02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

390

1 2 3 3 3 3 1 21 1

Mangli-wer-an mangendha ge lap

Ginem.

444. Kuswanalendra : Berjanggapati.

445. Berjanggapati : Wonten dhawuh kangmas.

446. Kuswanalendra : Jalawalikrama ana ngendi.

447. Berjanggapati : Kala wau sampun saget kula pikut.

448. Kuswanalendra : Oo....sokur dhi....sokur. Wis mbok pikut banjur...

449. Berjanggapati : Kula icak walikatipun mboten saget ebah.

Badhe kula tamani duwung kangmas…. Kula

dipun jongkrokaken lajeng piyambakipun

mlesat wonten dirgantara.

450. Kuswanalendra : Saiki….

451. Berjanggapati : Duka kangmas, wong ngambah gegana sirna

saking madyane palagan perang.

452. Kuswanalendra : Kok cik bodhomu, wong kari ngethok gulune

gok gak enthos iku lho.. wong kari ngethok

gulune, Jalawalikrama wis ora isa budi, wong

kari mateni kok gak isa. Kok cik bodhone.

Kaya ngapa ngene iki, lak ya isin aku ora isa

nggawe patine Jalawalirama.

453. Semar : Ngeten lho guus, wong pancene mpun mboten

saget, lek ngoten Sumaliwati niku sanes

jodhomu ndika ngoten...sak nik mangga nilaraken

Purwacarita, sanjange ndara badhe

ngulandara, ha… mangga.

454. Kuswanalendra : Ora..!! aku bakal ngakoni yen wis bisa mateni

Jalawalikrama. Aku tak sowan ana ngersane

Prabu Sumalidewa. Nyatane Jalawalikrama

wis gak ana, saora-orane wis wedi karo

adhiku Berjanggapati. Wis gak apa-apa

tak uripi sliramu. Awit ala-a sliramu wis bisa

ngalahna Prabu Jalawalikrama, bombong rasaku

yayi. Perkara iki mengko, nadyan aku

ora bisa mateni Jalawalikrama aku ngakungaku

isa mateni lak ya uuwis-a…

455. Semar : Oo.. goroh niku mboten sae den…, heee …

mboten watake putra Durjanapura

456. Kuswanalendra : Wis menenga… menenga !!!!

457. Bagong : Menenga ma…. menenga ma, jarna ae wis.

Koen iku nglarang aku jarna ae malah ngecuwis

ae koen iku…..

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!