02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

348

kula. Kula saget nampi lamaran panjenengan

nanging anak kula samangke yen mboten purun

kados pundi….

59. Jalawalikrama : Pintera anak luwih ngerti wong tuwa. Kados

pundi kawicaksanan panjenengan Prabu Sumalidewa

anggenipun ibarat wesi saget

angeluk dhateng kang putra purun dados garwa

kula. Yen panjenengan sang Prabu Sumalidewa

mboten saget angrum-rum dhateng ingkang

putra supados dados garwa kula, nuwun

sewu sinuwun, lajeng panjenengan punika tiyang

sepuh punapa naminipun. Kedah saget,

kedah purun, kedah kula boyong dhateng

Sunggela Manik.

60. Sumalidewa : Yen tetep mboten purun lajeng kados pundi.....

61. Jalawalikrama : Badhe kula rudaparipeksa, yen ngantos mboten

dipun tampi lamaran kula ing dinten mangke.

Yen Patih Bramangkara saget dipun wangsulaken

dhateng Negari Sunggela Manik, ning

sapunika ratune, sing ndugi mriki ratune, sanes

patih. Kantun nimbangi kemawon dipun

tampi napa dipun tolak. Yen kasantosane para

wadya bala, mboten wandeya badhe kula

damel sarah mayit, opak-opak segara getih,

yen perlu Negari Purwacarita badhe kula damel

sungsang bawana balik.

62. Sumalidewa : We.. lah dalah. Duh sang prabu, inggih nembe

katemben punika kula nampi tamu ingkang kirang

tata. Tur malih panjenengan punika nalendra,

kok mboten pantes yen ta nalendra punika

ngucap wonten negarinipun liyan kanthi

nilaraken subasita kados panjenengan. Sinuwun

yen ngaten mboten ngangge anak kula.

Cekap kula kemawon. Dereng dados mantu

sampun wani kalih maratuwa, dereng dados

anak mantu sampun kados-kados kaduk anggenipun

ngendika wonten madyane paseban.

Dados, cetha kula mboten saget nampi. Kados

pundi kemawon anak kula dereng purun kapundhut

garwa dening sinten kemawon. Awit

saking punika sang prabu, kula suwun kanthi

dhanganging penggalih panjenenganipun

Sang Prabu Jalawalikrama kula tolak anggenipun

ngajengaken anak kula.

63. Jalawalikrama : We.. lah dalah..!!

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!