02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

396

ngiwa, Sumalidewa kaentas manengen, Sumalintana kabedhol marep

manengen atur sembah nuli lumampah mangiwa. Adegan candakan

Kuswa medal saking tengen tancep siti inggil tengen lan Berjanggapati

medal saing tengen nuli sembahan tancep ing paseban kiwa,

kaderekaken punakawan. Gendhing suwuk lajeng ginem.

Ginem.

505. Kuswanalendra : Kakang Kuswa badhe tindak pundi… ?

506. Berjanggapati : Dhuh dhi… isinku ora kurang-kurang, diunek-unekna

karo Prabu Sumalidewa. Berjanggapati,

banjur kaya apa yayi ?

507. Semar : Heee……, salah ndika dhewe gus, mula tiyang

niku kepara blaka kemawon, ngakune

bisa ning ora bisa, lha akhire kaya ngeten

niki, sing tuwa-tuwa melu kecandhak….

508. Kuswanalendra : Semar, aja ndadak kakehan ucap, yen ora

gelem ndherekna aku enggal minggata,

minggata !!!

509. Semar : Lho….. nggih, nggih. nggih niki sing kula jaluk,

nggih omongan niki sing kula enteni.

Gong...gak cocog iki nak, gak trep lek awake

dhewe ndherekna barisane wong ngenengene

iki le,

510. Bagong : Lha terus ya’ apa ma,

511. Semar : Wis, ayo nyingkir nak, sajake….., aku iki

wiwit jaman Wisnu nganti seprene iki gak tau

le, nganti disentak ndara. …

512. Berjanggapati : Semar, sing sabar Semar…..

513. Semar : Wo…., mboten saget den…, mboten saget.

Pun sementen mawon kula ndherekna ndara

kula kekalih, pun…, sak laku-laku kula kalih

anak kula Bagong. Ayo nak didoleki le,

heeee…, Wisnu iki ana ngendi nak, Wisnu iki

lee…, manunggal manitis ana ngendi. Ayo

le……

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Sanga.

Semar lan Bagong medal mangiwa tanpa pamit. Gendhing suwuk

lajeng ginem.

Ginem.

514. Kuswanalendra : Gak ditutna Semar gak apa-apa, wis mbuh

menyang endi lakune pun kakang, yen ta si

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!