02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

416

674. Kalakirna : Lek koen menang karo aku buncimu apa le..

Gangsa mungel Alap-alapan Slendro pathet Serang. Ringgit sami

perang. Sumaliwati kalampahaken menengen. Kuswanalendra perang

sawetawis nanging kawon. Kuswa kasawataken mangiwa, resaseputra

hanututi. Kuswa kumleyang mangiwa. Gendhing suwuk lajeng

pocapan

Pocapan

Kaprawasa Putra Durjanapura Raden Kuswanalendra. Dhawah sapembalang

arsa magut ing payudan malih katampi Reksa Saputra.

Den petak kaya gegodhongan katut ilining samirana, kumleyang

dhawah wonten tepis wirining Negari Durjanapura.

Gangsa mungel Alap-alapan Slendro pathet Serang. Kuswanalendra

kumleyang dawah katungka Resaseputra, kacandak, kabanting nuli

kapetak dhawah kabuncang, kumleyang. Kalakirna nuli tancep siti

inggil tengen, sumaliwati medal saking tengen tancep siti inggil kiwa.

Gendhing suwuk lajeng ginem.

Ginem.

675. Sumaliwati : Mangga kangmas dipun lajengaken anggenipun

badhe marak sowan dhateng kanjeng

rama prabu.

676. Kalakirna : Iya yayi, jane aku seneng ana ing tepis wirining

Guwa Winangun kene iki. Mbesuk bakal

tak nggoni madhepok, tak jenengne Pertapan

Guwa Wara Winangun.

677. Sumaliwati : Nuwun inggih kangmas kula badhe dherek

penjenengan.

678. Kalakirna : Yen kaya mangkono ayo bebarengan ngadhep

marang ngarsane ramamu.

679. Sumaliwati : Sumangga kangmas kula dherekaken

Gangsa mungel Ayak Slendro pathet Serang. Ringgit sami kabedhol

lumampah manengen. Sigeg kayon, gantos papan nenggih kraton

Purwacarita. Sumalidewa kawedalaken saking tengen nuli tancep siti

inggil tengen, Sumaliwati medal saking kiwa, atur sembah nuli tancep

paseban kiwa, Kalakirna medal saking kiwa, atur sembah nuli

tancep paseban kiwa sak wingkingipun Sumaliwati. Gendhing suwuk

lajeng ginem.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!