02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

415

wingkingipun Kalakirna. Gendhing suwuk lajeng bendhengan nuli ginem.

Bendhengan

3 3 3 3 3 3 1 21 1

Sumunaring sang dewangkara

3 2 1 5 5 5 5 6 1 65 5

Anyoroti mega lan gunung gunung

3 5 6 6 6 6 3 61 1

Binarung ocehing ku ki la

1 2 3 3 3 3 3 1 653 3

Yen kapyarsa gawe nges-ing dri ya

Ginem.

665. Kuswanalendra : Iki sapa ana buta elek wani mapag lakuku.

666. Kalakirna : Aku Reksa Saputra, biyen nalika neng pertapan

aran Kalakirna, lha sliramu iki sapa.

667. Kuswanalendra : Aku Putra Durjanapura Kuswanalendra aranku,

lha sing mbok gandheng iku sapa.

668. Kalakirna : Iki putri Purwacarita Dewi Sumaliwati kang

dicolong dening duratmaka.

669. Kuswanalendra : Woo, yen ta kaya mangkono gedhe panarimaku

dene sliramu bisa nemokna calon

garwaku kang dicolong dening duratmaka.

670. Kalakirna : Koen iku ngaku-ngaku kebagusen-a, toh

nyawa olehku mbelani Sumaliwati.

671. Kuswanalendra : Oleh tak Jaluk gak oleh tak jaluk wong iku

calon garwaku. Apa klakon tak kendhaleni

rangah sliramu.

672. Kalakirna : Waaa…. Nemu perkara maneh awak iki, iya

ta yen pancene mangkono, wong jenenge

Sri Utamane Kakung, Sri wadon utama temen

kakung wong lanang, pira bara wong lanang

kepingin rabi ayu lek ora kepingin ancik-ancik

pucuking braja kudu wani caring

grabean. Kalahna dhisik Kalakirna bakal tak

ulungna Dewi Sumaliwati.

673. Kuswanalendra : Wooo, lha dalah. buta elek kakehan ucap,

ora kok pasrahna marang Kuswanalendra

klakon minger cagake kupingmu.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!