02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

175. Jalawalikrama : Woo…. tampanana tangane Jalawalikrama.

176. Mangkupraja : Jajal sepira kadigdayanmu.

363

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Wolu. Ringgit

sami perang sawetawis. Patih Mangkupraja kasoran, kabalangaken

manengen. Jalawalikrama nututi manengen. Patih Mangkupraja

medal saking kiwa kaentha dawah, dipun papag raden Sumalintana

saking tengen. Ringgit sami tancep ing siti inggil kiwa lan tengen.

Gendhing suwuk lajeng bendhengan.

Bendhengan

2 2 2 2 2 2 2 2 2 6 1 2 2 2 2 2 6 16 6

Yana samba mbangun asmara, Bau kiwa pangrapeting waja

2 2 2 2 2 1 23 1

Kang tengen panggunggung mungsuh

5 5 5 5 5 5 5 2 32 2

Playunya kadya mimis kencana

6 6 6 6 6 6 6 65 5 5 5 5

Yana playunya kadya mimis kencana

Ginem.

177. Sumalintana : Paman Patih Mangkupraja.

178. Mangkupraja : Raden, ketiwasan raden, keng paman kelindhih

ing jurit lumawan Nalendra Sunggela Manik,

Prabu Jalawalikrama. Oo…., digdaya raden,

mila pates minangka bandhanipun nglamar

keng raka Ni Dewi Sumaliwati.

179. Sumalintana : Paman kula aturi lerem sawetawis, keng putra

ingkang badhe mapag yudanipun Prabu Jalawalikrama.

180. Mangkupraja : Raden menawi mekaten keparengipun sumangga,

namung ingkang kula suwun saklangkung

ingkang ngatos-atos, sinten nyumerapi

mbok menawi raden ingkang saget

mbengkas damel.

181. Sumalintana : Nyuwun tambahing pangestu paman.

182. Mangkupraja : Inggih ingkang ngatos-atos raden.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!