02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

378

328. Berjanggapati : Semar, ora bakal bali marang Durjanapura yen

durung pinanggih kakang Kuswa. Aja kepara

adoh kakang, sirnaning bala buta tandha yen

ana pepadhang mrih bisane ketemu klawan

sedulurku tuwa.

329. Semar : Ha....lek ngoten ampun kedhisikan surupe srengenge.

Suwawi gus, heeh.....kula dherekaken.

Gangsa mungel Ayak Kempul Kerep pancer telu (3) laras Slendro

pathet Wolu. Ringgit sami kabedhol kalampahaken mangiwa. Kayon

tengen kabedhol, sigeg kayon tanda lintu papan panggenan. Kayon

kalampahaken mangiwa ngatos gendhing suwuk, lajeng bendhengan

walik pathet sanga.

Bendhengan

3 3 3 3 3 3 3 23 2 2 2 2 2 6 16 6 6

Juning meru nggaru laya, ulatana pundi kuthanya

3 35 2 2 6 6 6 3 53 3 3 3

Kidul wetan, tlatahnya mangendralaya

6 1 2 2 2 56 5 2 32 2 2 2

Sumyak- sumyuke wong ngudang ngelmu rasa

1 2 3 2 2 6 16 6 6 6 2….

Sumyuke wong ngudang ngelmu rasa, Oo

Pocapan kairing gadhingan

Pocapan

Angengalaken nggennya lumaksana Sang Bagus Berjanggapati. Sedyaning

manah amung sajuga ngupadi ingkang raka Raden Kuswanalendra.

Estu dadi lara lapa saka antepe tekad giliging niyat. Kabikak

dening Gusti kang akarya jagad datan ngantos medal saking jroning

wana, pinangih ingkang raka Raden Kuswanalendra.

Mungel gendhing Ayak Kempul Kerep laras Slendro pathet Sanga.

Raden Kuswanalendra medal saking tengen tancep siti inggil tengen.

Raden Berjanggapati medal saking sisih kiwa kaderekan Semar da-

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!