02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

371

241. Semar : Ah… ampun athik repot-repot ta den, kula niki

mboten kathik ngoten-ngoten niku. Suka rila

legawa awit ndara niki momongan kula ngaten…..

nek mboten kula, siiinten den ingkang

badhe ngaturi panglejare penggalih.

242. Berjanggapati : Ora…….. ora akeh kok semar.

243. Semar : Ah….. mpun kathik ngoten-ngoten ta den. . .

244. Bagong : Ma, koen iku…… gemremet tanganmu iki, gak

gelem tak wakili…

245. Semar : Menenga ta goblog… !! arek kok, cek-e pantes

ketoke gak arep tapi arep ngono lho, bodho…

enggih, mboten den dipun asta kemawon.

246. Berjanggapati : Suka rila legawa aku paring bebungah marang

kakang semar, enyoh…

247. Semar : Pinten…..

248. Berjanggapati : Satus ewu…

249. Semar : Kirangan lek ngoten...nggih matur nuwun, eetak

rewangi ngono ae satus ewu nak, mulane

kabisan iku lek diudi rejeki le….

250. Bagong : O… dadine ma…

251. Semar : Iya nak… mulane anakmu kok sekolahna saiki,

asile yo’opo…. piiinter le, nembang pinter, nari

yo pinter . .

252. Besut : Wak...ancene bapak iku anu makdhe...bapak

iku kuna samukawis, dadine kula kawit alit dipun

sekolahaken linambaran pangertosan, kula

punika wah sampun mumpuni sanget.

253. Semar : O…. sokur nak, sokur duwe putu pinter

Lajeng gantosan Besut ingkang nembang, kaparingan arta kaliyan

sang bendara. Bagong lajeng ugi tumut nembang, nyuwun arta sampun

telas, kalajengaken ginem.

Ginem.

254. Berjanggapati : Wa semar, yektine anggonku oncat saka Durjanapura

ora ana kang dak ulati amung kakang

Kuswa. Kakang Kuswa iki menyang endi Semar,

kok ya tegel tanpa pamit karo adhine.

Mula dina iki ayo diupadi. Ora bakal bali marang

Durjanapura lamun durung ketemu kakang

Kuswa.

255. Semar : Ee…. ndara, nyata-nyata luhur budine. Kang

raka niku benten kaliyan ndika lho gus, kang

raka punika kok inggih tebih kaliyan ndara.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!