02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

367

212. Sumalidewa : Mbesuk dadak ngenteni apa ngger, elinga negara

wus ancik-ancik ana tepining bebaya.

Yen bisa enggala antuk jago kang bisa mbrastha

pepetenging negara.

213. Sumalintana : Nuwun inggih ngestokaken dhawuh rama

214. Mangkupraja : Nuwun menapa ingkang abdi dipun keparengaken

ndherekaken Raden Sumalintana.

215. Sumalidewa : Patih, sira aja melu. Cukup ajaken perang undur-undur

Prabu Jalawalikrama. Tegese, yen

Prabu Jalawalikrama maju ing palagan, undurna

para wadyabala, supaya bisoa ngolor wektu

kanggo ngenteni jago kang den upadi dening

bendaramu Sumalintana.

216. Mangkupraja : Menawi mekaten ngestokaken dhawuh sinuwun.

217. Sumalidewa : Wis ya ngger, mangkata dina iki dak sangoni

puja lan puji umiring lakumu muga enggal ketemu

jago kang bisa ngilangi klilip Negara Purwacarita.

218. Sumalintana : Ngestokaken dhawuh, nyuwun pamit kanjeng

rama.

219. Sumalidewa : Sing ngati-ati ngger, belanana mbakayumu

Sumaliwati aja nganti kawengku dening nalendra

kang angkara.

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Sendro pathet Wolu, ringgit

bedholan. Sumalintanan kabedhol atur sembah lumampah mangiwa,

Sumalidewa kaentas manengen, Mangkupraja kabedhol atur

sembah kaentas mangiwa. Sigeg kayon tanda wonten njawi keraton.

Gendhing suwuk lajeng pocapan kairing gadhingan. Jroning pocapan

sareng nglampahaken Sumalintana saking tengen mangiwa marambah-rambah.

Pocapan

Candrane wong lumampah adoh rupa candra. Rupa barang kang

katon, candra barang kang wis dadi. Roning medi, ron gegodhongan,

ning neng ing jroning raos, sasi pinolah nagita rawa ? bumi buda, bumi

lemah buda suwung, tanah kang durung tinanduran bumi buda

arane hawane ketingal swasana pandulu, loro-lorone tingal, mripat

loro ndulu papan adoh nadyan katon loro yen den mataken amung

ketingal sajuga. Mantheng pandulune Raden Sumalintana. Manthenge

saka pandulu saonjotan nilar Negari Purwacarita kancik ana jroning

minangsraya.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!