02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

361

Bramangkara titi mangsa mesthi kepanggih

apes, trus sakniki ya’ napa niki nun.

158. Bramangkara : Adhuh kik gak kuat, nadyan aku dikrocok bendaramu

aku ndhadha yen aku pasrah gak kuat

lumawan wadya bala Purwacarita.

159. Mujeni : Ndara, ndara Jalawalikrama kados pundi nuuun,

keng abdi sampun karoban lawan, ndaroooa

kalindhih ing jurit….

Swantenipun prabu jala walikrama saking jawi.

Ginem.

160. Jalawalikrama : Addduh patih….. wah cilaka

Gangsa mungel Krucilan laras Slendro pathet Wolu praptanipun prabu

Jalawalikrama saking tengen, ringgit tancep siti inggil tengen marep

mangiwa kanti tangan walangkerik. Gendhing sirep lajeng ginem.

Ginem.

161. Jalawalikrama : We lha dalah, Bramangkara. Katon adus getih

babak bundhas. Iki mau kena apa punakawan.

162. Mujeni : Inggih ndara nedahaken darmanipun wrangka

praja dhateng bendara, tandhing kaliyan

wadya bala Purwacarita, Patih Mangkupraja.

163. Jalawalikrama : We lha dalah, keparat, keparat…… sliramu

kalah karo wadya Purwacarita aku kang bakal

males laramu tiiih…...

164. Bramangkara : Wadhuh sinuwuun, pejah sinuwun……

Gendhing wudhar, Jalawalikrama ngusadani patih, patih tumuli tangi

atur sembah lajeng tancep paseban kiwa marep manengen, gending

suwuk lajeng ginem.

Ginem.

165. Jalawalikrama : Estungkara manik jagad raja dewaku, yen

mangkene cetha bangsa Purwacarita niyat

nyenyamah prabu Jalawalikrama. Patihku ora

melu-melu ora dosa ora perkara malah diprawasa

iki mau lumawan sapa kik…..

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!