02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

351

kedhap kendel. Sareng enget yen ta kairing dening kang garwa gegancangan

rancak nggennya lumaku.

Gangsa mungel Gedhog Rancak laras Slendro pathet Wolu. Prabu

Sumalidewa kabedhol kaentas manengen. Patih Mangkupraja kabedhol,

atur sembah kaentas mangiwa. Raden Sumalintana kabedhol,

atur sembah kaentas mangiwa. Para punggawa kabedhol, atur sembah

kaentas mangiwa. Emban kebedhol, marep manengen beksa

lembehan lamba, tolehan lajeng seblak sampur, lajeng lampah rangrep,

kaentas manengen. Sigeg kayon, tancep paseban tengen, tanda

gantos gapuran. Prabu Sumalidewa lumampah saking kiwa manengen

sarambahan. Sigeg kayon, tancep paseban tengah miring mangiwa.

Gending suwuk lajeng pocapan.

Pocapan

Sang prabu Sumalidewa kondur angedhaton anglangkungi gapura

cinapuri tundha pitu palawangane bupati ratu. Sri manganti-anti liripun

sri: wadon, manganti-anti: hanunggu. Sinten ta ingkang hanengga

konduripun sang prabu, amung ingkang garwa. Sareng kepanggih

kaliyan ingkang garwa sang prabu Sumalidewa sigra gandheng

asta, manjing dhateng dhatulaya. Wonten dhatulaya mboten enggal

dhahar utawi ngenggar-enggar driya nanging sigra lukar busana keprabon,

gantos busana kabrahmanan arsa minggah sanggar pamuja

brata, meminta sihing bathara mugi Negara Purwacarita tinebihaken

ing sengkala tansah kahayoman dening bathara. (dhodhog). Ning lan

neng wus manjing wonten salebeting sanggar pamujabrata, sang

prabu mantheng anggenipun manembah. Satunggal ingkang kasembah,

amung pangwasane Gusti ingkang murbeng jagad. Tan kacariyos

sang prabu wonten salebeting sanggar pamuja brata, gantya

kang winuwus, kawuwusa ingkang wonten alun-alun Purwacarita,

sanggyaning para wadya bala.

Bendhengan Budhalan

5 5 5 5 5 5 5 3 5 5 5 2 32 2 2 2

Enjing bidhal gumuruh, gumuruhing pra wadya bala

5 35 2 6 16 6 3 3 3 3 3 23 2

Saking jroning praja, duk mungap mungup a neng,

1 1 1 1 1 1 1 5 65 5

sapucaking wukir wus ka ti ngal

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!