02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

409

Pocapan

Den pandeng klawan Bathara Wisnu, rambat-rambat pring sedhapur

ginggange ponang raga, nggih punika Sang Hyang Darmajaka ingkang

mijil saking anggane Kalakirna.

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Sanga

Sang Hyang Darmajaka mijil saking anggane Kalakirna, tancep sak

ngajengipun Kalakirna. Gendhing suwuk lajeng ginem.

Ginem.

613. Darmajaka : Wisnu…, wis weruh karo pun engyang.

614. Wisnu : Engyang Sang Hyang Darmajaka.

615. Darmajaka : Iya… pun eyang manunggal sajiwa kalawan

Kalakirna, mula jeneng kita Wisnu aja kaget

bab iki minangka gegambaran ing mbesuk

sapa sayektine Kalakirna iki…

616. Wisnu : Mekaten eyang.

617. Darmajaka : Iya…, mula saiki aturna marang wong atuwa

kita apa karepe Kalakirna dimen den sumurupi

dening Bathara Guru…

618. Wisnu : Nggih menawi mekaten badhe kula estokaken

eyang.

619. Darmajaka : Eling dieling, yen mbesuk ana nalendra dharah

putih iku pun eyang ya ngger…

Sang Hyang Darmajaka wangsul dateng anggane Kalakirna.

Kalajengaken ginem.

Ginem.

620. Kalakirna : Wis aku enggal adhepna marang wong tuwamu,

gak, gak, gak tak jaluk gak….., aku

iku sejatine ndoleki sing dadi krenteging rasaku

jaman ana crita Negara Rogastina. Ha..

iku ndoleki gandhengane uripku, ngono…

621. Wisnu : Menawi mekaten mangga eyang kula dherekaken

marak wonten ngarsane kanjeng rama

pukulun.

622. Kalakirna : Ayo…, adhepna marang ngersane Bathara

Guru aku.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!