02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

362

166. Mujeni : Sampun kula aturaken ing ngajeng punika wau

ingkang mrawasa wrangka Negari Purwacarita

Patih Mangkupraja.

167. Jalawalikrama : Dudu Prabu Sumalidewa.

168. Mujeni : Sanes nun.

169. Jalawalikrama : Yoh…. Mundura kik, undurna bendaramu Patih

Bramangkara ana sak njabane palagan. Jalawalikrama

dhewe kang bakal magut ing palagan,

tak ukure sepira kadigdayane wadya bala

Purwacarita.

170. Mujeni : Nun ingkang ngatos-atos sinuwun

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pahet Wolu. Jalawalikrama

kabedhol lumampah manengen majeng palagan. Patih

Bramangkara kaentas lumampah mangiwa kaderekaken Mujeni lan

Mindu. Jalawalikrama kawedalaken saking kiwa papagan lan patih

Mangkupraja saking tengen. Ringgit sami tancep ing siti inggil kanti

asta walangkerik tanda wani. Gendhing suwuk lajeng bendhengan

nuli ginem.

Bendhengan

2 2 2 2 2 2 2 2 2 2 2 2 6 1 3 2 2 6 16 6

Yana andhik dukane sang rajapati, Ranangga-na mangsa sa-ran

1 2 2 2 2 21 1 1 1 5 5 5 5 5 5 35 32 2 2

Mangliweran mangendha gelap, pra prajurit wus ma-gut ing la ga

6 6 6 6 6 6 6 6 65 5 5 5

yana pra pra-jurit wus magut ing laga

Ginem.

171. Jalawalikrama : Estungkara manik jagad raja dewaku, we lha

dalah. Patih Mangkupraja.

172. Mangkupraja : Nuwun sewu tak jabel basaku, Prabu Jalawalikrama

ana paran.

173. Jalawalikrama : Nggege pati bosen urip wani mrawasa abdiku

Patih Bramangkara. Sasat ngilani dhadhane

Jalawalikrama, sasat nyebit talingane Jalawalikrama.

Yen ora enggal minggat saka ngarepe

Prabu Jalawalikrama klakon tugel gulumu.

174. Mangkupraja : Ora enggal sumingkir saka Negara Purwacarita

dadi Bathang kwandamu.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!