02.07.2013 Views

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

pedalangan jilid 2

SHOW MORE
SHOW LESS

You also want an ePaper? Increase the reach of your titles

YUMPU automatically turns print PDFs into web optimized ePapers that Google loves.

413

yen Kalakirna iku sejatine ya Reksa Saputra.

Hangreksa marang garwane. Wis temen

mantep dadi bojoku….

650. Sumaliwati : Aku pasrah jiwa raga marang kakang Kalakirna

ya kakang Reksa Saputra.

651. Kalakirna : Mundura….

Pocapan kairing gadhingan, sinambi ngentas sumaliwati lumampah

manengen.

Pocapan

Wauta mangkana, wulucumbu ingkang cukul wonten poking jempolane

sikil den glintir, jinabut kaget Jalawalikrama

Gangsa mungel Alap-alapan laras slendro pathet serang. Kalakirna

hanjabut wulu cumbu. Jalawalikrama cekekal tangi semu duka yayah

sinipi. Kalakirna tancep malih, Jalawalikrama tancep siti inggil kiwa,

ringgit adep-adepan. Gendhing suwuk lajeng ginem.

Ginem.

652. Jalawalikrama : Lha dalah, dadak ana wong sing bisa ngonangi

aku ndhelik ana jroning Guwa Winangun.

Sapa iki….

653. Kalakirna : Aku Kalakirna ya Reksa Saputra…. Lha jenengmu

sapa…

654. Jalawalikrama : Lha dalah, Reksaseputra, aku Nalendra

Sunggela Manik Prabu Jalawalikrama.

655. Kalakirna : Jalawalikrama, karepmu apa.

656. Jalawalikrama : Tak jaluk Dewi Sumaliwati.

657. Kalakirna : Gak iiisa, wong garwaku...Nek arep njaluk

Sumaliwati langkahana bangkene Reksa Saputra

ya Kalakirna…

658. Jalawalikrama : Keparat..!!!

Gangsa mungel Alap-alapan laras Slendro pathet Serang. Perang

Jalawalikrama kasoran, dipun idak. Gendhing suwuk lajeng pocapan.

Pocapan

Nalendra Sunggela Manik kaprawasa dening Reksa Saputra ya Kalakirna,

dhawah ing siti den candhak dening Reksa Saputra sinaut

Hooray! Your file is uploaded and ready to be published.

Saved successfully!

Ooh no, something went wrong!