02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

364

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep Laras Slendro Pathet Wolu. Sumalintana

kabedhol kumampah kangiwa, Mangkupraja kaentas manengen.

Sumalintana medal saking tengen kapapag Jalawalikrama

saking kiwa, Ringgit sami tancep ing siti inggil kiwa lan tengen. Gendhing

suwuk lajeng ginem.

Ginem.

183. Jalawalikrama : We lha dalah iki ana satriya bagus, nitik lagak

lageyane ora pantes yen ta punggawa utawa

wadya Purwacarita. He raden, sejatine sliramu

iki sapa.. ?

184. Sumalintana : Prabu Jalawalikrama, tambuh klawan aku, putra

Purwacarita atmajane kanjeng rama Prabu

Sumalidewa, Raden Sumalintana kekasihku.

185. Jalawalikrama : Raden Sumalintana anak ratu Purwacarita.

Apane Sumaliwati iki.

186. Sumalintana : Aku adhine kakang mbok Sumaliwati.

187. Jalawalikrama : We lha dalah…., adhiku ipe sliramu, aku calon

kakangmu. Mbakyumu rum-rumen supaya gelem

dak boyong marang Sunggela Manik.

188. Sumalintana : Gelema kakang mbok Sumaliwati, aku kang

suthik nyawang sliramu. awit apa Sliramu iki

nalendra leletheking jagat.

189. Jalawalikrama : Elllho…. Karepmu apa ?

190. Sumalintana : Ora enggal minggat saka Negara Purwacarita

klakon tak tugel gulumu.

191. Jalawalikrama : We…. lha dalah, ora kena dijak pripean iki. Sumalintana,

ora kok ulungne Dewi Sumaliwati

klakon tak gawe sungsang bawana balik Praja

Purwacarita.

192. Sumalintana : Mati dening aku

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Wolu.

Ringgit sami perang, Jalawalikrama kasoran, kawedalaken saking tengen

kaentha dawah, tancep paseban tengah ringgit mengkurep marep

mangiwa. Gendhing suwuk lajeng bendhengan.

Bendhengan

3 5 5 5 5 2 32 2 3 21 1 1 1 1

Yana peteng paningalnya. O balawur-lawur

2 3 3 3 32 2 2 2 1 12 1 5 65 5 5 5

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!