02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

352

2 2 2 2 6 12 1 5 5 5 5 5 5 5 2 32 2

mrababak bang su mi rat nyo rot-i mega lan gunung - gu nung

2 3 5 5 5 5 5 1 65 5

nyo rot-i mega lan gunung - gu nung

Ungeling bendhengan sinaretan lampah kayon. Saktelasing bendhengan

kalajengaken pocapan kairing gadhingan sinaretan lampah kayon

ugi.

Pocapan

Bibar pra wadya bala saka paseban agung sigra pacak baris gawe

pager wentis cinandra kadya ri klampis iwak tanpa sela pambarisan.

Padha sikep bandhane jurit pedang ligan tombak pating tlolang warastra

pating crangap cinandra yayah drajag sewu. Tingkahe pra wadya

bala ngembun dhawuhipun sang nalendra pindha ampyak tinebah

candrane. Ampyak walang tinebah watang, kaya walang kena

tebahing watang. Sigra nuthuk bendhe beri tembang tengara, kapyarsa

ngungkung swarane bendhe beri gawe gegere para wadya

bala. Gugup gupuh ndadosaken geger mawurahan rebut dhucung

salang tunjang. Gegering para wadya bala datan kinocapaken ing

dalem sawetawis gantya kang winuwus, kawuwusa Sang Prabu Jalawalikrama

kados sinebit talingane, kaya den kilani dhadhane.

Mbrabak ponang wadana, medal saking paseban jumujug alun-alun

bangsal kembang sigra angawe abdi kang ndherekaken nggennya

prapteng Purwacarita Rekyana Patih Bramangkara. Nampi timbalan

saking bendara sigra tumata marak ing ngarsa. Gleyah-gleyah

nggennya sowan wonten ngarsane sang prabu kebak prabawa. Candrane

Patih Bramangkara kaya satriya kaprabangkara.

Gangsa mungel Ayak Kempul Arang Laras Slendro pathet Wolu. Kalajengaken

ajar kayon sawetawis, lajeng kayon tancep ing paseban

tengen. Prabu Jalawalikrama medal saking tengen ngawe wadyabala,

nuli tancep siti inggil tengen. Patih Bramangkara medal saking kiwa,

atur sembah nuli tancep paseban kiwa. Gendhing suwuk lajeng

bendhengan.

Bendhengan

2 2 2 2 2 2 2 2 6 1 2 2 2 2 6 16 6

Yana trinetra trikaya, indrajit menthanga gendewa

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!