02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

411

631. Batara Guru : Utang pati.

632. Kalakirna : Wadhuh…., utang mati…., utang mati kados

pundi pukulun….

633. Batara Guru : Wruhana, Bethari Mindarada saiki sumusup

ana anggane putri Purwacarita Ni Dewi Sumaliwati,

kang dinane iki kadhusta dening

Nalendra Sunggela Manik Prabu Jalawalikrama.

Yen jeneng kita wis bisa ngrebut Dewi

Sumaliwati saka tangane Jalawalikrama yekti

bakal kasembadan apa kang kita gayuh.

634. Kalakirna : Lha…, menawi mekaten kula nyuwun pamit

badhe madosi Dewi Sumaliwati.

635. Batara Guru : Iya dak pangestoni

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Sanga.

Bedholan, Kalakirna atur sembah nuli lumampah mangiwa. Batara

Guru kabedhol lumampah manengen. Sigeg kayon sak rambahan.

Kalakirna saking tengen nuli tancep siti inggil tengen. Gendhing suwuk

lajeng bendhengan walik pathet serang, kalajengaken ginem.

Bendhengan

3 3 3 3 3 1 21 1

Bang-bang wetan wus ke ti ngal

3 2 1 5 6 1 65 5

Sumunaring mendhung pethak …… umpak

3 5 6 6 6 6 3 61 1 1 1

Yen cinandra kadya ngresepna driya

1 2 3 1 653 3 3 3

Bang bang wetan wus katingal …… umpak

Ginem.

636. Kalakirna : Durung adoh anggonku lumaku, iki kok keprungu

swarane wong nangis…, lha nduk

alas gung liwang-liwung ngene kok ana swarane

wong wedok nangis melas asih. Jajal

se...tak lelurine, iki swarane jim apa menungsa

iki….

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Serang.

Kalakirna kalampahaken mangiwa. Jalawalikrama kawedalaken sa-

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!