pedalangan jilid 2
pedalangan jilid 2
pedalangan jilid 2
Create successful ePaper yourself
Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.
375

286. Renggutmuka : Satriya balik sapa kekasihmu saka ngendi pinangkamu.

287. Berjanggapati : Putra Durjanapura Raden Berjanggapati kekasihku.

288. Renggutmuka : Berjangapati… Aja liwat dalan kene iki rereksanku.

Alas Krenting Krendhawahaya ora bisa

kambah sakliyane wadya bala Sunggela Manik.

Balik . . !!

289. Berjanggapati : Aja dadi sandhungane lakuku. Aku njaluk dalan.

290. Renggutmuka : Gelem balik, ora ya balik.

291. Berjanggapati : Yen aku ora gelem balik.

292. Renggutmuka : Waah…. klakon tadhah kala mangsa dadi gegadhuhane

para bala reksasa, abdine Prabu

Jalawalikrama.

293. Berjanggapati : Oleh bacut ora oleh bacut, yen ta Berjanggapati

bacut aja-a mbok palangi buta siji, ngibarate

sakwadya balamu kabeh saka Sunggela

Manik ngadhang lakuku rawe-rawe rantas malang-malang

putung.

294. Renggutmuka : Lhaa dalah, gawe karepe dhewe. (kairing gadhingan)

Berjanggapati, sliramu ora enggal

minggat saka jroning Alas Krenting Krendhawahaya,

wurung lumaku, dadi bathang ragamu

ha…

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Wolu.

Perang raden Berjanggapati mengsah denawa. Dereng ngantos

purna Berjanggapati kageret dening Semar saking kiwa manengen.

Ringgit tancep, Berjanggapati tancep siti inggil tengen Semar tancep

paseban kiwa. Gending suwuk lajeng bendhengan.

Bendhengan

2 2 2 2 2 2 2 2 2 2

Angkawijaya sekar tinulis,

6 1 2 2 2 6 16 6 6 6

Wong mertapa la li mring putranya

2 2 2 21 1 1 5 5 2 32 2

Mbenjang ganjarannya pinanggih wingking

2 3 5 5 1 65 5 5 5

Ganjarannya pinanggih wingkin