02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

374

261. Berjanggapati : Wa Semar, ana pringga bayane marga.

262. Semar : Heh . . . atos-atos mawon gus, Bagooong . .

.akeh duuupa nak.

263. Bagong : Wong . . . buta kok dupa . . .koen iku . .

264. Semar : Iya . . . heeeeh sing ati-ati le . . .

265. Berjanggapati : Buta-buta anggonmu ngucap tandha yen murang

tata, cocog karo aranmu buta sebut sing

ora tata, nilarna trapsila cocog karo katuranggamu,

cocog karo wandamu, ngridhu lakune

wong kang lagi lumaku. Sapa jenengmu buta..

266. Renggutmuka : Eh, he he, durung diwangsuli malah wis nakoni,

karepmu apa gus

267. Berjanggapati : Lumrah wong pinanggih ana papan lebu. Tinakonan

males nakoni ibarat ana salah panarimane

aja nganti sira mengko pasulayan karo

aku, mati tanpa aran.

268. Renggutmuka : Iyo....tambuh karo aku dianggep aku buta alasan.

Aja dianggep aku buta klambrangan gus,

yektine abdine bendaraku Jalawalikrama saka

Negara Sunggela Manik. Ditya Renggutmuka

aranku.

269. Bagong : Wak . . . sampek grebegen aku ma

270. Semar : Apa’a le . . .

271. Bagong : Gak melok ngomong ning melok ngeden hare

ma...

272. Semar : Iya nak, ancene buta ngomong ya ngono iku

273. Bagong : He . . . koen iku gak iso ngomong sing enak-a,

ambek mecicil-mecicil hare mripate harene . . .

274. Renggutmuka : Opo’o . . .

275. Bagong : Ngomong sing genah kaya aku gak iso-a, ta

buta

276. Renggutmuka : Kongkon genah . . . . . . . . . ngene-a kang

277. Bagong : Iyo . . .

278. Renggutmuka : Buta gak pantes len kon ngomong genah

,kang…

279. Bagong : Kegenahen goblog . .nggereng kaya mau lho .

. . aa . .koen sapa . . . . lak ngono-a

280. Renggutmuka : Gorokanku wis gatel kang . . .

281. Bagong : Wak . . . .arek apa, sing siji iki sapa

282. Yaksa 2 : Kala Njadil jenengku

283. Bagong : Iki . . . .kenemenen iki

284. Yaksa 2 : Waa . .wa. . .(nggereng)

285. Bagong : Aja athik nggereng. Aku lek krungu wong

nggereng dhadhaku seseg goblog (guyon buta

1, 2 nggereng dibekeb bagong. Semar tumut

nggereng)

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!