02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

355

kersa kawengku dening priya, angka kapindhone

bendaraku isih seneng ndherek kang

rama lan ibu sasat ora kena ginggang sarambut.

Mula aturna marang bendaramu kang lagi

mesanggrah, aturana kondur marang Negara

Sunggela Manik.

100. Bramangkara : Dadi cethane lamaran iki ora ketrima.

101. Mangkupraja : Ora ketrima..??

102. Bramangkara : We......lha dalah. Panakawan !! lamarane bendaramu

cetha ditolak.

103. Mujeni : Nuwun sewu ndara, menawi kepareng kula sumela

atur.

104. Bramangkara : Matur apa..??

105. Mujeni : Tiyang nglamar niku sami kaliyan tiyang njaluk,

nun….

106. Bramangkara : Heh…..

107. Mujeni : Tiyang nglamar iku sami kaliyan tiyang njaluk.

108. Bramangkara : Wong nglamar padha karo wong njaluk. Tegese.....

109. Mujeni : Tiyaang nyuwun utawi tiyang njaluk punika yen

diparingi nggih sae, dipun tolak mboten napanapa

lak ngoten-a nun… lha reh dene niki dipun

tolak, mangga nun….bendara kula Prabu

Jalawalikrama mangga dipun aturi kondur kemawon.

Wong gak gelem niku mboten kenging

dipun peksa, wong mboten tresna kok, nek dipeksa…..

dadia bojo nggih mboten enten rukun-rukune.

Gegeeeran mawon, ngoteen…

110. Bramangkara : Nanging bendaramu wis percaya karo patih

Bramangkara. Bisa ora bisa Sumaliwati kudu

boyong marang Sunggela Manik.

111. Mujeni : Lha… yen meksa dipun tolak..?

112. Bramangkara : Piiira jembare Negara Purwacarita, sepira kekuwatane

para wadya balane. Ora kathik

nganggo kesuwen bakal silem kabrastha Negara

Purwacarita.

113. Mujeni : Lha… wadya balane eenten niku.

114. Bramangkara : Kadar piira, iki Patih Mangkupraja iki, oh….Tak

anggep ora ana sak pethite kuku ireng kadigdayane

karo Patih Bramangkara. Rika lak eruh

dhewe, aku lak digdaaaya-a.

115. Mundhu : Jar-na ae cak, wis jarna dipenggak-a gak gelem,

wong kono wong pengkuh kok, wong ngono

iku dijak ngidul meksa menggok ngalor.

116. Mujeni : Iya…

117. Mundhu : Wis jar-na ae.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!