02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

405

566. Narada : Waa…., bapa, bapa, ingkang luwih utama

apa ngger Kalakirna.

567. Kalakirna : Kula punika kepingin gadhah bojo widadari

pukulun.

568. Narada : Lo…, lo.. iki kaya ngapa wong kaya ngene

wandane kok arep nyuwun omah-omah karo

widadari, ingkang kita karepna sapa.

569. Kalakirna : Inggih punika Sri Widawati…

570. Narada : Woo…., mumpung durung balia, balia... Malah

murang tata titah iki. Sri Widawati iku

garwane Bathara Wisnu, ora kena !!. Ing atase

titah kok ngarepna widadari. Kudu bali…

571. Kalakirna : Mboten pukulun, yen mboten dipun keparengaken

nggih kula peksa, pun kula niyati, kula

tekati, matiya kula niki malah nglenggana,

damel napa urip nggih mung ngeten mawon.

572. Narada : Waah, ora kena dieman. Brama….

573. Brama : Wonten dhawuh.

574. Narada : Mangsa borong ngger…

Batara Narada ninggalaken Batara Brama lan Kalakirna sinaretan

bendhengan. Batara Brama kabedhol nuli tancep siti inggil tengen

asta walangkerik wani. Sak telase bedhengan nuli ginem.

Bendhengan

3 3 3 3 3 3 3 3 3 3 35 2

Yana mrebabak abang, ponang wadana

6 6 6 6 6 3 53 3 1 2 3 1 21 1 1 1

Netra kocak ngondar-an dir, Idepnya mangala cakra

Ginem.

575. Brama : Titah murang tata. Ora enggal sumingkir saka

Repatkepanasan bali marang Nayomercapada,

ora wurung bakal lebur kuwandamu,

ulun banjut marang Endhut Maniloka.

576. Kalakirna : Tak jabel basaku…., wis nekat kok masiya

dipenggak dewa oleh gak oleh tak jaluk Si-

Sri…, rabi elek ngingoni, rabi ayu ngingoni,

enak rabi ayu pisan, ayo… Sri Widowati

athik gak kok ulungna ngko athik gak tak

iwa-iwa dewa iki.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!