02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

6 6 6 6 56 53 3 3

Sambata mring ba pa i - ra

1 1 1 1 1 1 16 6 6 6 6 6 6 6

Yana sambata mring ba-pa-i-ra citrabaya

385

Ginem.

394. Jalawalikrama : Lha.. dalah, sumbar petak ana madyane palagan,

sapa iki ??

395. Kuswanalendra : Tambuh klawan aku, putra Durjanapura,

Kuswanalendra ya Raden Kuswa aranku.

396. Jalawalikrama : Lha dalah, Raden Kuswa.

397. Kuswanalendra : Iya.. apa sliramu Nalendra Sunggela Manik

Prabu Jalawalikrama.

398. Jalawalikrama : Dhasar kepara nyata, nek wis ngerti klawan

aku karepmu apa Kuswa..

399. Kuswanalendra : Manuta tak kethok gulumu, tak aturne ngersa

dalem Prabu Sumalidewa.

400. Jalawalikrama : Elho…. cethane sliramu iki srayane Ratu

Purwacarita.

401. Kuswanalendra : Dhasar kepara nyata, aku jagone wong Purwacarita.

Ora enggal ninggalne Negara Purwacarita

padha karo gak ana gawe tolek gawe,

ora isa nata gawe kepara dadi gawe,

mati sing mbok karepna, lara sing mbok gayuh.

402. Jalawalikrama : Lha dalah bocah iki, kaya sak cengkang kandele

kulitmu (Gadhingan), kaya isa nggraji

angin sumbarmu, wani nandhingi Jalawalikrama

padha karo nyidham trebela Kuswa….

403. Kuswanalendra : Tandhingana Putrane Berjanggalawa.

Gangsa mungel Ayak laras Slendro pathet Sanga. Ringgit sami

perang, Jalawalikrama kasoran, ringgit tancep siti inggil kiwa.

Gendhing suwuk, lajeng bendhengan, sak telase bendhengan

Jalawlikrama ngudarasa.

Bendhengan

3 3 3 3 3 3 3 3 3 3 3 32 2

Yana andhik dukanira, sang raja pa ti

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!