02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

Create successful ePaper yourself

Turn your PDF publications into a flip-book with our unique Google optimized e-Paper software.

380

343. Berjanggapati : Ibarat lara bareng lara, mukti bareng ngawibawa.

344. Kuswanalendra : Awas lho ya, sliramu melok aku, aku ora

ngajak. Ning yen sliramu ana ing ngendi

wae kathik nganggo sambat-sambat, aja takon

dosa, ora wurung tak jempala.

345. Berjanggapati : Dipun prawasa kula ndherek.

346. Semar : Heeh . . . ya’ apa nak, putune Bethara Rama

rong perkara, sing siji andhape kaya ngene

sijine kok kaya ngana tekone.

347. Bagong : Pancen ibarate endhog ma, endhog ika nek

durung netes ya padha potene ma, yen wis

netes ya kaya ngene iki, delengen ta . .ndara

Berjanggapati iki wis cocog, wis pantes minangka

putrane ndara Berjanggalawa putune

bathara Rama. Nek sing situk ika…. Penyaaakit

ma…

348. Semar : Heeeh..koen iku aja ngono le, elek-elek iku

ya momonganmu Gong..

349. Kuswanalendra : Semar, bendaramu melu aku. Rika balia menyang

Durjanapura.

350. Semar : Eee…. kula niki kajibah momong ndika gus,

nek ngantos enten napa-napane kula mangke

kapaiben, kadukanan kaliyan ingkang rama,

ee….. teng pundi mawon ndara kekalih

tindak kula ndherek.

351. Kuswanalendra : Aku iki ora lunga plesir golek papan kanggo

ngenggar-enggar awak, ora… ning aku iki

ngulandara.

352. Semar : Nggih kersane ndara, kula ndherek mawon

awit didhawuhi ndara Berjanggalawa, teng

pundi mawon ndara-ndara tindak kula kedah

ngamping den…..

353. Kuswanalendra : Ya..............tak lilani, ning mbesuk yen ana

ngendi ae kathik sambat, gak eruh jawane.

354. Semar : Enggih kersane. Goong… ancene abot nak

kuwajiban iku.

355. Bagong : O… iya ma.

356. Kuswanalendra : Bagong ya melu….??

357. Bagong : Enggih den ah….. C-S-e hare, gak melok yo’

apa.

358. Kuswanalendra : Kathik mbesuk ana papan adoh njaluk bali

marang Durjanapura aku ora bisa ngeterna

Mangundiwangsa.

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!