02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

408

605. Basuki : Wisnu…, tak jampangi saka kadohan.

606. Wisnu : Tekamu ana kahyangan padha ae karo

nyungsung tekane wahaya, nggelisna margane

antakamu.

607. Kalakirna : Oleh gak oleh tak jaluk Dewi Sri….

608. Wisnu : Klakon minger gulumu.

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Sang.

Bandayuda Kalakirna mengsah Wisnu, Kalakirna kasoran, lajeng

tancep siti inggil kiwa, marep manengen. Gendhing suwuk lajeng ginem.

Ginem.

609. Kalakirna : Wadhuh kalah karo Wisnu aku, pancen macan

engyang suralaya. Nanging apa kelakon

aku mbalik dalan. Wisnu….., pisan tak sepura,

pindho kalamerta ping telu rat pengadilan,

ayo…, rangsangen maneh Kalakirna…..

Pocapan

Oo…, saking nepsune Bethara Wisnu ora kuwawa ngengkrek hardane

nafsu, arsa ngrangsang Kalakirna. Ngicaki ayang-ayange Kalakirna

sanalika ambyuk kaya den lolosi bebayune……

Gangsa mungel Alap-apan laras Slendro pathet Sanga. Wisnu medal

saking tengen nedya ngrangsang Kalakirna, wonten sak ngajenge

Kalakirna, Wisnu dawah kantaka. Gendhing suwuk lajeng ginem.

Ginem.

610. Kalakirna : Hayo rasakna koen.

611. Wisnu : Kok kalah karo sliramu aku.

612. Kalakirna : Wadhuh Wisnu…, lha sliramu ik iwis Macan

Engyang, kok ampyak awur-awur. Se.. pandengen

aku iki sapa Wisnu…… Oo…

Pocapan kairing gadhingan

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!