02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

342

malidewa nggennya enggal mbabar panguneg-uneging ndriya, yenta

kawijil saking lesan arum maniiss…. O….

Ginem.

15. Sumalidewa : Jagat dewa, wasesaning bathara-wayah, jagat

pramudhita bawana langgeng. Oh….lah dalah,

Mangkupraja…

16. Mangkupraja : Wonten dhawuh sinuwun.

17. Sumalidewa : Ya,.. ya pantes yen ta sliramu nyuwun pirsa

mungguh apa margane ingsun ora enggal paring

dhawuh marang sliramu apa dene den pirengaken

sagunging para santana kang lagya

marak ana ngarsaningsun. Yayi Mangkupraja,

jenenge wong tuwa, ingsun jumeneng nalendra

ana Negara Purwacarita iki ngibarat srengenge

wis meh manglung ing kulon. Pantes

lamun sedhela maneh ingsun kudune lengser

keprabon. Elinga yayi patih, Negara Purwacarita

iki negara cilik, yen kapandeng dening negara

kang gedhe-gedhe, negara cilik iku negara

kang ringkih. Mula panjenenganingsun kepengin

hambudidaya nadyan cilik nanging ana

prabawane. Siji-sijine dalan sedhela maneh jenengingsun

kudu lengser, tegese lengser saka

kaprabon gumanti putraku rong perkara, Sumaliwati

apa Sumalintana. Sanadyan Sumalintana

iku bocah lanang nanging ingkang mbarep

iku putraku kang wadon bendaramu Dewi

Sumaliwati. Ya apa ora ?

18. Mangkupraja : Inggih sinuwun.

19. Sumalidewa : Se.. jajal ora ketang saklimah miturut aturira

kaya ngapa, patiih...

20. Mangkupraja : Inggih miturut wed kemawon nadyanta gusti

kula Ayu Sumaliwati punika wujudipun wanodya

inggih kedah winisudha dados nalendra,

awit punika putra pembarep. Lajeng gusti kula

Bagus Sumalintana ingkang kedah ngamping,

utawi njampangi.

21. Sumalidewa : Ngono yayi patih…

22. Mangkupraja : Inggih gusti.

23. Sumalidewa : Lha malah kebeneran yen ta kaya mangkono,

awit yen Sumaliwati wis disarujuki dening para

kadang para warga ing Purwacarita gumanti

keprabon. Mangka yen dadi nalendra kudune

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!