02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

397

adhi melu ya tutna lakune pun kakang, nuruti

krentege rasa.

515. Berjanggapati : Kula mboten saget nilaraken kakangmas,

minggaha arga badhe kula dherekaken, tumuruna

trebis inggih kula amping kangmas,

516. Kuswanalendra : Aja ndadak kedaluwarsa dhi, tutna lakuku

mbuh mbesuk kaya ngapa purnane lakuku

iki.

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Sanga.

Kuswanalendra dalah Berjanggapati kabedhol lumampah mangiwa.

Sigeg kayon, tancep ing paseban tengah radi miring mangiwa. Gendhing

suwuk lajeng sendhon.

Sendon

2 2 2 2 2 2 2 2 12 65 61

Lingsire ra tri wus ke tingal, o , o

3 3 3 3 3 3 3 5 36 6

Kang kapiyarsa amung ku ki la

532 2 2 2 2 2 3 3 3 3 3 3 1-21 1

Bi narung swarane, jalma kang ngupadi wa rih

6 1 2 2 2 2 2 3 2 2 2 2 232 16

Binarung swarane, jalma kang ngupadi wa – rih

Satelase sendon kasambet pocapan.

Pocapan

Datan kacariyos ingkang jumangkah ninggalaken Negari Purwacarita.

Nengna kang winuwus ingkang wonten dhempok pertapan Jenang

Gangsa, ana ingkang ngarani ing Dhempok Panglebur Gangsa.

Nenggih sinten ta ingkang madhepok mangasrama wonten ing

Jenang Gangsa nenggih punika Begawan Kumba-Kinumba. Kaseba

ingkang putra sekawan perkawis, nenggih Wangsatanu, Wangsajalma,

Kalakirna lan Butawreka. Gedhe perbawane pertapan Jenang

Gangsa mawa cahya kaya-kaya den ayomi teja bengkok.

Gangsa mungel gendhing Luwung laras Slendro pathet Sanga. Jejer

pertapan Jenang Gangsa. Sak sampunipun gending mungel, kayon

kabedhol lumampah manengen nuli tancep paseban tengen sisih

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!