02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

356

118. Mujeni : Nanging ndara kula niki yo’ napa mawon nggih

bendara. Enten cilakane engkin kula niki ndherek

susah. Pancene punika namung tiyang setunggal,

lha… bendara kula Jalawalikrama taksih

mesanggrah. Kinaroyok wadya bala sementen

kathahipun, nuwun sewu nun….. kathah

apese timbang jayane, kathah kalahe timbang

menange. Mumpung dereng kalah mangga

ngalah mawon, wong ngalah niku luhur wekasane.

119. Bramangkara : (Patih Bramangkara, kabedhol nuli tancep malih

marep mangiwa sak ngajengipun mujeni).

Cetha panakawan iku nyepelekna aku, iya….

iya !! kepinteren koen (ngaplok). Bramangkara

kroyoken aja siji loro, sewu bareng maju gak

bakal mundur. Mbok anggep apa aku iki he….

Mbok anggep apa (ngaplok).

120. Mundhu : Sawangane bodho ning goblog rika iku cak.

Iku ngono jragan, bodho…. Jragan iku malah

bombongen cik nyah-nyoh ngono lho. Wong

jragan di blesna. Heh… yo’ apa ndara iku kondhang,

aja mapak wong siji loro wong aku iki

tau eruh ditawur wong satus gak mundur kok.

121. Bramangkara : Sliramu eruh ki’.

122. Mundhu : Aku saksine, goblog….

123. Mujeni : Wadhuuh… iya ta ndhu.

124. Mundhu : Lho iiiya, aja mapak Patih Mangkupraja. Wadya

bala endi ki mau…….

125. Mujeni : Purwacarita.

126. Mundhu : Iya... dewa ae gak diwedeni kok.

127. Bramangkara : Iki tau ngerteni.

128. Mundhu : Aku ngono tau ngerteni, ngono lho. Dene iki

mengko mungsuh ndara Patih Mangkupraja

ngantek kalah, gedhene ciri ngantek tugel gulune,

matek dikubur lak ya uuuuwis-a (dikaplok).

Titenana, aku ngomong ngene iki titenana.

Ngene lho ngomong iku, lak nggih ngoten

nggih ndara patih.

129. Bramangkara : Kurang ajar…. malah ngapesna aku (plok).

130. Mundhu : Ngono lho ngomong iku, ditempiling imbuh.

131. Mujeni : Wak…apa ndhu, olehmu ngomong koen iku.

132. Bramangkara : Patih Mangkupraja.

133. Mangkupraja : Ana paran.

134. Bramangkara : Tak jaluk Sumaliwati.

135. Mangkupraja : Ana syarate.

136. Bramangkara : Apa syarate.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!