02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

389

Ginem.

441. Berjanggapati : Hayo Jalawalikrama iki sing mbok jaluk, iki

sing mbok karepna. Sambata ibu pertiwi, aku

kang bakal mocok cagake talinganmu.

442. Jalawalikrama : Adduuh… ya Berjanggapati, yen pancen sliramu

bisa nggawe patiku mara enggal sengkakna.

Kepara aku tumekeng pralaya tinimbang

ora bisa sandhing karo calon garwaku

Dewi Sumaliwati.

443. Berjanggapati : Yen ta kaya mangkono gedhekna tekadmu

arep sowan marang pangayunan tak gelisna

anggonku nguntapna nyawamu. O….

Pocapan kairing gadhingan

Pocapan

Raden Berjanggapati sigra ngayat pusaka. Duwung kaliga saking ponang

warangka. Dhasar putra Durjanapura, ponang pusakane katon

meloh pamor pating galebyar pating kalepyur cahyane. Sedyane arsa

nugel ponang jangga, janggane Prabu Jalawalikrama. Ora krasa

Berjanggapati anggone ngicak ponang walikat. Dangune dangu walikat

mawa riwe gumrobyos saking ragane Jalawalikrama, luuunyu sanalika

ponang walikat. Jalawalikrama kraos yen radi ginggang pangicaking

Berjanggapati. Berjanggapati den jongkrokaken kajengkang,

Jalawalikrama mlesat ing dirgantara.

Gangsa mungel Alap-alapan laras Slendro pathet Sanga. Nedya katigas

janggane Jalawalikrama, sak nalika Jalawalikrama gumregah

uwal saking astane Berjanggapati, mlesat ing dirgantara. Berjanggapati

kaget katungka Kuswanalendra saking tengen tancep siti inggil

tengen, Berjanggapati marep mangiwa atur sembah tancep paseban

kiwa, Semar lan Bagong medak saking kiwa tancep paseban kiwa.

Gendhing suwuk lajeng bendhengan.

Bendhengan

3 3 3 3 3 3 3 3 32 2 2 2

Yana andhik dukane sang ra ja pa ti

6 6 6 6 6 3 53 3

Taranggana mangsa sa ran

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!