02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

366

200. Mangkupraja : Mangga raden kula dherekaken.

201. Sumalintana : Duh kanjeng dewaji ketiwasan….. Negari kantun

saingkupe payung sarebahing landheyan,

rama prabuuu….

Gangsa mungel Krucilan laras Slendro pathet Wolu. Ringgit bedholan

sedaya lumampah manengen marak sowan prabu Sumalidewa.

Sigeg kayon gantos keraton purwacarita. Prabu Sumalidewa kawedalaken

saking tengen kanti asta walangkerik nuli tancep siti inggil

tengen. Sumalintana lan Bramangkara sami medal saking kiwa, atur

sembah nuli tancep paseban kiwa. Gending suwuk lajeng ginem.

Ginem.

202. Sumalidewa : Sumalintana.

203. Sumalintana : Wonten dhawuh kanjeng dewaji.

204. Sumalidewa : Sliramu ora usah kathik nganggo matur kahanan

ing alun-alun palagan perang. Pun rama

wis nyumurupi ya ngger. Mundure para wadya

bala apadene pamanira Mangkupraja, klebu

sliramu uga, kapracondhang kalah prebawa

uga kalah samubarange klawan Nalendra

Sunggela Manik.

205. Sumalintana : Lajeng kados pundi rama, menapa kelampahan

kakangmbok Sumaliwati badhe dipun paringaken

dhateng Nalendra angkara.

206. Sumalidewa : Mendah panandhange mbok ayumu sumalintana,

yen nganti kagarwa dening nalendra ingkang

watak dursila.

207. Sumalintana : Nuwun inggih rama, lajeng keparengipun kanjeng

rama kados pundi ?

208. Sumalidewa : Ngene ya ngger, sawatara Prabu Jalawalikrama

mesanggrah ana alun-alun Purwacarita,

lha sliramu aja wedi kangelan. Manungsa wajib

mbudidaya, Gusti ingkang paring rejeki.

209. Sumalintana : Nuwun inggih rama.

210. Sumalidewa : Goleka sraya, goleka jago, sapa wae. Ora

preduli tedhaking uwong ningrat ora ndeleng

iku wong sudra idhep-idhep pasang patembaya,

sok sapa bisa ngundurake Nalendra Sunggela

Manik, siji ganjarane negara, angka loro

ganjarane mbok ayumu Sumaliwati.

211. Sumalintana : Mekaten rama, lajeng mbenjang menapa ing-

ikang putra lengser saking Negari Purwacarita.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!