02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

404

557. Brama : Menawi mekaten ingkang dados dhawuhipun

kanjeng wa pukulun, ingkang putra namung

ndherek keparengipun kanjeng wa Narada.

558. Narada : Wadyabala Durandara sithik-akeh padha

ngawat-awatana saka dirgantara, cukup pun

wa karo jeneng kita kang nitipriksa kang ana

Repatkepanasan.

559. Brama : Suwawi kula dherekaken kanjeng wa…

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Sanga.

Batara Narada lan Batara Brama bidhal lumampah mangiwa. Narada

lan. Brama papagan lan Kalakirna. Batara Narada tancep siti inggil

tengen, Kalakirna atur sembah, nuli tancep paseban kiwa, lan Batara

Brama medal saking tengen nuli tanceb paseban tengen. Gendhing

suwuk lajeng ginem.

Ginem.

560. Narada : Bapa, bapa, Brama…., ha iki apa kang ndadekna

kocaking Kahyangan, gonjang-ganjinge

Suralaya. Aa…., alon dhisik ngger titah

ulun, jeneng kita iki titah lumrah kok bisa

mengkang klawan Selamatangkep mapan

ana Repatkepanasan. Jeneng kita iki sapa

ngger….

561. Kalakirna : Inggih pukulun kula ingkang sowan, kula pun

Kalakirna.

562. Narada : Kalakirna….

563. Kalakirna : Ingih pukulun, sembah kula katur pukulun.

564. Narada : Ha…, ulun tampa ngger Kalakirna. Rembug

cukup, karep kita apa kok ndadak cumanthaka

wani munggah marang Selamatangkep

tanpa nganggo palilah ulun.

565. Kalakirna : Inggih pukulun, yektosipun kula niki sepisan,

penjenengan pukulun sampun pirsa yen kula

menika dospundi nggih…, menungsa ingkang

tanpa rasa jalma nggih kula niki, kebak

penyakit, bekonyoken, nggih korengen,

nggih udunen mboten karu-karuan… niki yo’

napa pukulun wong asale saking dewa niku,

dewa ingkang nyipta kula, ingkang ngripta

kula, lha sakniki kula nyuwun waluya, niku

kang sapisan pukulun. Angka kaping kalih

wonten ingkang kula kajengaken ingkang

langkung dene utami pukulun.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!