02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

368

Gangsa mungel Ayak Kkempul Kerep laras Slendro pathet Wolu. Sumalintana

lumampah saking tengen mangiwa. Sigeg kayon, katancepaken

ing tengah miring nengen, gendhing suwuk lajeng sendhon.

Sendon

1 1 1 1 1 1 1 61 53 56

Mandhaping tengahing ratri, o, o

2 2 2 2 2 2 2 325 5 5 5 5 5

Candra lan kartika wus sumebar ing tawang

3-21 1 1 1 1 1 1 2 2 2 2 2 616 6

Su mu nar anyunari, Anyunari bawa – na

2 2 2 2 2 1 3-21 1

Swasana sidhem prema nem

2 2 2 2 2 2 2 12

Jagad tan ana ngali sik

1 1 1 1 1 1 1 121 6-5 1

Kang kapyarsa amung ku ki la, O…

Pocapan

Nengna ingkang lagya ngupadi sraya putra Purwacarita Raden Sumalintana

nilaraken praja, dinten-dinten ingkang ngayam alas ngibarat

munggah gunung tumurun ing trebis enggala kepanggih jago ingkang

saget ngicali klilip negari. Kawuwusa ingkang oncat saking Negari

Durjanapura yaiku Putra Nalendra Durjanapura Sang Prabu Berjanggalawa

kapetang taksih putra wayah Nalendra Pancawati Sri Bathara

Rama duk nalika samana. Ingkang kekasih Raden Berjanggapati

kadherekaken wulucumbu tigang perkawis Semar, Bagong miwah

Besut. Sanget anggenipun kepi marang kang raka Raden Kuswa,

ingkang sawetawis katilar mindra saking Negari Durjanapura.

Berjanggapati anggenipun ngupadi ingkang raka menonang-menanung

ibarat ora ngerti keblat wonten ing telenging minangsraya, kadya

tiyang bingung candrane.

Gangsa mungel gendhing Dhudha Bingung laras Slendro pathet Wolu.

Ringgit raden Berjanggapati kawedalaken saking tengen nuli tancep

ing siti inggil tengen.punakawan Semar, Bagong lan Besut ka-

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!