran, ping pin-

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!