02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

377

Ginem.

320. Semar : Ngga gus, dipun asta. Ha niki kanggo srana

ndara ngentasi damel.

321. Berjanggapati : Mundura Semar.

322. Semar : Nggih, ati-ati gus. Bagooong ngamping bendaramu

le.

323. Bagong : O ya ma. Raden, mangga dipun ginakaken

kangge ngilangi klilipe dedalan. Oo

Pocapan kairing gadhingan, sinambi mbedhol Semar kaentas manengen,

Bagong kaentas manengen. Berjanggapati ngasta panah tancep

siti inggil tengeh .

Pocapan

Tinampi ponang jemparing dening Raden Berjanggapati. Sanadyan

wujude amung pring apus ning ing rehdene ingkang yasa Sang

Hyang Puguh, Semar Bujagati, lelandhepe dadi pitung penyukur.

Dhasar Berjanggapati limpad dhateng olah kridhane warastra lungit

dhateng pamenthange gendewa. Tinanting kaembat ponang gendewa

lumepas ponang warastra yasane Semar. Kaya thathit saking

bantere warastra. Natap dhadhane, bala denawa pating blesah pating

slayah kaya glonggong kaicak gajah.

Gangsa mungel Alap-alapan laras Slendro pathet Wolu. Berjanggapati

kabedhol gending sirep, mbeksa nedya manah. Saksampunipun

manah nuli kaentas mangiwa. Nglampahaken panah kebat kalih

rambahan. Raseksa samya gegiro lan kiprah, lena , panah kawedalaken

saking tengen nembus dadane buta saknalika pejah kaentas

mangiwa geglundhungan. Berjanggapati medal saking tengen tancep

siti inggil tengen, Semar lan Bagong medal saking tengen tancep

paseban kiwa marep manengen.

Ginem.

324. Berjanggapati : Badranaya.

325. Semar : Kula ndara.

326. Berjanggapati : Gedhe panarimaku dene kakang semar sabyantu

marang aku.

327. Semar : Sak saget-saget kula gus, abot anggen kula

nampi jejibahan kangge kayuwananing momongan

kula. Eee....mumpung dereng surup srengenge,

mangga mbacutaken lampah madosi

keng raka.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!