02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

400

dhing Begawan Wangsatanu, yaiku sajatine putra Jenang Gangsa

anggenipun nuhoni dhawuhipun ingkang rama

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Sanga.

Wangsatanu kabedol medal paseban. Gendhing suwuk lajeng ginem.

Ginem.

531. Kumbakinumba : Lha sliramu arep apa Wangsajalma.

532. Wangsajalma : Wah bapak, aku mbok lilanana kepingin jumeneng

nalendra. Aku kepingin dadi ratu,

bapak....

533. Kumbakinumba : Wah iya. Yen pancen kaya ngono ngger, padha

karo kakangmu Wangsatanu tapa-a

mundur. Mbesuk sliramu kena leren yen wis

kesandhung candhi kang digawe saka bata.

Ing kono sliramu bisa yasa negara.

534. Wangsajalma : Ngono bapak… yen kaya ngono aku njaluk

pangestu.

535. Kumbakinumba : Tak lilani ngger sing ati-ati. Oo……

Pocapan

Kacarita yen ing mbenjang Wangsajalma kepanggih candhi bata, piyambakipun

jumeneng nalendra wonten papan ngriku jejuluk Prabu

Jathasura dene negarinipun dipun wastani Negari Mbatamerah. Sigra

pamit bidhal ngayahi tapa.

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Sanga.

Wangsajalma kabedol medal paseban. Gendhing suwuk lajeng

ginem.

Ginem.

536. Kumbakinumba : Kalakirna.

537. Kalakirna : Apa bapa.

538. Kumbakinumba : Kari awakmu nak. Wis awakmu aja nang

endi-endi, kancanana pun bapa ya nak…

539. Kalakirna : Oo… nggak bapa, aku ya gak iso mapan

ana Jenang Gangsa terus, delengen ta aku

iki kaya ngapa, titah apa aku iki. Urip sepisan

kok wis elek, bekonyoken, udunen, kore-

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!